Total Tayangan Halaman

Selasa, 03 Mei 2022

SLENDHANG KUNING (039)

 

39.

Dipamiti pulunane, Bu Kaji mung semaur alon "ya". Penggalihe klambrangan tekan ngendi-endi, kepethuk saleksa rasa sing sarwa beda sing kabeh ngreridhu aweh panggodha. Ana rasa bingung, rasa sedhih, rasa lingsem, rasa gumun, rasa anyel campur dadi siji. Saglugut pinara sewu ora tau ana ing angen-angene Bu Kaji mampir yen putra sing dinama-dama bisa dadi pepeadhanging kulawarga kuwi bakal kesandhung lelakon kaya sing lagi wae dicritakne tamune sing uga pulunane dhewe. Satemene Bu Kaji ya wis pirsa, sanadyan Munir kuwi isih kapernah pulunan, nanging kanggo mercaya apa sing dikandhakne wis kangelan. Nanging warta sing digawa Munir iki mau nyata yen beda, sing ndadekne Bu Kaji luwih akeh percayane tinimbang orane. Amarga Munir sing wis ngakoni nek uripe kebacut bubrah kuwi bisa kanthi gamblang nyritakne sapa wanita sing wis mbudidaya njiret atine Sodik sing lamun Sodik klakon bisa kajiret bakal kelangan sakabehane, ora mung bandha donya nanging klebu kahormatane.

 

Saka kadohan lamat-lamat keprungu tembang sesidheman yasane Ki Haji Sukron Suwanda, lagu iki nirokne sambate priyagung luhur sing kajiret talining asmara awit kagiwang gincanging alise waranggana, temah jiwa ragane rumangsa kinurung, kahurmatane mamrung, rubuh ing ngisor pinjung. Ah, apa klakon Sodik sing nadyan isih nom nanging wis kajen kineringan dening wong sepirang-pirang iki mengko bakal nemahi lelakon kaya sing dicritakne ing gendhing sesidheman iki?.

 

Njati nom, Bu Kaji lenggah dhelog-dhelog ijen, pasuryane katon yen lagi peteng kaya kesaput mendhung. Socane manther mengarep, mirsani papan sing ora cetha lan ora cetha apa sing katon ing pamirsane. Simpen, sing wiwit Munir teka mau tenane ya melu nguping saka waliking gebyog, rumangsa mesakne marang bendarane sing banjur malih slaga kaya mangkono kuwi wiwit mau ora ngalih saka palenggahane ing pendhapa, kamangka tamune wis rada sauntara olehe bali. Alon-alon lan kanthi ngati-ati, batur sing rumangsa wis akeh nampa kabecikan saka bendarane kuwi nyedhak, mapan lungguh ing kursi sing mau dilungguhi Munir. Bu Kaji babar pisan ora ngrewes, penggalihe lagi katrem nuruti pambidhunge rasa, temah ora migatekne apa sing ana kanan lan keringe.

 

"Nyuwun pangapunten Bu Kaji" alon Simpen wiwit matur "keparenga kula badhe matur.......".

 

"Heh......" Bu Kaji nuduhne yen lagi kejot penggalihe merga tekane Simpen ing sandhinge "iya ana apa Pen?"

 

"Nuwun sewu, kok Bu Kaji ketingal sakalangkung ing sungkawa sareng karawuhan sowanipun Mas Munir niki wau, sampun dipun penggalih sanget-sanget Bu Kaji, sadaya tiyang sampun ngertos sinten sejatosipun Mas Munir niku, dados menapa aturipun dhateng Bu Kaji boten sah dipun gagas nemen-nemen, mesthi kathah doranipun, cepak pitnahipun saha tebih saking leresipun, menawi  Bu Kaji pitados ingkang dipun aturaken Mas Munir tiwas murugaken boten sae kedadosanipun" Simpen wiwit matur, Simpen nyata Batur sing nyoba ngecakne minangka embat-embataning tutur. Atur pamrayoga marang Bendarane murih ora kebacut-bacut anggone nandhang sungkawa.

 

"Iya Pen" Bu Kaji paring wangsulan "aku ya wis ngerti bab kuwi, nanging nek tak limbang-limbang apa sing dicritakne Munir mau kuwi katone akeh benere tinimbang lupute lhi Pen".

 

"Mangke rumiyin Bu Kaji" Simpen matur maneh "mila sacleraman sok kados pinanggih ing nalar menapa ingkang dipun aturaken Mas Munir dhateng Bu Kaji kala wau, nanging kula kinten langkung prayogi menawi Bu Kaji mendelaken rumiyin menapa ingkang dipun aturaken Mas Munir kala wau".

 

"Mendelaken piye ta Pen? Aku kok malah bingung krungu kandhamu iki?"

 

"Makaten nggih Bu Kaji" Simpen nggenahne apa sing diaturne "kula upamekaken suwanten kendhang, criyosipun Mas Munir menika kala wau namung suwanten saking sesisih, dereng jangkep. Suwanten menawi namung saking sesisih menika adhakanipun inggih boten ndadosaken sekecanipun ingkang mireng, benten kalih menawi kendhang menika dipun keplak saking kalih sisih, saking kiwa inggih saking tengen, tartamtu suwantenipun lajeng radi benten. Niku mawon, nggih sok dereng kraos jangkep menawi namung suwanten kendhang thok, kepireng ing kuping inggih kraos dereng cetha, kendhang menika ngiringi gendhing menapa. Saged cetha malih menawi wonten suwanten sanesipun, duka niku suwanten saron menapa suwanten gender, sansaya jangkep ingkang nyuwanten sansaya saged dipun pirengaken kanthi leres suwanten ingkang sanyatanipun, harak inggih makaten ta Bu Kaji?".

 

"Bener kuwi Pen" Bu Kaji paring wangsulan "nanging, bares wae aku bingung yen nggagas karo sing dikandhakne Munir ngenani Sodik Salim iku mau, kowe mesthine ya melu ngrungokne ta? Apa sing dikandhakne Munir mau?".

 

"Inggih sanajan boten jangkep, awit kula sambi wira-wiri, kula nggih wonten ingkang mirengne Bu Kaji" Simpen ora selak yen dheweke ya melu nguping apa sing dadi rembugan antarane Bu Kaji karo dhayohe mau "mila sareng kula sumerep Bu Kaji ketingal kesangeten anggenipun menggalih critane Mas Munir, kula lajeng mantun-mantunaken matur ngoten niku wau".

 

"Lha ya?" Bu Kaji ngendika maneh "banjur prayogane aku iki kudu piye ya Pen?"

 

"Nuwun sewu nggih Bu Kaji" Simpen matur ngati-ati "miturut pamanggih kula, aturipun Mas Munir wau kathah-kathah asipat pawadulan, liripun madul dhateng Bu Kaji. Ingkang dipun wadulaken Mas Sodik. Lan adhakan ingkang sampun, tiyang wadul menika mesthi wonten ingkang dipun purih. Lha menapa ingkang dipun purih dening Mas Munir niku wau kula ingkang boten saged matur, murih kasaenan menapa murih bathinipun piyambak?. Kathah-kathah tiyang nampi wadulan menika sok lajeng tuwuh raos nesu utawi duka dhateng ingkang dipun wadulaken, lha purihan riyin piyambak saking Mas Munir, inggih menika supados Bu Kaji lajeng duka dhateng Mas Sodik, kamangka duka leres duka lepat tiyang ingkang dipun dukani menika inggih boten badhe remen manahipun, klebet Mas Sodik. Menawi ngantos saestu Bu Kaji ndukani Mas Sodik, Mas Sodik mesthi boten remen penggalihipun. mBok menawi kemawon yen nyatane Mas Sodik leres kados ingkang dipun criyosaken Mas Munir kala wau, gandheng dipun dukani dening Bu Kaji, anggenipun nampi dukanipun Bu Kaji inggih mawi manah ingkang boten remen. Sansaya malih menawi ingkang dipun criyosaken Mas Munir wau lepat, Mas Sodik ugi sansaya anggenipun boten remen. Dadosipun sadaya inggih lajeng boten sae kedadosanipun".

 

Akeh-akeh simpen atur pamrayoga marang bendarane, Bu Kaji sajak bisa nampa apa sing dikandhakne dening bature kuwi.

 

"Banjur becike aku banjur piye Pen?" Bu Kaji mundhut pamrayoga maneh.

 

"Langkung prayogi nggih dimendelne mawon kados sing kula aturne wau" wangsulane Simpen.

 

"Karepmu apa sing dikandhakne Munir mau ora tak gagas blas ngono wae?" Bu Kaji mundhut pirsa karo suwara rada dhuwur.

 

"Nggih boten ngoten ta Bu Kaji" Simpen matur karo mesem "kajeng kula niku, Bu Kaji kedah mireng suwanten saking lintune Mas Munir ing prakawis menika, dados saged pinanggih menapa critanipun Mas Munir wau sedaya leres, menapa wonten ingkang leres nanging ugi wonten ingkang damel-damel, menapa sedaya malah lepat".

 

"Apa aku kudu nakoni Sodik?" Bu Kaji mundhut pirsa.

 

"Sampun ndangu Mas Sodik rumiyin"

 

"Lha piye?"

 

"Ngeten mawon" Simpen ngaturake cara kanggo ngadhepi perkara kuwi "Bu Kaji rak mpun pirsa sinten Tiang nggen kula niku ta, lire saderenge ndherek Bu Kaji mriki?".

 

"Sapa? Sampir apa piye? Ngapa karo Sampir?" Bu Kaji mundhut pirsa maneh.

 

"Tiang Nggen kula niku, riyin rak kondhang tukang nggambyong, tukang tayub, tukang nglurugu ledhek dugi pundi-pundi ta Bu Kaji? Malah dugi sapriki nggih taksih, namung mawon bab mendem kalih bab ngremeni Ledhek ing njawining panggung niku mpun mantun. Dugi sepriki, tepangane Pakne lare-lare niku ing jagading tayub, gambyong lan ledhek taksih kathah, inggih Ledhek sing nyambi dados tiyang nakal nggih Ledhek sing mligi Ledhek ingkang ngabdi ing seni, meh sedaya sa ngawi niku Tiang nggen kula tepang sedaya" Simpen nyoba nyritakne sapa bojone.

 

"Iya banjur karepmu?" Bu Kaji wiwit kesengsem karo sing dikandhakne bature kuwi.

 

"Mangke Bu Kaji nimbali Sampir mawon, Sampir kadhawuhana pados sisik melik sinten Warannggana ingkang nami sinten wau?" Simpen mandheg sedhela, matur takon.

 

"Waginem omahe cedhak tilas Pasar Kewan, Karangasri " Bu Kaji paring wangsulan.

 

"nGgih Waginem lajeng antawisipun Munir kalih Waginem menika gadhah sesambetan pripun? Sinten mawon sing klebet ingkang kedanan dhateng Waginem. Kula pitados, boten ngantos sapeken Pakne Lare-lare mesthi mpun angsal wangsulan, lan wangsulanipun Sampir mengke saged dipun agem Bu Kaji kangge nimbangi criyosipun Mas Munir niku wau".

 

"Ooo, ya-iya" Bu Kaji mesem, rumangsa cocog karo krenahe Simpen "ya wis, yen mangkono, mengko bar luhur bojomu ajaken nemoni aku ya?".

 

"Inggih Bu Kaji".

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...