8
Olehe melu sembahyang jamaah maghrib neng masjid ketinggal sak rakaat, dadi ya banjur sing rakaat digenepi dhewe lan disambung karo sembahyang ngisak sing dijamak lan dikosor. Bubar kuwi ya banjur daya-daya mangkat bali menyang omahe mbakyune maneh. Sodik Salim selak kepengin ngaturake karepe marang Ibune yen sesuk Ibune arep didherekne kundur menyang Kedunggalar. Merga mung nganggo sarana kuwi, dheweke enggal bisa methuki Waginem, sing jarene Ustadz Mahfudzi kenya sing cocog lan pantes lamun didadekne sisihane. Nanging, Sodik Salim durung wani ngaturake panemune Ustadz Mahfudzi marang Ibune apa dene mBakyune, ora merga apa-apa, mung kanggo njagani nek nganti rasa tresna ing atine kuwi jebul ora keplok karo atine Waginem, nek nganti ketrucut dingerteni wong liya yen jebul dheweke kuwi ws nibakne rasa tresnane marang wong sing kleru, bisa ndadekne wirang sing angel ditambani.
tekan
omah ora bablas menyang kamare nanging malah nggoleki Ibune neng kamare, jebul
Bu Kaji isih njingglengi Kitab Suci, ngaji. Sodik mapan lungguh ora adoh saka
papane Bu Kaji maca Al-Qur'an, karo ngrungokne apa sing diwaca dening Ibune.
"Lho
kowe mau wis bali saka Masjid ta Dik?" Bu Kaji nutup kitabe, banjur ndangu
putrane sing lagi mlebu kamare kuwi.
"Nambe
mawon Bu" Sodik atur wangsulan "menawi taksih ngaos nggih ditetagne
rumiyin mawon Bu, Sodik tak mirengne".
"Wis
rampung kok" Bu Kaji paring wangsulan "Ibu ki nek maca kliwat rong
kebet ngono, neng mata banjur krasa kesel ngono lho, mula saiki Ibu milih nek
ngaji ki ya sethithik-sethithik watone ajeg, pendhal bar salat rong kebet ngono
sesasi bisa ngatamne sepisan".
"Inggih
Bu" Sodik wangsulan alon, sauntara Bu Kaji banjur nyelehne Kitabe menyang
dhuwur meja lan genti mapan lenggah njejeri putrane sing wuragil kuwi .
"Tak
ulatne kowe kok sajak arep matur marang Ibu? Ana apa?" Bu Kaji mundhut
pirsa marang Sodik.
"Inggih
Bu" Sodik wiwit nata ukara kanggo matur marang Ibune "Ibu napa boten
kangen kalih dalem Kedunggalar?".
"Ya
kangen no, genah neng kene wis meh sesasi ngono kok?" Bu Kaji paring
wangsulan banjur ditutugne nganggo pamundhutan pirsa "ana apa ta? Kok
kadhingaren kowe nakokne bab kuwi? Tiwas mau tak kira arep matur bab liya sing
wigati".
"Boten
kok Bu" Sodik mesem rada amba "wingenane pas kula badhe bidhal nika,
Lik Simpen ngudaraos piyambak nanging kepireng kuping kula, Ibu kok sampun
dangu wonten dalemipun Mas Kahar menika, ngaten".
"Pancen
ya bener sing dikandhakne Simpen kuwi" Bu Kaji ngendika maneh "Ibu ki
jane ya pirsa, nek kesuwen ninggalne omah Kedunggalar kuwi jane ya mesakne
Simpen, wong apa-apa kudu bisa mrantasi dhewe, beda nek Ibu neng omah ngana
kae, eneng apa-apa Simpen ki butuhe mung matur piye kersane Ibu".
"Lha
menapa benjing enjing mawon Ibu kula dherekaken kundur?" Sodik rumangsa
oleh dalan, olehe duwe karep ngajak ibune kundur sesuk, ora ndadak golek
pawadan sing klebu nalar.
"Pancen
mulih saka nglayat mau, Ibu wis rembugan karo mBakyumu nek sesuk ibu arep
kundur, karo mbakyumu ibu diaturi ndangu awakmu dhisik isih kesel apa ora ngono,
lha nek jebul awakmu ora kekeselen mulih sesuk esuk ya luwih becik"
ngendikane Bu Kaji sing nambahi rasa seneng ing atine Sodik.
"Inggih
Bu, lha Yu Rien niki wau kok boten ketingal napa medal ta Bu? Seta kalih Untara
nggih boten wonten ing griya?" Sodik Salim banjur nakokne mbakyune.
"Ponakanmu
si Seta karo Untara melu Ibune nyang nggone Restu, wong si Untara sesuk jare
arep melu tour Restu karo murid-muride nyang Taman Pintar lha Si Seta sing
dikongkon ngancani, jane mau mbakyumu ya kandha upama kowe melu pisan ngiras
momong ponakanmu loro kuwi ya luwih apik" Bu Kaji paring wangsulan lan
nggenahne lungane Ririen karo anak-anake.
"Yu
Rien ki kok ya ana-ana wae lho?" Sodik mesem rada amba "mau wis
sedina bareng karo Restu, mosok sesuk kon awor maneh, suwe-suwe pacare Restu
rak sujana , kula dikinten badhe remen kalih Restu?".
"Restu
kuwi durung duwe pacar ya?" Bu Kaji dhawuh ngandhakne statuse Restu
"padha karo kowe ngono kuwi, dadi ya arepa kowe saben dina bareng karo
dheweke ya ora bakalan ana sing arep sujana".
"O
ngaten nggih Bu?" Sodik ngguyu "ning benjing kula kalih Ibu rak badhe
kundur dhateng Kedunggalar? Dados nggih kersane Yu Rien piyambak ingkang momong
lare-lare tumut Restu".
"Iya,
upama ora pas mbarengi arep bali ngono kowe rak ya gelem ta saupama ngancani
Restu sing dititipi ponakan-ponakanmu kuwi?" Bu Kaji mundhut pirsa maneh.
"Lha
mesthi nek purun ta Bu?" wangsulane Sodik "tiyang momong ponakane
piyambak mosok nggih ajeng boten purun? duka nek malah Restu sing rumaos risi,
kuwatos menawi dipun kinten tiyang, antawisipun kula kalih piyambakipun wonten
napa-napane".
"Ya
mesthine ora kudu mangkono" Bu Kaji ngendikane alon suwarane mudhun
"genah wingi sedina bareng awakmu Restu ketoke ya senang-senenga wae ngono
kok?".
Sodik
Salim wis ora wangsulan maneh, sing cetha bengi kuwi atine wis ayem. Sesuk esuk
sida budhal mulih menyang Kedunggalar, nek perlu sesuk nek tekane omah isih
durung kesoren bisa nutugne laku menyang omahe Waginem, ora apel, nanging arep
menehi ucapan selamat. Karo mesam-mesem, Sodik banjur pamitan ibune arep bali
menyang kamare, pamite arep enggal mapan turu merga mau awan sedina ora
ngglethak babar pisan.
Bu
Kaji ya rumaos rena penggalihe, anake lanang ketara nek wis ora rumangsa sengit
cecedhakan karo bocah wadon maneh. Bu Kaji uga banjur nggagas yen isih ana
dalan sing jembar kanggo nggelak atine Sodik supaya ora suwe maneh gelem
saupama dijodhokne karo Restu. Nanging Bu Kaji ya milih ngecakne laku sabar lan
ora grusa-grusu kanggo nggiring atine Sodik murih gelem nglakoni kaya sing
dikersakne ibune kuwi. Sesuk-sesuk nek wis tekan Kedunggalar, Bu Kaji arep
ngecakne kaya apa sing wis dikandhakne marang Ririen mau awan.
Sauntara
kuwi, mbuh sapa sing ngabari jebul Munir wis krungu kabar yen Waginem wis
ketampa anggone nglamar dadi Guru neng SMA papane Sodik mulang. Dhudha sing
duwe rupa gantheng kuwi, atine wiwit krasa panas. Wis ora kurang-kurang olehe
Munir aweh tetimbangan marang Waginem lumantar mBok Sadikem, supaya Waginem
luwih becik murungake olehe kepengin dadi Guru neng sekolahan sing manggon neng
desa kuwi, kantho pawadan bisa nyuthel karire. Sarta aja nganti Waginem olehe
kekancan karo Sodik dadi sansaya raket, Munir wis gawe crita marang mBokne
Waginem yen Sodik kuwi alus lan baguse mung mandheg ing lahir wae, Sodik kuwi
ora duwe jiwa anteban, dhemen-nyar lan ora kulina urip kekurangan, apa-apa
sarwa kepengin kepenak nganti bandha warisan tinggalane bapakne meh entek ora
tumanja apa-apa. Nanging kanyatane, Waginem sajak ora nggugu apa sing dadi
pituture.
"Apa
kira-kira Waginem ora dikandhani simboke bab critaku ngenani Mas Sodik kae
ya?" Munir takon arang awake dhewe.
Nanging
durung nganti Munir oleh wangsulan karo apa sing ditakokne kuwi mau, dumadakan
Hape ne sing ana sak klambine nyuwara, aweh tandha yen ana pesen WhatsApp sing
mlebu. Karo rada anyel, Munir ngetokne hapene arep ndelok, sapa sing wis kirim
pesen marang dheweke.
Lambene
Munir sing mau mecucu, kedadak dadi mesem dadakan, jebul sing wis kirim pesen kuwi
mau jebul Siti Saropah, warandha sugih saka Jombang sing wis kedanan marang
kebagusane. Lan kanthi lelamisan Munir wis kandha yen dheweke uga wis ketaman
rasa tresna marang Warandha sing kekeceh bandha kuwi. Pamrihe kanthi mangkono
Siti Saropah bakal luwih bral-brol nguja kasenengane Munir. Kaya kang kacetha
ing pesen WhatssApp sing lagi mlebu iki mau. Siti Saropah kirim foto bukti
transferan menyang rekeninge Munir, ora akeh nanging wis gawe atine Munir krasa
seneng. Telung juta limang atus ewu rupiah.
"Matur
nuwun ya Yaaaank......." Munir mbalesi pesene Siti Saropah "muga-muga
usahane Mas bisa enggal kasembadan. Mas sayang dirimu....".
Bubar
kirim pesen, hape dipateni. perlune ora keganggu karo dening Siti Saropah, sing
padatane yen rampung kirim dhuwit banjur telepon ngajak ngobrol sing rada suwe.
Dina kuwi Munir ora kepengin diganggu Siti Saropah, Munir mung kepengin oleh
dalan kepriye carane bisa ngrebut atine Waginem, sanadyan ora kanggo selawase
waton Waginem wis gelem nampa katresnane najan mung sepasar bubar, Munir wis
bakal rumangsa seneng.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar