9.
Gaweyan sawah wis rampung, tegese wis bar tandur, Sodik wis rada ayem awit senajan kanggo nandangi pagaweyan nggarap sawah kaya tunggalane macul, ngurusi banyu lan liya-liyane luwih akeh ditandangi Sampir karo tenagane wong liyane, nanging tanggung jawab panggah ana pundhake Sodik minangka sing duwe. Nek gaweyan ngopeni Rajakaya pancen ora ana bedane, saben dina ya padha wae lire kena disambi karo nandangi pagaweyan liyane. Esuk kuwi Sodik ngepasi anceran mulang, mula isih esuk ya wis tata-tata, dinane Rebo. Mengko wiwit jam pelajaran kapisan nganti jam kawolu Sodik babar pisan ora leren. Jam Kapisan tekan jam kapapat mulang neng kelas siji sing cacahe ana rong kelas, banjur jam kelima lan kaenem mulang kelas loro, sisane mulang kelas telu. Jatahe Sodik neng sekolahan kono kuwi seminggu mung rong dina, nanging kebak kabeh. Rebo mulang Bahasa Inggris lan Kemis mulang Bahasa Arab. Beda karo guru-guru liyane sing repot ngurusi sertifikasi lan sapanunggalane, nek Sodik milih repot ngurusi liyane, merga tumrape Sodik sanajan ora nampa sertifikasi nanging kanggo nyukupi kabutuhan liyane Sodik wis duwe sumber dhewe.
Nanging lagi wae Sodik nuntun sepedhane menyang njaba arep dipanasi, Tarna, tanggane sing omahe let telung surup sawetane omahe Bu Kaji mara lan bablas nyedhaki papane Sodik manasi sepedhane.
"Mas Sodik enjing niki badhe tindakan ta?" tanpa nganggo kula nuwun, Tarna nakoni Sodik.
"Iya, nyang sekolahan, ana apa ta?" Sodik wangsulan ganti takon.
"Nggih empun nek ngoten, boten siyos mawon" Tarna wangsulan karo suwara sanadyan disingidne nanging keprungu nek rada cuwa.
"Ora sida piye ta? awakmu mau arep kongkonan aku apa?" kepengin ora gawe cuwane tanggane Sodik mburu nganggo pitakonan.
"Wong sir kula wau ajeng ngrepoti sepedhane, ajeng kula ampil damel ngeterne Maratuwa kontrol teng Rumah Sakit" wangsulane Tarna "ning tibake Mas Sodik ajeng mucal, nggih empun Maratuwa mengke kersane numpak angkudes mawon".
"O ngono ta?" Sodik wangsulan karo mesem "numpak angkudes ki rak ya repot banget dadine, wong saiki angkudes karo angkota ki padha sepi kabeh, olehe ngenteni bisa kesuwen. Ora apa-apa, pitku gawanen wae, mengko nyang sekolahan aku tak nggawa grobak wae".
"Ngoten Mas?" Tarna takon suwarane keprungu semangat "nggih matur nuwun sanget nek ngoten".
"Iya padha-padha" wangsulane Sodik "mumpung isih esuk gek ndang mangkat wae".
Karo muni ngono kuwi Sodik ngrogoh kanthongan clanane ngetokne dhompet arep njupuk STNK ne motore. SIM sing dislempitne neng tekukan STNK didudut diiling-ilingi sedhela.
"Lho tibake SIM C ku wis wayahe nganyarne ta?" alon-alon Sodik grenengan dhewe.
"Napa Mas?" Tarna takon.
"Ora!, iki STNKne gawanen, mbok menawa neng dalan ana cegatan" wangsulane Sodik "SIM mu isih urip ta? wong jebul SIMku iki minggu ngarep wis mati, wis wayahe ngenyarne".
"Enggih Mas, SIM kula enggal kok, nembe tigang wulan" wangsulane Tarna karo nampani STN sing diulungne Sodik.
Saungkure Tarna sing nggawa pit motore, Sodik banjur genti manasi mobile arep digawa menyang sekolahan papane mulang. Sepuluh menit sadurunge jam pelajaran kapisan diwiwiti Sodik wis tekan sekolahan, njujug ruang guru nusul kanca-kancane sing wis padha mlumpuk lungguhan neng kono. Sodik dadi rada gumun weruh guru-guru sing dina iku ketok beda karo padatan. Guru-guru sing lanang, padha nganggo hem putih lengen dawa, padha nganggo dhasi, kabeh ketok rapi. Mung Sodik dhewe sing nganggo klambi kothak-kothak kuning serete ireng. Karo mapan lungguh neng kursine, Sodik clingukan nyawang kanca-kancane.
"Pak Sodik rak boten tugas ngawasi ta?" Pak Ratman nyedhaki Sodik karo takon, ketoke Pak Ratman pirsa nek Sodik rada ora kepenak merga nganggo sandhangan sing beda karo guru-guru liyane.
"Boten Pak" wangsulane Sodik karo nyawang Pak Ratman "ngawasi napa ta?".
"Walaah, Pak Sodik ki durung sepuh kok ya wis gampang lali lho?" Pak Ratman mesem karo wangsulan "wiwit Senin dumugi Sabtu benjing, lare-lare rak ujian semester pendhek? Lha kala emben Pak Sodik dhawuh nek boten saged ndherek dados Pengawas ta? Wong jarene repot ngurusi sabin, dados inggih boten kula lebetaken ing daftar Pengawas".
"Adhuuuuh, kula supe saestu Pak Ratman, nyuwun pangapunten" Sodik wangsulan, karo neng batin nggreneng dhewe "gara-gara kakehan nonton videone mBak Waginem ndadekne aku kaya wong pikun".
"Inggih sampun boten napa-napa Pak Sodik" wangsulane Pak Ratman sabanjure "menawi supene Pak Sodik ngeten niki rak malah kaleresan ta? Pak Sodik nadyan boten tugas sampun kersa rawuh ing sekolahan, lha upama boten supe rak boten rawuh he he he?".
Sodik mung cengar-cengir ngempet isin. Merga ora ana tugas mulang, dina kuwi Sodik ya banjur pamitan nek arep menyang Polres, nganyarne SIM sing sedhela maneh arep entek masa berlakune.
Kaya wong liyane sadurunge ndaftarne nek arep nganyarne SIM C, luwih dhisik Sodik mara menyang papan pemeriksaan kesehatan. Ora nganti limang menit wis metu banjur mlaku menyang loket nggon kangge ndhaftarne apa sing dadi karepe. Sawise nampani formulir sing kudu diiseni, Sodik banjur mapan lungguh neng kursi sing wis dicawisake.
"Lho niki rak Mas Sodik Kedunggalar nika ta?" lagi wae Sodik ketungkul njingglengi formulir sing kudu diisi, dumadakan ana suwara alus sing mlebu kupinge, nakoni dheweke.
"Enggih....." karo ndhangak nyawang sing nakoni, Sodik aweh wangsulan "mBak Waginem nggih? nggih mBak, niki napa ajeng nganyarne SIM".
"Menawi makaten sami kalih kula no Mas?" wangsulane Waginem sing uga banjur mapan lungguh neng kursi cedhake Sodik "sampun dugi Ngawi, mangke menawi sampun, katuran pinarak ing sudhung kula Mas Sodik".
Diampirne dening wong sing meh saben dina leledhang neng angen-angene kuwi, ndadekne atine Sodik seneng kaworan mongkog ora karuwan.
"Nggih kula mengke tak mampir" wangsulane Sodik karo mesem seneng "lha dalemipun mBak Wag niku pundi ta?".
"Griya kula radi ngidul sakedhik Mas" Waginem aweh wangsulan "sacakete tilas Peken Kewan. Mangke sareng kula mawon, kersane Mas Sodik pirsa gubuge tiyang sepuh kula".
"Oo ngoten nggih sae mBak, matur nuwun sanget, wong desa kados kula dipun keparengaken sowan teng dalemipun mBak Wag".
"Walaaah, Mas Sodik niku kok saged mawon lho" Waginem wangsulan karo mesem ngujiwat "sanes dalem Mas, nanging gubug, dede gubug kula nanging gubugipun Simbok".
Kira-kira sak jam antri, wong loro kuwi wis rampung olehe padha nganyarne SIM-e dhewe-dhewe. Kaya sing dikandhakne mau, sidane Sodik banjur ngetutne Waginem arep mapir menyang omahe wong tuwane Waginem sing manggon neng sakulone tilas pasar kewan. Bareng wis tekan omahe Waginem, artine Sodik dadi krasa yen rada ora kepenak. Sodik ngerti nek laladan kono kuwi biyen kondhang papane para widadari padha ngobral nikmating katresnan sacleraman. Nanging Sodik ora kepengin Waginem weruh yen atine krasa ora kepenak. Mula ya banjur kanthi sikep sing ora owah, Sodik mapan lungguh neng kursi ruang tamu omah sing prasaja kuwi.
"Mas Sodik ngersakne ngunjuk kopi menapa Teh Mas?" Waginem nari dhayohe, kang mangkono kuwi aran wis lumrah merga ora sethithik wong saiki padha nyirik ngombe kopi utawa nyirik ngombe teh.
"Sampun repot-repot lho mBak" wangsulane Sodik karo mesem "kula niki boten nyirik napa-napa sauger boten patos legi".
"Boten repot kok Mas" kandhane Waginem sabanjure "nuwun sewu dipun sekecakaken rumiyin, kula tilar sakedhap".
Lungguh ijen mripate Sodik lirak-lirik ngiwa nengen, Sodik dadi ngerti yen Waginem kuwi bener kaya sing dikandhakne pas ketemu neng bus dhek emben kae, bukak usaha Loundry neng omahe. Ketitik ing sisihe omah karo neng latare akeh sandhangan sing padha dihanger lagi rampung dikumbahi. Sajake usahane Waginem katon nek akeh pelanggane. Menang-meneng Sodik ngalembanana marang usaha laundryne Waginem iki.
"Ngaturaken sugeng sarwahipun Gus" dumadakan ana wong wadon wis rada tuwa nyedhak karo mbagekne tekane Sodik "tepangaken, kula Sadikem, simbokipun Gendhuk Waginem".
"Inggih awit saking pangestunipun Ibu, wilujeng" wangsulane Sodik karo nampani tangane mBok Sadikem sing ngajak salaman "kula Sodik Ibu, Sodik Salim, rencangipun mBak Waginem".
"Inggih, inggih" wangsulane mBok Sadikem sajak seneng "menawi nimbali kula ampun Ibu, Gus. Kula niki tiyang dhusun langkung trep menawi ditimbali mBok, nama Mak ngaten mawon sampun Ibu".
"Sami kemawon kok Bu, eh Mak, griya kula malah langkung ndhusun malih, Kedunggalar mrika" Sodik wangsulan karo rada ngguyu.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar