24.
Sanadyan
nganti wengi Sodik ora bisa turu, nanging sadurunge adzan subuh wis tangi.
Pancen wis wiwit biyen Sodik kuwi duwe pakulinan sadurunge manjing wektu subuh
mesthi wis adus gebyur. Dadi esuk kuwi nalika masjid sacedhake omahe dokter
Kahar kuwi ngumandhangake adzan subuh, Sodik ya daya-daya budhal arep nindakne
kuwajiban marang Gusti Allah sing tumrape Sodik wis dudu kuwajiban maneh
nanging wis manjing dadi kabutuhaning urip sing ora bisa ditinggalne.
Mulih
saka Masjid, weruh Ibu lan mbakyune padha tata-tata, Sodik ya banjur mlebu
kamar nyopot sarunge, salin penganggo sing arep dienggo lunga esuk kuwi. Ririen
ngulungne kunci mobile marang adhine, Sodik wis tanggap mobil ya banjur
dipanasi.
Esuk
kuwi, isih peteng wong telu wis padha sarapan, sing mungguhe Bu Kaji dudu
sarapan nanging mung saderma nyamikan wae. Merga ngendikane Bu Kaji sing jeneng
sarapan kuwi ya kudu nganggo sega. Lha esuk kuwi sing diladekne rewange Ririen
mung Susu sagelas karo endhog pitik loro ditambah roti tawar.
"Mengke
menawi ngersakne dhahar sekul saged mampir wande mawon Bu" kandhane Ririen
karo nyedhaki sarapane "niki damel ampet-ampet rumiyin".
"Upama
ora ndadak nganggo mapir warung ya ora apa-apa kok" Bu Kaji paring wangsulan
"wong ya wis kulina ora sarapan wae, aku ki mung omong nek durung mangan
sega kuwi rumangsaku kok kaya durung sarapan".
"Ning
mengke kedah mampir wande Bu" Sodik sing genti guneman karo mesem
"kula rak putrane Ibu?, dados nggih meh sami".
"Meh
padha apane Dik?" Ririen takon.
"Esuk
kuwi nek durung nyruput kopi pait sing panas, ya kaya durung ngombe wae"
wangsulane Sodik "lha iki arep tak kon nggawekne kopi, aku malah kuwatir
nek dadi kembung wong wis ngombe susu sak gelas gedhe ngene?".
"Ya
wis, mengko mampir ngopi neng ndalan" karo suwara sing sareh Ririen
wangsulan "ning jarene Pake cah-cah ki, kopi neng warung Yogya ki beda lho
nek karo kopi nggone dhewe kana Dik? Jarene kopine blas ora manteb, malah
jarene wong sing seneng guyon rasane kopi warung kene ki kaya banyu
kendhi".
"Iya
Yu, aku ya ngerti kuwi" wangsulane Sodik "mula nek pesen kopi neng
warung kene kuwi kudu omong menyang bakule, njaluk kopi sasetan weton toko,
merga nek kopi gaweyane sing duwe warung padha karo kopi genthong nek neng
nggine dhewe kana, kopine nganggo gelas gedhe nanging ora ana rasane. Wong
Yogya kuwi wiwit biyen rak kondhang priyayi, dadi ngombene Teh".
Ora
suwe olehe padha jagongan sinambi sarapan, banjur padha budhal arep nglayat
menyang Panggang Gunung Kidul. Kaya sing dikandhakne wingi, mobil sing disetiri
Sodik kuwi luwih dhisik ngampiri Restu neng omahe. Sing mudhun saka Mobil mung
Ririen dhewe, karepe arep nyeluk Restu. nanging sing arep diceluk jebul malah
wis mlaku metu saka njero omah.
"Sampean
manggon ngarep wae Dhik" kandhane Ririen ngongkon Restu supaya manggon
njejeri Sodik, Ririen sengaja ngundang Restu nganggo sebutan "dhik"
ora kaya padatan sing nek ngundang mensthi nganggo sebutan "mbak". Bu
Kaji mesem, ngerti karo apa sing dikarepne Ririen.
"Ben
ngiras dadi pemandu jalan, iki kabeh rak durung ana sing weruh dalane, klebu
sopire kuwi?" kandhane Ririen sabanjure.
"Inggih
Bu, menawi makaten" wangsulane Restu sing banjur munggah mobil.
"Ngaturaken
kasugengan sarawuhipun Mas" kandhane Restu marang Sodik sing mesem gantine
luruh marang Restu "kala menapa rawuhipun?".
"Kala
wingi siang mBak" wangsulane Sodik cekak "mangke tulung kula
dikandhani margini lho, tiyang kula nggih nembe sepisan niki badhe dhateng
Panggang".
"Inggih
Mas" wangsulane Restu karo mapan lungguh.
Senajan
tenane ngono Restu kuwi lagi sajroning nandhang susah merga ditinggal seda
eyange, nanging katon nek susahe Restu ora pati nemen, malah kepara katon
lumrah wae. Amarga, kajaba Eyange pancen wis sepuh banget, Restu uga ora pati
cedhak nemen karo eyang sing saka ibune iki. Beda adoh karo sawargi eyang
putrine sing saka bapake. Dadi neng jero mobil, karo mlaku wong-wong kuwi bisa
rembugan kanthi mirunggan wae. Ririen sing dhasare ngono Dhosen Ilmu
Komunikasi, tansah bisa nata ukara murih sing dirembug bisa disauti dening
Restu lan bisa narik kawigatene Sodik. Dadi olehe padha rembugan karo mlaku
kuwi bisa nyambung lan krasa gumyak. Bola-bali Restu karo Sodik padha urun
panemu marang sing lagi padha dirembug. Bu Kaji rumangsa sansaya seneng
penggalihe, Sodik wis wiwit bisa guyon karo Restu. Sauntara kuwi, Restu apa
dene Sodik ora ngerti yen bisane bocah loro kuwi sambung olehe padha omong-omongan
amarga saka pambudidayane Ririen sing nyata baud ngolah carane komunikasi.
Sansaya suwe, sansaya gayeng. Restu wiwit wani takon marang Sodik magepokan
karo piwulange agama ngenani wong sing wis tinggal donya kaya eyange kuwi.
"Lha
menawi tiyang ingkang sampun seda niku pripun Mas?" pitakone Restu
"kados eyang kula niki upaminipun, kula niki asring nggambaraken mendah
sepine raosipun tiyang ingkang sampun disarekne ing kuburan, lajeng tiyang-tiyang
ingkang nglayat sampun sami wangsul?".
"Niku
ngeten mBak" wangsulane Sodik karo mesem "mila leres sasampunipun
seda tiyang niku manggenipun ing alam kubur, nanging nami alam kubur utawi alam
barzah menika mapanipun ing sanjawining alam dunya menika, nanging ing alam
sanes ingkang dereng dipun ngertosi dening tiang ingkang taksih gesang. Dados
antawisipun kuburan kalih alam kubur menika benten, kuburan menika mapanipun
taksih ing alam dunya menika. Ingkang wonten kuburan namung wujud raganing manungsa
ingkang sampun boten wonten ginanipun malih, awit boten dangu malih lajeng
risak dados mangsanipun siti. Lha sejatining manungsanipun mapan ing alam
kubur, ing mrika lerem utawi istirahat, ngentosi timbalan ing dinten kiyamat
saperlu marak ing trajuning pengadilan akherat. Niki menawi pamanggih
kula".
"O
makaten nggih Mas?" Restu wangsulan karo mesem "ketingale kula kok
langkung sreg kalih pamanggihipun Mas Sodik niki. Lha waunipun kula niki jan
boten mudheng lho Mas?, malah mbentekanken antawisipun alam kubur kalih kuburan
kemawon inggih boten saged, murugaken criyos ingkang kula tampi niku
benten-benten, wonten ingkang paring katrangan bilih sasampunipun tiyang
ingkang nglayat sami wangsul, lajeng ingkang dipun kubur wau dirawuhi Malaikat
kalih mbeta gada ageng saking wesi, menawi tiyang ingkang dikubur wau boten
saged wangsulan lajeng dipun gada ngantos ajur badanipun, malah kanca-kanca
kula wonten ingkang criyos sambatipun tiyang disiksa ing kuburan menika sok-sok
saged dirungokne tiyang ingkang taksih gesang napa. Ugi criyose kados nyanyian
lagu dangdut jaman kina, penyanyine Ida Laila ingkang judhulipun Siksa Kubur
nika. Kanca kula ugi wonten ingkang criyos, menawi pengin mbuktekne wontenipun
tiyang disiksa ing kuburan niku, saged api-api tumut wangsul titiyang ingkang
sami nglayat, nanging jane namung nylingker mawon, lajeng wangsul nyaketi
kuburan malih, criyose tiyang ingkang mbuktekne mawi cara niku lajeng mireng
suwanten horegipun bumi, awit kagetipun tiyang ing kuburan ingkang dipun dugeni
Malaikat mbeta gada niku wau.......".
Durung
nganti olehe kandha Restu rampung, Sodik wis luwih dhisik ngguyu banter. Merga
critane Restu kuwi keprungu yen lucu. Malah ora mung Sodik dhewe sing ngguyu,
klebu Ririen karo Bu Kaji uga melu ngguyu, malah Restu sing diguyu ya banjur
melu ngguyu pisan, dadi kahanan mundhak gayeng wae.
"Aku
ya tau krungu crita sing mangkono kuwi Dhik" kandhane Ririen ing
sela-selane guyune "nanging kuwi sing crita ya bocah-bocah biyen sing mung
krungu dongeng saka wong liya, ning ya ora ana sing mbuktekne".
"Lha
inggih ta Bu?" Restu genti wangsulan "menawi anggenipun rawuh
Malaikat niku ngentosi ingkang nglayat sami wangsul lan kuburan sampun boten
wonten tiyang, rak malaikatipun inggih mesthi pirsa menawi wonten tiyang
ingkang nylingker api-api wangsul nanging jebul boten?".
"Sing
gawe crita kuwi duwe panemu nek Malaikat kuwi gampang diapusi Nak Restu"
Bu Kaji melu ngendika mbumboni apa sing lagi wae dikandhakne Restu.
Ora
guneman apa-apa dumadakan Sodik nginggirne mobile, banjur menggok mlebu
platarane Rumah Makan sing klebu gedhe, sing neng ngarepe dipasangi lampu papan
nama nganggo tulisan gedhe-gedhe "PANGGONAN NGOPI" .
"Sarapan
dhisik Dhik" kandhane Ririen marang Restu sing meh wae arep takon menyang
Sodik ya gene ndadak mampir kono kuwi barang "iki mau kabeh saka omah rak
durung ana sing sarapan, Dhik Restu rak ya durung ta?".
"Dereng
Bu".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar