Total Tayangan Halaman

Selasa, 05 April 2022

SLENDHANG KUNING (016)

 

16.

Isih esuk Waginem wis ngrampungake olehe nata lan mbunteli sarta aweh nota marang sandhangan sing dikumbah lan disetlikakne neng Laundrenane. Dadi sawayah-wayah dijupuk sing duwe kari ngulungne wae. Pancen Waginem duwe prinsip nek wis milih gelem dadi tukang umbah-umbah lan setlika kuwi kudu bisa aweh kamareman sing maksimal marang para langganane. Lan kuwi kabeh wis diakoni dening wong-wong sing nglondrekne mrono, meh kabeh banjur padha tuman aweh kaparcayan marang Waginem sing direwangi bocah nom loro, Nita karo Ella sing karo-karone isih nyambi sekolah sing mlebune ing wayah awan. Para pelanggan ora mung tuman, nanging uga gelem dadi tukang iklan lelahanan (gratis), padha ngandhani kanca rowange supaya nek butuh ngumbahne sandhangan milih neng panggonane Waginem wae. Kajaba asile nyenengake, uga kondhang jujur, nek nemu dhuwit utawa barang penting sing katut neng sak klambi utawa clana mesthi disimpen lan dibalekne marang sing duwe. Mula ora mokal nek banjur dadi sansaya laris lan sansaya reja wae, nganti rewang loro kuwi dening Waginem isih perlu ditambahi siji utawa loro maneh.

 

"Lha jarene kowe mau arep nyang Kedunggalar ta Nem?" Mak Sadikem, simboke Waginem mara karo takon "sida apa ora?".

 

"Ya sida no mBok" wangsulane Waginem "wong aku wingi wis telpon Mas Sodik nek arep nglebokne lamaran menyang SMA-ne, ya mengko sedhela maneh tak ndang budhal".

 

"Mas Sodik sing mrene bareng kowe pas bar golek SIM kae ta?" kandhane mBok Sadikem maneh "wonge kae sopan banget ya Nem? ketoke wong pinter sing ora gumedhe, seneng aku jagongan karo kancamu sing siji kae".

 

"Iya mBok, wong pinter kuwi akeh-akeh ya sopan tur ora seneng ngremehne liyan" wangsulane Waginem "merga wong pinter kuwi akeh-akeh ngerti, nek jane ngono sopan lan ramah kuwi ora ngajeni sapa-sapa nanging malah ngajeni awake dhewe".

 

"Kae ketoke kok isih legan ta nDhuk?" mBok Sadikem takon maneh "upama bisa duwe mantu kae ngono, aku mesthi seneng banget. Nek kowe dhewe piye Nem?"

 

Ditakoni ngono kuwi atine Waginem nratab, sapandurat ora bisa wangsulan. Merga bares wae, wiwit kepethuk sepisanan kae Waginem wis duwe rasa sengsem marang Sodik Salim jaka rada tuwa sing ngakune mung buruh tani nyambi angon wedhus karo sapi, ning jebule ya nyambi dadi guru barang, sanadyan isih guru GTT. Nanging Waginem ora gelem katut adoh-kadoh kageret dening rasa pangrasane sing durung karuwan bisa kasembadan, mula ditakoni simboke ngono kuwi, Waginem ya banjur mesem rada amba.

 

"Wong olehku tepung karo Mas Sodik kae ki durung suwe lho mBok" karo mesem Waginem mangsuli pitakone simboke "pethuk ya lagi kaping pindho, sing sepisanan bareng ngebus pas aku mulih saka ngendhangi Sri neng Yogya, sing kepindho ya pas Mas Sodik mampir mrene kae, dadi aku ya rung mikir tekan nggon kuwi".

 

"Nanging wonge kae ketok nek wong temen, jujur, tanggung jawab, pokoke wong sing apik lah, iya apa ora?" mBok Sadikem takon maneh.

 

"Ketoke ya ngono mBok, ya bejane mbesuk sing bisa dadi bojone" Waginem wangsulan karo ngguyu "Ya wis mBok, aku tak ndang tata-tata budhal, mumpung durung pati awan. Nita karo Ella tak kandhanane dhisik, nek arep tak tinggal".

 

Waginem banjur mlaku memburi, marani Nita karo Ella sing isih repot nandangi gaweyane, Nita lagi nglebok-nglebokne kumbahan menyang Mesin Cuci sauntara Ella lagi ketungkul nggone nyetlika.

 

mBok Waginem ya banjur bali menyang warunge nunggoni dagangane, karo neng jero batin nggagas yen tenane ngono anake wedok sing cilik kuwi mesthine wis wayahe diomah-omahne. mBok Sadikem ya banjur kelingan anake wedok sing gedhe sing saiki lunga menyang negara manca. mBok Sadikem ora kepengin lelakone Ponatun, anake sing mbarep kuwi dibaleni dening Waginem, anake sing cilik.

 

"Ya muga-muga wae, nasibe Waginem dadi luwih becik" mBok Sadikem guneman neng jero atine "arepa bibit kawite padha, nanging Waginem kuwi wiwit cilik wis duwe teku sing beda adoh karo aku sing diterokne Ponatun kae. Ya muga-muga wae olehe Waginem wiwit cilik sregep melu ngaji neng TPA lan nganti saiki sregep melu Pengajian sing uga dibarengi olehe sregep sekolah bisa nuntun lakuning uripe liwat dalan sing bener lan diparingi kanugrahan dening Pangeran tembene bisa urip sing lumrah, ora kekeceh ing blumbanging dosa lan kanisthan kaya wong tuwane iki, geleme tobat sawise nyedhaki mati".

 

"Aku budhal dhisik ya mBok" Waginem sing wis salin nganggo sandhangan sing pantes teka karo pamitan, tangane simboke disalami karo diambung "dongakne ya mBok, muga-muga olehku nglebokne lamaran neng SMA ne Mas Sodik bisa ketampa".

 

"Iya, iya ndhuk muga-muga Gusti Allah ngijabahi" wangsulane mBok Sadikem tulus tumeka njeroning ati.

 

Sepisan maneh mBok Sadikem nyawang anake wedok sing cilik dhewe kuwi, atine sansaya mongkog, merga Waginem sing mung anake, saiki wis bisa ngrampungne olehe sekolah nganti oleh gelar Sarjana Pendidikan lan sing ora kurang olehe rumangsa sukur nyang Pangeran, sanajan katon prasaja nyandhang panganggone Waginem kuwi ketok nek mencorong tejane, sumunar cahyane dhasare kasinungan rupa sing sulistyaning warna.

 

Waginem ya banjur nguripne pit motore, sawise sepisan maneh mbukak dhompet nliti STNK karo SIM sing ora keri, banjur lon-lonan nglakokne pit motore sing arep digelak menyang Kedunggalar. Wingi sore, lumantar WA, Sodik wis kirim kar yasane Google sing nuduhne papan sing arep dituju. Waginem ya ora kelalen mampir menyang SPBU ngebaki tangki sepedhane, sepedha motor matic sing olehe bisa tuku merga dibantu, patungan karo Ponatun, mBakyune.

 

Nalika lakune Waginem wis tekan regol sekolahan SMA Al-Hasan, mbarengi karo mBok Sadikem magekne tekane dhayoh sing mara neng omahe. Munir.

 

"Dados Dhik Wagi boten wonten dalem nggih Mak?" pitakone Munir marang mBok Sadikem sawise mapan lungguh neng kursi sing ana warunge mBok Sadikem kuwi.

 

"Inggih Gus, antawis setengah jam kapengker anggenipun bidhal, numpak pit montor" wangsulane mBok Sadikem blaka, apa anane.

 

"Teng pundi nggih Mak? Mak ngertos?" Munir takon maneh.

 

"Menawi pamitipun wau, criyose badhe nglebetne lamaran nyambut damel ngoten lho Gus" wangsulane mBok Sadikem.

 

"Nglebetne lamaran?" Munir takon suwarane alon, banjur grenengan kaya ditujokne marang awake dhewe "karepe Dhik Wag ki piye ta jane? wong wis tak kandhani nek lamarane arep tak lebokne, kok malah budhal dhewe?"

 

"Oo waune gendhuk niku mpun rembagan prakawis menika kalih panjenengan ta Gus?" krungu nek dhayohe grenengan ngono kuwi, mBok Sadikem banjur nyaut gunem, karo takon.

 

"Niku criyose rak ngeten ta Mak, jane" Munir wangsulan nggenahne dhudhuk-selehe sing lagi dirembug "rumiyin, jaman ijazahe Dhik Wagi dereng medal nika, Dhik Wag criyos teng kula nek kapurih mbantu madosaken damelan menawi ijazahipun sampun medal. Kula nggih lajeng nyagahi, lajeng kala emben seminggu kapengker, ngepasi Mas Sodik mampir mriki nika, Dhik Wag nggih nedhi tulung Mas Sodik ken mbantu anggenipun badhe nglebetaken permohonan dhateng Sekolahan Dhusun ingkang alit, muride nggih boten kathah, blanja kangge guru lan karyawane nggih namung pas-pasan mawon. Pas Mas Sodik taksih wonten mriki, kula nggih namung kendel mawon, wong ajeng omong nggih kesandhung raos pekewet kalih Mas Sodik sing ugi mulang teng sekolahan mriku. Nembe sasampunipun Mas Sodik wangsul, kula sanjang teng Dhik Wag, murih niyate ajeng ngkebetne lamaran teng sekolahanipun Mas Sodik niku dipun wurungaken kemawon. Upami ketampi blas boten cucuk kalih rekasane, ugi eman-eman ijazahe Dhik Wag ingkang bijinipun sae".

 

"Lha lajeng pripun Gus?" mBok Sadikem nyelani rembug.

 

"Kula nggih lajeng nyukani kabar teng Dhik Wag, murih damel lamaran mawon dhateng sekolahan ingkang wonten salebeting Kitha Ngawi mawon. Kajawi boten tebih saking griya, ugi blanjanipun saged lumayan, saged ugi tikel ping tiga tinimbang blanja ing sekolahanipun Mas Sodik sing mapan teng ndhusun niku. Lha murih saged ketampi lan lancar anggenipun nglebetne lamaranipun Dhik Wag, mengke kula ingkang mbeta lan nglebetaken. Kula wantun tanggel menawi mesthi nek ketampinipun, mergi sedaya kepala sekolah ingkang majeng-majeng ing Ngawi mriki niku kanca kula. Kanca ingkang ering dhateng kula".

 

"Dados makaten nggih Gus?"

 

"Inggih Mak" wangsulane Munir "mila niki wau kula nggih gumun, menapa kajengipun Dhik Wag menika kok dumadakan sampun bidhal piyambak badhe nglebetaken lamaran.  Bares mawon Mak, kula kuwatos gek-gek mengke siyos anggenipun nglebetaken lamaran Dhik Wag dhateng sekolahan ndesa nggen mulangipun Mas Sodik niku?".

 

"Lha menawi babagan menika kula mboten mudheng Gus" mBok Sadikem wangsulan alon.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...