44.
Ustadz Mahfudzi sak
garwane pisan padha manthuk-manthuk semu mrengut, priyayi loro kuwi ora ngira
babar pisan yen nganti tekan semono tumindake Munir marang sedulure dhewe. Wong
loro kuwi banjur padha duwe dudutan merga Waginem ora gelem nimbangi tresnane,
Munir banjur nekad gawe pitnah nyebar warta ngayawara sing isine ngala-ala
marang Waginem lan wong sing dianggep cedhak karo Waginem. Nanging Ustadz
Mahfudzi durung ngendika apa-apa kanggo nanggapi critane Bu Kaji, merga isih
ngenteni critane Sampir sing diutus Bu Kaji golek sisik melik sing magepokan
karo crita sing digawa Munir marang Bu Kaji.
"Wis Pir, saiki
critakna apa sing wis mbok rungokne gegayutan karo olehku kongkonan wingi
kae" sawuse rada sauntara padha meneng Bu Kaji banjur dhawuh marang
rewange kuwi supaya ngaturake oleh-olehe "critakna apa anane, aja ana sing
mbok tutupi, saupama Sodik wis tumindak kleru ya kandhakna, aja ndadak nganggo
wedi barang, ben Ustadz ya mireng mengko upama Sodik kleru rak luwih gampang
olehe mbenerake".
"Inggih Bu
Kaji" Sampir atur wangsulan, sawuse nata lungguhe banjur wiwit crita
"Waranggana ingkang dipun criyosaken Munir niku jebul taksih andhahane
mBak Muji, Sindhen Karawitan kempalanipun Ibu-ibu PKK teng Karangasri mrika,
ndelalah kala dalu niku sing kula purugi nggih griyane mBak Muji niku. Pas kula
dugi mrika nyarengi wonten tamu Pak Carik kalih Bu Carik sing dados pangarepe
karawitan napa namine kula boten apal, kalih tiyang sepuh sing dados tukang
siter namine mBah Wan".
"Iya banjur kepiye
?" Bu Kaji nyelani rembug.
"Nggih niku, Munir
nika pancen garangan edan tenan kok" Sampir wangsulan karo getem-getem
"mosok meh saben wonten Sindhen anyaran teng mriku lajeng didobrili sareng
mpun kenging lajeng diumbar ngoten mawon, nek enten sing ajeng boten trimah
diweden-wedeni ajeng diukumne, dumeh piyambake niku criyose Pengacara. Lha sing
boten keguh kalih dublukane Munir nggih klebet Waginem niku, piyambake boten
nggabres kalih napa sing dikandhakne Munir. Niku sing criyos mBak Muji kalih
mBah Wan".
"Lha jaremu ana
Pak Carik karo Bu Carik barang?" Bu Kaji nyela takon.
"Enggih, Pak Carik
criyos nek Waginem niku lare sing sae, Waranggana sing pinter, suwantene nggih
sae, boten mata dhuwiten pancen nggih pengabdi seni saestu, mila nggih lajeng
dados waranggana sing laris. Ning nggih niku nek kengken nembangne lagu sing
radi lekoh sekedhik mawon piyambake mesthi boten purun. Wong croiyose Pak
Carik, Waginem niku lare kuliyahan tur nggih dados lare masjidan, nek wonten
wekdal longgar sok ngrencangi mulang ngaji lare-lare TPA napa, dados sepisan
malih critane Munir nika cetha nek nggedabrus. Kula tumut anyel, nek panggih
ajeng kula takoni nek neka-neka ajeng kula ungkal gerang pisan, kersane
kapok" kandhane Sampir sing suwarane ketara nek ngemu rasa pegel marang
Munir.
"Lha banjur sing
ana sambung rapete karo Sodik?" Bu Kaji mundhut pirsa maneh.
"Lha nek niku radi
kirang terang" Sampir atur wangsulan .
"Kurang terang
piye?" Bu Kaji mburu pitakonan.
"mBak Muji kalih
Pak Carik boten tepang lan boten ngertos sinten niku Mas Sodik, namung kemawon
criyose mBak Muji, Waginem nate criyos menawi gadhah tepangan enggal tiyange
sae, sopan, alus lan pinter namine Sodik. Lha criyose Waginem teng mBak Muji,
Sodik niku, duka Sodik Mas Sodike piyambak duka Sodik sanes lho?".
"Iya banjur
kepriye?" Bu Kaji mesem.
"Mas Sodik niku
wiwitane tepang pas numpak bus saking Yogya, lajeng kepanggih malih pas Waginem
ngurus SIM teng Polres, Mas Sodik nggih sami nembe ngurus SIM. Lajeng Mas Sodik
diajak mampir teng griyane Waginem, teng mriku kepanggih Bedhes elek Munir sing
kedanan kalih Waginem nanging boten direken. Nggih pas Mas Sodik mampir niku,
Waginem nembe ngertos nek jebul Mas Sodik niku Guru, wong ngakene pas kepanggih
riyin criyose namung tukang macul" kandhane Sampir nutugne olehe crita.
"Kuwi genah nek
Sodik kene Pir, banjure piye?" Bu Kaji mundhut pirsa maneh.
"Criyose mBak
Muji" Sampir nutugne olehe crita "ketingale Waginem nggih kepencut
kalih Mas Sodik, nanging namung mandheg dugi manah thok. Kabar ingkang enggal,
Waginem niku sakniki dados Guru teng Dunggalar mriki, duka teng pundi, criyose sing
mbantu saged mlebet dados Guru niku nggih Mas Sodik pas Mas Sodik mampir teng
griyane niku. Namung niku sing dingertosi mBak Muji kalih Pak Carik bab Mas
Sodik. Ingkang cetha Munir nika empun damel pitnah dhateng Mas Sodik,
kapan-kapan ajeng kula labrag!".
"Kira-kira upama
Sodik wis kepencut karo Waginem kuwi ya memper wae Pir" Bu Kaji banjur
ngendika "merga aku wae sing mung krungu crita sing mbok gawa ya melu
kepencut lho karo Waginem kuwi, neng kene arang lho Waranggana kuwi sing bocah
kuliyahan, luwih-luwih gelem dadi bocah masjidan barang, malah sok ngrewangi
mulang TPA, kuwi genah nek bocah wedok sing pethingan tenan. Aku kok malah
kepengin tepung karo waranggana sing jeneng Waginem kuwi".
"Nuwun sewu Bu
Kaji" dumadakan Ustadz Mahfudzi nyela rembug "anggen kula matur ing
ngajeng wau estunipun rak dereng rampung? Lajeng kasela kalih duginipun Kang
Sampir niki wau?".
"Inggih Tadz"
Bu Kaji atur wangsulan "nggih nyuwun pangapunten, inggih awit saking wontenipun
wartos ingkang dipun beta dening ponakan kula si Munir niku wau napa, lajeng
kula selak kepengin ngertos kalih critanipun Sampir".
"Lha samangke
keparenga kula njangkepi critanipun Kang Sampir niku wau" Ustadz Mahfudzi
ngendika maneh.
"Njangkepi kados
pundi ta Tadz?" Bu Kaji katon nek durung pirsa karo sing dingendikakne
tamune.
"Inggih njangkepi
kabar ingkang magepokan kalih criyosipun Kang Sampir wau" Ustadz Mahfudzi
wangsulan karo mesem "ingkang dipun sebat Kang Sampir Waranggana Waginem
niku, nggih lare estri santri kula, ugi siswanipun Ustadzah Laila, ugi Guru SMA
Al-Hasan ingkang kula aturaken ing ngajeng wau. Lan estunipun, kula ugi sampun
manggihi tiyang sepuhipun Waginem saha Waginemipun piyambak, kula jajagi
saupami Dhik Sodik kersa lan Bu Kaji marengaken, kados pundi upami Waginem
dipun jodhokaken kalih Dhik Sodik. Lha wekdal kula jajagi ngaten menika, tiyang
sepuhipun Waginem ingkang sampun Randha naminipun mBok Sadikem tuwin Waginem
piyambak inggih ndherek mawon. Namung kekalihipun matur supados kula ngaturaken
dhateng Bu Kaji bilih rumiyinipun mBok Sadikem niku nate dados tiyang nakal
ingguh awit saking kawontenan, sareng dipun krama dening Bapakipun Waginem, ugi
lajeng mertobat sak niki sregep ngibadah lan ndherek Majelis Taklim kula.
Samangke keparenga kula matur, kadospundi menggah pamanggihipun Bu Kaji?
Jalaran Dhik Sodik piyambak estunipun inggih sampun mambet manah kalih Bu
Waginem, nanging dereng wantun matur dhateng Bu Kaji".
"Nuwun sewu
Tadz" Bu Kaji sajak bingung olehe arep atur wangsulan "menapa
anggenipun Ustadz pirsa menawi Sodik menika mambet manah kalih Waginem sampun
dangu?".
"Inggih dereng
patosa Bu Kaji" Ustadz Mahfudzi atur wangsulan "inggih pas
ngendikanipun Bu Kaji tetirah dhateng dalemipun mBak Ririen nika, lajeng lewt
sedinten Dhik Sodik dhawuh menawi badhe murugi Bu Kaji dhateng Yogya, ingkang
lajeng ngendikanipun Takziyah dhateng Panggang Gunung Kidul nika".
"Ooooo
pantes......!" Bu Kaji ngendika ditujokne marang Panjenengane dhewe .
"Pantes kados
pundi Bu Kaji?" Ustadz Mahfudzi nyuwun pirsa.
"Bares mawon nggih
Tadz, rikala menika kula kepengin sanget ngraketaken antawisipun Sodik kalih
Restu, Guru TK tangginipun Ririen ingkang kula aturaken ing ngajeng wau.
Ketingalipun Restu ugi sampun wonten tandha-tandha menawi purun menawi dipun
jodholaken kalih Sodik, namung Sodikipun ingkang malah ketingalk asrep,
kemawon, kula babar pisan boten ngertos menawi Sodik sampun tepang kalih
Waginem niku".
"Inggih-inggih Bu
Kaji, kula ngertos" Ustadz Mahfudzi ngendika alon.
"Nanging kula
ingkang lajeng dados bingung piyambak Tadz? kados pundi niki saenipun?" Bu
Kaji mundhut pirsa "bares mawon, kula kalih Restu niku sampun ngertos
saestu bilih piyambakipun lare ingkang sae, nanging Sodik dereng ketingal purun
menawi dipun jodhokne kalih Restu. Kosok wangsulipun, Waginem ngertos kula
menawi Waginem menika lare ingkang sae rak inggih nembe saking Ustadz niki wau?
kaimbuhan kalih criyos ingkang dipun beta si Sampir? nanging Sodik kados
ingkang sampun Ustadz dhawuhaken wau bilih piyambkipun sampun mabet manah
dhateng Waginem. Kula bingung Ustadz!".
"Ngaten kemawon Bu
Kaji" Garwane Ustadz Mahfudzi genti sing ngendika "murih langkung
sami cethanipun, kados pundi upami Bu Waginem dipun timbali dhateng dalem
mriki? Inggih mawi pawadan menapa ngaten, mengke kula ingkang ngatur ingkang
baken boten ndadosaken Bu Waginem mikir neka-neka lha kanthi makaten Bu Kaji
saged tepang lan pirsa kados pundi Bu Waginem menika estunipun. Kados
pundi?".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar