40.
Sidane
kanthi pawanti-wanti aja nganti kadenangan sapa wae, Sampir sida budhal ngayahi
wajib nindakne dhawuhe bendarane, mesthi wae iya kanthi sesidheman. Ana
sethithithik rasa lega ing penggalihe Bu Kaji, nanging rasa kuwatir lan samar
panggah durung bisa ilang. Pancen crita sing digawa Munir kuwi banget nabet ing
sajroning penggalih. Nanging Bu Kaji iya tetep eling karo sing dikandhakne
Simpen, Bu Kaji wis niyat ora arep ndangu Sodik luwih dhisik, sadurunge Sampir
bali kanthi nggawa warta sing cetha.
Kegawa
saka anane perang batin ing sajroning penggalihe kuwi, kang wujud percaya utawa
ora marang critane Munir, Bu Kaji banjur nekad telepon putrane sing mbarep,
nyritakne crita saka Munir kuwi marang Ririen, ngiras pantes kanggo nyuntak
rasa sing nyengkal ing jerone dhadha. Bu Kaji uga nyritakne apa sing wis
ditindakne sawuse oleh pamrayoga saka Simpen, rewange.
"Dados
Ibu sampun utusan Kang Sampir kados ingkang dados eguhipun Yu Simpen?"
liwat telepon kuwi Ririen matur nyuwun pirsa marang Ibune.
"Iya,
Sampir njaluk wektu telung dina kanggo nanjihake bener lan orane kabar sing
dikandhakne Munir marang Ibu kuwi. Lha piye nek manut panemumu?" Bu Kaji
paring wangsulan ditututi rembug mundhut rerigen marang putrane.
"Kula
mastani ingkang dipun dhawuhaken Ibu dhateng Kang Sampir niku saestu sampun
leres Bu" wangsulane Ririen "awit kula piyambak bares mawon, babar
pisan boten wonten raos pitados dhateng sedaya ingkang dipun kojahaken Munir.
Malah kula gadhah panginten radi kosok wangsul kalih ingkang dipun aturaken
Munir dhateng Ibu menika wau".
"Kosok
balen piye?" Bu Kaji durung mudheng karo sing dikarepne Ririen.
"Ingkang
kosok wangsul menika bab Waranggana ingkang criyosipun Munir sampun nibakaken
guna dhesthi dhateng Sodik niku Bu" Ririen nyethakne tembung sing
dikarepake "saged ugi lare estri ingkang nyambut damel dados Pesindhen
niku, lare ingkang sae utawi sak boten-botenipun sanes Waranggana ingkang purun
nyambi dodolan katresnan kados limrahipun Waranggana ingkang anggenipun dados
Pesindhen namung damel tutup kemawon".
"Iya
kuwi aku ya bisa nampa" Bu Kaji medhot ature Ririen "merga jaman
saiki iki beda karo jaman Ibu isih nom biyen, nek biyen akeh waranggana sing
dadi wadon murahan merga ya saka kahanan lan cupeting kaweruhe, nek saiki rak
wis beda banget, akeh waranggana sing sarjana, ana sing lulus S2 malah sing wis
dhoktor ya akeh. Lha kae Sindhen Kesi mantune Haji Sukron Suwanda kae? Kae
saiki ya wis meh doktor, padha karo kakunge sing uga dhalang kondhang sing uga
dadi Dhosen neng ISI....".
"Lho
Ibu kok malah pirsa kathah? malah kula dereng patos ngertos bab
menika...." Ririen genti nrambul gunem nugel ngendilkane Ibune.
"Lha
dhek emben pas Milad Pesantren Al-Hasan kae rak ya nanggap wayang ta? Dhalange
Doktor Cahya Kuntadi, putrane Mubaligh kondhang weton Blitar sing asmane Ki
Haji Sukron Suwanda, lha Pesindhen Kesi kuwi garwane Pak Dhalang Cahya Kuntadi
kuwi" Bu Kaji paring wangsulan marang putrane.
"Inggih
Bu" Ririen nutugne ature "kula gadhah panginten nek Sodik mila tepang
kalih Waranggana niku, lha si Munir kula kinten ingkang estunipun kapencut
kalih Waranggana niku nanging boten kasembadan, mbok menawi inggih jalaran
Waranggana niku kajawi sanes lare nakal, ugi sampun ngertos kalih teku saha
kelakuwane Munir".
"Iya,
iya sing keri dhewe kuwi mau klebu
nalar" ngendikane Bu Kaji mbenerne pangirane Ririen "lha sambung
rapete karo adhimu Sodik apa?".
"Kinten-kinten,
gandheng Sodik ugi tepang sae kalih waranggana niku, Munir nggadhahi panginten
menawi anggenipun si Waranggana boten nglanggati katresnanipun Munir, jalaran
waranggana wau kepencut kalih Sodik. Pramila Munir lajeng wadul dhateng Ibu,
nyebar pitnah bilih waranggana ingkang dipun kinten nggadhahi sambeting
katresnan kalih Sodik. Kajengipun Munir, murih Ibu ndukani Sodik" Ririen
nyethakne mungguh sing dadi pangirane.
"Iya,
iya kuwi pancen tinemu ing nalar tenan" Bu Kaji paring wangsulan
"nanging saiki aku malah sansaya kuwatir merga pangiramu kuwi".
"Kuwatos
kados pundi Bu?" genti Ririen sing nyuwun pirsa, merga durung mudheng karo
sing dingendikakne ibune.
"Ibu
kuwatir aja-aja adhimu Sodik ora mung tepung karo Waginem kuwi? nanging malah
pancen wis mambu ati merga Sodik ngerti nek Waginem kuwi dudu waranggana sing
nakal?" Bu Kaji nggenahne apa sing dikuwatirake mau.
"Lha
menawi ngaten saestu rak inggih limrah ta Bu? wau Ibu sampun ngendika
waranggana ingkang sarjana nggih kathah kados Sindhen Kesi garwane dhalang sing
Dosen ISI niku wau?" Ririen atur wangsulan.
"Iyane
ki iya" Bu Kaji ngendika maneh "nanging apa ya klakon no aku banjur
duwe mantu Pesindhen ki?".
"Pesindhen
menika rak inggih namung panggaotan kangge pados sanguning gesang ta Bu? menapa
awonipun?" Ririen genti mbalekne ukarane Ibune sing mau kober ngalembana
Sindhen Kesi bojone Ki Cahya Kuntadi.
"Nanging
Ibu ki pengine duwe mantu Guru" Bu Kaji paring wangsulan "gek kuwi ya
wis eneng wonge, ya Restu kae karepku ki bisoa dadi jodhone adhimu Sodik".
Ririen
rada kaget krungu ngendikane ibune sing liwat telepon kuwi. Pancen Ririen karo Bu
Kaji kaya sing wis dicritakne dhek emben kae, kekarone wis padha mathuke
saupama Sodik bisa dijodhokne karo Restu. Mula bareng Bu Kaji ngendika nek
nguwatirake Sodik sing aja-aja wis kesandhung tresna marang Waranggana lan Bu
Kaji mbaleni ngendikane olehe kepengin duwe mantu Bu Guru, Ririen banjur
rumangsa kangelan olehe arep atur wangsulan.
"Ibu
iki kajaba wis ngerti sapa Restu kae, pancen wiwit biyen mula Ibu ki kepengin
Sodik kuwi bisoa duwe bojo Guru Rien, mbuh guru apa wae, lha ndelalah si Restu
kae kabeneran rak ya guru TK ta?" Bu Kaji ngendika maneh.
"Ngaten
mawon Bu" wekasan Ririien nemu akal kanggo atur wangsulan "bab Sodik
sampun nggadhahi sesambetan katresnan kalih si Waginem Waranggana niku wau rak
nembe wonten panginten-inten?".
"Pancen
iya" Bu Kaji mbenerake kandhane Ririen.
"Sak
niki panginten niku wau sampun dipenggalih nemen-nemen, Ibu ngrantos mawon
kabar ingkang badhe dipun beta dening Kang Sampir rumiyin mawon, menika murih
cethaning perkawis. Harak inggih makaten ta Bu saenipun?" Ririen ngaturne
panemune.
"Iya,
iya bener banget kuwi ndhuk" Bu Kaji mbenerake maneh apa sing dadi
panemune putrane "iki mau mung jalaran ngira-ngira barang sing ora cetha
banjur ngambra-ambra tekan ngendi-endi".
"Lha
inggih" Ririen wangsulan karo ngguyu "sak niki Ibu sampun menggalih
ingkang boten-boten, murugaken boten sae kedadosanipun. Mangke kemawon menawi
sampun wonten kabar ingkang langkung cetha, nembe dipenggalih murih saenipun
kados pundi".
Sawise
rada suwe olehe rembugan lumantar telepon kuwi, Bu kaji banjur mungkasi olehe
ngendikan. Nadyan rasa sumelang ya panggah durung ilang, nanging sajroning
penggalihe wis krasa rada padhang. Wektu kuwi wancine wis nyedhaki wayah
sembahyang Isyak, Sodik wiwit Maghrib durung bali saka Masjid, pancen wis dadi
pakulinan Sodik kuwi nek ora ana perlu sing penting, bubar maghriban ora tau
mulih dhisik. Nanging milih leren neng Masjid sinambi omong-omongan karo
nom-noman liyane sing magepokan karo murih Masjide sansaya reja, jamaahe luwih
temata, ya temata ngibadahe ya temata panguripan saben dinane. Adate rembugan
ngono kuwi lagi dirampungne sawuse manjing wektu ngisak.
Kang
bareng karo Sodik rerembugan karo kanca-kancane neng Masjid, beda maneh karo
sing lagi ditindakne dening sedulur misanane ya iku Munir. Wengi kuwi, sawuse
atine Munir krasa seneng merga wis madulake Sodik marang Bu Kaji, saiki wis
tekan Jombang arep nemoni wanita sing wis wola-wali aweh pambiyantu marang
dheweke. Wengi kuwi Munir kepengin gawe senenge Siti Saropah sing tenane lagi
kedanan marang kebagusane.
Tekane
Munir ing omahe Siti Saropah dipapag nganggo esem seneng, lagi wae Munir
njangkahne sikile ngliwati lawang omahe, Siti Saropah wis gita-gita mapag.
Munir dirangkul keket banjur dikekep-kekep. Munir tanggap, nganti rada sawatara
suwene, tangene digunakne kanggo ngelus-elus rambute wong wadon sing lagi
kobong dening genine asmara kuwi.
Ora
suwe Munir banjur lungguh neng kursi ruang tamu, Saropah lungguh ing jejere.
"Masku
siram dhisik wae ya? ben seger maneh?" Saropah nawani adus kekasihe.
"Iya
yang, pancen iki mau saka nggone Klean banjur bablas mrene kok, dadi ya durung
kober adus, wong ora mampir omah" wangsulane Munir karo mesem.
"Durung
adus wae baguse wis kaya ngono kok" Saropah guneman maneh, banjur karo
ngadeg nutugne omonge "ayo siram neng kamar mandhine dhewe wae, sing ana
banyune panas".
Tangane
Munir dicandhak, dituntun mlebu kamare Saropah sing neng kono ana kamar mandhi
pribadine. Kaya gudel kineluhan, Munir mung manut ngetutne lakune wong wadon
sing umure luwih tuwa tinimbang dheweke kuwi.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar