30.
Pancen
satemene senajan dudu apa-apane, mung tepung lumrah wae, nanging menang-meneng
wiwit ngerti kaluwihan-kaluwihan sing diduweni Waginem, Ustadz Mahfudzi banjur
tuwuh gagasan utawa pase pepenginan supaya Waginem ing mbesuke bisa oleh jodho
wong sing becik, sokur wong sing pinter lan sugih tur ya sing nduweni jiwa
pejuang. Kanthi mangkono, Waginem ora bakal mandheg olehe sregep berjuang
kanggo kabecikane wong akeh, merga diendheg dening kakunge. Suwe Ustadz Mahfudzi
milang-miling, nanging durung nemokne wong sing miturut panemune cocog upama
digathukne karo Waginem. Mula bareng Ustadz Mahfudzi pirsa Sodik Salim teka
bareng karo Waginem menyang kantore dhek emben kae, pepenginan sing maune wis
meh kasirep deni ng kahanan kuwi bali tuwuh maneh. Luwih sansaya
makantar-kantar penggalihe Ustadz Mahfudzi, bareng Sodik Salim ngucapake
mungguh apa isining atine gegayutan karo sawuse tepung lan Waginem.
"Ngene
wae Dhik" Ustadz Mahfudzi wiwit ngendika ngati-ati "Dhik Sodik Salim
iki ra percaya ta upama aku duwe niyat arep mbantu?".
"Kliwat
saking pitados Tadz" wangsulane Sodik manteb "saestu kula
sakalangkung matur nuwun menawi Ustadz kepareng badhe paring pambiyantu dhateng
kula ing babagan menika".
"Sajroning
wektu kang ora suwe, aku arep nyoba nyedhaki Waginem lan wong tuwane, aku tak
golek sisik melik, bocah kae wis duwe pacangan apa durung, kaping pindho upama
durung arep tak takoni wong lanang modhel piye sing digadhang-gadhang bisa dadi
jodhone, nek wis ana wangsulan Dhik Sodik katut ing nominasine, lagi arep tak
takokne piye upama Waginem dijodhokne karo Dhik Sodik, Waginem lan wong tuwane
mathuk apa ora. Nek pancen wonge mathuk, aku ya arep kandha nek lagi arep
nakoni panjenengan, dadi olehku nemoni Waginem lan wong tuwane kuwi mau, merga
karepku dhewe ora merga dikongkon Dhik Sodik. Piye upama mangkono Dhik?"
Ustadz Mahfudzi njaluk panemune Sodik sawuse rampung olehe nggenahne apa sing
arep ditindakne.
"Inggih
Ustadz" Sodik wangsulan seneng "kula sakalangkung mathuk sanget
menika".
"Ora
mung kuwi, Dhik Sodik" Ustadz Mahfudzi nutugtne olehe ngendika
"Saupama mengko Waginem lan wong tuwane bisa nampa Dhik Sodik minangka
dadi jodhone, lan iki aku duwe keyakinan nek akeh ketampane tinimbang orane,
olehku genti ngandhani Dhik Sodik ora mung marang Dhik Sodik dhewe, nanging aku
kepengin olehku crita ing ngarsane Bu Kaji, Bu Kaji kudu tak aturi kahanane
Waginem lan wong tuwane sawutuhe dadi mengkone kuwi bisa padhang ing ngarep lan
ing mburine".
"Inggih
Tadz, kula ugi sarujuk sanget kalih kersanipun Ustadz makaten menika kala wau,
awit badhea kados menapa, boten badhe pisan-pisan kula wantun nyingkur dhateng
Ibu".
Sansaya
suwe olehe rembugan wong loro kuwi dadi sansaya gayeng lan gumyak merga sing
dirembug jebul ora mung perkarane Waginem karo Sodik Salim thok, nanging
mbrentek tekan ngendi-endi. Sing akeh ya banjur ngrembug bab Pesantren lan
Sekolahan sing dadi amal usahane Yayasan Al-Hasan, kepiye murih luwih bisa
migunani tumrap masyarakat. Dina kuwi Sodik Salim neng Kantor Yayasan Al-Hasan
nganti sore, bali tekan omah maneh srengengene wis meh surup.
Pas
Maghrib, Munir wis macak nggantheng banget. Mobil Inova olehe ngrental neng
nggone Bu Carik Wardi, wis cemawis neng ngarep omahe wong tuwane. Bengi kuwi
Munir duwe karep nemoni mBok Sadikem. Merga Munir ngerti lan wis apal karo
sipate Waginem, sing wis nganggep nek wong tuwane sing sanadyan mung wong
lumrah, nanging jarene Waginem kena diparibasakne Gusti Allah sing ketok.
Waginem ora bakal wani ndaga apa sing dadi karepe simboke. Mula tinimbang
kangelan nyedhaki Waginem, sing rumangsane Munir gampang dicedhaki nanging angel disenggol. Lan mengko nek mBok Sadikem
wis bisa nampa dheweke dadi calon mantune, lagi Munir arep ngecakne cara
kepriye murih Sadikem bisa meksa anake wedok sing ragil kuwi supaya gelem
dirabekne karo pihane wong tuwane. Petunge Munir, Waginem suwe-suwe bakal
pasrah klawan kanyatan sing diadhepi, lan bakal manut miturut dadi bojone,
nanging saupama ora, ya ora apa-apa, arepa rabi oleh sepasar banjur buyar, oleh
seminggu banjur mlayu, kuwi ora dadi masalah, sing baku nadyan mung sedhela
Munir wis tau klakon nguwasani jiwa lan ragane Waginem.
Lan
kanggo nelukne atine mBok Sadikem, kuwi ora angel babar pisan. mBok Sadikem
kudu ngerti Munir kuwi sanajan anake wong pas-pasan, nanging nyatane bisa luwih
adoh nggone jumangkah, saiki uripe wis sarwa cukup lan ora bakal kekurangan
sandhang pangan papan lan liya-liyane. Sing ora kalah bakune, mBok Sadikem uga
kudu meruhi dhewe, Munir kuwi wong lanang sing ber budi, blaba adoh saka
tembung cethil, luwih-luwih nek kanggo bojo utawa wong tuwane. Lan kanggo kuwi
kabeh, nek dhompete Munir wis dicawisne. Dhuwit kiriman saka Siti Saropah sing
olehe nembung arep kanggo nambahi bangunan kantore, sing telung yuta setengah
wis ditampa, lan paling suwe rong dina
maneh sing nem setengah jarene Saropah wis bisa disusulne. Lan sing diarani
Kantore kuwi manggone ya mung neng angen-angene Munir dhewe. Ngaku nek
pagaweyane dadi Lawyer sing saben dina migunakne tenaga lan pikirane kanggo
mbudidaya murih jejeging kukum, kuwi olehe praktek dadi Pengacara ya mung ana
lamunane dhewe, mula saben ngadhepi perkara mesthi menange. Nanging ya kuwi
menang sajroning kayalan. Munir babar pisan ora duwe rasa wedi yen olehe
ngapusi wong wadon sing tresnane marang dheweke gedhene ora karuwan kuwi bisa
nuwuhake dosa sing gedhe, sing mbuh kapan wektune bakal ana walese saka Gusti
Allah. Munir babar pisan ora wedi, malah
Munir rumangsa seneng atine, wis bisa gawe Siti Saropah sarwa nggugu lan mituhu
karo kabeh sing diprentahne.
"Salahe
dhewe" greneng atine Munir nalika ana suwara sing mlebu ing atine, aweh
peling yen laku sing ditindakne marang Saropah sing gandrung marang dheweke
kuwi laku sing ora bener, nanging peling mau panggah isih bisa dikalahne,
kanthi nyalahne Saropah sing wis akeh olehe ngetokne bandhane "aku ra ora
meksa? salahe dhewe kono gelem menehi?, upama dheweke maune ora tawa-tawa ya
mokal aku wani nembung?".
Ora
ngenteni wong-wong sing sembahyang maghrib rampung, Munir wis nggelak mobile
arep nemoni mBok Sadikem, wong tuwane Waginem. Kabeneran iki mengko malem Rebo,
adate nek malem Rebo ngene ikiwiwit bar maghrib nganti tekian jam sanga bengi,
Prasaja Laras nganakne Gladhen Ajeg lan Waginem sing wektu iki dadi mascote
para Waranggana, sawuse rampung olehe Kuliah ora tau mbolos, ajeg melu gladhen.
Dadi mengko olehe arep ngrimuk lan nggendhing mBok Sadikem ketoke bakal luwih
gampang maneh. Nek Waginem ana omah, sok bisa wae, durung nganti olehe Munir
nancepake rembug ing atine mBok Sadikem kenceng, kesusu dimentahi dening
Waginem. Nanging nek Waginem ora ana,
Munir bakal luwih gampang mantebake atine mBok Sadikem supaya nggugu karo apa
sing diwarahne, lan nek wis mancep neng dhasaring ati, adhakane angel diowahi.
Lan Waginem ora bakal kuwawa ngowahi panemune wong tuwane sing wis kadhung
dadi. Kadhung dadi merga saka pangrimuk lan panggosoke Munir sing arep dicakne
wengi iki.
Tekan
sawetane prapatan Kartonyono, Munir minggirne mobil sing disetiri. Dheweke
butuh ngiseni wetenge sing wis krasa luwe. Jane mau neng omah, dening Ibune ya
wis dicawisi sega komplit salawuhe. Nanging gandheng dina iki mau dhompete
Munir kebak isine, sega lan lawuh sing dicawisne Ibune babar pisan ora narik
kawigatene, malah banjur tuwuh pangucap maido marang panganan sing dicawisne
merga kesurung rasa tresnane wong tuwa marang anak-anake kuwi, kanthi pawadan
mboseni, saben dina mung ngono kuwi. Munir menggok warung Lonthong, Sate Ayam
Kampung sing larise ora karuwan. Sing padha tuku padha sabar olehe antri,
pancen warunge Cak Nardi ki saben dina ya ngono kuwi. Karo ngenteni olehe
pesen, Munir mapan lungguh karo pesen ngombe luwih dhisik. Mau olehe pesen,
Lonthong Sate telung porsi, sing rong porsi dibungkus. Sing saporsi dipangan
ana kono. Sing rong porsi kuwi arep dienggo oleh-oleh kanggo mBok Sadikem lan
Waginem.
Leren
neng warunge Cak Nardi Sate Ayam wetan prapatan Kartanyana kira-kira setengah
jam, Munir banjur nerusne laku arep menyang omahe mBok Sadikem, kanthi
pangarep-arep muga-muga lumantar mBok Sadikem, Waginem bisa klakon gelem
masrahne rasa tresnane marang dheweke. Nanging bareng lakune Munir tekan ngarep
omahe mBok Sadikem, dhudha bagus sing seneng rada royal kuwi , atine dadi
mangu-mangu. Lawang omahe mBok Sadikem dibukak amba, lampu sing neng ruwang
tamu ketok padhang. Sajake ing omah kono lagi katekan tamu, ketitik saka anane
Mobil Pajero Sport sing diparkir ora adoh karo panggonan olehe mandheg. Munir
dadi mandheg mangu, sida mudhun saka mobil apa ora?. atine tidha-tidha.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar