27.
Sauntara
kuwi, sing lagi bali saka anggone Takziyah, sadalan-dalan blas ora leren olehe
padha omomg-omongan. Ana- ana wae sing
padha dirembug, nek wiwitan mau ajeg sing miwiti rembugan mesthi Ririen,
suwe-suwe Restu utawa Bu Kaji uga bisa gawe dadakan ukara sing banjur dadi
bahan omongan sing gayeng. Malah pisan pindho Sodik uga bisa sing gawe jalaran.
Ora arang, antarane Sodik karo Restu banjur padha tukar kawruh neka-neka, sing
ketara nek cocok lan gumyak, sok-sok wae Ririen utawa Bu Kaji Ali sing nyelani
rembug muruh sansaya regenge anggone padha omong-omongan.
Sanadyan
durung ana sing kober nyenggol perkara pribadi, nanging Ririen sing pagaweyane
mulang Ilmu Komunikasi kuwi wis wiwit bisa maca, yen Restu wiwit ana rasa
sengsem marang Sodik. Mung rada kuciwane Sodik malah sing kewaca dening Ririen
isih durung ana tandha-tandha gelem migatekne kenya ayu sing lungguh neng
sisihe kuwi. Tembung-tembung sing metu saka Sodik marang Restu isih krasa nek
tembunge wong srawung sing lumrah, ya ngajeni ya nyenengake nanging ya keprungu
kaya nek Sodik lagi rembugan karo wong liyane sing wis suwe ditepungi ngana
kae.
Mula
bareng wis tekan omah, nalika Bu Kaji kepengin enggal-enggal ngerti kepriye
mungguh tanggapane Ririen sawuse sedina meruhi adhine cecaketan karo Restu,
Ririen malah matur alus :
"Mangke
utawi benjing kemawon Bu kula tak matur ingkang langkung cetha, ingkang baken
ketingalipun sampun wonten tandha-tandha bilih anggenipun Ibu mbudidaya kangge
kasaenanipun Sodik badhe wonten asilipun".
"Nek
saka rumangsaku pancen ya mangkono nDhuk" wangsulane Bu Kaji karo
ngendikakne sing dadi panemune "mung emane, adhimu kuwi isih katon nek
atos lan kaku, durung ana tandha-tandha ana rasa sengsem sing asipat pribadi
marang Restu, kamangka nek nurut panyawangku Restu katon nek wis ana rasa
sengsem marang Sodik".
"Mila
makaten Bu" Ririen guneman maneh "nanging saged ugi, anggenipun Sodik
kethukulan raos sengsem dhateng Restu menika mangke menawi sampun santun
dinten, saged ugi ngantos sepeken napa seminggu nembe manahipun Sodik wonten
ewah-ewahan, kawiwitan kemutan nalika sesarengan kalih Restu kala wau, sanaosa
ing mriku wonten kula lan Ibu".
"Ya
muga-muga wae mangkono nDhuk" wangsulane Bu Kaji alon, nanging banjur
disambung maneh karo tembung sing sajak tenanan "eh, piye nek Sodik ndang
tak jake bali menyang Kedunggalar wae? Lan sajroning wektu sepasar iki tak
pancinge embug kareben bisa kelingan ,marang Restu, nek ngono kepriye mungguh
panemumu nDhuk? Niyatku sing kaya ngono kuwi mau, kok nek tak nalar-nalar karo
tak cocogne karo wulangane guruku Pak Ngaliatmaji sing mucang Pelajaran Ilmu
Jiwa jaman Kelas Papat PGA kok rada mathuk?".
"Kula
kinten makaten inggih langkung sae Bu" atur wangsulane Ririen karo mesem,
Ririen kelingan nek Ibune kuwi biyen sekolahe mung tekan PGA patang tahun ora
nerusne menyang kelas lima, merga kepencut kepengin mlebu pondhok modhel
tradisional utawa Pondhok Salaf. Nanging olehe neng Pondhok ya ora suwe, merga
banjur dirabekne karo Pak Ali sing wis ngasta neng Kementerian Agama Ngawi.
"Mengko
ngene, aku tak nggiring adhimu lan jejibahanmu genti nggiring Restu"
ngendikane Bu Kaji sabanjure "mung wae, njagani nek ana ora cocoge
kanyatan, aja kesusu Restu mbok kandhani nek arep mbok jodhokne karo adhimu. Nanging
sing baku wis ana dudutan sing bisa digugu nek Restu saupama diarepne dening si
Sodik Salim ora bakal mbalekne rembug".
"Inggih
Bu" Ririen wangsulan cekak, karo neng jero batine aweh pangalembana marang
Ibune sing akeh rerigene lan gedhe kawicaksanane.
Nalika
Ibu lan mBakyune isih katrem ngrembug nasibe, Sodik Salim malah mapan ngglethak
neng kamare, nglurusne balunge. Karepe ngono Sodik Salim kepengin bisa leren
nadyan mung sedhela. Mau olehe Sembahyang luhur karo ngasar wis dijamak kosor
neng Panggang, dadi saiki Sodik kepengin bisa ngliyepake mripate sanadyan mung
sedhela, jalaran mau bengi sasat meh sawengi mung bisa ngolang-aling,
ngelah-ngelih guling, nanging ora bisa turu.
Nanging
pranyata, maneh-maneh nalar lan pikirane Sodik Salim ora gelem dijak nyambut
gawe bareng karo atine. Nalare ngongkon Sodik enggal bisa ngliyep, nanging
atine tansah takon lan njaluk wangsulan, sing wangsulane kaya apa Sodik durung
ngerti. Ya iku kepiye critane Waginem sawuse dina iki nindakne test lan
wawancara . Kasik ditampa ora? Sodik cetha nek durung ngerti.
Alon-alon
hape ne dicandhak, ketang kepengine critane Waginem piye, Sodik arep nelpon
Waginem, nanging banjur diwurungne. Sodik nyata yen durung siap saupama krungu
kabar sing ora jumbuh karo sing dikarepake. Kajaba saka kuwi, Sodik uga kuwatir
yen Waginem dadi sansaya nelangsa nampa telepune merga mbarengi olehe wawancara
jebul ora entuk gawe.
"Njajal
telpun Ustadz Mahfudzi, panjenengane rak mesthi pirsa?" batine kongkonan
awake dhewe.
"Karepmu
dhewe wae" pitakone diwangsuli dhewe" genah nek aran degsura nek aku
wani telepon Ustadz Mahfudzi mung arep
nyuwun pirsa nasibe Waginem. Malah bisa uga aku mengko konangan, nek satemene
ati iki wis kethukulan rasa seneng marang kenya ayu sing nglebokne lamaran neng
SMA kuwi".
Hapene
banjur bali diselehne neng meja cedhak amben sing dienggo ngglethak. Mripate diremne, pikirane diumbar ngumbara
dhewe. Dumadakan hapene malah muni banter, suwara sing nuduhake yen ana telepon
mlebu menyang hapene. Karo rada dheg-dhegan, mikir sing ora-ora Hapene
dicandhak, diiling-ilingi sapa sing nelpon dheweke kuwi? Ustadz Mahfudzi?.
"Assalamu'alaikum
Ustadz" Sodik ngangkat telepone.
"Wa'alaikumussalam
warahmatullah" karo suwara sing nuduhake yen lagi gembira ustadz Mahfudzi
aweh wangsulan "saiki Dhik Sodik isih Takziyah apa wis tekan daleme Mas
Dokter? Apa isih ana dalan?".
"Alhamdulillah,
sampun dumugi Yogya Ustadz, badhe wonten dhawuh?" Sodik Salim genti
wangsulan semune nyadhong dhawuh.
"Ya
Sokur nek wis neng Yogya maneh, anu arep ngaturi pirsa wae kok" Ustadz
Mahfudzi ngendika maneh.
"Inggih?
Wonten kabar menapa Ustadz?" Sodik genti takon.
"Kabar
bab Waginem sing lagi wae rampung olehe nglakoni test lan wawancara"
Ustadz Mahfudzi paring wangsulan.
"Inggih?
Kados pundi Ustadz? mBak Waginem saged lancar menapa boten? Saged dipun tampi
menapa gagal Ustadz?" ora krasa Sodik keseret rasane dhewe, olehe takon
ketara nek kesusu, suwarane groyok, ana rasa was lan pangarep-arep sing carub
dadi siji.
"Iya
Panjenengan ki nek mundhut pirsa mbok sing rada sabar sethithik?" Ustadz
mahfudzi paring wangsulan karo ngguyu rada dawa "merga sanajan Panjenenga
kuwi lahire nyelaki, nanging minangka wong tuwa sing wis tau dadi enom aku ya
ngerti, panjenengan ki mambu ati karo Santriku sing jeneng Waginem kae".
"He
he he" Sodik wangsulan karo ngguyu "Inggih kadospundi wartisipun
Tadz?".
"Alhamdulillah,
kabeh mlaku lancar" Ustadz Mahfudzi paring wangsulan "jebul sing
kapencut karo kapinterane Waginem kuwi dudu aku dhewe, malah Ustadzah Laila wis
luwih dhisik pirsa, nek Waginem kuwi duwe dhasar bocah sing sregep, temen,
disiplin lan pinter, merga Waginem kuwi jaman SMA tau dadi siswane Ustadzah
Laila, wektu kuwi Ustadzah Laila isih jejer dadi Guru Agama, durung dadi
pengawas kaya saiki kuwi.........".
"Alhamdulillah"
Sodik Salim nigas rembug "dados dipun tampi nggih Ustadz?".
"Ya
genah ditampa no Dhik" wangsulane Ustadz Mahfudzi karo ngguyu "wong
ana kader sing kaya ngono apike mosok arep ditulak? wong pantesa ngono upama
dikongkon Yayasan sing nglamar, aku ya gelem kok nek kon budhal. Ben kaya jaman
Dhik Sodik sepisanan m;lebu SMA kae".
Rasane
Sodik dadi ayem, marem lan seneng mlumpuk dadi siji. Ngerti nek Waginem wis
bisa ketampa neng sekolahane, ndadekne atine sansaya notol, selak kepengin
kepethuk lan aweh ucapan selamat marang wanita sing wis ngisi telenging atine
kuwi. Karo nyelehne hapene neng meja, Sodik njupuk rokok sak ler, digawa mlaku
metu, dheweke arep ngrokok neng teras mburi, ben ora konangan mbakyune.
Karo
kedhal-kedhul nglaras peganing rokoke, Sodik Salim sing lungguhe ndhenggleg
sendhen kursi kuwi, nggagas mengko bengi arep matur Ibune lan kandha marang
mBakyune, sesuk Ibune arep didherekne bali menyang Kedunggalar dhisik.
Kapan-kapan wae mrene maneh.
Kegawa
saka atine sing ayem, ora krasa katempuh sumiliring angin sing miwiti wektu
sore, ndadekne Sodik keturon, sirahe sumendhe neng kursine. Nglilir-nglilir
bareng keprungu suwara adzan maghrib saka masjid ora adoh saka omahe mbakyune
kuwi. Sodik tangi banjur daya-daya menyang kamar mandhi arep reresik lan sesuci
dhiri.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar