37.
Dina
esuke Sodik ora menyang sawah, merga dinane Rebo lan dina Rebo karo Kamis kuwi
ancerane Sodik mulang neng SMA. Mula isih esuk wis ngelapi pit montore, banjur
adus lan reresik awak. Karo mantesi sandhang panganggone Sodik mesam-mesem
dhewe, semangat olehe arep budhal mulang wuwuh sapirang-pirang. Ya, merga
mengko bakal ketemu Waginem neng sekolahan.Sodik Salim wong pinter weton Mesir
kuwi ora tau nggagas ya gene anane Waginem neng sekolahan kuwi wis nambahi
greget olehe njangkahne sikil menyang sekolahan. Sakeplasan Sodik ya tau maca,
yen tenane ora mung dheweke dhewe sing wangune kepencokan sengsem marang
Waginem. Khoirul Kepala Tata Usaha sing uga isih legan kuwi miturut panyawange Sodik
uga nggadhuh rasa kepencut marang Waginem, nanging Sodik ora nggagas perkara
kuwi. Sodik isih luwih optimis yen mung saingan karo Khoirul wae sajake ora
pati mbebayani, luwih-luwih yen kelingan karo sing dingendikakne Pak Ketua
Yayasan sing luwih nyengkuyung marang dheweke ketimbang marang Khoirul Anam.
Uga ora kalah bakune, nadyan Sodik olehe teka neng sekolahan ora saben dina,
beda karo Khoirul sing saben dina mlebu, nanging wektu kanggo ketemu lan
omong-omongan karo Waginem luwih akeh dheweke tinimbang karo Khoirul sing
ruwangane beda karo ruwangan sing kanggo lungguhan para Guru nek wayahe ora
mulang neng kelas.
"Nanging
ora kena semono" dumadakan sajroning atine ana suwara elik-elik
"nadyan arang bisa ketemu lan jejagongan, nanging bisa uga Waginem luwih
sengsem marang Khoirul lho?".
"Kuwi
bener" wangsulane atine dhewe "nek pancen mangkono tenan, ya ora
apa-apa, karang jenenge jodho kuwi wis diatur dening sing gawe urip. Sing baku
aku wis njangkah kanggo marani panjangkaku, dene karo Sing Kuwasa jebul ora
dikeparengake, ya wis. Muga-muga wae, mbuh karo aku mbuh karo Khoirul muga-muga
ing mbesuk uripe Waginem dadi sansaya becik, ora kaya Susi sing wurung karo aku
jebul malah ora karuwan sing dadi nasibe".
Kelingan
Susi, Sodik uga banjur eling marang Munir. Yen Munir biyen wis ngrebut Susi
saka tangane, saiki ora mokal yen Munir uga mbudidaya ngrebut Waginem saka tangane
maneh. Sodik uga weruh lan ngerti bab kuwi. Nanging Sodik uga ngerti nek Susi
karo Waginem kuwi beda lan nduweni kapribaden sing ora padha.
"Ya
muga-muga wae Gusti Allah paring pangayoman marang Waginem" karo
ngrampungne olehe jungkasan Sodik ndedonga marang Sing Maha Kuwasa.
Ngepasi
Sodik tekan parkiran sepedha motore para guru, neng kono Waginem lagi wae
njagangne sepedhane. Ana rasa seneng sing mampir ing agen-angene Sodik.
Mripate
nglirik jam ing tangane, wektu jam pelajaran isih setengah jam maneh diwiwiti.
Tekane Waginem ing sekolahan ora kasep, ora beda karo olehe teka.
"Kok
gasik Bu?" aloke Sodik aruh-aruh marang kenya sing wis njiret atine kuwi.
Wiwit Waginem dadi guru neng sekolahan kono, Sodik yen nyeluk Waginem salin
saka mBak malih dadi Bu, idhep-idhep mbasakne murid-muride.
"Inggih
Mas, eh Pak" wangsulane Waginem karo mesem "tinimbang ing margi kraos
kemrungsung, kula pilih bidhal radi enjing".
"Mila
saenipun inggih makaten" Sodik guneman maneh karo njejerne sepedhane ing
sisihe sepedhane Waginem. Waginem dhewe wis ngalih neng njabane parkiran
nanging isih ngadeg ora tumuli mlaku menyang ruwangane guru-guru, ketoke
ngenteni Sodik.
Wong
loro sing satemene ing atine ana rasa sengsem nanging isih durung ana sing wani
mblakakne kuwi banjur bareng mlaku tumuju ruwang guru.
"Ketingalipun
pripun Bu? saged kraos napa boten sasampunipun ngraosaken mucal lare-lare
dhusun ing mriki?" karo mlaku Sodik nglirik Waginem sing mlaku ora adoh ing sisihe.
"Insya'allah
malah sansaya krasan Pak" karo mesem kebak semangat Waginem wangsulan
"saged kepanggih lare-lare saben dinten makaten menika, ingkang wonten
raosipun namung remen, inggih mugi-mugi mawon anggen kula nindakaken kuwajiban
mucal menika ugi saged ndadosaken lare-lare sansaya sregep anggenipun
sinau".
"Aamiin"
Sodik wangsulan karo mesem.
Ora
krasa lakune wong loro kuwi wis tekan panggonan sing dituju. Jebul neng papan
kono wis akeh guru sing teka lan lungguh neng kursine karo padha omong-omongan.
"Waaaah
jan serasi tenan Pak Sodik" Pak Sigid, guru Akutansi neng sekolahan kono
kuwi, alok karo ngguyu renyah, ngerti nek Sodik karo Waginem tekane bareng.
"Apane
sing serasi Pak?" Sodik wangsulan karo ngimbangi mesem.
"nGgih
panjenengan kalih Bu Waginem niku lho" Pak Sigid guneman maneh eseme
sansaya amba "kula sawang wiwit saking parkiran dugi mriki, anggenipun
tindak ketingal nengsemaken, kados Romeo kalih Yuliet mawon".
"Ora
dhing Pak" Bu Wiwin sing olehe lungguh ora adoh karo Pak Sigit melu nrambul
"ora kaya Romeo karo Yuliet, nanging kaya Kamajaya karo Kamaratih".
Sodik
ora wangsulan, mung eseme wae sing katon nambahi sumringahe praupane. Waginem
uga ora guneman apa-apa, mung rasa seneng ing sajroning atine merga oleh
gojlogan saka kanca-kanca padha guru kuwi sing ora bisa disingidake. Praupane
dadi mbrabak, nanging dudu mbrabake wong sing nesu, nanging mbrabak merga atine
ketiban rasa isin, isin sing nyenengake.
"Mulane,
kabeh wae padha nyenyuwuna muga-muga Pak Sodik karo Bu Waginem enggal nyebar
undangan kanggo awake dhewe" Pak Agus sing yuswane paling tuwa ing
ruwangan kono kuwi, melu mbumboni "mengko nek wis resmi, Pak Sodik rak
mundhak sregep rawuh, rak ya ngeterne ingkang garwa? rak ya ngono ta Pak
Sodik?".
"Walah-walah,
panjenengan kabeh ki jan sadis tenan kok" Sodik wangsulan karo ngguyu
"esuk-esuk kok wis mentala-mentalane nggarapi kancane kaya ngene?".
Wong
sak ruwangan padha ngguyu bareng, klebu Waginem uga melu mesem, praupane
mundhak sansaya mbrabak abang kaya jambu dersana. Karo mapan lungguh neng
kursine, Sodik kober nglirik Waginem sing uga mapan lungguh neng kursi ora adoh
saka papane. Jebul mbarengi Sodik nglirik kuwi, Waginem uga pas nglirik marang
Sodik. Tanpa disengaja sunaring mripate wong loro kuwi tempuk, kekarone mesem
bareng banjur padha ndhingkluk, praupane padha olehe mbrabake.
mBarengi
wektune, Bu Kaji Ali lagi wae lenggah neng pawon, masrahne blanja-blanja sing
dituku saka bakul ideran sing dadi langganane, marang Simpen sing wektu kuwi
lagi ngelapi bala pecah sing lagi wae rampung dikorahi.
"Lho
mBak Yun blanja wau empun dugi ta Bu Kaji?" karo nampani blanja-blanja
sayuran, Simpen takon marang bendarane.
"Uwis,
lha kae wonge rung lunga, isih ngedoli sing lagi padha blanja kae"
wangsulane Bu Kaji "lha apa awakmu mbutuhne apa maneh? ya kana, tukuwa
kana iki dhuwite, mumpung wonge durung lunga".
"Boten
kok Bu Kaji" Simpen matur "anu, kula dhek emben rak taksih nilar
susuk teng piyambake? nek boten ndang kula jaluk mengke saged-saged kelalen
larene".
"O
kuwi ta? Uwis kok" Bu Kaji ngendika karo mesem "susuk sing cacahe
rongewu satus seket ta? Uwis diwenehne aku, dipotongne blanja kuwi".
"Oh,
nggih empun nek ngoten, kula namung kuwatos nek larene nglali" kandhane
Simpen sabanjure.
"Kowe
kuwi kok senengane nyujanani ala marang wong liya lho?" Bu Kaji ngendika
semu srengen "ora becik ngono kuwi, upama si Yun Blanja kae lali, merga ya
pancen urusane sapirang-pirang, nek dielikne rak ya banjur manggon. Iya
ta?".
"Eng...
enggih jane" Simpen wangsulan karo mesem, ngrumangsani kaluputane.
Bu
Kaji karo Simpen padha noleh nyawang arahe plawangan pekarangan, ana sepedha
motor sing menggok suwarane keprungu banter saka papane wong loro sing lagi
padha jejagongan kuwi. Simpen menyat, mlaku mengarep arep ndelok sapa sing lagi
teka.
"Ketungale
kados Mas Munir" kandhane Simpen ngaturake marang Bu Kaji sapa sing numpak
sepedha motor mlebu ing pekarangan kono kuwi.
"Sapa
Munir? Munire Dhik Hari?" Bu Kaji mundhut pirsa, nggenahne sapa tamune.
"Inggih
leres"
"Kana
temanana dhisik, kon ngenteni neng pendhapa wae, aku tak salin kudhung
dhisik" Bu Kaji prentah Simpen supaya nemoni tamune.
Simpem
ya banjur metu arep nindakne dhawuhe bendarane. Bu Kaji mlebu omah arep salin
kerudhung sing rada pantes yen kanggo nemoni dhayoh.
"Bekti
kula Budhe Kaji" Munir gurawalan mapag metune Bu Kaji saka omah, banjur
sungkem karo ngaturne bekti.
"Iya"
wangsulane Bu Kaji sing dibacutne karo pamundhutan pirsa "iki mau saka
omah? Apa mung mampir wae? Apa diutus Bapakmu?".
"Inggih
Budhe, saking griya mawon kok" wangsulane Munir "kula supe menawi
niki wau Mas Sodik mucal, estunipun badhe matur Mas Sodik ugi matur dhateng
Budhe Kaji".
"Iya,
Sodik iki mau menyang sekolahan" Bu Kaji paring wangsulan "Lha arep
matur bab apa ta? Ketoke kok wigati banget?".
"Inggih
Budhe" Munir matur alon nanging cetha "inggih awit kasurung raos dosa
ingkang nate kula tindakaken dhateng Mas Sodik kala rumiyin, kula gagas menawi
kula wajib ngaturaken babagan menika dhateng Mas Sodik ugi dhateng Budhe Kaji,
inggih nadyan namung sakedhik sageda nyuda dosa kula ingkang sampun kalajeng
rumiyin nika".
"Lho
perkara sing wis kebacut lan wis suwe kedadeyane ya gene mbok kandhakne maneh?
Kowe rak ya wis ngerti dhewe ta? Sodik ki wis ora nggagas perkara kuwi maneh.
Lha saiki apa maneh sing arep mbok kandhakne?" Bu Kaji mundhut pirsa,
suwarane cetha yen olehe ngendika katon tenanan.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar