7.
Mau olehe kandha marang Munir nek ngetane arep numpak Bentor utawa Ngojek kareben enggal tekan omah, nanging satemene olehe numpak Bentor ora nganti tekan omahe, tekan Terminal Kertonegoro mudhun merga sepedha motore dititipne neng kono. Saka Terminal ya banjur sepedhahan dhewe menyang omahe. Karo sepedhahan batine Waginem kober nggagas olehe lagi wae kepethuk lan jagongan karo Munir wiwit Sidowayah nganti tekan Watualang. Waginem dhewe ya sansaya ngerti nek Munir pancen mbudidaya bisa luwih cedhak karo dheweke, nanging ya kuwi mau, merga wis rada akeh ngerti tindak-tanduke Munir sasuwene iki, ndadekne Waginem ngandhani atine dhewe supaya sansaya ngati-ati. Ing tengah-tengahe Waginem nggagas lan ngandhani atine gegayutan karo slagane Munir, dumadakan ing angen-angene katon kumlembar wewayangan anyar, wewayangane nom-noman sing mau bareng wiwit saka terminal Sala nganti tekan Sidowayah, Sodik Salim. Waginem ora ngerti, ya gene dumadakan sajroning atine ana rasa sing angel dicritakne nalika dheweke kepethuk Sodik Salim mau, sing cetha mau nalika kekarone padha isih ana Bus lan omong-omongan Waginem ngrasakne seneng lan rumangsa betah jagongan karo bocah lanang sing ngakune mung nyambut gawe dadi Buruh Tani nyambi open-open rajakaya neng omahe. Nek nitik karo sing dikandhakne Sodik mau, urip saben dinane mung sarwa prasaja lan ora neka-neka, nanging nuduhne yen uripe tentrem lan ayem. Ora krasa Waginem ngentha-entha ing sajroning atine, mendah senenge yen bisa urip kaya Sodik Salim kae lan kira-kira wae dheweke bakal ngrasakne beja mulya yen ing mbesuke kawengku dening priya sing kaya Sodik Salim kae.
"Nanging ya apa ana pria sing kaya Sodik Salim kae gelem ngrabi aku?" sajroning atine Waginem maido marang angen-angene dhewe "aja maneh kok wong sing kaya Mas Sodik, lha wong sing wong lumrah wae akeh sing nyirik, merga aku iki anak lan sedulure tilas wong nakal".
"Ya aja banjur rumangsa asor ngono kuwi" batin sing sesisih melu ngandhani "wong nyatane ya ana ngono lho, wong lanang sing padha kepengin cedhak karo aku?"
"Ah, wong sing kepengin cedhak kae rak mung merga mburu rasa seneng sagebyaran? Mung seneng karo awak lan rupaku thok? Kaya dene kumbang kang kepencut marang kembang sing akeh madune, mengko nek wis klakon nesep madu tan wurunga aku ya banjur ditinggal lunga ngono wae" batine Waginem rame eyel-eyelan dhewe.
Nganti tekan omah, suwara rame ing atine sing adu panemu kuwi ora rampung. Mung wae, ing telenging ati sing paling suci, Waginem ndedonga marang Gusti Allah muga-muga olehe kepengin diwengku dening pria sing kaya Sodik kae bisa kasembadan. Sokur bage yen awit saka Maha Welase Allah, Gusti Allah wis nggarisake yen Sodik Salim kae pinesthi dadi jatukramane.
Sauntara kuwi, karo sendhen neng jok kursi Bus sing dilungguhi, dumadakan Munir rumangsa gela kaworan cuwa marang mBah Rawan sing wis disangoni rokok rong conthong, supaya nekakne rasa tresnane marang Waginem, jebul durung dikandhakne. Ketitik saka tembung-tembung sing diucapne Waginem mau sing babar pisan ora nyenggol karo olehe wis kongkonan Tukang Sitere Karawitan Preasaja Laras kuwi. Kamangka olehe kongkonan wis rada suwe.
"mBah Rawan ki karepe ngono piye?" batine Munir grenengan dhewe "neng ngarepku jarene mung nggah-nggih, ning nyatane kok malah ora kepanggih. Jan nggegetake tenan kok wong tuwek siji iki. Awas suk emben nek kepethuk!".
Nanging kapan olehe arep kepethuk mBah Rawan? Wong nek pas ngendhangi olehe gladhen para warga Prasaja Laras ngana kae, Munir kudu numpak mobil, mbuh kuwi Mobil rentalan utawa mobil silihan, sing baku ing ngarepe para kulawarga Prasaja Laras, mligine para Warangganane bisa katon nek wong lanang sing bregas njaba jerone. Gek wektu iki Munir wis ora pati duwe serepan dhuwit maneh. Keri dhewe asil dodolan tegal warisane Ibune saka simbahe sing dhuwite ora diwenehne ibune, kabeh wis entek. Banjur olehe ngapusi Bapake nek jarene mbutuhne dhuwit kanggo ujian ben olehe dadi Lawyer bisa praktek kanthi resmi, sing dening Bapake banjur dikongkon dodolan sawah kae dhuwite wis ora ana tilase maneh. Sauntara arep golek silihan mobil marang kanca utawa sanakane kanggo adol bagus, saiki wis angel, kabeh-kabeh wis bosen diapusi lan diwenehi crita sing ngayawara. Luwih-luwih arep golek silihan dhuwit, blas ora ana thronthong-thronthong sing sajak gelem nyilihi, merga kabeh-kabeh wis apal karo pakulinane Munir nek nyilih kepenak nek mbalekne sok direwangi nganggo padu barang meksa isih angel.
Nadyanta mangkono, dudu Munire yen gampang pasrah marang kahanan utawa kentekan cara. Ndelalah wingi Bulike lara sing kudu dirujuk menyang Rumah Sakit Sala, iki keneng dienggo srana golek dhuwit. Tanpa dingerteni dening Pakne cilik utawa wong liyane, Munir nemu gagasan arep nemoni sedulure Ibune ya adhine Bulike sing lagi lara kuwi, sing pernah ragil, sing saiki mbengkoni pomahane Simbahe neng Jombang. Munir arep ngabari yen Bu Sarmun larane rada nemen lan olehe dirawat neng Rumah Sakit Muwardi Sala kuwi butuhne wragat sing ora sethithik, dadi mengko ya arep nembung marang Pakne Cilik kuwi supaya gelem aweh utangan kanthi pawadan kanggo nambakne Bulike. Perkara mengko nek dhuwite wis kecekel kari gampang olehe ngubetake, sing cetha mengko sebagean ya arep dilungne Paklik Sarmun Bojone Bulike lan sebagean maneh bisa digunakne kanggo nyukupi butuhe dhewe.
Kajaba arep golek utangan neng nggone Pakne cilik kuwi, Munir ya isih weruh terobosan kanggo golek tambahan dhuwit. Malah kira-kira sing keri iki asile bakal luwih awet lan luwih akeh maneh. Jalaran jaman Munir kerep menyang Jombang ngurusi barang warisane Ibune kae, Munir kober kepethuk karo sawijining wanita sing umur-umurane luwih tuwa tinimbang dheweke. Omahe ora adoh karo omahe Pakne cilik. Wanita kuwi wis rada sauntara dadi warandha merga ditinggal mati sisihane. Lan Wanita kuwi ditinggali bandha warisan sing ora karuwan akehe. Wanita sing jenenge Siti Saropah kuwi ketok nek kepencut marang kebagusane Munir. Jaman semana, Munir olehe nanggapi rasa senenge Saropah marang dheweke ya mung karo cara klewa-klewa, nampik ya ora gelem ya durung. Ngono wae jaman kuwi, Saropah wis wani cucul dhuwit lan nukokne barang-barang sing regane larang kanggo gawe seneng atine Munir.
Marem lan seneng karo petung sing ditata neng pikirane kuwi ndadekne Munir rada ayem, olehe sendhen kursi sing dilungguhi ndadekne Munir angler keturon, manjing alaming pangimpen nurut lakune Bus patas sing ditumpaki.
Kang mbarengi wektune karo critane Munir sing ngimpi neng dhuwure Bus Patas, Bu Kaji Ali ibune Sodik lagi jagongan gayeng karo putrane wadon, Ririen mBakyune Sodik.
"Nggih ingkang kala wingi ngampiri kula pengajian nika lho Buk, lare sing kula criyosaken dhateng Ibu nika" kandhane Ririen marang Ibune sing lagi lenggah ngadhep Teh anget sing lagi wae diladekne dening rewange.
"Sing endi ta? Sing kudhunge biru apa sing kudhunge soklat?" Bu Kaji takon kepengin oleh wangsulan sing luwih cetha maneh.
"Nggih ingkang jilbab soklat nika ta Bu" wangsulane Ririen karo ngguyu "menawi ingkang ngagem jilbab biru nika rak Bu Rina garwane Pak Basuki ingkang daleme tingkat mriku niku".
"Lha rumangsaku karo-karone ki umur-umurane ya padha lho? dadi Ibu ya ora ngerti" ngendikane Bu Kaji maneh karo melu ngguyu.
"Bu Rina nika umur-umurane nggih kaot sakedhik menawi kalih kula Bu" Ririen nggenahne "nanging gandheng taberi ngadi salira, sregep olah raga, dhasare nggih priyantun ingkang boten kirang enthong boten kirang irus, tiyang piyambake niku Guru PNS golongan sekawan gek kakunge ngasta teng BUMN, dados nggoih ketingal awet timur".
"Lha sing mbok critakne nyang Ibu kae jenenge sapa? Ibu kok wis lali, nyambut gawe apa neng omah wae?" Bu Kaji takon maneh marang putrane.
"Restu Bu" wangsulane Ririen "jangkepe Restu Arumdalu, nika menawi enjing mucal lare-lare Taman kanak-Kanak lha sambenipun sadeyan busana muslim liwat online".
"Lha adhimu ya wis tau weruh sing jenenge Restu kuwi?"
"Sampun Bu" Ririen wangsulan "Sodik nggih sampun tepang sae kalih Restu niku. Lha sanajan dereng nate kula tari, ketingale Restu niku purun menawi dijodhokne kalih Sodik".
"Lha Sodik wis mbok warah apa durung?" Bu Kaji takon maneh.
"Angkah kula, Restu niku badhe kula tepangaken kalih Ibu langkung rumiyin supados Ibu pirsa kawontenanipun Restu, Ibu cocok menapa boten menawi kagungan putra mantu Restu niku, benjing larene kula celuke mriki kanthi pawadan ajeng kula kengken ngrencangi masak kangge nyugata tamu ing acara arisan RT, mbenjing Ibu rak saged ngendikan kathah kalih piyambakipun. Lha mengke menawi Ibu sampun cocok, nembe Sodik badhe kula kandhani, nanging kula inggih boten badhe nangkleti bab menika dhateng Restu" Ririen atur wangsulan ngiras nggenahne apa sing dadi rancangane.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar