Total Tayangan Halaman

Selasa, 26 April 2022

SLENDHANG KUNING (036)

36.

Pancen Sodik dhewe ngakoni yen Restu kuwi bocah wadon sing klebu becik bebudene, ora nguciwani mungguh rupa lan slagane,  duwe wawasan sing jembar lan nyenengake lamun diajak omong-omongan. Sodik luwih dhisik olehe tepung lan wanuh karo Restu tinimbang Ibune. Ya watara setahunan kepungkur, ngepasi Sodik dolan menyang omahe mBakyune, mbeneri pas Restu uga sanja neng omahe Ririen, nekani acara pengajian ibu-ibu lan remaja putri ing kampung kono, pengajian rutin pasaran mubeng, sing pas dina iki mbeneri anceran manggon neng omahe Ririen. nDelalah wektu kuwi sing teka ing pengajian kono dhisik dhewe Restu sing uga dijaluki tulung dening Ririen supaya ngrewangi nata pasugatane. Mula ya ana kalodhangan kanggo Restu lan Sodik padha tepungan lan kober omong-omongan. Lan wiwit kuwi, saben simpangan neng dalan salah siji saka bocah loro kuwi ajeg nek banjur aruh-aruh lan malah kala-kala karo mandheg barang, omong-omongan sedhela.

 

Sanadyan Sodik wis ngakoni kaluwihan sing ana pribadine Restu, nanging wektu kuwi Sodik durung ilang rasa sengit sing mapan ing alam ngisoring nalare (alam bawah sadar maksudnya), marang meh saben wong wadon. Mula ing atine Sodik ora ana rasa apa-apa marang kenya ayu sing dadi guru TK kuwi. Lan Sodik uga bisa maca yen olehe Restu nganggep marang dheweke, iya ora luwih saka kekancan lumrah, mung ndelalah lanang karo wadon ngono wae. Kajaba saka kuwi, Sodik sing saben dolan menyang omahe Dokter Kahar, Kangmase Ipe kuwi, ajeg yen wayahe sembahyang mesthi menyang Masjid cedhake, uga banjur tepung becik karo Pak Jayadi sing uga jamaah ing masjid kono. Dhasare Pak Jayadi ya priyayi sing blater, dadi sanadyan kepethuke karo Sodik arang-arang, nanging aba wis kepethuk ya banjur ngobrol sing rada suwe.

 

Iki mau Sodik maca ing waliking ukara-ukara sing dingendikakne Ibune, katone Bu Kaji kagungan gagasan kepengin ngepek mantu Restu lan diolehake karo dheweke. Yen nganti Ibune kawetu dhawuhe mangkono tenan, mesthi Sodik bakal rada kangelan olehe arep atur wangsulan, merga saben-saben Ibune dhawuh supaya Sodik gelema enggal rabi, wangsulane Sodik ajeg yen nyuwun marang ibune supaya digolekne wanita sing gelem dadi jodhone. Iki mengko, saupama Ibune paring kabar yen olehe nggolekne bojo dheweke klakon wis entuk tenan, ya kuwi Restu, wanita sing ora duwe kakurangan sing klebu prinsip, Sodik mesthi wae ora bisa nampa. Merga ing atine wis ana wanita liya sing nduweni bobot luwih mantep tinimbang Restu, kuwi nek miturut panemune. Nanging, apa Waginem temen-temen gelem karo dheweke?. Upama Waginem gelem, apa kira-kira Ibune bisa nampa Waginem minangka dadi mantune?. Upama Ibune ora tepung becik karo Restu, kira-kira Bu Kaji ya mung percaya karo apa sing diaturne Sodik, nanging gandheng Bu Kaji wis pirsa njaba -njerone Restu sing nyatane apik, sauntara karo Waginem Bu Kaji durung nate pirsa, mesthi mengko Bu Kaji bakal nandhing antarane Waginem karo Restu lan kena dipesthekne Bu Kaji bakal luwih ngeboti Restu tinimbang Waginem, ora merga apa-apa nanging petung lumrah, sing dhisik dhewe dadi bahan pertimbangan ora ana liya ya kulawarga lan asal-usule sing ditandhingne. Lan nek mung kuwi sing disawang, cetha nek Waginem bakal kasoran yen ditandhingne Restu sing cetha wong tuwane saka kulawarga sing kinurmat  ya awit saka palungguhane ya awit saka beciking tindak tanduk, pasrawungan saben dinane karo tangga teparo lan tepungane.Lha nek Waginem ? isih arang sing ngerteni yen kuwi mutiara sing ndelalah manggon neng lendhut peceren.

 

"Hm........" ora krasa Sodik unjal ambegan landhung.

 

"Kowe kuwi kena apa ta Le?" Bu Kaji sing mireng putrane unjal ambegan banjur ndangu "dijak omongan kok malah nglamun? lagi nggagas apa ta sak jane ngono?".

 

"Nyuwun pangapunten Bu" Sodik gage wae asok kaluputan "boten nggagas napa-napa, namung sareng Ibu dhawuh menawi mBak Restu nika Guru TK, kula lajeng kemutan bilih sekolahan TK Pesantren nika Gurunipun badhe suda setunggal, kabar ingkang kula tampi Ustadzah Ning nika badhe jengkar saking mriki, ndherekaken kakunge tugas dhateng Trenggalek dados Kakankemenag mrika".

 

"Oo, Nak Syaifulloh Huda kae sidane diangkat dadi Kakankemenag neng Trenggalek ta?" Bu Kaji paring wangsulan ngiras mundhut pirsa "ya sokur alhamdulillah nek ngono, wong pancen putrane Mas Badrun kae ki wiwit biyen kondhang olehe temen lan tekun olehe ngabdi neng Kemenag, wiwit diangkat dadi Penghulu pisanan kae, kabar sing tak tampa ora tau kersa nampani amplop saka modin-modin yen pas ngijabne ngana kae, jarene wong nindakne bedholan manten saka kantor ngono kuwi wis ana anggarane saka negara".

 

"Inggih mila Mas Huda nika cocog sanget menawi saged nglenggahi jabatan ingkang inggil, karang priyantunipun sregep, jujur lan pinter saestu" Sodik ngegongi apa sing lagi wae didhawuhne Ibune.

 

"Wah, saupama bisa ngono ya apik tenan jane........." Bu Kaji dumadakan ngendika kaya ditujokne marang panjenengane dhewe.

 

"Menapa Bu ingkang saupami saged?" Sodik ora mudheng karo sing dikersakne ibune.

 

"Mung saupama, nek bisa klakon mesthi dadi lan apike, nanging piye marahi adoh sih panggonane......" Bu Kaji nutugne olehe ngunandika.

 

Sodik wis ora wani nyelani matur maneh.

 

"Karepku iki mau ngene lho Dik" wusanane Bu Kaji blaka "nek Ustadzah Ning sida ndherekne Nak Huda menyang Trenggalek, saupama banjur olehe mulang neng TK kuwi digenteni Restu rak ya mundhak dadi lan apike TK sing neng Pesantren kae ta?"

 

"Ooo niku ta Bu?" Sodik lagi dhong karo sing mau dingendikakne ibune "upami saged ngaten nggih sae, nanging napa nggih saged kelampahan? tiyang mBak Restu niku daleme tebih, ing Yogya, gek ing TK nipun mBak Restu niku nggih dados tenaga inti, salaminipun boten badhe dipun lilani dening Yayasanipun menawi badhe ngalih padamelan".

 

"Iya, Ibu mau mung omong saupama, lan jenenge saupama kuwi ora kudu klakon" Bu Kaji paring wangsulan "nanging nek Gusti Allah ngersakne ya mesthi bakal tuwuh jalaran sing banjur kudu diliwati Restu mlaku menyang Pesantren banjur mulang TK neng kono, iya apa ora?".

 

Sodik wis ora semaur kajaba mung manthuk karo mesem, merga jenenge rembugan ki nek wis tekan "wis dikersakne Gusti" ngono kuwi cetha nek ora bisa dibantah maneh. Merga pancen apa wae kang dumadi kuwi mesthi ya saka idzine Allah, sanajan panganggep sing kaya mangkono mau satemene durung mesthi nek bener, merga apa wae kedadean ing donya kuwi ora bisa dipisahne karo Kodrat-iradate Allah sing wis dilintirake marang manungsa kang wis dipercaya supaya nglestarekne bumi lan jagade.

 

Mula tinimbang sansaya akeh olehe ngrembug Restu, Sodik banjur api-api angop. Lan matur pamitan arep mapan turu marang ibune. Bu Kaji sing uga pirsa yen awan mau Sodik repot lan ora leren olehe nandangi gaweyane nganti ora bisa nyelakne wetu kanggo turu awan, uga banjur paring dhawuh supaya Sodik enggal mapan turu, murih kejaga kesarasan awake.

 

Nanging jebul neng kamare Sodik sing ditindakne Sodik beda karo olehe pamit ibune. Neng dipan Sodik ora enggal merem, malah mripate nyawang mendhuwur, ngingeti pyan sing rupane putih, lan pyan kuwi kaya-kaya dadi gantine layar proyektor sing bola-bali katon metu gambare wong loro sing metune gentenan. Gambare Waginem klawan eseme sing manis, kala-kala katon lagi lungguh kalungan slendhang kuning sing disampirne ing pundhake, nindhihi jilbab sing nutupi sirahe, Waginem lagi nembangne lelagon Podhang Kuning, sing isine kaya-kaya minangka pasemon, sing diukarepne Waginem Podhang Kuning kuwi ora liya, ya dheweke dhewe.  Durung tutug nggone Waginem tetembangan, gambar sing neng layar kuwi salin, genti Restu sing dumadakan ngatonake esem sing ora kalah ngujiwate, Restu lagi mlaku dijejeri Bu Kaji ya Ibune, arep menyang Pesantren, arep mulang neng TK ne Pesantren, nggenteni Ustadzah Ning sing wis pindhah menyang Trenggalek ndherekne kakunge. Banjur lamat-lamat atine krungu suwarane Ustadz Mahfudzi sing ngabarake yen arep njajagi atine Waginem lan wong tuwane, ana rasa mathuk utawa ora saupama Waginem dijodhokne karo dheweke. Sodik dadi sansaya keseret lakuning angen-angen sing mlaku banter kaya lakune banyu kali ing wayah banjir gedhe, nanging dumadakan banyu kali kuwi mandheg, mubeng ing tekukan kedhung, muleg ora ana lerene.

 

 

ana candhake.

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...