6.
Ora adoh saka omahe Waginem kuwi ana warung ayu, nadyan satemene praktek palanyahan sing dicakne ing warung kuwi ditindakne kanthi sesidheman lan digawe wadi banget, nanging kanyatane barang sing kaya ngono kuwi mau wis akeh sing mangerteni, malah keneng dikandhakne nek meh saben wong sing manggon neng kiwa tengene papan kuwi wis ngerti kabeh. Ngerti sapa sing kulina bukak dhasar adol tresna sakeplasan uga ngerti sapa wong lanang b ejad sing seneng saba mrono. Lan Waginem ya kerep weruh nek tepungane sing jeneng Munir kuwi ya kerep saba menyang warung kono. Sok dhewe sok bareng-bareng karo kancane, nek wis teka kono ora let suwe banjur metu karo wong wadon sing kulina nyewakne sawah sakedhok sing ditawakne neng warung kono kuwi, menyang hotel utawa menyang papan sing dianggep aman liyane.
Waginem uga tau dijak ngrasani Munir dening mBak Muji, waranggana senior ing grup Prasaja Laras kono.
"Awakmu tau dijak rembugan mirunggan dening Mas Munir kae apa ora Wag?" ngono mBak Muji nakoni Waginem, wektu kuwi lagi wae rampung olehe padha gladhen. mBak Muji lagi wae dipamiti dening Satini salah sijine waranggana sing rupane klebu ayu, nek arep bali dhisik jarene mulihe diterne Munir.
"Ora tau ki mBak" wangsulane Waginem apa anane "ana apa ta mBak?".
"Ya wis, ora ana apa-apa" kandhane mBak Muji aweh wangsulan "Satini kae jane wis wola-wali tak kandhani supaya ngati-ati. Muga-muga wae bocahe tetep eling karo welingku. Merga akeh waranggana sing tau melu gladhen neng grupe dhewe iki nanging ora suwe banjur metu, merga ya gampang kepilut ujar manis. Sing ora tak senengi kuwi, merga dheweke sing ora kuwat nampani panggodha bareng wis kenekan tenan banjur ngluputne karawitane, jare karawitan kuwi papane wong seneng ngumbar hawa nepsu. Kamangka karawitan kuwi wujude budaya sing adi luhung, mung merga tingkahe menungsa-menungsa sing dhasare bejad, ndadekne kuceme seni karawitan lan sak jane ya ora kabeh pandhemen karawitan kuwi seneng lelemeran. iya apa ora?".
"Iya mBak, aku wis ngerti saiki" wangsulane Waginem .
"Ngerti piye?" mBak Muji takon maneh, sajak nodhi karo karepe Waginem.
"Ngerti nek aku kudu ngati-ati, aja nganti ngambah ing alaming pasrawungan sing nglirwakne angger-anggering kasusilan lan paugeraning agama sing tak rasuk. Rak ya ngono ta mBak?".
"Bagus, ya kuwi sing tak karepne" mBak Muji wangsulan karo mesem sajak seneng atine merga ngerti karo tekade Waginem.
Mulane oleh kabar saka mBah Rawan sing ngandhakne nek Munir kuwi mambu ati marang dheweke, Waginem ya olehe nanggapi mung karo glopa-glape. Karepe ngono ya arep muni emoh, utawa nulak apa sing dikarepne Munir lumantar mBah Rawan kuwi. Nanging, kanggo njagani murih ora mbubrahne olehe sesrawungan, Waginem olehe wangsulan ya digawe samudana dijaga aja nganti nuwuhne rasa sing ora kepenak ing atine sing ngajak omong.
Waginem ya ngrumangsani banget nek dheweke kuwi miturut panyawange wong liya, mbok menawa sing seneng karo sing ngremehne luwih akeh sing nyepelekne dheweke. Mangkono kuwi ora merga lupute sing nyawang, nanging pancen kegawa saka crita jaman biyene. Papan sing dipanggoni Waginem saiki iki, biyene kondhang tekan ngendi-endi nek klebu papan palanyahan sing gedhe. Akeh wong sing ngarani jenenge papan kono kuwi Kedhung Bathok malah ora arang sing banjur diplesetne tembung Bathok dadi tembung sing saru lan lekoh. Wong tuwane wadon Waginem dhewe, sing jenenge Sadikem, sadurunge dirabi dening Sadiran Blantik Sapi, ya bapake Waginem, biyen ya kondhang minangka salah sijine primadonane para wong ayu sing bukak dhasar neng papan cedhake pasar kewan kuwi. Ponatun, mbakyune Waginem, merga saka kahanan, ditinggal mati dening bapake nalika isih kelas siji SMP, saking ora kuwat ngempet rasa rekasane dadi wong kesrakat uripe, banjur katut setan ambyur ing jagade palanyahan. Leren olehe dadi "wong nakal" sawise Ponatun diopeni sawijining priyayi, Kontraktor Bangunan sing sugih, jenenge Samirin, didadekne mbok nom utawa bojo simpenan. Nanging ya ora suwe, sawise duwe anak siji mbarengi karo Samirin nggarap proyek neng Kutha liya, Ponatun sansaya arang lan tambah arang diulihi, wekasane ora diulihi babar pisan. Samirin embuh lunga menyang ngendi, ora diweruhi papane maneh.
Unen-unen "Buah jatuh tidak jauh dari pohonnya" utawa "Kacang mangsa ninggala lanjaran" pranyata isih kuwat tumancep neng atine wong pirang-pirang. Mula sanadyan Waginem kuwi klebu bocah wadon sing kena diarani suci, ewa dene panganggep sing tuwuh saka unen-unen ing ngarep mau. ora sethithik sing padha ngugemi. Waginem kuwi anake Sadikem, adhine Ponatun, pancen ora bisa diselaki. Lan nganti dina iki Waginem ora leren olehe berjuang kepengin aweh bukti marang jagad yen panganggep yen buah jatuh tidak jauh dari pohonnya kuwi durung mesthi nek bener, merga satemene isih akeh buah jatuh merga diundhuh dening wong apik sing duwe niyat sing becik. Mula sanadyan bebasan mung kanthi sangu tekad, Waginem niyat ora kepengin mandheg olehe golek kapinteran, sing ndadekne wulan ngarep bakal diwisuda dadi Sarjana Pendidikan ing Pawiyatan Luhur sing manggon ana kutha Ngawi.
"Kok kendel wae ki apa sayah ta Dhik?" gragap!. Lamunane Waginem ambyar, Munir sing lungguh ana kursi sisihe dumadakan takon.
"Ora kok Mas, mung rada ngantuk" wangsulane Waginem dora sembada "mau bengi ki merga kasengsem ngobrol karo ponakanku neng kos-kosane ora krasa nganti meh esuk".
"Oo, putrane mBak Ponatun kae saiki neng Yogya ta? Kuliah apa nyambut gawe? sapa kae jenenge?" Munir takon maneh.
"Jenenge Srirahayu Mas" wangsulane Waginem "kuliah lagi semester telu iki, neng UII".
"Lha mBak Ponatun kae saiki neng ngendi Dhik?"
"Neng Taiwan Mas, golek dhuwit wong wragat kanggo kuliah anake ki ya ora sethithik" wangsulane Waginem .
"Iya pancene" kandhane Munire ngenaki rembug "nek mung nyambut gawe neng kene wae ya nglengkara bisa nguliahne anake neng kutha. Eh, ngomong-omong Dhik Wagi ki rumangsaku saiki kok kerep ora melu gladhen neng Prasaja Laras ta? gajege saben aku teka Dhik Wagi kok ora enek?".
"Kuwi ta Mas? Pancen dhek emben kae aku kerep pamit, merga ngrampungne skripsiku dhisik Mas" wangsulane Waginem bares "mengko nek wis bar wisuda ya bali ora bola-bali pamit".
"Wisudane kapan ta Dhik? dhek emben kae sampean njupuk jurusan apa?"
"Sasi ngarep Mas, aku njupuk Bahasa dan Sastra Indonesia" Waginem aweh wangsulan "mbok menawa suk emben Mas Munir pirsa ana formasi kanggo kuwi neng SMP apa SMA , aku dikabari Mas".
"Perkara kuwi gampang Dhik" wangsulane Munir karo mesem "Formasi ki kena digawe, kapan-kapan tak nemoni kancaku sing dadi Kepala SMP".
"Matur nuwun ya Mas?" Waginem semaur karo mesem.
"Dhik Wagi tau kepethuk mBah Rawan?" dumadakan Munir perkara liya.
Jantunge Waginem krasa rada kedher, kelingan karo tembunge mBah Rawan dhek wingenane sing jare dikongkon dening Munir. Apa mBah Rawan durung nekakne wangsulan saka dheweke?.
"Wingenane mBah Rawan mampir warunge Simbok Mas, tuku rokok" wangsulane Waginem neja ora arep ngandhakne apa sing dikandhakne mBah Rawan marang dheweke.
"Kober jagongan karo slirane apa ora?" Munir mburu nganggo pitakonan maneh, wangune Munir selak kepengin ngerti sing dikongkon wis nindakne pakone apa durung.
"Ya lumrah jagongan sedhela, mBah Rawan ngabari nek jare kanca-kanca wis kangen, merga aku bola-bali ora teka ing gladhen" wangsulane Waginem lumrah-lumrah wae.
"mBah Rawan ora kandha bab liyane?" Munir takon maneh, suwarane keprungu nek ngandhut rasa rada cuwa.
"Iya, mBah Rawan ya kandha jare sasi Besar suk emben, akeh sing arep nanggap karawitan Prasaja laras, karo jarene arep dijak gabung karo karawitane Dhalang saka Sala, jarene Dhosen ISI ngono apa piye? jarene nganggo gamelan saka Sala, wong-wong Prasaja Laras sing kon nyekel Slendrone, ngge ngiringi olehe Mayang neng Gendhingan, jare sing dipilih warangganane aku karo mBak Muji" Waginem wangsulan rada akeh nanging babar pisan ora nyenggol pesene Munir sing digawa mBah Rawan.
"Nek bab kuwi aku ya ora ngerti" Munir semaur alon suwarane keprungu yen sansaya cuwa "wong aku dudu wong Prasaja Laras, mung sekedhar penggembira wae. Tak kira nek mBah Rawan ngandhakne perkara liyane?".
Waginem ora semaur, mung ing jero atine banjur kelingan karo weling sing tau dirungokne saka mBak Muji, supaya ngati-ati nek Munir ngajak rembugan kanthi mirunggan ing babagan sing sipate pribadi.
Bus sing ditumpaki Waginem menggok neng salah sijine Rumah Makan sadurunge mlebu Kutha Ngawi. Kanthi pawadan wegah kesuwen ngenteni, Nalika Munir ngajak mudhun mlebu Rumah makan kuwi, Waginem malah pamitan marang Munir yen arep mudhun kono wae, mengko ngetane arep numpak Bentor utawa Ojek, kareben cepet olehe tekan omah. Gaweyan sing ditinggal isih akeh sing kudu enggal dirampungne.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar