17.
Munir
ngira yen mBok Sadikem wis percaya marang kabeh apa sing dikandhakne. Mula
Munir banjur sansaya mempeng anggone arep ngecakne cara supaya simboke Waginem
kuwi sansaya kepencut marang critane, kanthi mangkono Munir duwe panemu nek
mengkone bakal ana sing bakal ngrewangi dheweke kanggo ngepek atine Waginem
sing saiki ana tandha-tandha lagi kapencut marang Sodik, sedulur misanane.
Kamangka jane ngono, olehe mBok Sadikem aweh wangsulan marang Munir kaya sing
diucapne mau mung merga kepengin gawe kepenaking atine sing ngajak omong. mBok
Sadikem panggah duwe kapitayan yen anake wedok wis cukup diwasa lan ngerti karo
apa sing ditindakne. Kajaba saka kuwi, mBok Sadikem sethithik-sethithik ya wis
ngerti sapa satemene Munir, sing ngakune nyambut gawe dadi lawyer kuwi.
"Panjenengan
napa sampun ngertos saestu sinten Mas Sodik, Mak?" Muir wiwit ngecakne aji
sapu regele kanggo nyaponi rasa senenge mBok Sadikem marang sedulur misanane.
"nGgih
ngertose pas Gus Sodik dolan mriki sepeken kepengker nika neh Gus?"
wangsulane mBok Sadikem panggah ngenaki rembug "tiyang Wag piyambak
criyose nggih dereng dangu anggenipun tepang, kepanggih turene nggih nembe ping
kalih".
"Mas
Sodik nika sedherek kula tunggil mBah Buyut, Mak" kandhane Munir sabanjure
eseme wiwit katon megar ing lambene "dados kula nggih sampun apal sanget
kalih Mas Sodik nika, apal njawi lan nglebetipun, tiyang wiwit alit ngantos
ageng kerep awor tunggil sapadolanan".
"Inggih
ta Gus?" mBok Sadikem waton wangsulan.
"Inggih
Mak" Munir nutugne olehe guneman "jane Mas Sodik nika tiyange pinter,
sregep lan pinter srawung, kalih sinten-sinten sae, namung kuciwanipun
nggadhahi sipat boten anteban".
"Boten
anteban pripun Gus?" mBok Sadikem wiwit nggatekne omongane Munir.
"Sipatipun
dhemennyar" wangsulane Munir maneh "dhemen menawi taksih anyar,
menika ing babagan menapa kemawon, inggih ing babagan padamelan menapa dene
babagan kekancan. Upami boten dhemenyar ngoten, jane Mas Sodik nika sak niki
mesthi empun dados tiyang sing mapan sanget, tiyang piyambakipun menika lulusan
luwar negeri, rumiyin nate mucal dhateng sekolahan ageng tur kondhang, nanging
gandheng boten anteban niku, nembe angsal setunggal tahun nggih empun boten
tlaten lajeng medal, pindhah dhateng papan sanes, nanging ing papan enggal niku
nggih boten dangu, medal malih. Ngoten niku wongsal-wangsul, ngantos sak niki
mucal teng sekolahan dhusun ingkang blanjanipun boten cekap kangge gesang
limrah".
"Nanging
ketingalipun Gus Sodik nika priyantune sabar ngoten lho Gus? Pas mriki kala
emben nika nitihe nggih mobil, ndhak mobil silihan neh?" mBok Sadikem
wiwit kegeret ing puseraning critane Munir.
"Oh,
nika ta Mak?" Munir mesem sansaya amba "pancen Mas Sodik nika putra
ragil saking sedherek kalih, mbakyune sampun emah-emah lan ndherek kakunge teng
Yogya mrika. Teng griya Mas Sodik kantun kalih Budhe Kaji, ibunipun. Sawargi
Pakdhe Kaji niku, nilari warisan ingkang kathah, tegal, sabin, raja kaya lan
sanes-sanesipun, dados nggih limrah mawon menawi Mas Sodik niku gesange sekeca.
Nanging, menawi namung njagakne tilaranipun tiyang sepuh lan boten dipun
ngrembakaken malah namung dipun agem nuruti remening manah, dangu-dangu warisan
menika rak inggih telas piyambak ta Mak?".
"Nggih,
leres niku Gus" mBok Sadikem mbenerne panemune Munir.
"Malah
sakniki nggih sampun ketingal kok" Munir mbacutne kartisampekane
"warisan saking Pak Dhe Kaji sawargi niku, sak niki sampun kathah
sudanipun, sabin ingkang waune pinten-pinten enggen, sak niki kantun setunggal
panggenan tur nggih sampun boten wiyar malih, kandhangipun Pak Dhe kaji niku
waune wonten tiga kebak raja kaya, setunggal kangge ngandhangne Lembu ingkang
cacahe langkung saking sedasa, ingkang setunggal kangge kandhang Maesa, wonten
menawi namung sewelas ngoten, lan setunggale kangge kandhang menda, cacahe
nggih kathah. Sak niki meh telas, kantun nisa lembu kalih napa tiga ngaten,
maesa blas boten nilas lan mendanipun kantun gangsal napa nem ngaten. Kamangka
kangge nyekapi kabetanan saben dinten pensiun jandha ingkang dipun tampi Budhe
Kaji niku nggih mpun turah-turah, tiyang sawargi Pakdhe Kaji niku rumiyin ing
kemenag pangkatipun sampun inggil".
"Makaten
nggih Gus?" mBok Sadikem sansaya kasengsem ngrungokne critane Munir.
"Inggih
Mak" wangsulane Munir disambung karo nutugne critane "Mas Sodik nika
wiwit cilik gesangipun sekeca Mak, boten nate ngraosaken rekaosing gesang kados
kula niki, betah napa-napa kantun aba. Benten kalih kula, sing wiwit bayi
diingu tiyang ingkang gesangipun pas-pasan, tiyang Bapak kula niku riyin namung
pegawe negeri ingkang pangkatipun andhap, gadhah sabin nggih boten wiyar, gek
yogane bapak kula niku kathah dados nggih gesange namung pas-pasan kemawon.
Kados kula niki, saged tumbas napa-napa nggih sasampunipun ageng, sampun saged pados
arta piyambak, niku mawon nggih direwangi meres kringet sarta gesang ngirit
ngantos mlirit ngoten nika, dados nggih tebih menawi dibandhingne kalih Mas
Sodik".
Sansaya
suwe sansaya akeh sing dirembug Munir karo mBok Sadikem, mligine sing magepokan
karo Sodik sing meneng-meneng maune wis mikat atine mBok Sadikem sing kepengin
ngepek mantu. Senajan bola-bali olehe padha rembugan diselani wong sing teka
tuku blanja neng warunge mBok Sadikem, nanging ora nyuda kasengseme mBok
Sadikem sing sansaya adoh kaseret ing ulekaning critane dhayohe.
Sauntara
kuwi, Waginem sing wis tekan Kantore SMA Al-Hasan Kedunggalar lagi ditemoni
dening Khoirul Anam, Kepala Tata Usaha ing sekolahan kuwi. Khoirul kuwi wonge
bagus tur alus, isih nom tur ya isih legan pisan. Lulus saka Fakutas Adab UIN
Surabaya telung tahun kepungkur banjur nglamar menyang SMA Al-Hasan sing ora
adoh saka omahe kuwi. Ndelalah ya banjur ketampa, malah bareng Pak Kepala lan
Para Pengurus Yayasan weruh nek Khoirul kuwi nyambut gawene becik, banjur
dipasrahi dadi KTU nggenteni KTU sing lawas sing wis sepuh sing banjur
didadekne sesepuh ing Kantor kono.
"Niki
lamaranipun mBak Waginem kula simpene rumiyin" kandhane Khoirul sawise
nampani berkas-berkas lamaran saka Waginem "amargi Pak Kepala nembe tindak
rapat kalih Yayasan ing dalemipun Pak Ketua Yayasan ing Ngawi mrika. Mangke
sawanci-wanci Pak Kepala rawuh kula aturaken dhateng panjenenganipun".
"Makaten
nggih Bapak?" Waginem wangsulan sopan.
"Inggih
mBak" kandhane Khoirul karo nglirik sing diajak omong, menang-meneng
Khoirul ya weruh nek wong sing nglebokne layang lamaran ing sekolahane kuwi
nduweni "daya tarik" sing kuwat. Kasarane rembug, miturut panemune
Khoirul, Waginem iki klebu kenya ayu sing arang tandhinge. Ayu alami ora ayu
pulasan kaya lumrahe kenya sing tau ditepungi ngana kae "mangke
sawanci-wanci wonten keputusan saking Pak Kepala Panjenengan kula kabari".
"Inggih
Bapak, matur nuwun sanget" wangsulane Waginem sing arep pamitan.
"Jane
saene lamarane didamel warni kalih mBak" Khoirul aweh rerigen marang
Waginem.
"Warni
kalih kados pundi Bapak?" Waginem takon.
"Ah,
sampun nimbali kula Bapak ta mBak, kersane boten kaken" Khoirul semnata
karo ngguyu renyah nuduhne ramahe "kula niki dereng tuwa lho, nami kula
Khoirul Anam, sanes Guru, dados mBak Waginem saged nimbali kula Pak Khoirul,
napa Mas Khoirul, napa Dhik Khoirul, ngaten langkung akrab. Menawi ditimbali
Bapak ngono kuwi rasane aku dadi grogi dhewe he he he".
"Oh,
nyuwun pangapunten Bap... eh, Mas Khoirul" Waginem semaur karo mesem.
"Nah,
ngono rak keprungu luwih kemraket" wangsulane Khoirul karo ngguyu
"karepku ki ngene, lamaran sing siji persis kaya sing njenengan asta iki
mau, ditujokne menyang Bapak Kepala Sekolah lha sing siji maneh ditujokne
menyang Bapak Ketua Yayasan Al-Hasan, sapa ngerti mengko mBak Waginem bisa
langsung ditampa dadi Guru Tetap Yayasan?!?".
Waginem
manthuk-manthuk, jroning atine ana rasa panuwun marang Pak Kepala Tata Usaha
sing wis aweh rerigen marang dheweke mangkono mau.
"Ngene
wae, mBak Waginem bisa ngasta surat lamaran siji maneh neng kene, mengko berkas
liyane rak bisa dipoto-kopi neng lor kono? Dadi ora sah ndadak kundur dhisik
menyang Ngawi, banjur tindak mrene maneh".
"Assalamu'alaikum"
durung nganti Waginem mangsuli pamrayogane Khoirul, keprungu ana wong uluk
salam. Wong loro sing lagi lungguh adhep-adhepan keletan meja ing ruang tamu
Kantor SMA Al-Azhar kuwi padha ndengengek bareng karo wangsulan :
"Alaikumussalam".
"Mas
Sodik......?" ora krasa Waginem nyebut jenenge sing lagi teka kuwi.
"Inggih"
wangsulane Sodik karo mesem lan nyedhaki papane sing lagi lungguh "sampun
dangu ta mBak niki wau?".
"Sampun
saantawis Mas" kandhane Waginem aweh wangsulan.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar