38.
Pancen
kulawargane Bu Kaji ora seneng yen perkara olehe jugar anggone jejodhowan
antarane Sodik karo Susi jaman semana diucapne sapa wae. Lan kanthi sikep sing
perwira Sodik lan Ibune ya wis ora kepengin ngrembug kuwi maneh karo sapa wae.
Perkarane wis rampung biyen-biyen lan ora ana gunane dibolan-baleni olehe
nggunem. Sesambungan antarane Sodik karo Munir ya ora ana owah-owahan mangkono
uga kulawargane. Mula bareng esuk kuwi Munir teka nyang daleme Bu Kaji Ali, banjur
kandha bab kuwi maneh, Bu Kaji katon nek penggalihe ora rena. Bu Kaji ora
kepengin nggugah kremi sing wis angler olehe turu.
Munir
ngerti nek Bu Kaji ora karenan ing penggalih, nanging Munir puguh arep nutugne
olehe kandha bab kaluputan sing nate ditindakne kuwi biyen. Perkara sing wis
suwe disigeg critane kuwi dening Munir arep dienggo lawang mlebu marang
kulawargane Bu Kaji, kanggo nindakne rancangan sing wis mateng ditata ana
angen-angene.
"Inggih
Budhe" kandhane Munir alus "kula ngertos menika, sadaya kala wau kula
ugi sumerep lan ngrumaosi sepinten kaluhuran jiwanipun Mas Sodik saha Budhe
Kaji dhateng kula lan kulawarganipun Bapak. Inggih wewaton menika, kula
kepengin sanget sakedhik nebus kalepatan kasebat kanthi ndherek ngreksa
kaluhuraning asmanipun Budhe Kaji saha Mas Sodik, sampun ngantos Mas Sodik saha
kulawarganipun Budhe Kaji ingkang sampun kasasra ing arumipun menika luntur
awit saking tumindakipun tiyang nistha kados kula kala rumiyin nika".
"Tembungnu
kok sansaya mbulet ta Nir?" Bu Kaji paring wangsulan kanthi suwara sing
panggah nuduhne ora renaning penggalihe "jane ngono ana apa karo
Sodik? bocahe nindakne kaluputan apa?
kok kowe ngarani bisa gawe kuceme asmane kulawarga kuwi?".
"Sabar
Budhe" Munir wangsulan suwarane digawe dadi sansaya alus "Mas Sodik
boten tumindak lepat, kula ngertos Mas Sodik menika pindha malaikat ngejawantah
ingkang sedaya lampahipun tansah nyebar karahayon lan katentreman dhateng sok
sintena kemawon, nanging .......... ".
"Nanging
piye?" Bu Kaji sansaya ora sabar mireng gunemane Munir sing
direngga-rengga sing tundhone malah keprungu nek mbulet.
"Kasaenanipun
Mas Sodik menika sok saged dipun angge gegaman dening tiyang culika, kados ingkang
sampun kula lampahi kala rumiyin.......".
"Wis,
wis ora sah ndadak ditutugne olehmu arep guneman" Bu Kaji katon wiwit semu
duka "bola-bali kok underane banjur mbalik neng jaman sing wis ora enak
dirungokne!".
"Nyuwun
pangapunten Budhe" Munir wangsulan banjur nutugne anggone ngecakne cara
kanggo nguber sing dikarepne "cekak aos kemawon, wekdal menika Mas Sodik
ketingalipun nembe nggadhahi sesambetan kalih lare estri.......".
"Ya
wis ben, kepara malah kabeneran kuwi, merga aku ya wis kepengin duwe mantu
wadon kok" Bu Kaji nugel rembug, suwarane wis ora dhuwur maneh. Bu Kaji
rumangsa remen nek sing dikandhakne Munir kuwi bener, sakeplasan jeneng Restu
sing ora tau uwal saka jeroning batine Bu Kaji ketutupan dadi malih ora ngaton.
"Kula
inggih ndherek bingah Budhe" Munir nyambung rembuge "nanging kula ugi
boten kepengin menawi Mas Sodik ingkang lugu menika namung badhe dipun apusi mawi
endahing warna ayu lan tembung ingkang manis nanging mawa wisa mandi ingkang
tundhonipun badhe nyeret asmaning Kulawarga dhateng peceren.......".
"Sing
mbok karepne ki piye?"
"Ngaten
Budhe, ingkang dipun tresnani Mas Sodik wekdal menika lare estri naminipun
Waginem, yogane randha ingkang rumiyin jaman nemipun tiyang nakal, lha Waginem
menika padamelanipun dados Ledhek, ugi waranggana ingkang kerep dibetani
dhalang-dhalang teng pundi-pundi. Mula nggih rumaos gumun, kok Mas Sodik saged
kayungyun kalih wanita ingkang kados makaten menika, kamanga kathah kenya
ingkang ayu lan kinurmat sami gandrung dhateng Mas Sodik boten dipun paelu
babar pisan, lha kok malah kapincut dhateng ledhek, sanadyan ayu nanging inggih
panggah ayunipun ledhek, mila wasis nandukaken ukara ingkang kawlas asih tuwin
tembung-tembung manis, nanging estunipun inggih namung lamis. Kula kuwatos
Budhe, kuwatos menawi Mas Sodik sampun ketiban kemayaning mantra pengasihan.
Harak eman sanget ta Budhe? Kula kemawon ingkang sampun kondhang dados tiyang
bubrah, boten kados Mas Sodik ngaten menika kok, estu Budhe kula boten
damel-damel, esthining manah kula wau saking griya janipun badhe manggihi Mas
Sodik ngaturi pemut murih sampun ngantos kebacut kenging kaseret dening Tledhek
Waginem, ingkang saged damel kuceming asma Kulawarganipun Budhe Kaji, ndelalah
jebul Mas Sodik nembe tindak menika kala wau".
Bu
Kaji katon yen kejot penggalihe mireng apa sing dikandhakne ponakane sing rada
disengiti kuwi. Bu Kaji ngudarasa jroning penggalih, yen kudune kabar sing
digawa Munir kuwi ora sah ndadak dipenggalih lan ora perlu dipercaya. Merga
mokal yen Sodik sing wis akeh pengalamane kuwi kanthi gampang bisa kedanan
Tledhek. Lan sasuwene iki durung tau Bu Kaji mireng yen Sodik wis wiwit
kethukulan rasa sengsem menyang wong wadon maneh. Wong malah ngepasi Sodik
digiring supaya bisa cecaketan karo kenya ayu sing jeneng Restu dhek emben kae,
Sodik isih panggah durung owah olehe nggegem sikep sing adhem lan anyep marang
wanita. Nanging, nek pancen sing dikandhakne Munir iki mau ngayawara, ya mokal
menawa Munir nganti gelem mara menyang omah kono mung arep ngandhakne marang Bu
Kaji dhewe.
"Mengko
dhisik" Kanthi suwara sing alon Bu Kaji wiwit nanggapi critane Munir
"kowe kok bisa crita kaya mangkono kuwi mau, larah-larahe piye? apa mung merga
oleh kabar sing kabeneran mbok temu ana ratan banjur mbok kukuti, apa merga
kowe dikandhani wong sing dhasare ora seneng karo Sodik? Merga aku ngerti, kowe
kuwi nek karo Masmu Sodik gajege ora pati cedhak, merga duwe pasaban sing
beda".
"Nyuwun
pangapunten nggih Budhe" Munir mesem, batine wiwit nicil seneng, cara sing
dicakne sajake wis meh mlebu ing penggalihe Bu Kaji "Budhe rak inggih
sampun pirsa piyambak, kula niki tiyang ingkang sampun murang sarak boten
kantenan? tindak Ma lima, sampun dados pakulinan?. Inggih awit kula niki tiyang
bubrah srawungipun ingkang kathah lan asring inggih kalih tiyang risak, klebet
kalih para tiyang ingkang remen ngabotohan, mendem, ugi kalih para Ledhek lan
palanyahan. Tumrap para pandhemen gambyong lan tayub, Ledhek ingkang naminipun
Waginem menika mila sampun kawentar ayunipun, ugi kawentar sekeca suwantenipun,
mila inggih klebet Ledhek ingkang nggadhahi regi radi awis. Niku kula ngertos
piyambak, tiyang kula nggih sampun tepang sae kalih rombongan karawitan ingkang
dipun tumuti Waginem niku, kula nggih kerep mawon nusul ing panggung, menawi
Waginem nuju tanggapan sareng-sareng kalih rombonganipun karawitan. Lha
saderengipun Mas Sodik tepang kalih Waginem niku, kula sampun akrap langkung
rumiyin, kula nggih kerep mawon dolan teng griyanipun. Pramila nalika Mas Sodik
sajak sampun kapencut kalih Ledhek ayu niku, kula inggih sumerep mawi mripat
kula piyambak, tiyang asring kemawon kula tempuk kalih Mas Sodik ing griyanipun
Waginem menika".
Bu
Kaji dadi sansaya kejot penggalihe, babar pisan ora tau kumlembar ing sajroning
angen-angene nek Sodik kaya sing dicritakne Munir ngono kuwi. Critane Munir
kuwi cetha nek wis ndadekne Bu Kaji rumangsa ketampeg pasuryane.
"Nuwun
sewu nggih Budhe" Munir sing wis bisa maca nek critane wis bisa ndadekne
Bu Kaji kejot penggalihe kuwi banjur nutugne olehe kandha "kula ngertos,
sanaosa makaten Mas Sodik niku dereng ngantos kacemplung ing jagad peteng kados
jagad ingkang kula panggeni. Dados Budhe sampun ngantos kalajeng-lajeng
anggenipun sekel menggalihaken bab menika, taksih kathah wekdal kangge
ngenggaki murih Mas Sodik boten nglajengaken anggenipun nembe supe awit
dayaning kemayan mantra pengasihan menika. Awit dhasaripun Mas Sodik menika mila
tiyang ingkang sae, anggenipun saged makaten menika kala wau kula pitados
inggih awit sampun ketiban guna dhesthi ingkang dipun cakaken dening Waginem,
kirangan ing pundi rumiyin Mas Sodik sepisanan panggih kalih Ledhek menika.
Bakenipun Mas Sodik niku benten kalih kula, menawi kula mila sampun kelajeng
mrusal, dados boten sah mawi pengasihan, mila kula sampun langkung rumiyin
kedanan kalih Ledhek-ledhek ingkang nate kula panggihi".
"Iya"
Bu Kaji ngendika suwarne keprungu ngemu sungkawa "aku matur nuwun banget
merga kabar sing mbok gawa iki, mengko Sodik tak kandhanane murih ora kebacur
bubrah uripe".
"Inggih
Budhe" Munir wangsulan alon "ingkang baken kula pitados Mas Sodik
taksih gampil menawi dipun emutaken, kula inggih badhe ndherek atur pemut
dhateng Mas Sodik menawi perlu inggih menawi ngepasi wonten Budhe Kaji ngaten
menika, murih langkung mandi".
"Ora
kudu mangkono" Bu Kaji paring wangsulan "tak aku dhewe wae sing
nuturi Sodik, malah awakmu aja melu-melu mundhak Sodik dadi salah tampa banjur
ora gelem ngrungokne pitutur saka sapa wae".
"Inggih
Budhe" .
Sawuse
tutug apa sing dadi karepe, Munir uga banjur pamitan bali. Bu Kaji nguntaone
baline ponakane kuwi nganti tekan plawangan ngarep.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar