Total Tayangan Halaman

Senin, 28 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (005)

 

5.

Waranggana kuwi katon luwes, alus lan manis polatane. Suwarane empuk kepenak dirungokne, pacakane ya beda karo waranggana ing padatane yaiku nganggo kebayak lan jaritan, gelunge ditambahi sambungan gelung sing meprok amba ngana kae. Nanging waranggana neng video sing ditonton Sampr karo Simpen nganti ora kedhep iki, sandhangane beda banget, nganggo jilbab prasaja, kaya busanane santriwati neng Pesantren, ora nganggo wedhak sing nyolok neng panyawang. Nanging olehe gegendhingan keprungu kepenak dirungokne. Rada suwe Sodik mandheg, ngadeg neng cedhak amben sing dilungguhi Sampir karo Simpen sing lagi kasengsem karo karawitan sing ditonton. Sodik melu nyawang waranggana sing prasaja kuwi, klambine ireng jilbabe soklat, gedhe nutupi sirah lan dhadhane, lungguh timpuh neng klasa, pangkone ketutupan jakete sing ora dienggo.

"Boten sios sare ta Mas?" bareng Sampir noleh memburi lagi ngerti nek juragane ngadeg ana cedhake, banjur takon kanggo abang-abang lambe.

"Wis tangi kok Lik" wangsulane Sodik karo mesem "karawitan sing sampean puter kok apik temen? dirungokne ya kepenak neng kuping, disawang ya bisa madhangne mripat".

"Enggih Mas, niku napa, karawitan gladhen angsale ndownload yogane Kasmin teng Youtube" Sampir wangsulan aweh katrangan karawitan sing lagi diputer.

"Apik ngono kok, karawitan ngendi kuwi?" Sodik takon karo mripate panggah nyawang marang karawitane.

"Anu saking Ponorogo Mas, pesindhene sing ayu niku namine mBak Dwi, Mahasiswi STAIN Ponorogo" Sampir nambahi katrangane.

"Sing endi sing lagi nembang kuwi pa?"

"Enggih. sing kudhunge coklat niku lho nek sing rasukane pethak niku pelatihe lan sing ngangge kudhung biru niku namine Mamik nembe kelas kalih SMA" wangsulane Sampir.

"Sampean kok apal temen Lik?" Sodik takon karo ngguyu.

"Lha wau saderenge wiwit rak disiarne kalih Borege Karawitan".

"Iya, tak kira nek karawitan saka Ngawi utawa saka cedhak-cedhak kene, jebul saka Ponorogo ta?".

"Enggih Mas" wangsulane Sampir maneh "jane teng Ngawi nggih enten sing kelase ngoten boten kawon kalih grup niki, ndelalah pesindhene suwarane nggih luwih kepenak malih, tiyange sabrebetan memper kalih mBak Duwi niku, namine mBak Wagi tiyange nggih jilbaban rapet ngoten niku, benjing kula tak ngampil Flasdis-e Kang Kasmin, wetan mriku".

Dheg!. Tratab!. Dhadhane Sodik kedher maneh, jeneng sing lagi wae diunekne dening Sampir kuwi, ngelingake maneh marang bocah wadon sing dhek esuk lungguh neng sisihe, wiwit saka Sala nganti tekan Sidowayah. Waginem.

"He eh Lik, kapan-kapan nyiliha, nek pas sampean puter aku kandhanana tak melu nonton" kandhane Sodik sawuse geter neng dhadhane ilang. Sodik pancen penasaran karo apa sing lagi wae dikandhakne Sampir mau. Pancen bisa wae, jeneng Waginem dicekak dadi jeneng Panggung Wagi. Nek Pesindhen Wagi kuwi jebul Waginem sing dhek esuk ditepungi, ateges isih ana pengarep-arep bisa weruh ngendi omahe, isih legan apa wis omah-omah. Merga mbuh apa sing marahi, dina kuwi Sodik rumangsa yen lagi ketaman lungiting panah asmara sing nunjeming jero atine, ati sing wis rada suwe anyep kaya banyu es ora kober kampiran rasa sengsem marang wong wadon merga isih bingget ketaman lelakon jaman semana.

Nedhenge Sodik jagongan karo Sampir sing uga ditunggoni Simpen neng pawon sinambi nonton video karawitan kuwi, Sodik ya ora ngerti kedadean sawise dheweke mudhun saka bus neng Sidowayah mau esuk. Mudhun saka bus ninggalne Waginem sing nerusne lakune menyang Ngawi. Sing cetha sawise Sodik mudhun, kursi sing ana sisihe Waginem wis kothong ora ana sing nglungguhi. Dadi Waginem lungguh dhewe, ora ana sing ngancani omong-omongan maneh.

Nanging kang mangkono kuwi jebul mung sedhela, merga bareng karo mudhune Sodik saka bus ana wong sing munggah, ya iku Munir, sedulure Sodik dhewe sing mau ora kober omong-omongan luwih dhisik ketang kabeh padha olehe kesusu. Tekan jero Bus, mripate Munir weruh nek kursi mburine sopir isih kothong, ora kesuwen Munir ya banjur nyedhak arep nglungguhi. Atine Munir luwih seneng maneh bareng weruh sing lungguh neng sisihe kursi kothong kuwi bocah wadon sing katon yen ayu rupane.

"Lho, iki rak Dhik Waginem ta?" aloke Munir sawise cedak karo kursi sing arep dilungguhi "saka tindak ngendi iki mau mBak? Wayah mene kok wis tekan kene?".

"Oh, Mas Munir ta?" Waginem semu kaget olehe aweh wangsulan, ora ngira nek arep kepethuk tepungane neng jero bus sing lagi ditumpaki "nggih Mas, anu saking Yogya, wong saking Giwangan wau taksih peteng dados yah menten nggih mpun dugi mriki. Mas Munir badhe tindak pundi? Kok boten ngasta kendharaan piyambak?".

"He he he" Munir ngguyu renyah karo mapan lungguh, ngenggoni kursi sing mau dilungguhi Sodik "arep menyang Jombang Dhik, timbang nyetir dhewe kepenak ngebus bisa karo ngge nglereni tenaga karo utek sing panas".

"Kok saged panas Mas? kenging napa?" Waginem takon karo mesem.

"Lha iya no" wangsulane Munir karo mesem seneng "lha wong lungaku neng Jombang iki arep nangani kasuse Klinku neng Pengadilan, mesthi wae mengko bakal nemoni masalah sing manasne utek. Ya abot-abote wong wis saguh ngemban jejibahan dadi Lawyer Dhik".

Waginem wis ora semaur maneh, malah banjur ketungkul maca pesen-pesen sing mlebu ana jero ha-pe ne. Pancen Munir kuwi klebu kerep ketemu karo Waginem, merga Munir kerep nemoni Surya tukang shoting sing ngrangkep dadi tukang Sound sing nyambut gawe bebarengan karo pakumpulan karawitan sing dieloni Waginem. Ora mung karo Waginem wae Munir dadi akrab, nanging karo kabeh kulawarga pakumpulan Karawitan "Prasaja Laras" sing markase neng Karangasri Ngawi kuwi ya wis akrab kabeh. Kerep wae nek Karawitan Prasaja Laras nuju pentas, Munir melu teka ngendhangi, kumpul karo para yaga lan penabuhe. Uga ora arang nek Praja Laras nuju gladhen ngana kae, Munir uga melu teka.

Marang wong-wong Prasaja Laras Munir pancen ngaku nek nyambut gawe dadi Lawyer, dodolan kabisan kanggo aweh pitulungan marang wong sing mbutuhne jejege keadilan. Maneka warna kasus jarene kerep ditandangi lan ajek menange. Ya Kasus Pidana utawa Perdata, malah kerep wae Munir lungguh neng kursi persidangan Pengadilan Agama, jejer dadi wakile Penggugat sing njaluk pegat utawa makili Pemohon sing kepengin megat bojone, uga ora arang dhapuke dadi wakil tergugat utawa dadi termohon neng Pengadilan Agama Ngawi, Magetan, Madiun lan isih akeh maneh. Mula ya ora dadi gumune wong - wong ing paguyuban Prasaja Laras kono, nek cak-cakane Munir kuwi katon nek bregas, mobil sing dadi tumpakane kerep solan-salin sing kabeh mesthi mobil sing larang regane.

Waginem dhewe ya ngerti nek Munir kuwi mambu ati marang dheweke, merga lumantar mBah Rawan sing neng grup kono dhapuk nyekel Siter, Waginem dikandhani nek dikongkon Munir supaya ngandhakne pepenginane Munir olehe kepengin luwih cedhak olehe kekancan karo Waginem.

"Kowe kuwi klebu beja lho Nem" kandhane mBah Rawan marang Waginem sawuse ngandhakne apa sing dadi karepe Munir "Mas Munir kae wonge jan bagus, pinter lan pinter golek dhuwit. Deloken mobile wae kerep gonta-ganti, wis duwe iki kurang marem njur diijolne sing kae, kuwi genah nek nandhakne yen Mas Munir kuwi wong sing dhuwite kandel. Kandha nek kepengin luwih cedhak olehe kekancan karo kowe kuwi tegese wonge seneng karo awakmu. Nek kowe klakon dadi bojone Mas Munir, uripmu mesthi dadi lan mulyane, samubarang sarwa kacukupan, bisa mubra mubru blabur madu tenan".

"Nggih mBah, kula pikire riyin" wangsulane Waginem wektu kuwi, pancen sing dingerteni Waginem tumrap Munir, sing dikandhakne mBah Rawan kuwi akeh benere lan kasunyatane pancen mangkono. Nanging nek ngelingi lelakon sing disandhang dening Ponatun sedulure wedok, sing saiki urip neng mbuh nggone sawise ditinggal sing lanang mbuh parane, Waginem milih ngati-ati olehe arep mecaki dalan sing arep diliwati kanggo nuju dina ngarepe. Waginem ora kepengin nemoni lelakon kaya sing dialami dening Ponatun, mbakyune.

"Wong wis genah, cetha nek apike ngono kok ndadak arep dipikir maneh ta Nem?" kandhane mBah Rawan nutugne pituture "tak kandhani ya, kowe kuwi aja seneng kakehan milang-miling olehmu golek tandhing, merga ora arang kedadeyane wong sing kakehan olehe milang-miling kuwi entek-entekane malah oleh wong sing dhengkling. Wis ta nek nggugu omongku, angel lho golek wong lanang bregas lan brajag kaya Mas Munir kae".

"Nggih mBah" wangsulane Waginem karo mesem "criyose sing namine siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima kanugrahan niku empun digarisne dening Sing Maha Kuwasa?  Dadi nggih sing sabar mawon riyin, ampun grusa-grusu kersane boten kepathu, nek pancen mpun ginaris Mas Munir nika dados jodhone kula, mengke rak nggih ketekan dhewe. Rak nggih ngoten ta mBah?".

"Iyane ki iya, nanging kabeh kuwi kudu disranani, merga sing jenenge ngelmu iku wae katekane nganggo laku" mBah Rawan panggah ngeyel.

"Nggih mBah, lekase rak nggih lawan Kas ta? tegese Kas nyentosani?" Waginem wangsulan karo ngguyu. Merga Waginem kajaba weruh kaluwihane Munir sing kerep ditutuhne, uga weruh kekurangane Munir sing tenane rada ditutup-tutupi.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...