Total Tayangan Halaman

Kamis, 07 April 2022

SLENDHANG KUNING (019)

19.

Lagi wae Sodik mlebu omah, hape sing diseleh neng tas cangklonge muni. Ana sing lagi telepon. Karo ngetokne hape saka tase, batine nggagas takon sapa sing telepon kuwi. Sawise diiling-ilingi sedhela banjur ditampa karo sajak seneng.

"Assalamu'alaikum, iya Yu piye kabare Ibu?" kandhane Sodik neng telepone, mangsuli panyeluke Ririen mBakyune, kanthi nakokne kabare ibune.

 

"Alaikumsalam" wangsulane Ririen lumantar telepone "alhamdulillah kabeh apik,  mau tak telepon bola-bali kok ora mbok angkat ki ana apa ta Dik?"

 

"Sepurane mBak, ora krungu wong hape tak selehne tas tak tinggal neng meja dadi aku gak ngerti, wong iki aku ya lagi mlebu omah, kas rapat Yayasan neng Ngawi" wangsulane Sodik ngandhakne nek ora ngerti makyune telepon.

 

"Ya wis nek mung ngono" kandhane Ririen lega "aku mau ki kober nggagas sing ora-ora lho?. Anu, arep takon.....".

 

"Takon bab apa Yu?" wangsulane Sodik karo mesem, batine rumangsa luput sing wis marahi mbakyune nguwatirake dheweke.

 

"Olehmu menyang Yogya ki suk kapan?" pitakone Ririen sabanjure "aku matur Ibu ki ngendikane Ibu kowe kuwi saiki dadi wong sing repot terus? Dhek emben matur nyang Ibu nek arep ngrampungne gaweyan sawah sing wayahe tandur, banjur jarene neng Sekolahan ana gaweyan sing kudu mbok rampungne, banjur dina iki mau jaremu rapat Yayasan. Sesuk ngapa maneh?".

 

"He he he, aja muring ngono kuwi ta Yu" wangsulane Sodik karo ngguyu "pancen ya lagi repot tenan kok, arep piye maneh? Tenan lho Yu, aku ki ora ngapusi lan saben bar maghrib aku rak ya telepon Ibu ngaturake apa sing wis tak tandangi neng omah".

 

"Iya, aku ya ngerti kuwi, aku mung takon olehmu bisa nyang Yogya ki suk kapan?" Ririen mbaleni pitakone.

 

"Sik Yu, suk Jum'at sore wae Yu" wangsulane Sodik "bar jum'atan tak terus budhal, aturna Ibu pisan nek olehku mapag nganggo grobag wae, wong nek numpak bus ki najan Patas ya wektune suwe".

 

"Iya, Ibu pancen dhawuh nek kowe didhawuhi nggawa kendharaan dhewe wae, ngendikane Ibu kowe didhawuhi leren neng Yogya telung dina apa patang dina ngono, ketoke Ibu ngersakne tindak-tindak neng Yogya kene ki".

 

"Tindak-tindak? menyang ngendi no Yu? kok kadhingaren temen, ibu ngersakne tindak-tindak barang?".

 

"Aku ya ora ngerti kok, wong kuwi mau mung kira-kiraku wae" wangsulane Ririen "kowe rak ya ngerti dhewe, Ibu ki neng dalem apa neng Yogya ya ngana kae, ora ana acara liya kajaba mung ngaji njingglengi Kitab Suci. Ya wis ngono wae dhisik ya?  Ning tenan, suk Jumuah aja nganti dibatalne, Assalamu'alaikum".

 

"Salam"

 

Sodik nglebokne hapene menyang sak klambine. Karo mlaku menyang kamare, pikirane nglambrang, nggagas karo apa sing dikandhakne mbakyune neng telpon mau. Ibune ngersakne tindak-tindak?. Ibune mesthi banjur dhawuh supaya didherekne menyang papan-papan wisata sing suwe ora tau diparani, mesthi bisa gawe sengseme ati tenan. Saora-orane bakal bisa nyegerake utek sing saben dina mung mikirne gaweyan wae iki. Ah, iba luwih senenging atine, saupama olehe ndherekne Ibune tindak-tindak mengkone kuwi ora mung ijen, utawa mung dikancani mBakyu lan Mase Ipe sarta ponakane? Nanging uga dikancani Waginem sing mau dikancani ngadhep Ustadz Mahfudzi?. Sodik mesem dhewe.

 

"Pikiranmu ki kok kaya pikirane bocah puber kapisan wae ta Dik-dik?" ana suwara sing cumengkling nyenggol temboking atine "gawe gambaran kok ngawur, genah mokal kowe bisa ngajak Waginem mlaku-mlaku karo ndherekne Ibu, wong Waginem kuwi dudu apa-apamu. Upamaa Waginem gelem mbok jak mlaku-mlaku, disawang wong ya kurang becik, wong dheweke kuwi genah nek dudu mahram-mu".

 

"Iya, ya?" batin sing sisih liyane semaur "mosok jaka kaplak arep pacaran kaya ABG genah saru dinulu ing akeh, ya mbesuk wae nek wis klakon Waginem tak wengku dadi sisihanku, tak jake mlaku-mlaku ngiras bulan madu".

 

"Piye? nek wis klakon mbok wengku?" batin sing sisihe semaur karo ngguyu "rumangsamu Waginem kae gelem ta karo kowe?, aja kegedhen rumangsan kowe Dik, aja nemen-nemen olehmu duwe panjangka bab kuwi, bisa-bisa kowe mengko ngetan bali ngulon, tiwas edan jebul gak klakon".

 

Sodik ngguyu dhewe. Banjur cucul klambi arep mangkat adus, wektune wis rada sore.

 

Sauntara kuwi, neng omahe karo nandangi gaweyane, Waginem alon-alonan rengeng-rengeng karo ati sing seneng. Mau neng kantore Ustadz Mahfudzi Waginem krungu dhewe nek olehe nglebokne lamaran menyang SMA Al-Hasan, mbarengi karo kahanane sekolahan kuwi mbutuhne Guru Mapel Bahasa sing jumbuh karo jurusan sing kecathet ana ijazahe. Waginem uga krungu yen Ustadz Mahfudzi ngendikakne yen wis apal karo kapribaden sing diduweni Waginem. Kanthi pawadan iki, mbok menawa wae bisa dadi dalan sing padhang bisa ketampane olehe nglebokne lamaran mau.

 

"Mbesuk nek klakon ketampa, bakal kerep kepethuk karo Mas Sodik neng sekolahan" suwara batine Waginem guneman dhewe. Waginem mesem.

 

"Nem, aku mau lali" dumadakan mBok Sadikem, simboke Waginem mara karo kandha.

 

"Lali, apa sing lali mBok?" Waginem semaur genti takon.

 

"Dhek esuk saungkurmu mau, kancamu sing jaremu Pengacara kae teka, nggoleki kowe" mBok Sadikem ngandhakne bab tekane Munir mau esuk.

 

"Mas Munir rene? arep ngapa jarene? lha Simbok mangsuli piye?" Waginem mbrondong pitakonan marang simboke.

 

"Iya, butuhe apa aku ya gak takon, aku ya kandha nek kowe menyang Kedunggalar arep nglebokne lamaran neng sekolahan kana, ngono" mBok Sadikem wangsulan.

 

"Wonge rak ya banjur bali ta mBok? ya wis neh, kapan-kapan nek kepethuk wonge rak ya crita dhewe" kandhane Waginem sabanjure.

 

"Nanging wonge mau ya rada suwe lho olehe leren neng warung kono" mBok Sadikem nyambung kandhane.

 

"Neng warunge Simbok? Ngajak crita apa karo Simbok?" Waginem takon.

 

"Wonge mau grenang-greneng, ora mudheng karo karepmu, jarene wonge wis nyaguhi nggolekne gaweyan kowe neng sekolahan sing cedhak-cedhak kene, sing blanjane klebu gedhe, lha kok kowe malah nglebokne lamaran menyang sekolahan ndesa, sing durung maju, muride sethithik lan blanjane mung sak-sake, apa merga kowe wis kepencut karo critane kancamu sing jenenge Sodik kae?" mBok Sadikem nekakne apa sing mau dikandhakne Munir marang dheweke.

 

"Mas Munir ngomong ngono kuwi?" Waginem takon maneh "banjur ngomong apa maneh mBok?".

 

"Ora, ya mung grenang-greneng ngono kuwi mau, karo ngomongi aku supaya ngandhani kowe supaya luwih ngati-ati" wangsulane mBok Sadikem kalem.

 

"Iya" Waginem wangsulan karo mesem "gajege saben arep nang ngendi-endi aku rak ya pamit simbok ta? Banjur Simbok ya meling supaya aku ngati-ati, rak ya ngono ta mBok?".

"Ora kuwi sing dikarepne ki" mBok Sadikem wangsulan arep nggenahne ukarane.

 

"Lha piye?"

 

"Ngene lho Nem" mBok Sadikem kandha alon-alon kanthi suwara sing sareh "mau ki Mas Munir kae kandha, jarene kowe kuwi bocah sing sregep, pinter tur sembarang kalir bisa, nanging isih polos, isih lugu. Ya merga isih polos lan lugu kuwi, nek ora ngati-ati gampang keglendheng dening wong culika, keblithuk dening manising wicara, kalimput dening alusing solah bawa, sing dicakne dening wong sing dhemen laku cidra".

 

"Iya mBok" Waginem wangsulan alon "aku bakal mbudidaya ngati-ati, ya pandongane Simbok wae sing tak jaluk, muga-muga aku kinayoman dening Gusti Allah temah ora kleru ngambah dalan sing ora bener merga nuruti pangajak lan pambujuke wong seneng laku cidra".

 

"Iya ndhuk"  kandhane mBok Sadikem sabanjure "saiki aku tak takon, wangsulana, sakjane ngono olehmu kekancan karo Sodik kae wis tekan ngendi ta? Kok olehmu nggugu kandhane ngluwihi petungan nalar sing lumrah, wis disaguhi nek arep digolekne panggonan mulang neng sekolahan sing maju dening Munir, kok malah kowe milih nggugu pangajake Sodik sing ngongkon nglebokne lamaran neng sekolahan ndesa sing durung bisa aweh blanja sing mingsra?".

 

Waginem unjal ambegan landhung, batine wiwit ngira nek tekane Munir mau esuk nalikane dheweke ora neng omah wis crita sing neka-neka marang simboke. Kuciwane, simboke wong tuwa sing lugu, sing cupet kawruh lan srawunge gampang wae ngandel lan percaya karo apa sing dikandhakne Munir, sing dhasare pancen Munir kuwi wong sing wasis ngolah ukara.

 

"Ngene ya mBok" Waginem aweh wangsulan marang simboke sawise rada sauntara meneng "nek Simbok mau ngandhani aku supaya ngati-ati, aja gampang kepilut tembung manis sing bisa uga metu saka lambene wong sing dhemen tumindak lamis, saiki tak kandhakne yen olehku milih nglebokne lamaran menyang sekolahan sing jarene Mas Munir sekolahan ndesa kuwi sarta ora nggugu marang pangrigene Mas Munir, jalarane ya merga aku nindakne pituture simbok supaya aku ngati-ati kuwi mau".

 

"Piye ta karepe tembungmu iki? Aku kok malih dadi bingung iki?" mBok Sadikem takon, rumangsa ora ngerti karo tembunge Waginem sing lagi wae dikandhakne.

 

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...