15.
Ya
pancen mangkono kuwi sing dadi kalumrahan tumrape manungsa, wong bisa wae duwe
rasa sengit marang wong liya sing babar pisan durung tau ditepungi lan ora ana
sambung rapete apa-apa karo dheweke. Ya mung jalaran saka tumindak sing nerjang
karo paugeraning bebrayan, mula ya wis lumrah nek Ririen sing tenane ora digawe
rugi apa-apa dening Gathot , nanging merga tumindake Gathot sing dianggep
nerjang paugeraning bebrayan ndadekne Ririen melu pegel marang wong sing durung
pati ditepungi kuwi. Ririen uga kaya melu ngrasakne kaya apa rasa perihing
atine Restu jalaran saka tumindake Gathot sing wis meh dadi pacangane kuwi.
Nanging, Ririen uga rumangsa eram marang Restu sing sanadyan oleh pacoban kaya
mangkono abote, nanging ora dikatonake marang wong liya. Restu panggah katon
jejeg adege, ora ana owah-owahan ing slaga saben dinane.
"Pancen
menawi dipun sawang sakeplasan makaten" Bu Hasanah nutugne olehe crita
"Gendhuk niku nggih kados limrah-limrah mawon, nanging pranyata binggeting
manahipun Restu ketingal menawi angel dipun supekaken".
"Inggih
boten maiben Bu" Ririen wangsulan "tiyang inggih kados makaten
pacoben ingkang kedah dipun adhepi Restu".
"Nanging
menika ingkang ndadosaken ruweting manah kula Bu Kahar" kandhane Bu Jayadi
sabanjure.
"Menika
inggih nami limrah Bu" wangsulane Ririen "ing pundi kemawon,
naminipun tiyang sepuh, raos sakiting putra tartamtu tiyang sepuh ugi tumut
ngraosaken".
"Inggih
Bu Ririen" Bu Hasanah guneman maneh "wiwit pedhot anggenipun
sesambetan kalih Gathot wau, Restu kados jinja lan kapok cecaketan kalih lare
jaler, makaten menika harak inggih badhe nuwuhaken bab ingkang boten sae ta
Bu?".
"Mila
leres makaten Bu" wangsulane Ririen "Bu Jayadi kemawon ingkang kedah
nambahi raos sabaripun, inggih sampun ngantos pegat anggenipun paring pitutur
dhateng keng putra murih sampun kalajeng-lajeng anggenipun nuruti bentering
manah ingkang boten wonten ginanipun kajawi namung damel kapitunanipun piyambak
menika".
"Inggih
Bu Ririen" Bu Jayadi wangsuloan karo unjal ambegan dawa "estunipun
inggih sampun boten kirang-kirang bapake lan kula paring ngandhani bab menika,
nanging ketingalipun inggih dereng kasil. Janipun, nalika kula kandhani menawi
umuripun menika sampun kathah sampun wancinipun winengku ing kakung, gendhuk
menika inggih boten nglepataken. Nanging inggih menika kala wau, boten wonten
lare jaler ingkang saged ndudut kawigatosanipun, malah lajeng masrahaken bab
menika dhateng bapake kalih mbokane niki".
"Masrahaken
kados pundi Bu?".
"Masrahaken,
menawi Bapak kalih mbokne ngersakne Restu enggal emah-emah, supados Bapak kalih
mbokne madosaken jodhonipun, larene badhe manut mawon, dipun jodhokaken kalih
sinten kemawon boten badhe suwala waton niku ingkang dipun kersakne bapakne
utawi mbokne".
"Menawi
makaten inggih langkung sae ta Bu?" Ririen udhu panemu.
"Nanging
naminipun jejodhowan rak inggih kedah wonten sambunging manah antawisipun jaler
estri ingkang badhe nglampahi ta Bu?" Bu Jayadi aweh wangsulan "sampun
nate kula cobi nepangaken kanca guru ingkang taksih legan kalih piyambakipun,
kanca guru kala wau estunipun inggih sampun sreg, nanging gandheng Restunipun
ingkang boten patos migatosaken nalika kanca guru menika dolan dhateng griya,
wasana kanca guru menika rumaos menawi Restu boten remen kalih piyambakipun,
lajeng milih mundur alon-alon. Bapakipun inggih nate nepangaken kanca guru
ingkang mucal ing sekolahanipun, nanging asilipun inggih sami mawon. Pramila
kula kalih bapake lajeng sansaya judheg mawon Bu Ririen".
Ririen
bisa ngrasakne sepira sekeling penggalihe Pak lan Bu Jayadi nek nemoni lelakon
urip sing kaya mangkono kuwi. Aja maneh ora judhega mikirne putra putri sing
sansaya suwe sansaya tambah umure, lha wong Ibune dhewe sing dheweke uga katut
melu ngrasakne, mikirne Sodik sing bocah lanang wae, judhege ora karuwan. Dumadakan
Ririen tuwuh gagasan, ya gene Bu Jayadi sing satemene nadyan olehe tetanggan
wis suwe, nanging kena diarani olehe srawung ya mung srawung lumrah. Lire dudu
tangga utawa kanca sing kenthel, lha wong olehe sok omong-omongan iku wae nek
dhong kepethuk neng pengajian utawa arisan ibu-ibu anggota RT ngana kae, kok
dumadakan kanthi entheng nyritakne barang sing klebu dadi wewadine . Apa merga
kari-kari iki Restu sing ngendikane ibune kerep dolan menyang omahe kuwi? Lan
apa Bu Jayadi duwe gagasan kepengin nyoba njodhokne Restu karo Sodik adhine
sing uga klebu jaka sing wis rada tuwa kuwi?.
"Inggih
boten maiben Bu Jayadi" Ririen banjur ngandhani Bu Jayadi kanthi
digandhengake karo gagasan sing lagi wae mampir ing angen-angene "kula
piyambak estunipun inggih meh sami kalih panjenengan. Namung bentenipun, menawi
Bu Jayadi ingkang dipun penggalihaken Dhik Restu putra putrinipun, menawi kula
namung kabekta saking penggalihipun Ibu ingkang mrihatosaken dhateng adhik kula
jaler Si Sodik nika".
"Lha
Mas Sodik kenging menapa Bu? piyantun kakung mosok inggih ngalami lelampahan
kados si Restu?" Bu Hasanah takon.
"Naminipun
manah, pasipun raos, jaler menapa estri estunipun rak inggih boten benten ta
Bu?" wangsulane Ririen karo nutugne kandhane "adhik kula Sodik nika
ngantos dados jaka radi kasep nika, jalaranipun inggih meh sami kalih pacoben
ingkang dipun tampi dening Dhik Restu kala wau. Mila ngantos sapriki, lare nika
menawi kalih lare estri inggih anyep-anyep kemawon".
Ririen
banjur kanthi cekak nyritakne lelakone Sodik sing kapeksa kapedhotan katresnan
karo Susiana merga anane panggodha sing ana sambung rapete karo sedulur
misanane dhewe. Kajaba saka kuwi uga dicritakne, yen Sodik saiki malah
kayungyun karo gaweyane. Ngopeni sawah lan rajakayane ditambah olehe nularne
ngelmune minangka dadi guru ing sekolahan swasta. Olehe nyambut gawe sing
sregepe ora karu-karuwan, ora merga mburu akehing pengasilan, nanging mung
nuruti rasa sing metu saka binggeting atine marang wong wadon sing dianggep wis
nyidrani katresnane sing tulus lan suci.
"Dados
kinten-kinten sregepipun adhik kula Sodik niku nggih saemper kalih sregepipun
Dhik Restu anggenipun aktif ing TK lan sesadeyan online nika Bu Jayadi"
Ririen mungkasi critane kanthi ngembakne karepotane Sodik karo karepotane Restu
wektu iki.
Bu
Jayadi manthuk-manthuk sajak kasengsem karo critane Ririen sing mangkono kuwi
mau. Bu Guru ing MTsN kuwi rumangsa oleh dalan kanggo ngandhakne niyat sing
digawa saka omah sing wis diangen-angen sadurunge telepon Ririen mau awan.
"Nuwun
sewu nggih Bu Ririen" Bu Jayadi kanthi alon lan sajak ngati-ati wiwit
kandha "inggih bot-botipun dados biyung ingkang nggadhahi kuwajiban
dhateng yoga, niki saupami lho..........".
Bu
Jayadi ora nutugne tembunge, malah banjur mandheg olehe guneman rada suwe.
"Upami
kados pundi Bu?" sanadyan wis bisa ngira-ira karo apa sing arep
dikandhakne dhayohe, nanging Ririen pilih nambong, pitakon marang Bu Hasanah.
"Bakenipun
sekeling penggalihipun keng Ibu miwah Bu Ririen niku rak meh sami kalih
judhenging manah kula kalih Bapake lare-lare ta Bu?" Bu Jayadi miwiti
olehe arep ngandhakne karepe.
"Leres
Bu"
"Niki
upami lho, menawi kula lepat, saderengipun kula nyuwun pangapunten" Bu
Hasanah mbaleni tembunge kanthi ngati-ati.
"Inggih,
boten menapa-menapa Bu, mangga kadhawuhna kemawon!" Ririen aweh wangsulan
"Upami
Bu Ririen kula ajak sesarengan, liripun sareng-sareng mbudidaya murih bingget
ing manahipun anak kula Restu miwah bingget ing penggalihipun Mas Sodik ngaten
kados pundi?" kandhane Bu Jayadi wiwit bisa diwaca mungguh arahe.
"Kula
kinten menika langkung prayogi Bu Jayadi" wangsulane Ririen karo mesem
sajak mathuk karo apa sing diusulne Bu Guru MTsN kuwi.
"Anggen
kula gadhah gagasan makaten kala wau rak amargi, kantun-kantun menika kula
asring dipun pamiti Restu menawi sowan ing dalem mriki ta Bu? criyosipun pun
Restu, awit dipun timbali dening keng Ibu dipun ajak rerembagan nadyan boten
nggepok asmanipun Mas Sodik, nanging langkung kathah ngrembag babagan
lampahipun tiyang gesang, menika criyosipun Restu lho Bu. Lan malih,
ketingalipun anak kula Restu niku, samangke sampun caket lan akrab kalih keng
Ibu. Pramila kula lajeng mantun-mantunaken matur dhateng Bu Ririen kados kala
wau".
Ririen
mesem, ulate dadi padhang. Sajake dheweke weruh ana thronthong-thronthong
padhang magepokan karo anggone mikirake Sodik sing mau awan lagi wae dirembug
karo Bu Kaji, ibune.
Dumadakan
saka njero Bu Kaji miyos, nggoleki putrane mbarep sing jebul lagi nampa tamu.
"Mangga
Ibu......" lagi wae Bu Kaji katon metu saka njero, Bu Jayadi kanthi
grapyak semanak mbagekne.
"Oo.
Nyuwun pangapunten, boten ngertos menawi wonten tamu" wangsulane Bu Kaji
karo mesem "tiyang kula wau madosi Gendhuk niku, kok teng pundi-pundi
boten wonten, boten ngertos menawi wonten mriki".
"Sanes
tamu kok Ibu, namung tiyang dolan" wangsulane Bu Jayadi karo mesem
"niku gubug kula saking mriki ketingal".
"Inggih
Bu" Ririen melu amul rembug "nggih niki ingkang asmanipun Bu Hasanah,
ibunipun Dhik Restu ingkang asring bawa raos kalih Ibu".
"Ooo,
Ibunipun Nak Restu?" Bu Kaji katon sajak kejot "nyuwun pangapunten
lho Bu, kula asring ngresahi keng putra, kula bujuki supados ngancani kula
umuk-umukan".
"Malah
kula ingkang matur nuwun Ibu" wangsulane Bu jayadi karo mesem "kanthi
asring jejagongan kalih Ibu, sampun ndadosaken Restu sansaya mudheng babagan
kuwajibanipun tiyang gesang".
Kahanan
banjur dadi rada gumyak, olehe padha jejagongan ketara nek padha yen nuju
prana.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar