Total Tayangan Halaman

Sabtu, 02 April 2022

SLENDHANG KUNING (013)

13.

Ora krasa Bu Kaji Ali wis sepuluh dina manggon neng Yogya, kumpul karo putrane sing mbarep. Beda banget karo padatan, Bu Kaji kuwi nek kangen karo wayahe, nek Ririen lan Kahar ora bisa tilik omah neng Kedunggalar ngana kae, Bu Kaji banjur ngersakne rawuh neng omahe  Ririen, nanging paling suwe telung dina mesthi wis ngajak bali menyang Kedunggalar maneh. Mula nek olehe tetirah Bu Kaji nganti sepuluh dina nanging durung paring dhawuh marang Sodik supaya methuk, sing saben sore wayahe bubar sembahyang ngisak mesthi telepon ibune.  Kahar apa dene Ririen padha wis duwe dudutan yen olehe Bu Kaji krasan neng Yogya kuwi merga ana sing wis nocogi penggalihe. Mula wong loro kuwi ya melu bungah, muga-muga apa sing dikersakne Bu Kaji, ya wong tuwane dhewe kuwi, bisa kasembadan.

 

"Pripun Bu?" ngepasi Ririen bali saka nyambut gawe, dikoberne nemoni ibune sing lagi nglaras neng teras mburi banjur matur "ketingale upami Restu niku dijodhokne kalih Sodik, cocog menapa boten?".

 

"Nek nyawang rupa, solah bawa lan sipat-sipate Ibu jan seneng banget upama klakon duwe mantu Restu kae, nDhuk" Bu Kaji paring wangsulan marang putrane "ngibarate barang ngono olehku njingglengi Restu kae wis ora kurang-kurang, tak liling saka kiwa apik, saka tengen ya apik, saka dhuwur aku seneng, saka ngisor ya wis gawe sengseme atiku, jeneh wis rong minggu nggonku srawung kanthi cedhak karo bocah kuwi. Sasuwene Ibu neng kene iki, Restu wis ping papat lho dolan mrene banjur jejagongan karo Ibu lho Rien?!?".

 

"Kaping sekawan Bu?" Ririen api-api nambong, sak jane ya wis ngerti dhewe nek apa sing didhawuhne Ibune kuwi pancen bener.

 

"Iya, wong pas sepisanan ketemu, mbarengi bocahe ngrewangi kowe masak-masak ngge Arisan kae, aku kober kongkonan nglebokne nomer hape ne nyang hape ne Ibu" Bu Kaji nutugne olehe ngendikan "mula bocahe banjur kerep tak telpun, tak kon mara nyang omah kene, nek dhong longgar ngana kae, Ibu ya bares nek Ibu kepengin ngajak jagongan wae, merga neng omah Ibu ora duwe kanca sing kenek dijak jagongan. Restu banjur kandha yen dheweke banjur kelingan sawargi eyange putri, sing biyen kerep wae nimbali Restu supaya sowan mung saperlu arep dikongkon ngancani jagongan".

 

"Wadhuh, dados Ibu disamekne kalih Eyangputrine Restu?" Ririen mlengak.

 

"Ya ora ngono" Bu Kaji wangsulan karo mesem "jarene Restu, Restu kuwi wayahe eyange sing  ditresnani dhewe, lan Restu ya tresna banget nek karo Eyange. Jarene Restu jagongan karo wong tuwa ngene iki, akeh manpangat sing ditampa rupa crita sing bisa digawe salah sijine teken kanggo napaki dina-dina sing bakal diadhepi. Dadi nek pas bocahe longgar banjur tak telpon tak kongkon mrene ngana kae, bocahe ya seneng-seneng wae".

 

"Dados saged dipun pendhet dudutan bilih Ibu sampun cocog saupami kagungan putra mantu pun Restu?" Ririen banjur munggel ngendikane Ibune nganggo pitakonan sing dibutuhake.

"Nek perkara kuwi Ibu isih durung wani muni ndhuk" Bu Kaji paring wangsulan alon, sajake ing penggalihe isih ana rasa ngganjel sing durung bisa singkrihne.

 

"Lho ngendikanipun Ibu wau, Restu menika sampun dipun liling saking sedaya arah lan sedaya nedahaken nek sae?" Ririen mburu maneh nganggo pitakon lelandhesan apa sing wis didhawuhne ibune mau.

 

"Nek sing kuwi pancen bener" Bu Kaji paring wangsulan.

 

"Lha lajeng menapa malih?"

 

"Sing dadi ganjelaning atine ibu kuwi mung siji, merga si Restu kuwi putra waruju, ketoke nek oleh jodho, ora dikeparengake nek ngetutne kakunge, ninggalne wong tuwane sing ana kene"  Bu Kaji nggenahne apa sing ngganjel sajroning penggalihe.

 

"Oo menika ta Bu?" Ririen lagi dhong karo sing dikersakne Ibune.

 

"Iya, kamangka awakmu ngerti dhewe?" Bu Kaji nutugne ngendikane "anak sing bisa tak eloni nek aku wis tuwa ki ya mung kari adhimu si Sodik, jeneh awakmu wis omah-omah dhewe neng kene ngono ?".

 

"Dados upami kasembadan Sodik dados jodhonipun Restu, Ibu ngersakaken supados Sodik mboyong Restu dhateng Kedunggalar?"  Ririen matur maneh .

 

"Lha iya no" Bu Kaji paring wangsulan "lha nek ora ngono rak Ibu dadi kijenan?"

 

"Estunipun menawi namung niku ingkang dados ganjelan, taksih saged dipun atasi kok Bu" Ririen ngaturake solusi.

 

"Aku mbok kon melu ngetutne Sodik ngono?" Bu Kaji rada sengol olehe ngendikan.

 

"Nggih boten ta Bu" Ririen wangsulan karo mesem .

 

"Lha piye?"

 

"Ngaten kemawon, mangke saupami Sodik saged dijodhokaken kalih Restu, lan Sodik kapeksa kedah ngetutaken semahe, gadhahane Sodik ingkang wonten ing Kedunggalar ingkang wujud siti sabin kalih pekarangan dipun sade mawon, damel rambatan gesang Sodik ing mriki lan saged kangge tumbas papan kangge yasa griya alit-alitan ingkang boten tebih saking tiyang sepuhipun Restu, dados Sodik kalih Restu griya piyambak nanging boten tebih kalih tiyang sepuhipun. Menawi Ibu boten kepareng dados setunggal kalih Sodik awit griya menika dede dalemipun Ibu ingkang asli, Ibu saged lenggah ing griya mriki, momong kula kalih Mas Kahar. Pripun menawi makaten ?" Ririen nawakne solusine.

 

Bu Kaji kendel ora enggal ngendikan, sajake lagi menggalih lan nimbang-nimbang marang apa sing lagi wae dikandhakne putrane sing pambayun kuwi. Dinalar-nalar ana benere, nangi ng uga akeh sing ora nocogi penggalihe. Arepa kaya apa sawah lan pekarangan neng Kedunggalar kae,  sing saiki wis dadi duweke Sodik, kuwi kena diarani barang pusaka. Pusakane sawargi Pak Kaji Ali, kakunge. Pak Kaji Ali dhewe nampa pusaka kuwi saka Bapake, dadi kena diarani nek barang darbeke Sodik kabeh kae wujud pusaka sing nduweni sejarah lan nyimpen crita kuna sing wajib dieling-eling, murih bisa dadi pepeling. Lan bisane ngeling-eling crita kuna kuwi, ora ana sarana kajaba nggegegi barang pusaka kuwi aja nganti ucul dadi duweking liyan. Nanging apa gunane kukuh nggondheli barang pusaka nek nyatane malah ngebot-eboti urip? lire merga ngukuhi barang pusaka kuwi, ndadekne Sodik kekungkung ora bisa obah menyang ngendi-endi? Wong jaman Sodik diceluk bali saka olehe ngabdi dadi Ustadz neng Pesantren kae, salah sijine sing dadi sabab ora liya merga Bu Kaji gerah jalaran mikirne Pusaka tinggalane kakunge kuwi. Kamangka jaman semana, saupama Sodik ora bali lan nutugake olehe ngabdi, ora mokal merga Sodik sing dhasare duwe utek sing encer, lan dibutuhake kanggo mundhak majuning Pesantren, Sodik bakal dikirim maneh menyang Pawiyatan Luhur sing luwih dhuwur maneh, embuh menyang Eropa embuh menyang Amerika minangka tetimbanganing ngelmune sing wis didarbeni sawuse ngangsu kawruh neng Timur Tengah. Saiki apa Sodik kudu ngorbanake awake maneh kanggo nuruti apa sing dikersakne Ibune? Embuh kuwi mengko apa wujude?.

 

Nanging.... apa bener Restu gelem dijodhokne karo Sodik? wong nyatane nganti sprene saklimah wae ora tau kawetu saka lisane Bu Kaji marang Restu yen Bu Kaji satemene kepengin mundhut mantu Bu Guru TK kuwi. Lha nek jebul Restu wis nyambung talining asmara karo priya sing uga durung dicritakne marang Bu Kaji? harak ya tiwas-tuwas olehe menggalih bab kuwi kabeh.  Kajaba saka kuwi, saupama Restu kuwi isih legan lan bisa nampa karo sing dadi kersane Bu Kaji sing disengkuyung dening Ririen, apa Sodik ya bisa nampa ngono wae?. Kamangka minangka wong tuwa sing uga pirsa sepira gedhening bekti sing diaturne putrane, Bu Kaji ya ora remen meksa lan mrawasa pangrasane putrane.

 

"Ngene wae ndhuk" sawuse kendel rada suwe Bu Kaji tumuli paring dhawuh marang Ririen "awakmu ngarani nek Restu kuwi isih legan lan durung duwe sesambungan katresan karo wong lanang sapa wae kuwi rak mung saka pangira-ngiramu wae ta? Lire mung wewaton karo warta sing tau mbok rungu utawa wewaton marang asiling panyawangmu. Lan jenenge pangira-ngira kuwi bisa bener lan bisa luput, mula murih mantebe lire bisa ngerti kanthi sanyatane, tak kira mbuh sesuk embuh kapan perlu tak takokne marang Restu, dheweke kuwi isih legan tenan utawa wis duwe sesambungan tresna karo priya.  Kajaba saka kuwi, becike uga dibarengi karo awake dhewe nakoni adhimu si Sodik, saupama dijodhokne karo Restu gelem apa ora? nek ora gelem kudu duwe landhesan utawa pawadan sing klebu nalar, yen ora bisa ditampa dening nalar mengko Ibu bisa aweh pameksa marang adhimu. Dadi sadurunge Ibu sansaya mbingungi nggagas perkara iki, rong perkara sing ibu dhawuhne kuwi kudu enggal bisa oleh wangsulan".

 

"Inggih Ibu" Ririen atur wangsulan mbenerake pangandikane ibune "menawi makaten Ibu enggal nimbali Sodik supados nusul dhateng Yogya, lan menawi saged dipun budidaya anggenipun nyipeng ing mriki radi dangu mawon, tiga napa sekawan dalu ngaten, dados saged taneg anggenipun ngrembag prekawis menika".

 

"Iya, iya mengko bengi nek bocahe telepon tak kandhanane pisan".

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...