35.
Munir
pancen wis ora bisa ngunggahi maneh tembunge Waginem sing wis migunakne tembung
asil istikhoroh ngono kuwi mau. Merga nek wis tekan kono kuwi, dieyela kaya
ngapa wae, asile panggah ora bisa ngowahi sing dadi putusane sing jarene
putusan sing wis pinal. Wengi kuwi Munir rumangsa kasoran rembug lan upama
ditutugne olehe ngajak guneman mBok Sadikem utawa Waginem, tan wurunga malah
ora ana bathine tumrap Munir. Mula Munir ya banjur pamitan, senadyan atine
pegel campur anyel nanging praupane digawe lumrah wae, merga Munir isih duwe
pengarep-arep bisa nelukne Waginem nganggo cara liyane. Waginem dhewe nalika
dipamiti Munir, olehe wangsulan ya ora beda karo padatan, sanajan neng atine ana
rasa seneng nek Munir enggal lunga saka omahe.
Salungane
Munir ninggal omahe, mBok Sadikem ora enggal-enggal ngalih saka palungguhane
ing ruwang tamu kuwi. Waginem sawuse nutup lan ngunci lawange ya banjur mbalik
nyedhaki simboke maneh.
"Ketoke
karepe Munir kuwi mau ya enek apike lho Nem" kandhane mBok Sadikem sawise
Waginem bali mapan lungguh neng kursine "merga arepa kaya ngapa wae, nek
neng Ngawi kene iki, sak maju-majune sekolahan partikulir kuwi ya kadohan nek
ditandhingne karo sekolah negeri lan jenenge ngabdi neng sekolahan partikulir
kuwi ya beda banget nek ditandhing karo ngabdi neng sekolahan sing
negeri".
"Nek
bab kuwi pancen bener mBok" Waginem semaur sabar "nanging aku sing
ora bisa ngandel karo omonge Mas Munir kae, luwih-luwih bareng aku krungu karo sing dingendikakne
Ustadazh garwane Ustadz Mahfudzi mau, mesthi wae aku ora kepengin dadi kurban
kaya pacare Mas Sodik sing biyen".
"Ya
wis nek pancen ngono" wekasane mBok Sadikem ya mbenerne panemune anake
wedok "ora liwat olehmu ngabdi neng sekolahane Pak Ustadz Karmudi kuwi ya
kudu sing ikhlas lahir batin, merga ya mung kanthi sangu rasa ikhlas kuwi sing
bisa nuntun lakuning menungsa marang kanugrahaning Gusti Allah".
"Iya
mBok, pandongane simbok wae sing tansah tak suwun" wangsulane Waginem.
"Lha
nek miturut angen-angenmu, olehe Pak Ustadz Karmudi arep ngajak rembugan Sodik
karo Ibune mengko akeh kasile apa ora Nem?" mBok Sadikem ngalihne
rembugan, ngajak ngrembug perkara liya.
"Aku
ora wani ngangen-angen bab kuwi mBok" wangsulane Waginem alon "upama
Mas Sodik karo Ibune kersa nggugu sing arep didhawuhne Ustadz Mahfudzi ya sokur
alhamdulillah, dene nek ora ya ora apa-apa, wong kabeh-kabeh ki mung wujud
pambudidayane manungsa, sing ora bisa ngungkuli purbaning Kawasa".
"Dadi
upama kowe ora sida karo Sodik ngono kowe ora cuwa?" mBok Sadikem takon sing
semune nanting atine anake wedok.
"Nek
rasa cuwa kuwi ketoke ya ana ta mBok?" Waginem semaur "senajan rasa
cuwa kuwi kudune ora ana, jeneh wong sasuwene iki pancen aku dudu apa-apane Mas
Sodik kejaba mung kanca lumrah, sanajan sak jane ngono ya .........".
"Ya
seneng upama ora mung dadi kanca lumrah nanging dadi kanca urip ?" mBok
Sadikem nyela tembunge Waginem sing sengaja ora ditutugne.
Waginem
wis ora semaur maneh, malah banjur ngukudi gelas tilas kanggo nyuguhi Munir
mau, arep dikorahi ing mburi. Mbok Sadikem ya banjur ngadeg, ngalih arep
menyang kamare, leren.
Sauntara
kuwi, Munir sing atine isih krasa anyel merga durung klakon bisa nelukne atine
Waginem, malah dheweke nemoni kasoran rembug, karo nyetir mobil olehe nyewa
kuwi pikirane mubeng seser, ngulat-ulati cara sing kira-kira bisa digunakne
kanggo mujudne pepenginane. Nalika mripate weruh tas plastik isi Sate lonthong
sing mau lali ora diwenehne mBok Sadikem, Munir mundhak anyel marang Waginem
kenya ayu sing jebul ora kaya kenya-kenya waranggana liyane. Kaca mobile
dibukak, Lonthong Sate sing olehe tuku nganggo dhuwit kuwi, diuncalne metu,
mbuh menyang ngendi tibane.
"Rasakna
kowe Nem" grenenge Munir sajroning atine "saiki kowe bisa ngucap sing
aku kudu meneng ora kuwawa ngungkuli, nanging embuh wektune kowe bakal ngalami
nasib kaya sate lonthong kuwi mau. Apa rumangsane ngono aku kepengin ngrabi
dheweke? Ora, aku ora kepengin ngrabi Waginem, aku mung kepengin mbuktekne nek
aku wong lanang sing bisa nelukne atine wong wedok sing kaya Waginem kuwi
wae".
Gandheng
wektune isih durung pati wengi, Munir ya ora kesusu selak bali. Mobil sing
disetiri digelak menyang papan sing kerep dienggo seneng-seneng, papane wong
sing kapeksa dodolan tresna merga rumangsa ora kuwat ngadhepi cobaning urip
neng ngalam dunya.
Meh
bareng wektune, Bu Kaji Ali uga lagi ngajak Sodik sing kabeneran ora repot,
rerembugan mirunggan karo nglaras arume kopi.
"Aku
dhek emben pas neng Yogya sing keri dhewe kae lho Le, jan ngrasakne seneng ora kaya padatane"
ngendikane Bu Kaji marang Sodik sing wis lungguh neng kursi cedhake ibune.
"Lha
menapa wonten ingkang benten kalih padatane?" Sodik semaur "lire
sikepipun Yu Rien utawi Mas Kahar langkung sae dhateng Ibu?".
"Ya
ora jane" Bu Kaji paring wangsulan "nek sikepe mBakyumu utawa bojone
ki ya ora tau beda, wong wiwit biyen ya tansah ora tau gawe cuwane Ibu".
"Lha
napa sing ndadosne benten?" Sodik matur maneh.
"Iki
kira-kira lho ya?" Bu Kaji ngendika rada banter.
"Nggih
napa Bu sing kira-kira niku?" Sodik mesem.
"Kira-kira
merga neng kana Ibu rak oleh tepungan anyar, sing wonge becik, pinter, sopan
lan bisa ngladeni kanthi becik nek Ibu ngersakne ngajak jagongan dheweke".
"Sinten
menika Bu? Kakung menapa Estri? atake Ibu nembe kapilut ing raos asmara?"
Sodik matur karo setengah guyon.
"Kowe
kuwi kok malah ngawur" Bu Kaji wangsulan suwarane ora nuduhne yen ora
karenan merga tembunge putrane "ibumu iki wis tuwa, kok arep mbok padhakne
isih nom wae, isiha nom biyen sapungkure Bapakmu, ibu wis ora tau nemoni wong
lanang sing bisa gawe sengseme ibu, ora merga apa-apa kajaba pancen tresnane
Ibu ki wis entek disuntak kanggo sawargi Bapakmu lan turahane Ibu sokne menyang
kowe karo mBakyumu".
"Inggih
Bu" wangsulane Sodik wis ora karo guyon "kula nggih ngertos lan saged
ngraosaken bilih ingkang didhawuhne Ibu niku wau mila leres".
"Iya"
Bu Kaji nutugne ngendikane "kae lho, Restu kowe ngerti Restu ta?".
"Nggih
ngertos lah Bu" Sodik wangsulan karo rada ngguyu "Restu putrane Bu
Hasanah Pak Jayadi ingkang kala wingenane sareng-sareng takziyah dhateng
Panggang nika ta? Restu kenging menapa Bu?".
"Ora
keneng apa-apa" Bu Kaji wangsulan karo mesem "sing ibu kersakne oleh
tepungan anyar ki ya Restu kae bocahe. Ibu ki kerep jagongan karo Restu lan Ibu
rumangsa cocog karo dheweke, merga omong saomong sarwa nengsemake, jembar
tebaning wawasan, ora kaduk olehe seneng umuk malah kepara pintere dialingi,
nanging tembung sing metu saka lesane kabeh sarwa gawe senenging atine Ibu lan
kira-kira wong liyane Ibu ya duwe panemu sing padha".
"Lha
inggih limrah ta Bu?" Sodik atur wangsulan "Restu nika rak inggih
putranipun tiyang kinurmat, bapak lan ibunipun Guru sedaya, wiwit alit tansah
digegulang ing reh kautaman, menapa malih Restu nika rak inggih tiyang ingkang
pinter, tiyang inggih lulusan Perguruan Tinggi ingkang kondhang ing Yogya.
Dados inggih sampun pas menawi Restu nggadhahi kelangkungan kados ingkang Ibu
dhawuhaken menika kala wau, jeneh wis sarjana kathik wiwit cilik digulawenthah
dening wong tuwane sing kakung putri guru kabeh, dadose nggih dados tiyang sae.
Mila kula nggih sok-sok gadhah gagasan benjing menawi pikantuk jodho ngaten,
kepengin saged jodho ingkang nyambut damelipun dados Guru, murih anak-anak kula
benjing saged dados lare ingkang shaleh solehah".
"Ibu
ya seneng kok saupama Ibu kagungan mantu wedok ki Guru ngono" Bu Kaji ngegongi
apa sing dikandhakne Sodik.
"Inggih
ta Bu?" Sodik ngguyu lirih "nggih mugi-mugi mawon boten dangu malih
Ibu kaparingan mantu Bu Guru".
"Aamiin"
Bu Kaji wangsulan ngamini kandhane Sodik "kowe ngerti ta Le? Restu kae
nyambut gawene ya Guru lho?".
"Dheg!"
Sodik wiwit nyandhak karo sing dikersakne Ibune. Ana sethithik rasa samar sing
mampir ing atine. Samar yen Ibune ngersakne Sodik gelema mujudne
idham-idhamane, ngaturne mantu marang Ibune sawijining Guru, sing ora liya
Restu sing wektu iki nyambut gawene ya dadi Guru, Guru TK.
Nggagas
ngono kuwi, ndadekne Sodik banjur meneng, ora enggal guneman, nanggapi
pangandikane Ibune sing lagi ngersakne ngajak jejagongan.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar