32.
mBok
Sadikem karo Waginem genti nyawang marang Bu Mahfudzi karo panyawang sing kebak
tandha pitakon. Wong loro simbok lan anak kuwi durung pati mudheng karo apa
sing dikandhakne dhayohe ngenani kahanane Sodik Salim. Mung Waginem duwe
pangira-ira yen ta Sodik Salim iku mbok menawa tau ngalami lelakon sing
ndadekne atine putung, nanging kok sing dikandhakne Bu Mahfudzi kuwi mau kok
merga saka trekahe sedulure dhewe, sing keri iki sing Waginem durung mudheng.
Bu Mahfudzi sing uga banjur bisa maca apa sing dumadakan liwat ing angen-angene
Waginem apa dene mBok Sadikem merga tembung sing lagi wae dikandhakne, ora
kepengin ngumbar wong loro sing dijak guneman kuwi kesuwen nggone ora mudheng.
"Criyosipun
niku rumiyin rak makaten ta Bu" Bu Mahfudzi nutugne rembuge "Dhik
Sodik niku jaman siyen nggih sami kados limrahe lare nem, sampun gadhah kenya
ingkang dados woding manahipun, lan kenya wau ugi sanget anggenipun tresna
dhateng Dhik Sodik. Niku wiwit jaman Dhik Sodik taksih Kuliyah, nanging
gandheng naminipun jodho menika wonten astanipun Gusti Allah, lare kalih
ingkang sami tresnanipun menika kala wau jebul sanes jodhonipun. Lumantar
sedherek misanan utawi nak dherekipun Dhik Sodik, kula kirang cetha,
katresnanipun lare kalih kala wau dados bubar. Awit sedherekipun Dhik Sodik
kala wau ugi kepengin ngarah lan methik sekar ingkang dipun sengker dening Dhik
Sodik, malah kedadosan kenya ingkang dados pepujanipun Dhik Sodik kala wau
dipun cidra asmara dening sedherekipun kasebat, temah dados lan
ngandhegipun".
"Astaghfirullah"
tanpa sengaja Waginem maca istighfar nyelani critane Bu Mahfudzi.
"Ora
mung tekan semono wae mBak sing ndadekne Dhik Sodik bingget atine" kandhane
Bu Mahfudzi nyaut olehe istighfar Waginem "sedulure Dhik Sodik kuwi jebul
olehe tresna mung nuruti karepe hawa nafsu thok. Ora nganti setahun saka olehe ijaban,
wis padha pisahan. Ya kuwi let sepasar sawise kenya kuwi nglahirake lan anake
ora gelem ngenger, sedulure Dhik Sodik kuwi banjur bali menyang daleme wong
tuwane, bojone ditinggal ngleyar ora diurusi maneh. Lan sawise padha pisahan
bocahe wadon banjur minggat saka omah nganti saiki ora karuwan parane, merga ya
ora sambang ora layang maneh, kira-kira ya merga saking ora kuwat ngempet
wirang".
"Mesakaken
sanget" Waginem guneman alon.
"Lha
sedherekipun Gus Sodik niku sak niki pripun Bu Ustadz?" mBok Sadikem sing
uga kasengsem ngrungokne crita kuwi melu takon.
"Sak
niki inggih dereng emah-emah malih" wangsulane Bu Mahfudzi banjur nutugne
olehe kandha "tiang menawi criyosipun tiyang-tiyang ingkang boten remen,
sedhereke Dhik Sodik niku klebet garangan cluthak, remenanipun inggih pados
mangsan kanthi margi ingkang boten leres, remen ngresahi tiyang estri ingkang
gampil dipun rungrum mawi tembung manis".
"Amit-amit
jabang bayiiiik" mBok Sadikem nyebut "lha kalih Gus Sodik tiyang wau
nggih lajeng satron no Bu?".
"Boten
Bu" wangsulane Bu Mahfudzi "sesambetanipun tiyang kalih niku inggih
boten ewah, namung kemawon mesthinipun inggih boten tulus dumugining manah
malih".
mBok
Sadikem lan Waginem padha meneng, ing angen-angene padha olehe nggagas
isen-isening donya sing jebul maneka warna. Ora neng kana ora neng kene, nek
jenenge wong lanang cluthak utawa wong wadon nrucak, kuwi neng ngendi-endi ana,
klebu neng desane Sodik sing cedhak pesantren lan kondhang minangka papane para
wong sing taat nggone ngibadah. Kanthi anane crita ngono kuwi, kudune menungsa
gelem jujur anggone mbiji kahanan sawijining papan. Ala lan becike menungsa
kuwi ora gumantung merga panggonane, nanging kandel lan tipising iman. Ora
mesthi dumeh wong sing omahe ing panggonan tilas gudhange para palanyahan kaya
sing dienggoni kuwi mesthi nek wong sing bejad lan durung karuwan nek wong sing
manggon neng cedhak pesantren kuwi mesthi wong becik.
"Lha
sedhereke Gus Sodik ingkang nuwun sewu, garangan cluthak niku nyambut damelipun
menapa Bu Ustadzah?" mBok Sadikem takon maneh.
"Menawi
rumiyin pas kula taksih manggen teng Kedunggalar nika, nyambut damele nggih
boten cetha, sok ngaken dados wartawan, sok ngaken dados aktivis LSM malah
kantun-kantun nika ngaken dados lawyer napa pengacara ngoten Bu. Nanging nggih
namung ngakenipun mawon, ngaken wartawan niku nggih wartawan tivi napa wartawan
Radio napa wartawan Koran nggih boten wonten ingkang ngertos, ngaken aktivis
LSM niku nggih LSM napa boten cetha, ngaken Pengacara nggih dereng nate wonten
kabar iyambakipun menika beracara teng Pengadilan" Bu Mahfudzi wangsulan
"menawi sak niki duka, kula boten ngertos tiyang nggih sampun radi dangu
boten sumerep".
Krungu
sing dikandhakne Bu Mahfudzi sing keri dhewe kuwi, Waginem dumadakan banjur
kelingan sanakane sing ketoke rada memper karo sedulure Sodik Salim kuwi. Gek,
atake, mengko, wong kuwi?.
"Huh.......!"
ora krasa Waginem ngetokne suwara rada banter, kanggo ngilangne rasa sing ora
kepenak ing angen-angene.
"Ora
sah menggalih bab kuwi mBak" Bu Mahfudzi mesem marang Waginem "wong
kuwi omahe Kedunggalar kana kok, adoh saka kene. Sing baku, ya nyuwun
pandongane wae, muga-muga olehe mbudidaya Bapake nyedhaki atine Dhik Sodik bisa
kasil. Merga tenan, aku karo Bapake ki kepengin banget saka mBak Waginem karo
Dhik Sodik mengko bisa nurunake bibit-bibit unggul kanggo kabecikane wong
akeh".
"Inggih
Ustadzah" Waginem wangsulan, nanging gandheng neng atine isih ana ganjelan
sing mau kober nuwuhake dheweke ngetoke suwara sing ora cetha, mula ya banjur
takon maneh "nuwun sewu Ustadzah,
sedherekipun Mas Sodik menika menapa asmanipun Munir?".
"Lho
mBak Waginem kok malah wis pirsa? Bener, jenenge Munir Kamadi" Bu Mahfudzi
ketara nek kaget. Lan sikep kaget lan pitakone Bu Mahfudzi kuwi ndadekne genti
mBok Sadikem sing luwih kaget maneh.
"Dados
jebule tiyang niku Bu Ustadz?"
pitakon ngono kuwi mencolot ngono wae saka tutuke mBok Sadikem.
"Bu
Sadikem ugi sampun tepang kalih sedhereke Dhik Sodik niku?" Bu Mahfudzi
dadi sansaya gumun.
"Alhamdulillaaaaaaah.......
Gusti isih ngayomi awakmu nDhuk, Nem" ora mangsuli pitakone Bu Mahfudzi,
mBok Sadikem malah ngandhani anake wedok "meh wae, mbokmu iki kepilut karo
tembunge garangan cluthak, tujune kowe isih kukuh atimu, kuwat imanmu
ndhuk...ndhuk".
"Wis
mBok, kuwi ora sah diomong wae, ora becik, sing baku saiki Simbok wis ngerti
sapa sejatine wong kuwi" Waginem mangsuli kandhane simboke.
"Kula
kok malah sing dados bingung ta Bu?" Bu Mahfudzi plenggang-plenggong,
sauntara kakunge mung meneng ngrungokne sing lagi padha dirembug karo lungguh
sendhen kursine.
"Genahe
kepriye ta mBak Waginem?" Bu Mahfudzi mbaleni pitakone marang Waginem.
"Criyosipun
rak makaten ta Ustadzah" Waginem guneman alon nanging cukup cetha kanggo
dirungokne "kanca Tukang Shoting kalih Tukang Sound ing Prasaja Laras
menika rak gadhah tepangan ingkang ugi asring niliki menawi Prasaja Laras nuju
manggung utawi gladhen, naminipun Munir".
"O
ngono, banjur?".
"Lha
tiyangipun ketingal kenging kawastanan nengsemaken, nanging ugi kathah ingkang
sumerep bilih piyambakipun menika nggadhahi karemenan ingkang sok nyingkur
piwucal kasusilan miwah agami, klebet mBak Muji, Waranggana senior kula ingkang
asring ngandhani kula lan kanca-kanca murih ngatos-atos menawi srawung kalih
Mas Munir niku" kandhane Waginem nutugne critane.
"Ngono?
banjure?"
"Nuwun
sewu, Ustadzah" Waginem guneman maneh "saderengipun kula tepang kalih
Mas Sodik, ketingalipun Mas Munir langkung rumiyin wonten manah dhateng kula, lumantar
mBah Rawan, Tukang Siter Prasaja Laras
piyambakipun titip weling dhateng kula. Gandheng kula sakedhik-sakedhik ugi
ngertos lelampahanipun Mas Munir ing laladan mriki, ugi saking criyosipun mBak
Muji, weling ingkang lumantar mBah Rawan kala wau inggih boten kula gatekne
babar pisan. Ngantos Mas Munir dolan teng griya niki piyambak, lha pas niku
kepanggih kalih Mas Sodik ingkang ugi mampir mriki sasampunipun sareng-sareng
kalih kula ngenyaraken SIM dhateng Polres. Inggih ing wekdal niku kula lajeng
diparingi ngertos menawi Mas Munir kalih Mas Sodik menika jebul taksih wonten
sambetipun sedherek, nanging Mas Sodik babar pisan boten nate criyos bab Mas
Munir ingkang kados dipun dhawuhaken Ustadzah wau........".
"Malah
kosok balen Bu Ustadz" mBok Sadikem numpangi rembug, medhot critane
Waginem, kandha marang Bu Mahfudzi.
"Kosok
balen kados pundi Bu?" Bu Mahfudzi genti takon.
"Menawi
Gus Sodik boten nyriyosaken cacad lan cirinipun sedhereke niku, nanging nek
sing namine Munir niku criyos kathah-kathah dhateng kula, ingkang sak niki kula
ngertos menawi criyosipun menika kala wau, criyos goroh ingkang boten leres,
ngemu pitnah dhateng Gus Sodik" kandhane mBok Sadikem aweh wangsulan,
banjur nyritakne olehe Munir wis teka lan ngajak jagongan dheweke ing warunge
nalika Waginem lunga menyang Kedunggalar arep nglebokne lamaran menyang SMA
Al-Hasan dhek emben kae.
Bu
Mahfudzi karo kakunge olehe ngrungokne critane mBok Sadikem nganti kasengsem,
nanging gandheng anggone merdhayoh neng kono wis rada suwe lan niyate mertamu
uga wis kaleksanan, wong loro lanang wadon kuwi ya banjur pamitan bali. mBok
Sadikem lan Waginem olehe nguntabne kundure Ustadz Mahfudzi sekalihan garwa
nganti tekan ngarep omah, wong loro kuwi lagi mlebu omah maneh sawuse mobil
sing disetiri Ustadz Mahfudzi kleser-kleser ninggalne papan kono.
Munir
sing wis rada sauntara ngenteni ing sabranging ratan, bareng ngerti nek dhayohe
mBok Sadikem wis bali, banjur tata-tata arep ngelih anggone markir mobil
rentalane, Munir kepengin enggal bisa ketemu karo mBok Sadikem.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar