33.
Sapungkure
Ustadz Mahfudzi, gageyan mBok Sadikem karo Waginem mbalik arep mlebu omah
maneh, nanging dadi kandheg bareng ngerti ana mobi liyane sing nyedhaki
panggonane ngadeg. Mobil kuwi malah banjur mandheg lan lampune dipateni,
disusul sing numpaki mbukak lawange banjur mudhun, banjur mlaku nyedhaki wong
loro sing isih kanthi panyawang kebak pitakonan nguwasi wong sing lagi teka
kuwi.
"Kula
nuwun" Munir alok sapa aruh luwih dhisik dibanjurne karo pitakon minangka
abang-abanging lambe "ketingale menas wonten tamu saking tebih nggih
Mak?".
"Oalaah
panjenengan ta Gus?" mBok Sadikem wangsulan nuduhne nek lagi ngerti marang
sapa sing lagoi teka kuwi "kula wastani sinten? Boten kok, anu Bu Ustadz
Pak Karmudi sing daleme Perumahan ler mriku niku lho".
"Simbok
ki kok?" Waginem nyendhu simboke, nanging nganggo suwara sing karo ngguyu
"nyebut asmane wong sakepenake lho?. Bu Ustadz utawa Ustadzah ngono wae
wis cukup kok, malah nganggo tambahan Pak barang? Gek asmane Ustadz kae Ustadz
Mahfudzi ya mBok? ora Karmudi".
"Arep
piye maneh? sirku mau ya arep muni ngono kuwi, nanging wong apalku ki nek
ngaturi Pak Ustadz kae ki Pak Karmudi, marahi wis kadhung kulina " mBok
Sadikem mangsuli panyendhune anake wedok, banjur ditutugne ngomongi dhayohe,
diajak mlebu omah "mangga Gus, mlebet mosok jagongan kok neng pinggir
ratan".
Karo
muni ngono kuwi mBok Sadikem malik adhepe banjur mlaku mlebu omah, mbalik bali
lungguh neng kursi sing dilungguhi nalika jagongan karo Ustadz Mahfudzi lan Nyonyahe
mau. Waginem uga ngetutne simboke. Munir ya banjur jumangkah melou mlebu omah,
lawange isih dibukak kabeh.
"Layak
mau tak goleki neng kana ora ana, jebul lagi ana tamu ta?" karo mapan
lungguh Munir takon, suwarane alon kaya ditujokne marang awake dhewe, nanging
suwarane keprungu kanthi cetha ing kupinge wong sandhinge.
"Sing
digoleki sapa Mas?" Waginem sing ngerti sing dikarepne Munir mbalik genti
takon "neng ngendi leh nggoleki?".
"Sapa
maneh?" Munir wangsulan karo mesem amba, wangsulane beda karo sing
dilakoni "ya slirane ta Dhik, mau aku rak njujug nggon gladhen, kok
slirane neng kana ora ana, aku ya banjur bablas mrene".
"Ora
sida rapat ta?" Waginem mbalik takon maneh, satemene Waginem ya wis ngerti
nek Munir wis dora lan ora bares marang dheweke.
"Aku
ora ana acara rapat ki?" Munir sing ora ngerti sing dikarepne Waginem dadi
salah tampa olehe wangsulan "Lha sing ngandhani Dhik Wag, nek aku rapat
sapa?".
"Ora
ngono Mas sing tak karepne" Waginem lagi nggenahne pitakone "mau aku
jane ya wis tata-tata arep budhal gladhen, lha iki apa? slendhangku ya wis tak
cawisne".
Waginem
nuduhne Slendhang Sutra sing rupane Kuning pawewehe simboke sing jarene
slendhang kuwi biyen olehe nukokne sawargi Bapakne nalika sepisanan bapak lan
simboke awor dadi sak omah sawise mulih saka ijaban neng Naiban kulon
Aloon-aloon Ngawi biyen.
"Lha
banjur ?" Munir nutugne olehe takon.
"Banjur
aku ditelepon Bu Carik, mBak Muji ya telpon pisan, wong loro kuwi ngabari nek
olehe gladhen kanggo kanca-kanca Waranggana leren dhisik, merga panggonane
gladhen dienggo Rapat, sosialisasi pengisian lowongan Perangkat Desa. dadi aku
ya ora sida mangkat, ndelalah Ustadz Mahfudzi karo garwane rawuh mrene iki
mau" Waginem aweh wangsulan lan kanthi mangkono nuduhake yen dheweke wis
ngerti nek sing dikandhakne Munir mau cetha yen dora.
"O,
iyaaa" Munir gageyan molahne ukara, gawe pawadan liya "mau pancen
akeh wong-wong sing lagi teka, lha kanca-kanca Prasaja Laras akeh sing lagi
lungguhan neng lincak cedhak lawangan kae, pas aku nakokne slirane, wong-wong
wangsulan nek slirane ora teka, dadi aku ya bablas mrene".
Waginem
wis ora nutugne olehe ngrembug bab kuwi, malah karo ngringkesi gelas sing mau
kanggo nyuguh Ustadz lan Ustadzah Mahfudzi, arep digawa mlebu omah, Waginem
kandha marang Munir :
"Sekecakne
dhisik ya Mas? Kopi kagem panjenengan tak jupuke dhisik".
Lan
ora ngenteni wangsulan, Waginem ya banjur mlaku mlebu menyang omah mburi bablas
menyang pawon, arep ngracikne kopi kanggo dhayohe sing satemene tekane mrono
wis ora gawe kepenaking atine, nanging gandheng ngajeni dhayoh kuwi klebu
kuwajibaning agama mula Waginem ya kudu klawan legawa nampa tekane Munir sing
lagi merdhayoh.
"Lha
kok kadhingaren Ustadz Mahfudzi rawuh mriki ta Mak? napa wau wonten pengaosan
teng mriki?" sapungkure Waginem
mlebu omah, Munir ngajak guneman mBok Sadikem sing isih lungguh neng kursine.
"Boten
kok Gus" wangsulane mBok Sadikem "mriki niki pengajian kangge
tiyang-tiyang estri namung dinten Jumuah
siang mawon, niku wau Pak Karmudi kalih garwane rak ngajak mucuki rembagan
kalih si Gendhuk, pripun upami Gendhuk niku nek kapurih ndherek mbantu ngiyati
latihan karawitan ing sekolahane, tiyang anggene nglebetne lamaran gendhuk kala
emben nika sampun dipun tampi, wiwit benjing Senin menika sampun kajiban tumut
mucal".
mBok
Sadikem sengaja mung ngandhakne apa sing didhawuhne Ustadz Mahfudzi dhisik
dhewe pas lagi teka mau, sadurunge ngrembug olehe kagungan gagasan kepengin
njodhokne Waginem karo Sodik Salim. Dadi wangsulane mBok Sadikem iki mau ora
kena diarani nek wis ora bares utawa dora.
Sanajan
Munir ya wis krungu nek Waginem wis ketampa lan dadi Guru neng Sekolahan cedhak
omahe, nanging krungu wangsulane mBok Sadikem ngono kuwi mau wis ndadekne Munir
sansaya cuwa sajroning atine. Sadurunge Munir nanggapi wangsulane mBok Sadikem, Waginem wis teka karo
nggawa kopi neng gelas sak lepeke, banjur diladekne ing ngarepe dhayohe.
"Diunjuk
Mas" kandhane Waginem ngacarani dhayohe.
"Dadi
slirane ki wis manteb nggabung neng sekolahane Mas Sodik ta Dhik?" ora
mangsuli nggone ngacarani Waginem, Munir malah takon bab anggone Waginem sing
wis ketampa neng SMA Al-Hasan.
"Alhamdulillah
wis Mas" wangsulane Waginem karo mesem, nuduhne marang Munir nek dheweke
pancen wis sreg ngabdekne tenaga lan kabisane ing sekolahan sing diarani Munir
sekolahan ndesa kae.
"Lha
neng kana slirane mung bageyan pirang jam pelajaran? apa slirane ya kesampiran
Mapel liyane Bahasa barang?" pitakone Munir semu ngremehne.
"Ora
Mas, dhawuhe Pak Wakasek Urusan Kurikulum, tenaga guru sing mulang neng SMA
ndesa kuwi kudu linier karo jurusan kuliahe, kejaba nek kapeksa banget. Dadi
nek jurusanku ki Bahasa ya mung wenang mulang Bahasa, kajaba nek pelajaran sing
sipate ekstra kurikuler waton duwe ketrampilan lan kabisan bab kuwi bisa-bisa
wae. Kaya aku upamane, gandheng pelatih SH Terate sing wadon neng sekolahan kuwi durung ana, gek
ngepasi aku ya wis dadi Warga lan kulina melu nglatih, aku banjur oleh tambahan
jejibahan melu nglatih ekstra kurikuler Pencak Silat SH Terate neng sekolahan
kono, mligine kanggo siswa putri. Lan iki mau dening Ustadz Mahfudzi aku ya didhawuhi nek Ustadz wis ngendika
marang Pak Kepala yen aku iki uga duwe kabisan ing babagan ulah suwara minangka
Waranggana karawitan, mula ngendikane Ustadz Mahfudzi mau jare Pak Kepala arep
nambahi jejibahan marang aku supaya melu nguwati Karawitane SMA Al-Hasan sing
ndesa kuwi" Waginem akeh-akeh olehe aweh wangsulan marang pitakone Munir
sing keprungu rada sepa marang jam pelajaran sing dipercayakne marang Waginem.
Malah gandheng Waginem ya wis rada suwe rumangsa melu gela nek Munir ngarani
SMA panggonane mulang Sodik Salim kuwi jare Sekolahan ndesa, mula kanthi
sengaja Waginem nyebut sekolah ndesa bola-bali neng ngarepe Munir, nanging beda
rasa. Olehe Waginem nyebut sekolahan ndesa sinartan ukara nanging, lire
sanadyan ndesa ora kalah karo sing jarene sekolahan kutha, malah kepara bisa
ngluwihi ing babagan pendidikan lan pamulangan, kanthi mangkono sarana semu lan
samudana Waginem aweh tutur marang Munir murih ora nutug-nutugne anggone dhemen
ngremehake sekolahan sing ngayom ing Yayasan sing dipangarsani Ustadz Mahfudzi
kuwi.
Atine
Munir dadi sansaya cuwa lan gela, rancangan sing wis ditata mlathing jebul
mleset. Olehe mara menyang omahe mBok Sadikem diangkah ora kepethuk Waginem
dhisik, merga mbarengi pas Waginem gladhen karawitan, jebul ora klakon. Anggone
gladhen Waginem mbarengi prei. Kapindho sing nambahi cuwane Munir, olehe krungu
critane Waginem sing sajak wis manteb lan rumangsa mongkog bisa ketampa anggone
nglamar neng Sekolahan papane Sodik mulang kuwi. Malah Waginem wis ngerti lan
weruh dhewe jebul sekolahan kuwi kahanane beda adoh karo sing dicritakne Munir
marang Waginem uga mBok Sadikem sadurunhe iki, kepara adoh luwih maju lan luwih
apik maneh mungguh biji lan kualitase.
Nanging,
dudu Munir yen mung merga krungu critane Waginem sing ngono kuwi mau banjur
pasrah lan rumangsa kalah. Munir panggah ora nuduhne utawa ngakoni olehe wis kalah sajangkah ing mburine dening
Waginem. Malah banjur nata ukara arep ngecakne pambudidaya murih Waginem bisa
teluk ing sangisore dlamakane.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar