34.
Sawuse
ganep anggone nata ukara ing angen-angene, Munir banjur njejegne olehe lungguh
lan kanthi praupan sing katon sumringah, Munir wiwit guneman ngecakne rancangan
sing wis tinata ing sajroning atine kuwi. Rancangan supaya Waginem munggahe
marang mBok Sadikem ora kebacut-bacut seneng atine merga Waginem wis tinampa
panglamare ing sekolahan papan mulange Sodik Salim kuwi.
"Pancen
sansaya suwe, Sekolahane Mas Sodik kuwi sansaya wiwit gelem obah ngintir marang
ombyaking jaman, karepe ngono ya murih ora kagiles dening rodhaning kahanan
sing sansaya seser mubenge. Nanging nek miturut pamawas lan panyawangku
minangka wong ndelok, tegese ndelok kuwi mung kendel alok merga kanthi cetha
bisa weruh kakurangane sing disawang, beda karo sing nglakoni sing adhakane
mung weruh kaundhakane moh nyawang kakurangane, olehe obah sekolahan sing
cedhak omahku kae kajaba mung sipate rog-rog asem ya wis rada kasep"
kandhane Munir karo ulat sing panggah sumeh.
"Rog-rog
asem lan rada kasep piye Mas?" Waginem sing satemene wis aras-arasen
ngrungokne kojahe Munir, nyelani rembug.
"Tegese
rog-rog asem kuwi ya ngana kae, ora ajeg olehe obah, istilah ora konsisten nek
weruh sekolahan liya sing maju lagi grayah-grayah arep nerokne, nanging ya kuwi
mau wis kasep. Arepa mburu playune sekolahan liyane sing wis apal marang dalan
sing kudu diliwati, panggah wae sekolahane Mas Sodik kae ya keponthal-ponthal
sansaya adoh olehe ketinggal neng mburi, nek dipeksa olehe nekad arep nututi
playune sing wis adoh neng ngarepe ya tiwas pedhot napase" kandhane Munir
sabanjure.
"Ya
mangga Mas, kuwi miturut panyawang lan pamawas panjenengan" Waginem
wangsulan suwarane digawe sareh murih ora gawe gelene dhayohe, sanadyan satemene
atine Waginem ora bisa narimakne karo pambijine Munir marang sekolahan sing
lagi wae arep didadekne papan kanggo ngabdi kuwi "mbok menawa pancen ya
ana benere, nanging pamawas lan pambijine panjenengan marang sekolahan kuwi ya
durung karuwan kabeh bener, merga olehe panjenengan mirsani rak mung saka
kadohan tur ya ora njinggleng lire ya mung kadhang kala wae anggone panjenengan
mirsani, dadi ya ora mokal nek ana owah-owahan mbuh sing sipate becik utawa
kurang prayoga sing luput saka pamirsane panjenengan. Padha wae karo aku,
sanadyan lagi weruh nanging aku uga sithik akeh ya bisa aweh pambiji marang
sekolahan ndesa kuwi, mesthi wae ora kabeh nampa biji becik, ya isih akeh sing
kudu didandani, ya merga kagawa saka niyat lan asiling pambijiku marang
sekolahan ndesa kuwi, aku wis mantep tenan olehku arep ngabdekne ragaku, tenaga
lan pikiranku marang Gusti Allah lumantar sekolahan ndesa kuwi. Ora ateges aku
gumedhe, sanadyan mung saklungsu kabisan sing tak duweni, kenaa kanggo udhu
murih ing tembe mburine sekolahan ndesa kuwi bisa luwih maju, kuwi panjangkaku
muga-muga bisa kasembadan".
"Apik
banget sing dadi gegayuhanmu Dhik" Munir mesem lambene ngucapne
pangalembana, nanging beda karo sing nyuwara ing jero batine "nanging nek
jareku kok eman".
"Eman
piye Mas?" Waginem takon.
"Ngibarate
wong dandan-dandan" kandhane Munir aweh wangsulan "nek sing didandani
kuwi dhasare ngono kahanane becik, gegayuhan lan panjangkane Slirane kuwi bakal
kanthi gampang bisa kasembadan, nanging nek sing didandani kuwi barang sing wis
amoh, sanadyan sing ndandani kuwi tukang sing pinter pisan ya tiwas tuwas, iya
apa ora ?".
"Amoh
lan orane sekolahan kae, sing ngerti dudu wong adoh Mas" Waginem wiwit
rada dhuwur suwarane "karo maneh, minangka wong anyar aku ya kepengin ngerti
kahanan sing satemene, karo maneh aku iki ya dudu tukang utawa tenaga ahli, aku
mung saderma kepengin melu ngabdi kasil utawa orane kuwi dudu wewenangku, merga
aku mung kasampiran kuwajiban ngecakne lan nularake kawruh sing wis tau tak
tampa, dene asile bakal kepiye, kuwi mung Gusti Allah sing wenang nemtokne.
Guruku nate dhawuh lan wis tak dadekne paugeman, guru kuwi mung wajib mulangake
kawruh murih sing diwulang bisa weruh, dene menawa Gusti Allah ngersakne liya
sing ora jumbuh karo sing diangkah dening guru mau, kuwi dudu lupute guru. Guru
mung bisa mulang ora bisa gawe pinter, bisane mung mbudidaya murih murid bisa
pinter..........".
"Nuwun
sewu nggih Gus" mBok Sadikem sing wiwit mau mung meneng ethok-ethok ora
bisa melu nyaut karo sing lagi padha dirembug, dumadakan melu guneman
"menawi kula mirengne wiwit wau, ingkang dipun rembag si Nem kalih panjenengan
niki, kenging dipun sanepakaken kados tiyang mastani raosing sambel ing
layah".
"Ngaten
nggih Mak?" Munir sing durung mudheng sing dikarepne mBok Sadikem semaur
seneng, ngira menawa bakal aweh panemu sing tundhone bakal mbenerake panemune.
"Inggih"
mBok Sadikem nutiugne gunem "namung emanipun, ingkang dipun raosaken Nem
kalih ingkang panjenengan raosaken benten, jalaran ingkang sami dipun raosaken
namung bumbunipun dede sambelipun. Menawi ingkang dipun raosaken menika
sami-sami sambelipun, tartamtu boten badhe wonten benten ing pamanggih, awit
wiwit kula dereng lahir ngantos benjing balung kula telas, raosing sambel
menika pedhes, menika sedaya tiyang mesthi badhe ngleresaken. Benten menawi
ingkang dipun raosaken menika bumbunipun sambel ingkang dumados saking
bawang,brambang, trasi, gendhis lan sanesipun. Kamangka ingkang dipun raosaken
Nem niku gendhise lan ingkang panjenengan raosaken menika trasinipun, mangka
salaminipun inggih boten badhe panggih ing pamanggih, menapa boten makaten
Gus?".
Munir
sing babar pisan ora ngira yen jebul mBok Sadikem wong bodho sing ora tau
ngerti sekolahan kuwi bisa ngucapne tembung sing sanadyan mung ngrembug sak
sambel nanging duwe teba sing jembare kagila-gila, sapandurat mung bisa meneng. Munir ya wis krasa nek kanthi
guneman mangkono kuwi, mBok Sadikem nuduhake yen dheweke ora seneng krungu
olehe Munir lan Waginem ngrembug sing magepokan karo sekolahan sing wis nampa
panglamare Waginem kuwi. Munir ya banjur
duwe dudutan, yen ora ana gunane ngrembug lan nuduhne marang Waginem nek
sekolahan sing arep didadekne papan ngabdi kuwi dudu sekolahan sing bisa aweh
janji panguripan sing luwih becik.
"Leres
sanget menika Mak" kandhane Munir sabanjure "estunipun kula inggih
boten remen kok ngrembag prakawis sekolahan ingkang mapanipun caket kalih griya
kula niku. Namung kemawon kula namung nggadahi pepenginan murih lampahing
pagesangan menika saged adil".
"Adil
piye Mas?" sadurunge Mak Sadikem semaur Waginem ndhisiki takon.
"Ngeten
lho Mak kajeng kula niku" sanajan sing takon kuwi Waginem nanging
wangsulane Munir ditujokne marang mBok Sadikem sing uga bisa dirungokne dening
Waginem "liripun adil menika, mapanaken barang ing papan ingkang trep.
Kados upaminipun, sinten kemawon tartamtu rumaos eman menawi sumerep sandhangan
utawi ageman ingkang wujudipun Clana, Rasukan, Jas, Dhasi lan Sepatu menika dipun
agem dening tiyang ingkang nembe nindakaken padamelanipun ing sabin, mluku,
nggaru, macul lan ndhaut upaminipun. Inggih makaten menapa boten Mak?".
"Lha
nggih sampun cetha ta Gus?" Mak Sadikem wangsulan karo mesem "jeneh
menika cetha dede sandhangane kadang tani nalika nyambut damel kok, nggih
tiyang ingkang makaten menika mbok menawi kemawon badhe dipun wastani kirang
beres nalaripun".
"Pamanggihipun
Mak menika estu sampun leres" Munir mesem amba "adilipun busana kala
wau inggih ingkang ngagem mesthinipun priyantun kantoran, menawi
agemanipunpriyantun kantoran diagem tiyang tani ing sabin menika boten adil,
sanaosa inggih boten lepat awit boten nerak pepacuh utawi paugeran ingkang
wonten. Lha samangke, kula sumerep bilih Dhik Waginem menika, piyantun ingkang
punjul ing apapak, liripun lare ingkang pinter, trampil, gathekan, menapa-menapa
sarwa saged, mesthinipun murih adilipun, Dhik Waginem menika kedahe rak nggih
mucal utawi nyambut damel ing Sekolahan ingkang cetha nggadhahi biji ingkang
sae, boten namung sekolahan sak-sake ngaten menika. Menawi sekolahan-sekolahan
Negeri ing ing salebeting kitha Ngawi menika sampun cetha bilih bobotipun
tartamtu inggil lan sae, benten kalih sekolahan ingkang nembe umur dereng dangu
kathik namung sekolahan swasta ingkang yayasanipun yayasan lokal. Lha kajeng
kula sowan kula mriki wau, kula badhe nutugaken atur kula kala emben nika,
inggih menika Dhik Waginem badhe kula dherekaken sowan dhateng Kepala Sekolah
Negeri ingkang kula tepangi, saperlu nglebetaken lamaran ing sekolahan negeri
wau. Lan kula saged njamin, Dhik Waginem mesthi badhe dipun tampi, awit kajawi
dhasaripun Dhik Waginem menika pinter, kula ugi gadhah sesambetan ingkang sae
kalih kepala sekolahipun. Pripun pamanggihipun Mak ngengingi lekas lan ancas
kula niki?".
"Piye
Nem? Kowe wis krungu ta karo sing dingendikakne Gus Munir iki mau?" mBok
Sadikem malah genti nakoni anake wedok.
"Ngene
ya Mas Munir" Waginem wiwit guneman maneh "aku matur nuwun banget
marang Mas Munir sing wis menggalihake aku lan kersa nedya mbantu aku, nanging
kanthi tulus aku matur marang Mas Munir nek aku wis kadhung mantep arep ngabdi
marang sekolahan sing ana ndesa kae. Ora merga aku ora percaya marang
panjenengan, nanging tenane ngono putusan iki tak jupuk awit saka wohing
anggonku wis nindakne sembahyang istikhoroh kaya sing tau tak aturne
panjenengan biyen kae. Dadi rembugan bab anggonku arep golek papan kanggo
ngabdekne ngelmu sing wis tak tampa iki, becike disigeg nganti samene
wae".
Munir
wis ora bisa semaur maneh, wengi kuwi dheweke kapeksa ngakoni yen Waginem
pancen angel ditelukne. Munir banjur kepengin enggal pamitan wae, dheweke ora
kepengin cuwaning atine disuntak neng omah kono, merga bisa nuwuhake kapitunan
sing luwih gedhe. Tratab. Munir kelingan nek mau gawan sing arep dingge
oleh-oleh marang mBok Sadiken lali, isih keri ing mobil. Lan saupama saiki
dijupuk banjur dipasrahne, cetha nek wis ora patut, malah kira-kira wis anyep
lan nyecek ora karuwan...... wong sate lonthong olehe tuku nggone Cak Nardi
sore mau.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar