45.
Bu
Kaji kendel sedhela, palarapane katon dijengkerutne sajak menggalih marang apa
sing lagi wae dingendikakne Bu Mahfudzi. Pancen bener, Bu Kaji nggagas mathuke
Waginem kuwi dibudidaya murih bisa dolan menyang dalem kono, sokur bisa ana
wektu sing rada longgar kareben Bu Kaji luwih pana jaba jerone Santrine Ustadz
Mahfudzi sing jarene pinter nyindhen kuwi. Simpen karo Sampir sing lungguhe
rada adoh, ora wani nrambul gunem, malah jan-jane ngono wong loro kuwi ya
ngrasa ora pati kepenak lungguh sapajagongan karo para priyayi luhur, nanging
gandheng dening bendarane durung didhawuhi ngalih kekarone ya ora wani menyat
saka papane.
"Upami
ngeten dos pundi Ustadzah?" sawuse rada suwe njengkerutne palarapane Bu
Kaji banjur ngendika "benjing Sabtu niku rak tanggalipun abrit? sekolahan
mesthinipun rak nggih libur? Niki upami lho, upami kula nyuwun tulung Ustadzah
supados ndhawuhi Nak Waginem murih ngrencangi olah-olah kula nngaten pripun?
Angkah kula, benjing Sabtu niku kula badhe syukuran nironi windon kula ingkang
kaping wolu, umur kula niki jebul sampun sewidak sekawan lho Us?".
"Ngaten
nggih langkung sae Bu Kaji, mangke boten trimah Bu Waginem ingkang badhe
ndherek rencang, kula ugi kepengin ndherek. Rak nggoih pareng ta Bu Kaji?"
Bu Mahfudzi atur wangsulan karo nawakne baune nek arep melu rewang.
"Lha
menawi Ustadzah ngersakaken makaten kula ingkang sakalangkung matur nuwun"
Bu Kaji paring wangsulan karo sajak karenan penggalihe "nanging sedaya
niki wau menawi saged sampun ngantos Sodik ngertos rumiyin Us, kersane larene
boten mikir ingkang neka-neka".
"Lho
Dhik Sodik menapa dereng pirsa menawi benjing Sabtu menika windonipun Bu
Kaji?" Bu Mahfudzi mundhut pirsa.
"Sampun
Ustadzah" Bu Kaji paring wangsulan "malah Ririen menapa ugi sampun
ngertos, angkahipun benjing Sabtu menika Ririen kalih yoga-yogane nggih badhe
tilik griya mriki, menawi Nak Kahar kantun ningali kawontenan rumiyin, menawi
Tumah sakitipun saged dipun tilar inggih badhe ndherek wangsul semahe".
"Menawi
makaten langkung kaleresan malih Bu Kaji" Bu Mahfudzi numpangi rembug
"mengke malah mBak Ririen ugi saged pirsa kados menapa wujud saha
slaganipun Bu Waginem pisan".
Bareng
wis dirasa rampung kabeh sing dirembug, Ustadz Mahfudzi banjur pamitan. Ora
terus kundur menyang Karangasri, nanging ngersakne arep ngendhangi Pondhok lan
Sekolahan pisan.
Dina
Sabtu esuk, neng daleme Bu Kaji katon reja banget, rejane wong sing padha
rewang nyambut gawe. Kanggo nambahi renaning penggalihe ibune, Sodik mutusake
yen mengko Syukuran Windone Bu Kaji bakal dileksanakne bubar sembahyang ngasar,
kajaba ngundang tangga teparo uga ngundang kanca-kancane Sodik sak sekolahan,
Kepala Sekolah, Guru lan Karyawan SMA ne. Manggone mengko neng plataran sing
ditatani kursi sewan lan dipasangi terop kaya lumrahe wong nek duwe gawe ngana
kae. Mula dina Sabtu esuk kuwi, akeh nom-noman sing padha rewang masang terop
lan nata kursi. Kanggo nyugata para tamu, sarta kanggo caos brekatan sing
diasta kundur, Sodik wis pesen marang tepungane sing kulina ngaldeni catering
kanggo wong duwe gawe, yaiku marang Bu Dian Yusuf sing daleme Dumplengan.
Redana kanggo kuwi wis dhek emben kae ditransfer dening dokter Kahar, Mase Ipe.
Merga
repot olehe melu nata terop lan wira-wiri mrana - mrene, sarta matutne plataran
sing dienggoni terop kuwi, Sodik ora ngerti nek wiwit esuk Waginem wis teka
ndherekne Bu Mahfudzi nuhoni dhawuhe Bu Kaji sing mundhut tulung supaya Waginem
ngrewangi olah-olah. Lan gandheng kabeh sing kudune diolah jebul wis dipesenke
marang Bu Dian, sidane Waginem lan Bu Mahfudzi mung ngrewangi nata panganan adu
wedang ing kerdhus-kerdhus cilik.
"Nyuwun
pangapunten lho Us" ngendikane Bu Kaji marang Bu Mahfudzi lan Waginem sing
lagi ngancani Simpen lan wong wadon siji maneh ngadhahi panganan menyang jero
Kerdhus "Lha ngertos kula menawi sampun dipasrahne Bu Dian Dhumplengan
niku rak nembe kala wingi pas kula badhe utusan Simpen blanja dhateng peken,
lha si Thole niku waune nggih kendel mawon kok".
"Lha
inggih langkung prayogi pesen kemawon Bu Kaji, langkung praktis" Bu Mahfudzi
atur wangsulan .
"Lha
kula piyambak rak inggih boten ngertos menawi badhe dipun damel ngaten
menika?" Bu Kaji ngendika maneh "tiyang angkah kula niku namung
climen, damel sekul buceng kalih golong, lajeng damel gudhangan ngaten kemawon
rak sampun cekap? dados kula nggih boten kengkenan sinten-sinten, tiyang
Ustadzah sampun kepareng badhe ngrencangi olah-olah kalih Nak Waginem, upami
ngertos menawi kalih Thole didamel ngaten menika, kula rak boten badhe wantun
ngaturi Ustadzah kalih Nak Waginem ndherek repot dhateng pawon".
"Boten
dados menapa Bu Kaji" Bu Mahfudzi atur wangsulan karo mesem "malah
estunipun kula langkung remen, kanthi makaten kula menapa dene Bu Waginem saged
langkung kathah saged rerembagan kalih Bu Kaji, sanadyan namung mirungganan,
nanging menapa ingkang dipun ngendikaken Bu Kaji menika kathah
mentesipun".
"Oalah,
Ustadzah menika kok saged mawon lho?" Bu Kaji wangsulan karo ngguyu.
Satemene karo ngendikan wiwit mau, Bu Kaji ora kendhat anggone nyetitekne
kahanane Waginem, ya wujude ya slaga lan solah bawane. Kabeh ora luput saka
pamirsane Bu Kaji. Lan Bu Kaji ya banjur tuwuh rasa eram sarta mbenerake kabar
sing tau ditampa ngenani Waginem kuwi kepiye?. Pirsa Waginem sing trampil
tandang gawene, babar pisan ora katon kikuk lan kidhung ngadhepi gaweyan,
mireng gunemane Waginem nalika omong-omongan karo Simpen lan kancane sing alus
lan andhap asor ora digawe-gawe, ndadekne Bu Kaji kasengsem marang Bu Guru sing
durung suwe mulang neng Sekolahan Pondhok kuwi. Luwih-luwih bareng Bu Kaji
nyoba mancing ngajak ngendikan Waginem, sansaya suwe Bu Kaji sansaya sengsem
penggalihe, jroning cipta ora ngluputake yen Sodik, putra kakunge kuwi duwe
rasa tresna marang Waginem.
Rampung
olehe nata lan madhahi panganan neng jero kerdhus, Bu Kaji ngajak Bu Mahfudzi
lenggahan sarwa raras (santai... rust) ing teras mburi, kanthi nggelar klasa.
Wong telu jagongan neng kono. Bu Kaji sansaya kepencut lan salut marang Waginem
sing kanthi apa anane matur nyritakne lelakoning uripe lan kabeh kulawargane.
Waginem sing lahire lan digedhekne ing papan sing kondhang ala jaman semanane,
banjur kanthi taberi lan tansah nyuwun pitulungan marang Pangeran Waginem ora
kendhat anggone berjuang bebarengan karo kanca-kancane, murih jagad ngerti yen
sing ala kuwi bisa malih dadi becik lan kanyatane saiki wis akeh sing ngakoni,
yen desa panggonane Waginem urip kuwi wis lumrah kaya papan-papan liyane malah
kepara kena diarani satingkat luwih apik. Waginem uga crita akeh-akeh bab
karawitan, gendhing-gendhing mligine sing klasik, kuwi racak-racak cakepane
dijupuk saka pituture para pujangga jaman kuna sing ngemu pitutur luhur. Mula
ing jagading karawitan, Waginem uga mbudidaya murih para seniman bisa nindakne
pitutur luhur sing ana sajroning cakepaning gendhing-gendhinge, ora malah
bubrah kaya jaman sing uwis-uwis. Lan kanyatan saiki meh kabeh waranggana lan
pangrawit ing Prasaja Laras wis padha ngedohi laku maksiyat kabeh uga wis padha
sregep ngibadah, merga kajaba gladhen karawitan warga Prasaja Laras ya kerep
nggelar pengajian sing diisi dening Ustadz Mahfudzi.
Ngarepake
manjing wektu dhuhur, sinoman-sinoman sing ngrewangi Sodik nata terop wis
rampung. Kursi-kursi wis tumata rapi. Sauntara iku, Bu Dian Yusup sakancane uga
wis padha teka sing banjur nata papan sing arep dienggo dhahar prasmanan
mengko. Dhaharan brekatan sing mengko diasta kundur para tamu durung teka.
"Mengke
antawis jam tiganan nembe dugi mriki Mas" kandhane Bu Dian marang Sodik
sing kober nakokne "menawi disarengne sak niki mengke malah kirang
sae".
"Inggih,
matur nuwun" Sodik wangsulan.
Ya
pas mbarengi Sodik omong-omongan karo Bu Dian kuwi mau, ana mobil teka sing
banjur parkir neng sisihe tatanan kursi. Sodik ora pangling nek kuwi mobile
dokter Kahar, kangmase ipe. Nanging
Sodik dadi rada mlenggong bareng weruh sapa sing mudhun saka mobil sing
disetiri Mase Ipe kuwi. Dhisik dhewe, Seta karo Untara ponakane, banjur disusul
Ririen, mbakyune. Lan sing keri dhewe metu saka mobil jebul ..... Restu
Arumdalu, Bu Guru TK sing wis akrab banget karo Ibune.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar