23.
Bubar
mangan Sodik wis ora bali menyang kamare Ibune maneh, merga Sodik ngerti nek
Ibu karo mBakyune lagi gayeng jagongan ngrembug urusane wong wedok sing Sodik
ora pati mudheng. Sodik malah bablas menyang kamare sing manggon neng lantai
dhuwur. Kelingan nek sesuk esuk kudu dhapuk dadi sopir nyetiri mobile Ririen
nglayat menyang Panggang, Sodik kepengin enggal bisa leren wae. Merga mau awan
ya ora turu babar pisan wong nyetir saka omah tekan Yogya, ora ana kancane
pisan. Mula murih sesuk esuk bisa duwe tenaga sing luwih seger, becike bengi
iki ora sah ndadak melekan nganti wengi, enggal mapan wae, sokur nek bisa
enggal turu, saora-orane bisa ndlujurne balung neng paturon.
"Klunthing"
lagi wae Sodik arep mapan ngglethak, dumadakan hapene muni nuduhne nek ana
pesen WA sing mlebu. Karo njengkerutne bathuke, Sodik mbukak pesen sing jebul
saka Ustadz Mahfudzi, Ketua Yayasan sing ora kulinane kirim pesen liwat WA.
"Assalamu'alaikum,
Dhik Sodik posisi di mana? longgar gak? nek longgar aku arep ngobrol
sedhela" ngono kuwi unine pesen WA saka Ustadz Mahfudzi. Pancen Ustadz
Mahfudzi kuwi sanajan duwe kalungguhan sing dhuwur, wong ya pensiunan salah
sijine Petinggi Kemenag Ngawi, banjur tau lungguh dadi anggota DPRD barang, dhasare
Ustadz kondhang sing saben dina mider ngubengi kutha-kutha nekani panjaluke
umat sing mbutuhake pituture, nanging priyayine lembah manah lan ora sombong.
Karo sapa-sapa tansah ngajeni, tembung satembung tansah gawe senenge sing
ngrungokne, tata kramane komplit mula ya mokal ana sing wani aweh panyendhu
marang dheweke. Klebu nek rembugan karo bocah-bocah sing umure adoh mapan ing
sangisore, kaya marang Sodik Salim iki. Wong Sodik Salim kuwi umure telung
puluhan, lha Ustadz Mahfudzi pitung puluh kepara punjul. Nanging basa sing
dicakne nalika ngajak guneman Sodik ya kaya mau ngono kuwi.
Ora
niyat arep aweh wangsulan lumantar WA, Sodik Salim banjur nutul Hapene telepon
marang Ketua Yayasane kuwi.
"Assalamu'alaikum,
iya Dhik Sodik?" Ustadz Mahfudzi nampani telpune Sodik.
"Waalaikumussalam"
wangsulane Sodik nganggo suwara sing alus "badhe dhawuh menapa Tadz? kula
longgar sanget kok".
"Alhamdulillah,
sesuk awan Dhik Sodik are tak jaluki tulung makili aku, bisa ta?" Ustadz
Mahfudzi nembung nek arep njaluk tulung. Sodik ngerti, tembunge njaluk tulung,
nanging satemene kuwi luwih pas nek diarani prentah. Nanging pancen selawase
urip, Ustadz mahfudzi kuwi ora tau nibakne prentah marang sapa wae, kabeh
mesthi nganggo tembung njaluk tulung, sing ndadekne para andhahan ngisorane rumangsa nek diajeni
dening pimpinane.
"Makili
dhateng pundi ta Tadz?" Sodik genti takon dibacutne nggenahne nek dheweke
lagi repot dhewe "wekdal menika kula taksih dhateng panggenane Yu Rien, kalih
Ibu napa. Lha benjing enjing badhe takziyah dhateng tiyang sepuhipun tanggine
Yu Rien dhateng Panggang Gunung Kidul".
"Oo,
Dhik Sodik neng Yogya ta? ya wis nek ngono" suwarane Ustadz Mahfudzi
keprungu rada cuwa "ya mengko tulung nitip salamku wae kagem mBak Ririen
lan Kakunge nek ngono".
"Inggih
Tadz" wangsulane Sodik, banjur ditutugne nganggo takon "lha estunipun
badhe kadhawuhan makili bab napa ta Tadz?"
"Sesuk
awan kuwi rak jadwale wawancarane mBak Waginem sing olehe nglebokne lamaran
panjenengan barengi kae?" Ustadz Mahfudzi aweh katrangan.
"Dipun
ralat Tadz" Sodik nigas rembug karo ngguyu "boten kula sarengi
nanging, andilalah sareng kalih kula ingkang badhe ndherek rapat ing Kantor
Yayasan".
"He
he he " Ustadz Mahfudzi melu ngguyu "iya, mau karepku ya arep muni
ngono kuwi he he he, lha sirku Dhi Sodik sing arep tak jaluki tulung ngawasi
lakune wawancara kuwi. Merga bares wae ya Dhik, Waginem kae wis tak anggep kaya
anakku dhewe, merga aku wis ngerti tenan nek bocah kae klebu bocah sing luwar
biasa. Sregep, sopan,Solihah, duwe rasa tanggung jawab sing gedhe lan ora
mbalekne gaweyan apa wae sing dipasrahne. Kuwi aku ngerti dhewe, wong ing atase
bocah saka kana kae, nanging bisa nuduhne nek olehe taat neng agamane ngungkuli
bocah weton pesantren wae. Mula jane ngono aku kepengin Waginem kuwi bisa
ditampa neng SMA ne dhewe".
"Inggih
Ustadz" Sodik salim wangsulan alon "kula kemawon sanaosa anggen kula
tepang dereng dangu, rumaos kula mBak Waginem nika mila kenya ingkang mumpuni
ing samubarang reh".
"O,
dadi Dhik Sodik kuwi durung suwe ta olehe tepung karo Waginem?" Ustadz
Mahfudzi takon karo ngguyu alon.
"Kinten-kinten
nembe setengahan wulan kok Tadz" wangsule Sodik.
"O
ngono, nanging lagia setengah wulan olehe tepung, Dhik Sodik ora perlu
tidha-tidha, percaya wae karo aku, Dhik Sodik ora bakal rugi nek ndang cepet
olehe nembung menyang wong tuwane Waginem banjur ndang diresmekne pisan"
Ustadz Mahfudzi nyambung olehe rembugan "aja samar mengko aku tak sing
nginang jambe suruhe, ndhodhog kori lawange, dadi talanging basane keng Ibu
nglamar Waginem kanggo slirane........".
"Ustadz
ki kok saged mawon lho.....?" sanadyan satemene sajroning atine Sodik ana
rasa seneng krungu tembung guyon parikenane Ketua Yayasane kuwi, nanging sing
ucul saka lambene tembung sing seje. Mung cengkoking suwarane sing ora bisa
diajak apus-apus, yen tenane pancen Sodik duwe rasa seneng karo apa sing
dikandhakne Ustadz Mahfudzi ngono kuwi mau.
"Nanging
bares wae ya Dhik?" Ustadz Mahfudzi ngendika maneh "Upama Dhik Sodik
ki bisa karo Waginem, aku rumangsa melu seneng, lha Dhik Sodik dhewe kira-kira
piye? nek karo bocah Karangasri kae?".
"Pripun
nggih Tadz? nggih ngoten nika neh......" wangsulane Sodik karo ngguyu.
Ora
suwe Ustadz Mahfudzi mungkasi nggone rembugan liwat telepon karo Sodik, sanajan
jebul Sodik ora bisa nindakne apa sing diprentahne, merga lagi neng Yogya,
nanging rembugan neg telepon kuwi mau, nuwuhake rasa sing nyenengake.
Nyenengake ing atine Sodik Salim, uga ing penggalihe Ustadz Mahfudzi.
Sodik
nyelehne Hapene neng meja cilik cedhak ambene, banjur ngglethak arep mapan
turu. Nanging jebul pikirane Sodik angel dijak enggal leren, suwe nggone Sodik
ngeremne mripate, nanging panggah durung bisa ngliyep. Jroning atine tansah
kelingan marang Waginem sing bengi iki satemene uga lagi ana ing Yogya, pase
ing kos-kosane ponakane. Nanging sesuk-esuk bar subuh, Waginem kudu bali
menyang Ngawi, merga jam loro awan kudu wawancara ing SMA Al-Hasan magepokan
karo lamaran sing wis dilebokne.
"Wah,
sesuk Waginem piye ya? muga-muga wae bisa mlaku kanthi lancar" kandhane Sodik
marang atine dhewe.
"Nek
kudune kuwi wis kenek dijagakne nek mesthi lancare" atine sing sesisih
melu guneman "wong Ustadz Mahfudzi sing pengalaman uripe wis ora karuwan
akehe wae wis ngandhakne nek Waginem ki bocah luwar biasa tenan. Gek ya ngapa
ndadak mbuwang-buwang wektu kanggo wawancara barang ki jane? Genah patuta ngono
kudune SMA Al-Hasan sing ngunggah-unggahi supaya Waginem gelem melu mulang neng
kono kok, kok malah arep ditest barang?".
"Iya
ya? kudune kaya aku biyen kae ya? gara-gara kurang guru bahasa Arab karo Bahasa
Inggris banjur aku digregik kon melu mulang kae ya?" atine sing sijine mau
aweh wangsulan.
"Nanging
apa sing diakandhakne Pak Ketua Yayasan mau ora mung guyon lho?" atine
sing sesisih ngajak rembugan bab liya "aku iki pancen wis pas banget upama
dadi jodhone Waginem, sanajan durung tau blaka, ketoke Waginem kae ya wis
ngerti nek dheweke kuwi cocoge ya dadi jodhone Sodik Salim he he he".
"Mula
apa sing dikandhakne Ustadz Fudzi mau ndang ditindakne wae, apa pengin Munir
mbaleni crita jaman karo Susi biyen ?, aku kudu ngerti nek satemene Munir kae
uga duwe rasa seneng marang Waginem, sanadyan aku ora ngerti senenge Munir kuwi
seneng sing kepiye? Kaya senenge wong marang enake panganan apa kaya senenging
satriya sing nggayuh wahyuning Hyang Suksma? mBuh apa modhele senenge Munir,
nanging wajib diwaspadani aja nganti Waginem luput saka kudangan mrucut saka
embanan".
Ngolang-aling nggone ngeloni guling, Sodik
panggah angel anggone enggal bisa turu. Beda karo Bu Kaji sing mau sore sawise
rumangsa oleh dalan anggone kepengin luwih ngraketake anake lanang karo Bu Guru
TK sing arep dikancani nglayat sesuk, penggalihe Bu Kaji dadi sansaya rena.
Mula ora suwe olehe mapan sare, ya banjur mider ing alaming pangimpen,
nyupenakne para putrane murih bisa antuk kamulyan.
ana
candhake,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar