Total Tayangan Halaman

Kamis, 07 April 2022

SLENDHANG KUNING (018)

18.

Sodik nyalami Khoirul banjur melu lungguh neng kursi cedhake, Khoirul lagi ngerti yen jebul antarane Sodik karo Waginem sing lagi  teka nglebokne lamaran kuwi wis padha tepung. Nanging Khoirul ora mikir tekan ngendi-endi, merga ngerti nek Sodik kuwi pancen srawunge jembar tekan ngendi-endi. Khoirul dhewe nek karo Sodik kuwi uga klebu raket, lan Khoirul uga wis apal karo lagak, lagon sarta lageyane Sodik sing kondhang seneng tetulung marang sok sapa sing mbutuhake lan nek srawung ora mbedak-mbedakne pangkat utawa drajat, kabeh rinengkuh dadi sedulur sing becik.

 

"Pak Kepala ana Mas Khoirul?" Sodik takon "tulung panjenengan aturne nek aku arep sowan".

 

"Pak Kepala tindak, Pak" wangsulane  Khoirul "rapat kalih Yayasan teng Kantor Yayasan Ngawi".

 

"Lho wis budhal ta?" Sodik takon maneh "undhangane jam sewelas ki? Neng Kantor Ngawi sing cedhak daleme Pak Ketua, wong aku ya oleh undhangan?".

 

"Enggih, ngendikne wau kalih ajeng mampir teng Cabang Dinas Pendidikan riyin ngoten lho".

 

"Ooo ngono?" Sodik njengkerutne bathuke, banjur genti nakoni Waginem sing isih lungguh meneng neng papane "Lamarane sampun diasta ta mBak?"

 

"Sampun Mas, sampun kula aturaken Mas Khoirul" wangsulane Waginem "kalih Mas Khoirul kapurih ngrangkepi, kajawi dhateng Kepala Sekolah ugi dhateng Ketua Yayasan".

 

"Leres niku Pak" Khoirul amul rembug, mbenerne kandhane Waginem "angkah kula kersane langkung sae, awit ketingale kangge Mapel Bahasa niku mila taksih dibetahaken sanget, kajeng kula sinten ngertos nek mBak Waginem niki langsung diangkat dados Guru Tetap Yayasan rak langkung sae?".

 

"Apik kuwi Mas Khoirul" wangsulane Sodik "rak inggih saged dijangkepi teng mriki mawon ta mBak? timbang ndadak kundur rumiyin dhateng Ngawi?".

 

"Wau kalih Mas Khoirul inggih dipun dhawuhi makaten Mas" wangsulane Waginem.

 

"Pak Sodik mengke rak nggih rapat teng Yayasan ta?" Khoirul genti takon "napa lamarane mBak Waginem diasta pindhah? mengke dicaosne Pak Kepala pisan?".

 

"Ya ora ngono ta Mas" wangsulane Sodik "sing kagem Pak Kepala ya panjenengan tampa neng kene, mengko sing ngaturne Pak Kepala ya Panjenengan wae. Lha nek sing kagem Pak Ketua Yayasan, mengko ben diaturne mBak Waginem dhewe menyang Ustadz Mahfudzi, lha mranane bisa bareng karo aku, aku mengko tak matur pisan marang Pak Kepala karo Ustadz Mahfudzi".

 

"O nggih Pak menawi makaten" Khoirul aweh wangsulan marang Sodik, banjur dibacutne ngandhani Waginem "wis mBak mangga ndang diserat wae lamarane, berkas-berkase ben dipotokopekne Pak Waris ngiras golek materei pisan".

 

Sidane esuk kuwi Waginem bareng karo Sodik, numpak pit motor dhewe-dhewe, arep sowan Ustadz Mahfudzi neng Kantor Yayasan Al-Hasan sing manggon neng Ngawi. Khoirul rumangsa seneng bisa ngrewangi Waginem, kenya sing senajan lagi wae ditepungi, nanging wis ndudut rasa lan kawigatene. Khoirul babar pisan ora tau ngerti tulisan apa sing ana jero dhadhane Sodik lan Waginem, upama ngerti luwih dhisik kira-kira wae Khoirul ora gemampang anggone aweh pitulungan marang Waginem.

 

Satemene neng Yayasan Al-Hasan kuwi, Sodik duwe kalungguhan sing klebu baku, wong dening Dewan Pembina Sodik dipasrahi nglungguhi kursi Pengawas. Mula olehe mulang neng SMA, Sodik ya dudu Guru Tetap Yayasan, kuwi kanggo ngawekani supaya ora ana kalungguhan sing rangkep. Saupama wae wis ana tenaga guru sing bobote wis meh madhani Sodik, Sodik mesthi milih leren olehe mulang, merga nyambut gawe dadi Pengawas ing Yayasan kuwi miturut panemune ora pati cocog nek dirangkep karo dadi Guru ing sekolahan duweke Yayasane.

 

Tekane Sodik neng Kantor Yayasan sing dibarengi Waginem jebul dhisik dhewe, jeneh lagi jam setengah sewelas, dadi para Pengurus lan Undangan liyane ya durung ana sing padha teka, klebu Pak Kepala sing jare mau ndadak arep mampir neng kantor Cabang Dinas Pendidikan Provinsi Jawatimur sing manggon neng Ngawi.

 

"Mangga Mas Sodik" Pak Sunar sing kulina resik-resik kantor yayasan mbagekne tekane Sodik karo ngajak salaman "dereng sami rawuh kok, nembe Ustadz Mahfudzi piyambak".

 

"Ustadz Mahfudzi sampun rawuh Pak Sunar?" Sodik genti takon "kleresan nek ngoten, kula tak manggihi rumiyin".

 

"Mangga Mas Sodik" wangsulane Pak Sunar "nika priyantune nembe mirsani laptope nika".

 

Sodik aweh sasmita marang Waginem, dijak mlebu ngadhep Ketua Umum Yayasan Al-Hasan sing lagi ketungkul ngadhep laptop neng ruwangane. Waginem mung manut, semrinthil ngetutne Sodik, sajroning atine ana rasa sing rada dheg-dhegan sethithik.

 

Babar pisan ora ana sing ngira lan ora ana sing nyana yen jebule jagad kuwi ora pati jembar. Bareng wis tekan njero ruwangane Ketua Umum Yayasan Al-Hasan, Waginem dadi rada mlengak, jebul sing asmane Drs, KH. Mahfudzi, MA kuwi dheweke wis kulina srawung becik. Ya kuwi, Ustadz Mahfudzi kuwi salah siji saka Ustadz sing ngisi materi kajian rutin sing dianakne dening Muda-mudi Masjid Al-Khairiyah, lan Waginem neng grup Muda-mudi Masjid kuwi dhapuk dadi Sekretarise.

 

"Lha iki mau Dhik Sodik karo mBak Waginem kok bisa bareng?" pitakone Ustadz Mahfudzi ramah, sawuse wong telu kuwi lungguh sapajagong neng ruwangane.

 

"Lho Ustadz sampun tepang ta kalih mBak Waginem niki?" Sodik genti takon semu gumun "ande mau mBak Waginem kok ora paring dhawuh ?".

 

"Ya wis apal banget no Dhik" wangsulane Ustadz Mahfudzi karo mesem "lha wong sesasi pisan aku ki mesthi ngisi neng Majelis Taklime mbak Waginem neng Masjid Al-Khoiriyah Karangasri kana, mula bareng aku ngerti nek rawuhe panjenengan bareng karo mbak Waginem ya banjur tak dhengarekne".

 

"Lha kula boten ngertos menawi Ketua Umum Yayasan menika jebul Ustadz kula piyambak lho Ustadz" Waginem nrambul rembug karo mesem.

 

"O, dadi rawuhe mBak Waginem iki mau arep butuh ketemu karo Ketua Yayasan Al-Hasan? Ora merga nggawa tugas saka Majlis Taklim Muda-Mudi Masjid Al-Khoiriyah?" kandhane Ustadz Mahfudzi sabanjure, nakoni mungguh wigatine Waginem teka ing papan kuwi.

 

"Leres Ustadz" wangsulane Waginem, sing banjur disaut dening Sodik sing ngandhakne yen tekane kono kuwi mau, kajaba arep nekani undhangan rapat uga ngancani Waginem sing arep nglebokne lamaran menyang SMA Al-Hasan Kedunggalar.

 

"Nek ngono, iki kena diarani jeneng kepasang yogya ngana kae" kandhane Ustadz Mahfudzi sawise Sodik rampung olehe ngandhakne karepe "merga salah siji agenda rapat iki mengko ya arep ngrembug SMA sing Guru Mapel Bahasane kurang, merga Pak Tohari wis rumangsa sepuh, luwih-luwih sakjege gulane rada dhuwur iki sambat nek ora bisa aktif kaya dhek emben. Lan iki aku ya wis apal banget nek karo kapribadene mBak Waginem iki, dadi ya alhamdulillah tenan ngana kae".

 

"Inggih Alhamdulillah Ustadz" Sodik wangsulan cekak karo polatan sing katon seneng.

 

"Saiki ngene wae" kandhane Ustadz Mahfudzi sabanjure "berkas-berkas lamarane mBak Waginem bisa ditinggal neng kene, mengko tak jingglengane, mBak Waginem bisa kundur dhisik, ditengga neng dalem sawayah-wayah bakal ana sing ngebel ngaturi panggilan tes lan wawancara neng sekolahan".

 

"Inggih, matur nuwun Ustadz" wangsulane Waginem karo ati sing kebak pangarep-arep yen olehe nglebokne lamaran menyang SMA papan mulange Sodik, bakal bisa ketampa.

 

Sawise dianggep cukup butuhe, Waginem pamitan mulih dhisik, ora bisa mbarengi Sodik, merga Sodik isih ana perlu arep melu rapat yayasan neng kono.

 

"Nggih Mbak, mugi-mugi kemawon sedaya saged lumampah kanthi lancar" wangsulane Sodik nalika dipamiti Waginem.

 

Wektune wis jam sewelas, nanging sing ana ruwangan rapat isih akeh sing durung teka. Mula Ustadz Mahfudzi banjur ngajak Sodik jagongan dhisik neng ruwangane. Sodik ya kandha apa anane marang Ustadz Mahfudzi yen olehe tepung karo Waginem kuwi ya durung suwe. Malah olehe kepethuk lan omong-omongan ya lagi kaping telu dina iki mau. Ewa samono Sodik ya kandha bares, nek dheweke rumangsa seneng bisa tetepungan karo kenya sing duwe tekad sing gedhe kanggo bisa melu labuh marang bangsa lan negarane, lumantar kabisan sing diduweni.

 

"Nek aku, kaya sing tak kandhakne mau, wis suwe olehku tepung karo bocah sing jeneng Waginem kuwi Dhik" kandhane Ustadz Mahfudzi nanggapi critane Sodik "aku ya ngerti banget nek kapribadene bocah kuwi becik banget. Pinter, sregep, duwe wawasan sing jembar uga aktif neng jagade seni tradisional, Waginem kuwi ya nyambi dadi Waranggana lho Dhik? Ngerti waranggana ta? kae neh, wong-wong nek ngarani Sindhen utawa Pesindhen kae neh? Dadi nek enek Waranggana sing duwe suwara becik tur ya pinter ngaji, salah sijine ya mbak Waginem kuwi".

 

"Inggih Ustadz" wangsulane Sodik cekak.

 

"Iki upama lho" Ustadz Mahfudzi guneman maneh "upama srawunge Dhik Sodik karo mBak Waginem iki luwih diraketake maneh ngono, aku mesthi mathuk banget lan bakal nyengkuyung tenan. Merga Insya'allah bisa dadi pasangan sing serasi".

 

"Alah, Ustadz ki kok saged mawon lho?" Sodik wangsulan karo mbrabak "mBak Waginem napa nggih purun kalih jaka kaplak kados kula ngeten niki? he he he ?".

 

 

ana candhake.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...