26.
Ngerti
Waginem wis teka lan katon olehe lungguh sajak ora pati jenjem, merga sing oleh
jejibahan nguji lan ngajak wawancara Waginem durung teka, Khoirul tanggap ing
sasmita. Kepala TU sing isih legan kuwikepengin nuduhake yen dheweke kuwi klebu
wong sing duwe kawigaten marang Waginem sing dhek emben wis ditulungi nata
berkas lamaran sing dikirim kanggo Yayasan.
Khoirul rumangsa duwe kewajiban aweh semangat marang kenya ayu sing
nglamar dadi guru kuwi. Alon-alon Khoirul nyedhak, banjur lungguh neng
dhingklik sing ana sacedhak dhingklik sing dilungguhi Wagtinem.
"Budhal
saka omah mau jam pira mBak?" pitakone Khoirul kanggo mbukani rembug
"Undhangane rak jam loro ta?".
"Inggih
Mas" wangsulane Waginem karo mesem "wau mantun sembahyang luhur
lajeng bidhal, pikir kula tinimbang kasep langkung prayogi menawi ngentosi Mas,
tiang nggih boten ngertos sambikalane margi".
"Bener
kuwi mBak" Khoirul guneman maneh "ya ngenteni sauntara karo leren,
saiki lagi jam siji luwih sepuluh, ya pantes nek Ustadzah Laila dereng
rawuh".
"Ustadzah
Laila Mas?" Waginem takon.
"Iya,
sing entuk jejibahan ing wawancarane panjenengan iki mengko Ustadzah Laila,
daleme ya Ngawi. Panjenengan apa durung tepung?" Khoirul wangsulan karo
mbalik genti takon.
"Dereng
Mas" wangsulane Waginem "mesthinipun Ngawi kutha nggih? Nek kula rak
Ngawi pinggiran".
"Iya,
daleme Ustadzah Laila kuwi Jalan Raden Saleh cedhak apotik kana kae lho"
Saka
omong-omongan sing ana gegandhengane karo wawancara kuwi banju mekar tekan
ngendi-endi. Khoirul karo Waginem banjur rembugan akeh-akeh. Khoirul nyritakne
kahanane Sekolahan papane nyambut gawe kuwi, sanajan umure durung genep limang
tahun, nanging katon wis wiwit ngrembaka. Pamulangane ora kalah yen ditandhing
karo sekolahan-sekolahan negeri sing wis maju. Malah Khoirul wani ngarani nek
masa depane Sekolahan sing ngayom ing sangisore Yayasan pesantren Modern
Al-Hasan kuwi temen-temen padhang.
Kajaba nyritakne guru-guru lan karyawan sing melu nyengkuyung adeg lan
lakune SMA kuwi, Khoirul uga nyritakne awake dhewe sing klebu wis manteb olehe
ngabdi ing sekolahan kuwi, ora bakal tolah-toleh golek panggonan liya kanggo
pencokan sabanjure. Semono uga guru-guru sing umure isih nom-noman, racak-racak
wis ora mikir golek gaweyan liya maneh, merga wis padha ngrumangsani kajaba
sansaya suwe cara kanggo mlebu dadi ASN kuwi sansaya angel, ing Sekolahan kono
blanja sing ditampa minangka leliru olehe wis padha melu ngabdi lan nyengkuyung
lakuning KBM uga wis ora kalah adoh karo pengasilane PNS. Pancen olehe crita
Khoirul kuwi ora digawe-gawe, nanging crita apa anane lan Waginem sansaya
kasengsem kepengin enggal bisa melu ngabdi ing sekolahan sing ngayom marang
Yayasan sing dipercaya ngolah bandha wakaf rupa sawah pirang-pirang hektar lan bandha-bandha
liyane kuwi.
"Inggih
mugi-mugi mawon kula mengke saged lolos lan ketampi wonten mriki Mas
Khoirul" kandhane Waginem nanggapi critane Khoirul "dados kajawi
saged pados pagesangan ing mriki, kula ugi saged ndherek ngabdi tumut nggesangi
sekolahan menika".
"Ya
mBak muga-muga" kandhane Khoirul sabanjure "aku percaya sampean
mengko akeh ketampane mBak, merga aku wingi ya matur marang Pak Kepala lan
Ustadzah Laila ngenani kahanane panjenengan sing rumangsaku sarwa becik kuwi
lan adate nek aku sing matur, iya Pak Kepala iya liyane padha akeh percayane
lan banjur didadekne salah sijine bahan pertimbangan".
"Inggih
Mas Khoirul, matur nuwun sanget lho" wangsulane Waginem sing uga wiwit
ngerti apa sing dadi karepe Khoirul. Miturut Waginem, mbuh sethithik mbuh akeh
kanthi kandha mangkono iku, Khoirul duwe pangajap supaya Waginem ngrumangsani
nek Khoirul wis aweh pambiyantu marang dheweke ing babagan iki. Satemene oraa
dikandhakne Waginem ya wis ngrumangsani nek wis oleh pambiyantu saka wong-wong
SMA Al-Hasan kuwi, klebu saka Khoirul lan uga saka Sodik Salim. Kelingan Sodik
Salim Waginem dadi mesem dhewekan, sanajan umur-umurane ketoke sapantarab karo Khoirul, nanging Sodik Salim
kawaca bisa katon yen luwih diwasa. Waginem ngerti dhewe, sanadyan Sodik Salim
olehe ngaku marang dheweke mung GTT sing ora duwe kuwasa apa-apa bab
kawicaksanan sing ana ing sekolahane, nanging kanyatane nalika Sodik ngeterne
dheweke nemoni Pak Ketua Yayasan kae, katon banget nek Sodik Salim kuwi nduweni
kawibawan sing ora baen-baen, ketitik Ustadz Mahfudzi sing jejer minangka Ketua
Yayasan, banget olehe katon ngajeni marang Sodik Salim.
Jam
loro luwih limang menit, test lan wawancara kanggo Waginem diwiwiti, manggon
neng ruwangan mligi kanggo nganakne acara ngonoi kuwi. Waginem didhepne ing
ngarepe wong lima sing lungguhe mubeng, ing sisih kiwa, ngarepe lan sisih
kanane. Sauntara kuwi ing mburine Waginem rada adoh, Ustadz Mahfudzi karo wong
siji maneh lungguh kursi ngulati lan ngrungokne lumakune test lan wawancara
"ala Al-Hasan" kuwi.
Mbaka
siji wong lima kuwi wiwit aweh pitakonan sing wajib diwangsuli dening Waginem,
wiwit wawasan kebangsaan, keagamaan lan liya-liyane. Kabeh bisa diwangsuli
kanthi becik lan lancar dening Waginem. Bareng kabeh wis padha takon, kajaba
sing ana tengah ya iku Ustadzah, lan wong papat kuwi padha nuduhne marang
Ustadzah Laila sing dhapuk dadi pimpinan yen Waginem wis oleh biji sing becik
adoh ing sadhuwure biji rata-rata, Ustadzah Laila genti wiwit ngendika, arep
aweh pitakonan marang Waginem.
"mBak
Waginem S-1 ne saka STKIP Ngawi ya?" Ustadzah Laila wiwit takon.
"Leres
Us" wangsulane Waginem tatag.
"Lha
biyen SMA ne ngendi?" Ustadzah Laila takon maneh.
"SMA
Pancasila Ngawi Us" Waginem wangsulan maneh "ingkang tahun menika
ketingalipun sampun badhe tutup".
Pancen
ing Ngawi tau ana SMA swasta sing klebu apik, nanging bareng karo tumibane
mangsa kala lan sansaya majuning kahanan SMA Pancasila wiwit kekurangan murid
sing wekasane tahun iki klakon ditutup ora nampa siswa maneh, sisa-sisane siswa
banjur dititipne ing sekolahan liyane nganti lulus.
"mBak
Waginem kelingan sapa Guru Agama ing SMA Pancasila sing mulang Panjenengan?"
Ustadzah Laila nutugne pitakone.
Waginem
rada nggragap oleh pitakonan mangkono kuwi, awit ambak-ambak Waginem kuwi tetep
ora arep nglalekne guru-gurune sing wis aweh kapinteran marang dheweke wiwit
saka SD nganti tekan lulus S-1, nanging sing ora kepetung prioritas kuwi ya
guru-gurune nalika ana SMA biyen. Mula
oleh pitakonan mangkono kuwi mau, Waginem rada nggragap rumangsa oleh isyarah
yen dheweke wis tumindak ora pas, merga rada ora migatekne guru-gurune jaman
neng SMA. Nganti sauntara Waginem ora semaur.
"Karo
Gurune dhewe mosok panjenengan supe mbak Waginem? Apa dumeh mung Guru Agama
banjur ora tau mampir ing pangeling-eling?" Ustadzah Laila ngambali
pitakone.
"Nyuwun
pangapunten Us" grawalan Waginem semaur "boten makaten, ingkang
paring piwucal babagan Agami nalika kula sekolah ing SMA Pancasila rumiyin
inggih menika Ibu Dra,Hj. Lailatul Hasanah, M.Ag.".
Karo
nyebut asmane Gurune kuwi, Waginem ndengengek wani nyawang pasuryane sing
ngajak wawancara, Ustadzah Laila. Waginem lagi mudheng, jebul Ustadzah Laila
sing jejer dadi Wakil Ketua Yayasan Al-Hasan kuwi jebul Bu Lailatul Guru
Agamane. Mau Waginem ora pati nggagas asmane Ustadzah Laila, merga jeneng kuwi
ora pati ditepungi ing angen-angene, nanging bareng Waginem krungu suwarane lan
asmane digathuk-gathukne, Waginem lagi krasa yen jebul Laila kuwi ya padha karo
Lailatul, Ustadzah Laila kuwi padha karo Bu Lailatul.
"Upama
Panjenengan saiki kepethuk karo Guru Agama kuwi Panjenengan pangling apa ora
mBak Waginem?" Ustadzah Laila nutugne olehe aweh pitakonan.
"Insya'allah
boten Us" wangsulane Waginem karo mesem sithik.
"Ya
wis, mengko wae nek acara wawancara wis rampung aku kepengin ngrembug Guru
Agama Panjenengan kuwi bisa ta?" Ustadzah Laila takon karo mesem.
"Inggih
Us, sendika"
Sabanjure
ora suwe olehe wawancara, Waginem dinyatakne nek wis lulus kanthi becik, kanthi
mangkono ateges anggone nglebokne lamaran menyang SMA Al-Hasan ditampa. Sawuse
sepisan maneh dituduhi bab rekasane dadi Guru neng sekolahan sing lagi
berkembang kuwi lan Waginem panggah ing niyate tetep kepengin ngabdi ing
sekolahan kono, mangka dina iku uga bakal diterbitne SK penetapan marang
Waginem sing diangkat dadi Guru Yayasan.
Ustadz
mahfidzi lan kancane sing mau lungguh rada adoh banjur nyedhak, aweh ucapan selamat
marang Waginem banjur ditutne para sing mau aweh pitakonan uga padha aweh
ucapan sing padha. Banjur ditutugne jagongan sing mirunggan, Ustadz Mahfudzi
nggenahne yen Waginem kuwi kena diarani santrine dhewe, merga dheweke
Sekretaris ing Majlis Taklim sing salah siji sing dadi Ustadze ya Ustadz Mahfudzi
dhewe.
"Nanging
aku kalah karo Ustadzah Laila" Ustadz Mahfudzi mungkasi critane "lan
aku lagi dadi eling, nek mBak Waginem sing bisa dadi sregep, sholihah, pinter
lan trampil trengginas iki merga saka piwulange Ustadzah Laila jaman tugas neng
SMA Pancasila biyen, maune tak kira merga saka ceramah-ceramahku he he he
he".
"Alhamdulillah
Ustadz" Ustadzah Laila aweh wangsulan "samangke insya'allah mBak
Waginem sampun dados kulwarga Yayasan, inggih kanthi menika kula pitados bilih
ing tembe wingkingipun SMA Al-Hasan menika badhe sansaya kuncara".
"Aamiin"
kabeh sing ana kono klebu Waginem padha ngamini.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar