41.
Bubar
reresik awak neng kamar mandhi pribadine Saropah lan salin sandhangan sing
resik, kaya neng omahe dhewe ngana kae, Munir banjur mapan lungguh neng sofa
sing ana jero kamar sing jembar kuwi. AC sing isih urip dipateni, ganti mbukak
cendhela, Munir wiwit udut nyumet rokoke. Ora suwe Siti Saropah bali mlebu
kamare karo nggawa kopi komplit sak lalapane disuguhne neng ngarepe Munir, kopi
sing kanggo awake dhewe ya wis digawa pisan. Saropah ya banjur nusul lungguh
njejeri wong sing wis dadi woding atine kuwi.
"Diunjuk
yang mumpung isih anget" kandhane Saropah ngacarani .
Munir
mesem, tangane diangkat lengene diselehne pundhake Saropah, ngrangkul.
"Kangen
sayang......" kandhane ing sela-selaning eseme.
"Adhik
luwih kangen maneh Mas....." Saropah wangsulan karo mesem ngujiwat. Munir tanggap, lungguhe diinger Saropah
diruket karo diarasi kebak nafsu. Rada sawatara wong loro kuwi padha
kekep-kekepan kaya lumrahe wong sing wis dadi bojone.
"Ayo
golek maem dhisik Mas" kandhane Saropah sawuse ngendhoni pangrukete
"jane aku mau ya wis masak, nanging aku kepengin bengi iki Masku dhahar
sate wedhus sing ora pati mateng banget, neng nggone Pak Man kidul Bang Jo kana
kae".
"Saiki?"
Munir mangsuli karo takon.
"Lha
iya no, mumpung isih durung wengi nemen" Saropah wangsulan diterusne karo
kandha "aku ya kepengin maem pepes iwak mas sing bakule jejer nggone Pak
Man kae".
Wong
loro banjur metu bareng, Munir nggandheng Saropah kenceng banget. Sadalan-dalan
karo nyekeli setir nganggi tangan sesisih, Munir ngrangkul Saropah sing sirahe
dilendhetne neng pundhake Munir. Ora mung ngrangkul nanging ya karo nggrathil
tekan ngendi-endi, Saropah meneng atine malah seneng.
Rampung
olehe padha mangan, ya banjur bali. Saropah kober njaluk Ber rong botol marang
bakule.
"Ketoke
sing neng oma wis entek" kandhane Saropah nalika Munir ngingeti Saropah
namapani ber sing diwadhahi kresek putih.
"Lha
sing neng omah ora dibungkusne ?" Munir takon.
"Omahe
dhewe wengi iki suwung Mas, mBok Sumbruk mau pamit arep turu nggone anake
wedok, wong putune dipitoni" wangsulane Saropah "aku mau ya titip
sumbangan kok".
Munir
mesem karo manthuk-manthuk, wong loro banjur mangkat bali menyang omahe Saropah
sing gedhe tur jembar. Tekan plawangan
ngarep, Munir arep mudhun karepe arep mbukak lawang regol sing mau ditutup,
nanging wurung. Aman karo Radi, wong lanang loro tukang jaga omahe Saropah
jebul wis teka lan bareng ngerti nek ana mobil arep mlebu pekarangan banjur
daya-daya nyedhaki ndelok sapa sing lagi teka kuwi.
"Lho
sampean mau wis teka ta?" Saropah mbukak kaca mobile karo anguk-anguk
nakoni wong loro kuwi.
"Uw...
sampun Buk, nembe mawon" sing semaur Aman karo mesem "kula kinten
sinten, lha wong nomere Plat AE kok".
"He
eh, mobile Pak Lawyer kok" wangsulane Saropah karo ditutugne prentah
"ndang dibukak lawange!".
"Nggih"
Aman wangsulan karo nyurung lawang regol.
"Oh,
iya mBok Sumbruk gak neng omah, turu nggone anake" kandhane Saropah maneh
"mengko nek butuh ngopi sampean pesen nggone angkringane Bendhol wae".
Karo
muni ngono kuwi Saropah ngulungake dhuwit atisan ewon salembar. Radi sing
nampani dhuwite rada mlenggong, ora kulinane juragane kuwi blaba karo dhuwit,
Wong adate nek dhong mBok Sumbruk ora bisa nggawekne kopi ngana kae paling akeh
kanggo tuku kopi neng angkringan sing neng trotoar ngarep omah kuwi, ya mung
sepuluh ewu, kuwi kanggo wong loro. Kok wengi iki dilungi atusan ewon, mula Radi
ya ora gage-gage nampani, malah nyawang semu gumun marang juragane.
"Lagi
bar oleh rejeki rada akeh Pak Radi" Saropah sing tanggap karo
plenggang-plenggonge Radi gage guneman karo mesem "ben bisa sak rokoke
pisan".
"Matur
nuwun Gan" Radi nampani dhuwit atusan kuwi karo ngaturne panuwun.
Saropah
aba menyang Munir supaya mobile diparkir mepet garasi wae, ben nek udan ora
kodanan.
"Sajake
juragane bar oleh bathi akeh Mus" bareng disawang Juragane wis mlebu omah
karo tamune lan lawange wis ditutup, Radi ngomongi Aman karo ngethungne dhuwit
atusan ewon sing durung kober dilebokne sake.
"Kancane
Juragane mau sapa ta Kul?" ora mangsuli kandhane kancane Aman malah genti
takon karo suwara sing sajak ngemu sujana.
"Ketoke
mau kaya Pak Munir, Pengacara kancane Bosse sing omahe Ngawi ngono lho"
wangsulane Radi sing ora ngerti ya gene kancane sajak ora seneng marang tamune
juragane "plate mobil genah nek AE ngono lho?".
"Lha
kok lawange terus ditutup malah lampu ngarep ya dipateni pisan, apa Munir arep
nginep kene?" Aman takon maneh, suwarane sansaya keprungu nuduhne ora
seneng atine.
Radi
ora wangsulan, merga Radi senajan saben dina awor karo Aman nanging Radi ora
ngerti nek satemene antarane Aman karo Saropah kuwi duwe sesambungan sing klebu
wadi. Pancen sasuwene ditinggal mati sing lanang, kajaba duwe sesambungan
tresna karo Munir, Saropah ya wis bola-bali kongkonan Aman ora mung supaya
njaga omahe, nanging ya dikongkon nambani ngelake atine, ngancani nalika rasa
sepi lagi angranuhi atine Randha sing durung duwe anak kuwi. Mula ya ora aneh
nek banjur neng atine Aman tuwuh rasa gela meruhi Saropah nglebokne wong lanang
liya menyang jero omahe. Pancen wiwitane jenenge Aman sing dhasare jaka sing
wis rada kasep merga ora wani rabi kuwi nduweni pengarep-arep bisa dadi urip
dadi bojone juragane, dadi ora mung nuruti panyurunge hawa nepsu, mula bareng
ngerti nek Juragane jebul uga duwe sambung tresna karo Munir, atine dadi
sansaya murup. Rasa tresna sing maune wis thukul ing atine sakala ilang, malah
salin dadi rasa gething mburu sengit.
"Menungsa
ngono kuwi ora keneng dijarne sasenenge dhewe........." karo mapan lungguh
neng cedhake Radi, Aman grenengan ijen.
"Ya
wis ben neh Mus" Radi mangsuli grenengane Aman "wong ya wis padha
gedhe tuwane wae, lho. Awake dhewe iki oleh pangan sawaregan ya merga nyambut
gawe neng nggone Bose iki. Nek nganti awake dhewe macem-macem, bisa uga awake
dhewe banjur dilereni ora diwenehi gaweyan rak sida kapiran?".
"Ya
kari carane ta Cul" wangsulane Aman karo rada sereng "awake dhewe
bisa sedhakep awe-awe, ketoke ora ngerti apa-apa, nanging bajingan sing seneng
gawe maksiyat neng kampunge dhewe kae kudu diwenehi pelajaran ben ngerti
tata".
"Carane
piye?" Radi takon sajak bingung "aku kok malah dheg-dhegan dhewe ta
Mus? aku samar awake dhewe dikatutne dosane dening Bose, piye?".
"Aja
samar" Aman wangsulan karo semu ngguyu "bakune awake dhewe mligine
kowe slamet ngono wae, saiki entenana neng kene sedhela aku tak metu golek kopi
nang nggone Bendhol kono dhisik".
Aman
ngadeg arep mlaku menyang ratan.
"Iki
lho dhuwite nek arep golek kopi" kandhane Radi karo ngelungne dhuwit olehe
meneni Saropah mau.
"Kanthongana
dhisik, nganggo dhuwitku wae" wangsulane Aman karo mesem "aku mau ya
bar oleh rejeki rada akeh kok, oleh binat merga nyuwuk bayi sing nangis ora
meneng-meneng. Wis, entenana kene aja nyang ngendi-endi karo gudhang mburi kae
colokana dhisik, wong awake dhewe iki jaga, ora lagi cangkrukan".
Radi
sansaya gumun ngrasakne lelakon bengi kuwi, mau juragane thukul lomane aweh
dhuwit ngge tuku kopi nganti satus ewu. Saiki malah Aman barang melu-melu
kandha nek bar oleh rejeki, banjur olehe arep nggolekne kopi ora gelem nganggo
dhuwit pawehe juragane. Nanging Radi wegah ndedawa olehe bingung lan gumun.
Dhuwit sing arep dilungne Aman mau bali dilebokne sak banjur sentolope
dicandhak, pekarangan sing dijaga kuwi dicoloki tepung.
Aman
jebul mung mampir sedhela neng angkringane Bendhol, pesen kopi kon madhahi
teko, karo gorengan sacukupe. Rampung pesen banjur ditinggal, nerusne lakune
olehe arep golek cara kanggo menehi pelajaran marang Munir sing dianggep wis
gawe regede kampunge. Lakune Aman wis tekan omahe pak RT aweh palapuran nek
wengi kuwi Saropah nglebokne wong lanang saka kutha liya menyang jero omahe.
Olehe matur Aman marang Pak RT dikompliti pisan mungguh dosane Saropah lan
Munir sing wis wani nampa tamu lan nginep neng omahe tanpa luwih dhisik cecala
lan lapuran marang Pak Ketua RT sarta Ketua Keamanan Kampung. Kaping pindhone
antarane Munir sing wong lanang lan Saropah sing wis randha, kumpul dadi saomah
ing wektu bengi ngono kuwi genah nek bakal tumindak maksiyat sing bisa gawe
regede kampung kono, jalaran wong loro kuwi cetha wong liya braya sing durung
nikahan neng KUA. Wong loro kuwi pantes yen ta kudu ditibani paukuman sing
jumbuh karo paugeraning kampung kono.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar