Total Tayangan Halaman

Rabu, 30 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (008)

 

8.

Bu Kaji manggut-manggut sajak pirsa lan nyarujuki apa sing dikarepake putrane sing mbarep kuwi. Pancene wis rada suwe kae, ngepasi Ririen tilik menyang daleme Ibune ing Kedunggalar, tanpa dingerteni Sodik, Bu Kaji ngendika marang Ririen yen olehe bola-bali gerah kuwi kira-kira kegawa saka pikiran. Pikiran sing kebanteren temah ora jumbuh karo lakune ati sing ora bisa mlayu kaya obahing pikir, kang mangkono kuwi kira-kira wae sing ndayani ilining getih ing sarandhuning raga, temah nuwuhake rasa sing ora kepenak marang awak lan wekasane ndadekne lara.

 

"Lha Ibu niku jane ngoten menggalihaken menapa ta Bu?" ngono pitakone Ririen sawise dicritani dening Ibune bab olehe kerep lara "menapa murih boten tansah kabidhung ing penggalih ingkang kirang prayogi, Ibu lenggah dhateng Yogya kemawon, ngiras nenggani wayahe?".

 

"Pindhah neng Yogya? kuwi ora bakal bisa ngendheg lakune pikirku nDhuk" wangsulane Bu Kaji "malah kira-kira sansaya ndadi, wong sing ngribeti pikirku kuwi manggone ora bisa dipisahne karo atiku".

 

"Lha inggih menapa menika Bu?"

 

"Apa maneh, nek ora adhimu si Sodik kae?" Bu Kaji wangsulan suwarane digawe sansaya lirih murih ora ana sing krungu kajaba sing dijak ngendikan "Ibu ki nduweni rasa samar, sakploke pedhot karo Susi pirang tahun kepungkur kae, adhimu kuwi katone kacondhokan rasa kanji, jinja karo lelakon sing tau dialami. Kamangka umure saiki wis sansaya tuwa, nanging saben-saben Ibu ndangu kapan olehe arep omah-omah, wangsulane panggah mung mlengeh karo muni yen durung wayahe. Kamangka minangka wong tuwa, suwargane Ibu kuwi bisa dirasakne nek wis weruh anak-anake padha mentas kabeh, banjur diparingi putu sing gemrayah kanca wong liyane kae. Lan maneh Ibu ki ya krasa risi nek dadi rerasane tangga-tangga, Sodik anake Bu Ali sing jarene wong pinter kae jebule nganti gerang gaplok ora payu rabi........".

 

"Inggih Bu, sampun, sampun dilajengaken malih" Ririen munggel ngendikane Bu Kaji "kula nggih saged ngraosaken sepinten sekeling penggalihe Ibu menawi menggalih adhi kula Sodik. Estunipun boten namung Ibu ingkang kagungan raos ingkang makaten kala wau, nadyan kula inggih sami, kacondhokan raos kuwatos kaliyan lelampahanipun Sodik".

 

"Lha iya? mbok tulung nek ana wektu adhimu ki kandhanana ta ndhuk" Bu Kaji paring dhawuh maneh "sokur-sokur nek awakmu bisa mbantu nggolek-nggolekne jodho adhimu kareben bisa nglalekne lelakon sing wis kawuri, mosok ingatase Sodik kuwi tau sekolah neng Negara Mesir, lha kok arep keseret rasa getun merga ditinggalne Susi, bocah wedok sing kendho kembene kae?".

 

"Inggih Bu" wangsulane Ririen "sampun ngendika makaten ta Bu, ingkang sampun inggih sampun, dadosa napa-napa Dhik Susi nika nadyan boten dangu inggih nate kawengku dening pulunanipun Ibu piyambak, Dhik Munir".

 

Ya merga saka rerembugan kuwi, ora suwe sawise Ririen bali menyang Yogya Bu Kaji banjur ngajak Sodik sanja ing omahe mBakyune. Sing dienggo pawadan Bu Kaji Ali, kajaba wis kangen para wayahe uga ngersakne berobat menyang Rumah Sakit sing luwih kumplit alat-alate. Kamangka sak jane ngono, kuwi mung pawadan thok. Nek ora nganggo pawadan kuwi, Sodik mesthi mung semaya wae nek dijak menyang Yogya. Lan sing baku olehe tindak Yogya kuwi, merga sadurunge Ririen bali dhek emben kae, Ririen matur nek ana tanggane sing isih legan, bab rupa lan tekune ora pati nguciwani, Ririen duwe karep nyoba arep njodhokne Sodik karo tanggane kuwi. Nanging murih luwih cethane maneh, Ririen nyuwun marang Ibune supaya kersa ngajak Sodik sanja menyang Yogya.

 

"Sak jane ngono Ibu kuwi ora duwe panjaluk sing aneh-aneh kok nDhuk" Bu Kaji ngendika aweh wangsulan marang Ririen sing lagi wae matur yen wis kongkonan Restu supaya ngrewangi olah-olah neng omahe, murih Ibune luwih cetha anggone mirsani kahanane Restu sawutuhe "watone adhimu wis cocog lan ya wis rumangsa mathuk, ibu mesthi bisa nampa kanthi becik, sanadyanta kaya apa wae kahanane".

 

"Inggih Bu, kula nggih sampun ngertos menawi Ibu niku tiyang sepuh ingkang wasis momong putra-putranipun, nanging kajeng kula niku menawi Ibu langkung rumiyin pirsa calon mantunipun rak langkung sae?" wangsulane Ririen sabanjure.

 

Dina candhake klakon meh setengah hari Bu Kaji cecaketan karo Restu si Bu Guru TK sing kajaba ayu, shalihah uga pinter ngecakne cara srawung sing becik. Mula nadyan lagi wae tepung, wong loro kuwi wis bisa akrab. Menang-meneng Bu Kaji dadi kepencut tenanan karo Restu, olehe kepengin bisa duwe mantu Bu Guru TK kuwi sansaya makantar-kantar. Jroning batine Bu Kaji, saupama klakon Restu bisa dadi mantune, Bu Kaji mesthi bakal ngrasakne urip sing tentrem. Merga manut petunge Bu Kaji, Bu Kaji wis ora diboboti kudu mikirake lan nguwatirake kahanane putrane kakung, Sodik mesthi dadi kopen lan kajen nek bisa duwe bojo Restu.

 

"Keng rama lan keng ibune Nak Restu ki rak ya isih padha sehat kabeh ta?" pitakone Bu Kaji ing sela-selane obrolan.

 

"Alhamdulillah Bu" wangsulane Restu kanthi suwara sing alus lan sopan banget "Bapak kalih tahun malih insya'allah pensiun menawi Ibu taksih radi dangu, tiang yuswanipun Bapak kalih Ibu niku kaotipun sangang tahun".

 

"O ngono ya? Bapak karo Ibu ki ngastane neng ngendi ta Nak?" Bu Kaji takon maneh.

 

"sedaya dados Guru Bu, namung ngastanipun benten sekolahan" Restu aweh wangsulan "Bapak mucal dhateng MAN menawi Ibu dhateng MTsN".

 

"Ooo neng Kemenag kabeh ya?" Bu Kaji ngendika maneh "sawargi Bapake Ririen biyen ya neng Kemenag biyen isih diarani Depag nanging ora dadi Guru, ngastane neng Bimas Islam karo Urusan Haji".

 

"Makaten inggih Bu?" Restu semaur semu nambongi.

 

"Iya, nanging durung nganti tekan pensiun Bapak wis kesusu dipundhut dening Gusti Allah, wektu kuwi si Sodik, adhine Ririen lagi umur telung tahun let sewulan saka anggone kundur saka Mekah, gerah terus seda" Bu Kaji nyritakne lakon sedane kakunge, banjur ditutugne karo takon ngenani Restu "Lha nek Nak Restu ki sedulure kabeh pira? Nak Restu putra nomer pira?".

 

"Kula menika anak tunggal Bu" wangsulane Restu karo mesem.

 

"Lho dadi Nak Restu mung ijen? ora kagungan sedulur tunggal rama ibu?" Bu Kaji mundhut pirsa karo suwara sing semu kaget.

 

"Boten makaten Bu" wangsulane Restu karo mesem sansaya amba "anak tunggal menika, tunggalipun kathah, sedaya wonten sekawan kalebet kula, ingkang jaler tiga, ingkang estri namung kula piyambak, ndelalah dhawah anak ingkang alit piyambak".

 

"Oalaah, Nak Restu ki kok ya pinter temen lho gawe istilah anak tunggal?" Bu Kaji semaur karo ngguyu "lha sing durung krama isih pira?".

 

"Ingkang sampun emah-emah nembe Mas ingkang mbajeng Bu, dereng angsal setunggal tahun anggenipun nikah, samangke manggen wonten Menado mrika dados Jeksa. Lha Mas sanesipun ingkang setunggal wonten Semarang ingkang setunggalipun wonten Salatiga, kalih-kalihipun sami dados abdining nagari dados Dosen".

 

"Wong tuwane Nak Restu ki jan wong tuwa sing hebat tenan, putra-putrane dadi wong kabeh" Bu Kaji ngalembana marang wong tuwane Restu. Ing lathi ngalembana, nanging sajroning batin ana rasa rada cuwa, nek Restu ki anak ragil, ora mokal menawa wong tuwane banjur duwe pepenginan supaya mbesuk yen wis kawengku ing kakung, ora metu saka omah, misah ninggalne wong tuwane. Kamangka Bu Kaji ya duwe pepenginan sing ngono kuwi, yen Sodik oleh jodho, aja nganti Sodik banjur kaya jago sing katut babon, Sodik kudu panggah mbengkoni omah tinggalane wong tuwane, luwih-luwih Sodik kuwi anak lanang sing digadhang-gadhang mbesuk bisaa genti dingengeri samngsane Bu Kaji wis sansaya tuwa. Nanging, nek nyawang umur-umurane wong tuwane Restu sing durung tuwa, kira-kira bisa wae wong tuwane Restu duwe panemu sing beda karo pepenginane Bu Kaji. Lire ora mokal, wong tuwane Restu ora kabotan putrane wadon kuwi diboyong kakunge bali menyang desane. Nanging apa kira-kira Restu gelem upama dijodhokne karo Sodik? Lan apa Sodik ya gelem upama diolehne karo Restu, sanajan nek disawang kekarone kuwi upama dijodhokne kena diarani nduweni bobot sing wis timbang.

 

Penggalihe Bu Kaji banjur nglambrang adoh tekan ngendi-endi, nganti ora pati mireng nalika Restu atur wangsulan awit olehe Bu Kaji ngalembana marang wong tuwane :

 

"Alhamdulillah Bu, kantun kulaputranipun Bapak ingkang dereng patos cetha tembe wingkingipun, inggih mugi-mugi kemawon Gusti Allah enggala paring pitulungan dhateng kula".

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...