Total Tayangan Halaman

Rabu, 13 April 2022

SLENDHANG KUNING (025)


25.

Jebul wektu kanggo nyarekne layon ing Panggang rada beda karo sing lumaku neng Yogya. Ing Panggang nyarekne layon ora kaiket wektu kaya neng Yogya sing wancine nyarekne layon kurang luwih mesthi jam loro awan. Nek neng Panggang wektune njumbuhake karo gaweyan ing kuburan, yen omah sing arep dienggoni layon wis dadi ya layon banjur dibudhalake.

 

Kira-kira jam sepuluh awan, Ibune Bu Hasanah wis dibudhalake saka wisma dhuhkita, ora nganggo mobil wong kuburane cedhak, watara mung rong atus meter saka omah. Sing padha ndherekne tekan pasareyan akeh banget, ya ora nggumunake wong jaman sugenge Eyange Restu kuwi garwane Penghulu ing Gunung Kidul lan kabare Sawargi Pak Penghulu kuwi ya isih trahing Kusuma Rembesing madu saka kraton Ngayogyakarta. Lan sing ora kalah kondhange, Maratuwane Pak Jayadi kuwi kakung putri duwe pakulinan srawung sing becik karo tangga teparo lan sanak sedulure kabeh.

 

Jebul tradisi ing kampung kono kuwi rada beda karo panggonan liyane, sing dikeparengake ndherekne layon nganti tekan pekarangane pasareyan mung priyayi kakung thok, priyayi putri, sanadyan isih putra wayahe mung dikeparengake ndherekne tekan plawangan pasareyan, banjur ngenteni upacara pemakaman neng njabane pakarangan pasareyan. Saking akehe sing padha ndherekne layon, akeh wong lanang sing ora melu mlebu, milih leren neng njabane pekarangan pasareyan, golek panggonan sing rada adhem banjur padha lungguh ngenteni rampunge upacara. Sodik sing uga ngrumangsani nek mung olehe nglayat merga kegandheng karo mBakyune sing dadi kanca lan tanggane Bu Hasanah, uga banjur milih ora melu mlebu pekaranganing Pasareyan. Olehe mangkono kuwi mau, Sodik kepengin supaya para putra wayah lan kerabate sing seda ora keganggu merga dheweke.

 

Bu Hasanah, Restu lan para kerabate layon sing olehe ndherekne mung dikeparengake tekan plawangan pasareyan, banjur padha mlumpuk golek panggonan neng cedhake kono, ana sing ngadeg ana sing lungguh, kabeh padha anteng nyemak lakuning upacara pemakaman saka kadohan. Bu Kaji lan Ririen uga banjur melu-melu lungguh ing cedhake putra wayah lan kerabate layon neng ngisore wit Munggur sing ngrembuyung godhonge, wit munggur sing thukul ing pekarangan pasareyan nanging pang lan godhonge akeh sing manglung menjaba, ndadekne ratan cedhak pasareyan kuwi dadi adhem kayoman.

 

Merga dudu kerabat, anane Bu Kaji karo Ririen neng kono kuwi tan wurung dadi kawigatene para sedulur lan sanakane Bu Hasanah. Merga ya padha durung ana sing padha tepung. Ngawruhi kahanan kang mangkono kuwi, Bu Hasanah rumangsa ketiban kuwajiban nepungake tamu saka Yogya kuwi marang sedulur-sedulur lan kerabate.

 

"Ditepungne Bulik" kandhane Bu Hasanah marang sawijining wong wadon sing lungguh ing cedhake, wong liyane sing ora diajak guneman kabeh padha melu migatekake "iki Bu Kaji Ali lan iki Putrane asmane Bu Ririen utawa Bu Dokter Kahar, daleme tunggal sak RT karo omahku neng Jatitubanan kana".

 

Sing diundang Bu Hasanah nganggo sebutan Bulik kuwi, mesem karo manthuk marang Bu Kaji lan Ririen, karo kandha :

 

"Matur nuwun awit rawuhipun Bu Kaji, pun tepangaken kula Sumirah, inggih taksih kapernah pulunanipun sawargi Budhe Pengulu menika".

 

"Inggih matur nuwun" Bu Kaji sing aweh wangsulan karo mesem ramah, Ririen manthuk seneng.

 

"Estunipun wiwit enjing wau kula sampun sumerep, boten nyana menawi priyantun saking Yogya dados kula nggih mendel mawon" kandhane Sumirah sabanjure "kala wau saking Yogya jam pinten? gajege taksih enjing sampun rawuh? gek wau nitih menapa no?".

 

"Saking Yogya taksih radi enjing Bu, wau dipun teraken adhik" sing wangsulan genti Ririen, sing banjur kandha marang Restu sing manggon ana sisihe "tulung Dhik Restu, Masmu Sodik kae timbalana mrene ben tepung karo sedulur-sedulur Panggang kene".

 

Bu Kaji karo Bu Hasanah sing uga ngerti nek Ririen kongkonan Restu ngono kuwi padha ngempet eseme dhewe-dhewe, mung ing batin padha ngalembana marang kawegigane Ririen olehe migunakake kalodhangan kanggo nglancarne pepenginane. Restu dhewe ya ora bisa suwala, banjur mlaku nyedhaki Sodik sing lungguh ijen ing dhumpal watu tatanan wadhah cagak gendera.

 

"Menika lho Bu adhik kula ingkang kula aturaken wau, naminipun Sodik Salim" kandhane Ririen marang Sumirah nepungake adhine "wau saking Yogya mila taksih radi enjing, tiyang sareng kalih Dhik Restu".

 

"Oo, makaten?" Sumirah wangsulan banjur karo mripate namatne praupane Sodik wong kuwi guneman maneh karo suwara sing grapyak semanak "kula niki nggih taksih mBokne Cilik Restu Mas, mangke sampun kesesa kundur rumiyin,  kersane saged panggih kalih sedherek-sedherek kulawarganipun Budhe Pengulu".

 

Krungu gunemane wong sing jeneng Sumirah ngono kuwi, Sodik mung bisa wangsulan karo mesem amba wae. Sauntara Restu sing rada rumangsa pekewuh karo gunemane Sumirah sing isih kapernah Bulike kuwi, mung bisa ndhingkluk karo praupan rada mbrabak. Kuwatir yen nganti Sodik dadi salah tampa karo tembunge Sumirah. Beda maneh karo Bu Hasanah karo Bu Kaji, priyayi loro kuwi sepisan maneh aweh pangalembana sajroning batin marang Ririen sing wasis gawe raket antarane Sodik karo Restu.

 

"Matur nuwun sanget Bu" sing aweh wangsulan marang Sumirah malah Ririen "kula lan Ibu estu remen kok saged sowan ing Panggang mriki niki, upami ing griya boten repot ngaten estunipun kula kepengin ngajak adhik kula niki nyipeng mriki, nggih mangke supados radi dangu teng mriki, kula tak wangsul radi sonten kemawon".

 

"Inggih matur nuwun Bu" wangsulane Sumirah karo mesem seneng. Wong-wong liyane kerabate Bu Penghulu sing disarekne kuwi wis padha duwe dudutan dhewe-dhewe yen antarane Bu Hasanah karo Bu Dokter Kahar kuwi ora mung tetanggan lumrah, nanging tangga sing cedhak lahir lan batine, merga antarane Restu lan Sodik kuwi katone uga ora mung kekancan lumrah wae.

 

"Mengko Dhik Restu piye? kundur nyang Yogya apa keri neng daleme Eyang dhisik?" genti Ririen nakoni Restu. Restu sajak kewuhan olehe arep semaur.

 

"Restu mila kula kengken wangsul Bu Ririen" sing mangsuli malah Bu Hasanah "kula kalih bapake ingkang kantun. Awit Restu benjing menika rak gadhah tanggelan kalih lare-lare TK ingkang sampun disagahi badhe dipun ajak dhateng Taman Pintar?".

 

Ora krasa ditinggal omong-omongan, wong-wong sing nggawekne omahe sing jan sing dienggoni layon wis rampung. Sing padha omong-omongan banjur meneng kabeh, nyemak lakune upacara wiwit atur panuwun saka wakiling kulawarga sing disalirani dening Pak Dhukuh nganti sing pungkasan ditutup donga sing dipimpin Pak Kaum. Lan bareng upacara pametaking layon wis rampung, wong-wong ya banjur padha bali menyang omahe dhewe-dhewe. Kajaba kulawarga cedhake sawargi sing mbalik menyang daleme Bu Penghulu. Njagani mbok menawa ana sanak sedulur sing olehe takziyah rada telat.

 

Tenan, sidane rombongane Bu Kaji sing mobile disetiri Sodik, ora tumuli bali menyang Yogya. Nanging merlokne mandheg dhisik ing kono, melu jagongan kumpul karo putra wayah lan kerabate sawargi Bu Penghulu sing mlumpuk, padha lungguhan ing jogan sing digelari klasa.

 

Pak Jayadi sing uga melu lungguhan neng kono sepisan maneh nepungake Bu Kaji, Ririen lan Sodik marang kulawargane Bu Hasanah. Sanajan olehe kandha Pak Jayadi ya apa anane, lire Bu Kaji  kuwi daleme Ngawi, tindak menyang Yogya merga tuwi wayahe didherekne Sodik, putrane. Lan ndelalah daleme Bu Ririen utawa Bu Dokter Kahar putrane Bu Kaji kuwi tunggal sak RT karo dheweke, mula Bu Ririen karo Bu Kaji ya banjur takziyah mrono sing nyetiri Sodik, budhale bareng karo Restu. Nanging panampane wong-wong sing ana kono beda, wong-wong kuwi luwih percaya karo dudutane dhewe-dhewe yen Sodik kuwi calone Restu, mung kaceke durung ana tembung tuwa utawa lamaran wae, dadi Pak Jayadi dianggep isih pekewuh yen nepungne Sodik kuwi calon mantune.

 

Watara Jam loro luwih lima las menit, rombongane Bu Kaji pamitan arep bali menyang Yogya. Restu sing sing sesuk arep ngeterne anak-anake ing TK rekreasi menyang Taman Pintar uga banjur melu bareng pisan. Dadi ya kaya budhale mau. Bu Kaji lan Ririen manggon ing jog tengah, Restu lungguh ngarep njejeri Sodik sing nyekel setir.

 

"Sodik kuwi sampean jak omong Dhik Restu" kandhane Ririen aweh prentah "merga Sodik kuwi nek nyetir wayah awan ngene iki kerep ngantuk, nek ora sampean jak omong mengko bisa-bisa turu karo nyetir".

 

"Yu Rien ki kok, ngono wae diomongne lho?" sadurunge Restu semaur, Sodik luwih dhisik sing nyaut kandhane Ririen "Ora-ora nek aku mengko ngantuk, wong termosku wis tak iseni nganggo kopi pas leren esuk mau, nek ngantuk ya kari ngombe wae he he he".

 

Sauntara Sodik lungguh dijejeri Restu, sing ana SMA Al-Hasan seje maneh critane. Waginem krasa dheg-dhegan ngenteni acara wawancara diwiwiti. Pikirane nglangut, nggambarake, mendah senenge saupama wektu kuwi dheweke ditunggoni Mas Sodik. Priya lugu sing andhap asor lan nengsemake atine............

 

ana candhake.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...