29.
Wis
telung dina Bu Kaji olehe neng daleme maneh, ya sanadyan sadurunge budhal neng
Yogya dhek emben kae Simpen wis diweling dhakik-dhakik apa-apa sing kudu
ditindakne sasuwene ditinggalo Bu Kaji tetirah neng Yogya, nanging panggah wae
isih akeh sing olehe ngecakne Simpen durung ngepasi karo apa sing dikersakne Bu
Kaji. Ya lumrah wae, jeneh sing ana pikirane Simpen beda adoh karo sing
dipenggalih dening Bu Kaji. Mula Bu Kaji ya banjur mbenerne-mbenerne gaweyan
sing wis ditindakne rewange kanthi sabar. Bu Kaji dhewe ya pirsa nek jejere
Simpen neng omah kuwi mung saderma rewang, dadi pikirane ora bisa yen dikongkon
padha plek, karo sing dikersakne Bu Kaji. Simpen dhewe ya ora gela utawa cuwa
nek asile nggone nyambut gawe isih durung nocogi sawutuhe karo kersane
bendarane.
Dina
kuwi dina selasa, ancerane Sodik nyambut gawe neng sawah dikancani Sampir.
Adhakane nek wis menyang sawah ngono kuwi, Sodik ya banjur betah ora bali-bali,
ana wae sing ditandangi sanadyan sawah ki nek wis rampung dirabuk sawise
suket-suket sing ngrusuhi thukuling tanduran pari diresiki ngono kuwi keneng
diarani wis ora ana gaweyan maneh. Nanging dhasar Sodik sing jarene wong-wong
kiwa tengene nek ngopeni tanduran ngungkuli ngopeni anak, mula ora kendhat
olehe ngubengi tandurane, ndelok-ndelok pojoking kedhokan yen nganti weruh ana
suket sing kliwatan durung kewatun mesthi banjur diparani, dibubut banjur
didelepne neng lendhuting kedhokan. Galengane sawah sing resik ora kethukulan
suket, dening Sodik, Sampir diprentah supaya galengan kuwi ditanduri kacang
lanjaran, mengko nek kacange wis wayahe ngundhuh sing dikongkon ngrambani ya
Simpen banjur didol menyang bakul sayur. Asil turahan kanggo nyukupi kabutuhan
sayur saben dinane, diparo dadi loro, sing separo diaturne Ibune kanggo
imbuh-imbuh dhuwit blanja, dene sing separo dipasrahne Simpen, jarene ben kena
dienggo nukokne jajan putu-putune. Wektu kuwi tandurane kacang durung nguwoh,
nanging nek ndelok kahanane tanduran sing mrambat ing lanjaran nuduhake yen
jroning wektu sing ora suwe maneh bakal ndadi lan woh-wohe.
"Niki
kleresan tenan Mas" kandhane Sampir karo nyedhaki Sodik sing isih ngadeg
neng tengah kedhokan ing sela-selane tanduran pari .
"Sing
kleresan apane Lik?" Sodik durung
mudheng karo sing dikarepne rewange.
"Niku
neh, kacange lanjaran" wangsulane Sampir nggenahne rembuge "sing kula
tanem niki rak wiji angsal kula tumbas teng Toko Bima kidul palang sepur nika,
thukulane sae lan cepet mrambate, sekdhap malih sungute mesthi ndadi".
"Ya
kebeneran ta Lik" Sodik wangsulan alon karo mentas saka kedhokan
"kenek dienggo nambahi kanggo mundhut blanja Ibu karo bisa nambahi sangune
putu-putumu".
"Boten
namung niku mawon lho Mas" Sampir nambahi rembuge "leres kados sing
Mas Sodik dhawuhne nika, ambak-ambak mung sak galeng nek diopeni tenanan nggih
saged ngedalne asil sing boten sekedhik, lha sing kula ngge numbasne pit putu
kula Novi nika dhuwit king pundi? wong nika nggih asil angsale nglempakne
mBokne yatra angsale dodolan kacang teng nggene mBak Sri Wahyuni, dhek gadhu
nika. Lha nek sing dicaosne Bu Kaji rak diklempakne lajeng disumbangne teng
Rumah Yatim, sing dikengken nyukakne sumbangan rak nggih kula? Wiwit tandur
gadhu ngantos panen nika sedaya setunggal yuta kalih atus lho Mas? Ngendikane
Bu Kaji, niku sedaya arta saking kacang galengan niki".
"Nek
ngono ya lumayan tenan ya Lik?" Sodik mesem nanggapi rembuge Sampir sing
ketok semangat kuwi.
"Enggih,
nanging dhek gadhu nika boten namung galengan thok sing ditanemi kacang, nanging
cengkrikan kalih kedhok tulakan nika nggih kula tanemi kacang, nek rendhengan
niki kula tanemi pantun" .
"Oh,
iya Lik, aku arep ndang balik iki" Sodik guneman bab liya "arep
nandangi gaweyan sing klendran pas tak tinggal nyang Yogya wingenane kae".
"Oh,
nggih Mas" wangsulane Sampir "kula tak wangsul mengke mawon, ajeng
nutugne nambahi lanjaran kersane mengke nek ndadi tenan boten ambruk".
Sodik
wis ora semaur maneh, kasengsem anggone reresik tangan lan sikile sing gupak
endhut, diresiki nganggo banyu kalenan sing mili saka sumur sawah sing uripe
migunakne setrum listrik PLN.
Pancen
dina kuwi Sodik kepengin banget bisa ketemu karo Ustadz Mahfudzi neng daleme.
Sodik kepengin ngerti luwih akeh critane Waginem saka Ustadz Mahfudzi, Ketua
Yayasan sing nadyan yuswane wis sepuh nanging isih energik lan ora tau leren
nggone berjuang kanggo kabecikane umat menungsa tanpa mbedak-bedakne menungsa
siji lan sijine. Mula sawise saka sawah, bubar adus, Sodik ya banjur pamitan
ibune nek arep sowan Ustadz Mahfudzi nyang Ngawi.
Dipamiti
nek arep sowan Ustadz Mahfudzi, penggalihe Bu Kaji dadi sansaya karenan. Amarga
Bu Kaji ya pirsa nek Ustadz Mahfudzi kuwi wiwit timur wis akeh labuh labete
marang bebrayan ing ngendi-endi, Biyen jaman timure Ustadz Mahfudzi kuwi ya
akrab karo sawargi Pak Kaji Ali, kajaba padha-padha olehe ngabdi ing Kementerian
Agama Ngawi, Ustadz Mahfudzi kuwi kagungan garapan ndakwahi para nom-noman sing
ana Kedunggalar. Ya merga saking kauletane Ustadz Mahfudzi, bocah-bocah nom sing
maune ora ana sing njawa sembahyang malih dadi padha sregep menyang Masjid,
sing maune seneng tukaran lan mabuk-mabukan malih dadi padha dadi aktivis
Karang Taruna. Nom-noman sing seneng tukaran dijak nyalurne bakate ing dalan
sing bener sarana mlebu pakumpulan Bela Diri. Ana sing dijak latihan neng
Pagurone Ustadz Mahfudzi dhewe, ya iku Persaudaraan Setia Hati Terate sing
pusate Madiun, lan ing Kedunggalar ya wis ana Rantinge, malah Ketua Rantinge wektu
iku ya Ustadz Mahfudzi dhewe. Nanging ya ora sithik nom-noman binaane Ustadz
Mahfudzi kuwi sing milih mlebu ing Pakumpulan Bela Dhiri liyane, ana sing melu
Tapak Suci sing dipimpin Ustadz Muhtarom, kabeneran Ustadz Muhtarom kuwi wiwit
sekolah kerep tunggal sapondhokan karo Ustadz Mahfudzi. Ana uga sing banjur
melu latihan ing Pakumpulan Silat Cempaka Putih, sing pangarsane ing
Kedunggalar diasta dening Pak Yata Guru SMP. Ya merga saka asil binaane Ustadz
Mahfudzi sing tanpa pamrih gebyaring kadonyan kuwi, ndadekne kabecikan sing
bisa dirasakne wong akeh. Ambak-ambak neng Kedunggalar ki akeh paguron silat
sing genderane beda-beda, nanging ora tau keprungu anane cecongkrahan antarane
paguron siji lan sijine, kabeh padha rukun lan padha nuduhne kamulyaning jiwane
dhewe-dhewe.
Mula
bareng Bu Kaji pirsa nek Sodik kuwi ora tau pedhot olehe sesambungan karo
Ustadz Mahfudzi, Bu Kaji mundhak sansaya renan penggalihe. Malah tau sawijining
dina, Bu Kaji thukul gagasan kepengin nyuwun tulung marang Ustadz Mahfudzi
supaya ngandhani Sodik murih Sodik enggal gelem mungkasi nggone urip mbujang
ngono kuwi. Nanging durung nganti pepenginan kuwi dikandhakne malah kedhisikan
Ririen nemokne srana sing katone uga becik.
Kaya
padatan yen lelungan ijen sing ora adoh, Sodik Salim luwih seneng numpak pit
motore tinimbang nggunakne mobile. Mula sawise matur pamitan marang ibune,
Sodik ya banjur nggelak pit montore tumuju Ngawi. Mau pas Sodik telpon, Ustadz
Mahfudzi kandha nek ora neng daleme, nanging lagi neng Kantor Yayasan, nunggoni
wong-wong sing lagi tumandang ngecet temboke kantor karo pager ngarep sarta
gapura regole Kantor Yayasan.
"Upama
panjenengan pirsa ngono mesthi sansaya gedheg-gedheg eram krungu
wangsulan-wangsulane Waginem pas diwawancarai wingenenane kae Dhik" lagi
wae Sodik mapan lungguh Ustadz Mahfudzi wis nyritakne lakuning wawancarane
Waginem wingenane "dhasare sing mamancarani Ustadzah Laila dadi ya
keprungu nyenengake, kaluwihan sing diduweni Waginem jan bisa sansaya katon
cethane".
"Inggih
ta?" Sodik wangsulan karo mesem "nggih sokur alhamdulillah menawi
makaten Ustadz, sekolahane piyambak saged pikantuk tambahan tenaga ingkang sae lan mBak Waginem saged
pikantuk papan kangge ngabdi ingkang pas kalihan kasagedanipun".
"Bener
kuwi" Ustadz Mahfudzi nutugne olehe ngendikan "upama wong jejodhowan
ngono antarane SMA ne dhewe karo Waginem kuwi, jan wis jodho tenan ngana
kae".
"Inggih
Tadz"
"Kuwi
nek diupamakne wong jejodhowan" Ustadz Mahfudzi ngendika maneh "saiki
upama jejodhowane ditambahi, ora mung antarane Sekolahane dhewe karo Waginem,
nanging ditambahi antarane Dhik Sodik Salim karo Waginem ngono piye? Dhik Sodik
mathuk apa gak? Merga ketoke antarane Dhik Sodik karo Waginem kuwi jan wis
jumbuh tenan. Ya priyayine, ya kapinterane sarta jiwa-jiwa pengabdiane marang
masyarakat luwas. Piye Dhik?".
"Nyuwun
pangapunten nggih Tadz" Sodik wangsulan karo rada ngempet rasa isine
"estunipun, sowan kula mriki niki wau nggih badhe matur bab menika,
jalaran bares kemawon estunipun kula inggih sampun kepencut kalih mBak Waginem.
Nanging kula badhe njajagi manahipun mBak Waginem menika ingkang radi pekewet,
kinten-kinten sampun gadhah calon menapa dereng? kinten-kinten purun kalih kula
menapa boten? niku ingkang ngganggu raosing manah kula Ustadz".
Ustadz
Mahfudzi mesem amba. Ngatonake menawa lagi karenan sajroning penggalihe.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar