46.
Senadyan ing atine
Sodik Salim ora ana rasa apa-apa marang Restu, nanging gandheng sithik-sithik
Sodik ya ngerti nek mBayune uga Ibune kepengin njodhokne dheweke karo Restu,
mula tekane Restu gelem ora gelem ya wis gawe kaget lan kuwatiring atine.
Nanging rasa kuwi enggal-enggal dikipatne saka jero ati, kanthi ulat sing
padhang Sodik gageyan nyedhaki sing lagi wae mudhn saka mobil. Sawuse salaman
karo Kahar lan Ririen, genti nyalami Restu karo mbagekne tekane :
"Ngaturaken
kasugengan sarawuhipun mBak Restu, mangga katuran pinarak mlebet".
"Matur nuwun Mas
Sodik" wangsulane Restu sajak seneng atine .
"Sekedhap, Ibu
kula aturane rumiyin" bubar muni ngono kuwi Sodik banjur ngalih arep
ndhisiki mlebu omah, nggoleki ibune. Karo mlaku pikirane Sodik kober grenengan
dhewe "ana sing teka ndhisiki wae kok mBak Restu ta? upama sing teka ki Bu
Waginem genah neng ati iki krasa adhem he he he".
Rada suntara Sodik
olehe nggoleki Ibune. Didelok neng kamare, Bu Kaji ora ana, Sodik bablas
menyang pawon. Nanging sing ana malah mung Simpen karo Jumi, tanggane lagi arep
korah-korah gelas lan piring sing lagi wae dienggo mangan para sinoman sing
rewang tata tarup.
"Madosi sinten
Mas?" Simpen takon
"Ibu neng ngendi
Lik Simpen?" Sodik genti takon.
"Oh, Bu Kaji? nika
teng teras wingking nembe sarwa raras kaliyan Bu Ustadz Mahfudzi kalih Bu Guru
Waginem" wangsulane Simpen karo nudingi arah mburi omah.
"Sapa Lik?"
sepisan maneh Sodik mlengak, krungu wangsulane Simpen sing keprungu rada aneh
neng kupinge kuwi.
"Mas Sodik ki piye
ta? wiwit esuk dienteni Bu Guru Waginem ora enggal nemoni, malah enak-enak melu
nata kursi?" Simpen semaur karo ngguyu.
"Ah, sampean ki
kok ya ana-ana wae lho?" wangsulane Sodik karo mesem "mosok Bu
Waginem ngenteni aku?".
"enggih kok"
Simpen ngguyu seneng "pokoke kula jan setuju sewu persen Mas, nek Bu Guru
Waginem pindhah teng dalem mriki dados mantune Bu Kaji he he he".
Sodik wis ora kober
wangsulan maneh, dhadhane krasa ana geter pater sing ora karuwan ngerti nek
Waginem lagi jejagongan karo Ibune. Sodik jan getun banget, ya gene wiwit esuk
babar pisan ora mlebu omah, jathuka rak ngerti nek jebule Waginem wis ana
omahe. Nanging Sodik uga isih kelingan nek olehe nggoleki Ibune iki mau arep
matur menawa Kahar saanak bojone wis teka nganthi "kancane" Bu Kaji
sing jeneng Restu Arumdalu.
"Piye?" Bu
Kaji mundhut pirsa sajak rada kejot "karo Nak Restu barang? Kok mbakyumu
ki ora matur ibu lho? Ya wis, mbakyumu kon ngajak Nak Restu lungguhan neng kene
pisan, ben tepungan karo Ustadzah, uga Nak Waginem".
"Inggih"
wangsulane Sodik, banjur genti kandha marang Bu Mahfudzi lan Waginem
"nyuwun pangapunten lho Ustadzah kalih Bu Waginem, saestu kula wau boten
ngertos menawi Ustadzah kalih Bu Waginem rawuh inggriya mriki".
"Ora apa-apa Dhik"
wangsulane Bu Mahfudzi karo mesem "aku ngerti kok nek Dhik Sodik lagi
repot, Bu Waginem ya pirsa nek sing didolani lagi ketungkul nandangi gaweyan,
rak ya ngono ta Bu Waginem?".
Krungu wangsulane Bu
Mahfudzi ngono kuwi, Sodik lan Waginem padha-padha olehe mesem karo praupan
rada mbrabak. Bu Kaji sing uga pirsa owah-owahan ing praupane Sodik lan Waginem
ngono kuwi dadi sansaya pirsa nek tenane pancen atine putrane kakung kuwi wis kelet
karo atine Waginem.
"Nuwun sewu kula
tilar rumiyin Us, Bu Waginem...." kandhane Sodik sabanjure arep bali
marani dhayohe sing lagi teka.
"Kok Bu lho?
kepenak dirungokne nek nganggo Dhik wae, Dhik Sodik. Inggih ta Bu Kaji?"
Bu Mahfudzi sengaja nggodha Sodik karo Waginem. Waginem sansaya mbrabak
praupane. Sodik mung ngguyu karo mlaku ngalih.
"Inggih benjing
emben mawon Us, nggantose Bu dados Dhik" Bu Kaji atur wangsulan karo
mesem. Waginem dadi sansaya mundhak kaya jambu dersana praupane.
Jebul Kahar karo Restu
wis lungguh neng ruwang tamu, sauntara Ririen karo anak-anake wis tekan kamare,
nyelehne tas lan gawan sing digawa saka Bantul. Lan sing dadi luwih rada kaget
atine Sodik jebul neng ruwang tamu kuwi, Kahar apa dene Restu lagi gayeng
jagongan karo Ustadz Mahfudzi lan Khoirul Anam, KTU ing sekolahane. Sajake wong
loro kuwi mau olehe teka kono pas Sodik memburi nggoleki Bu Kaji mau.
"Nyuwun pangapunten
Tadz" kandhane Sodik karo nyalami tamu singlagi wae teka kuwi, Ustadz
Mahfudzi karo Khoirul "boten ngertos menawi Ustadz rawuh, kula nggin nembe
mawon panggih kalih Ustadzah ingkang jebul sampun rawuh wiwit wau kalih Dhik,
eh..... Bu Waginem".
"Iya ta? lha Umine
cah-cah saiki neng ngendi?" Ustadz Mahfudzi genti mundhut pirsa.
"Nembe kalih Ibu
wonten teras wingking lenggahan teng klasa" wangsulane Sodik
"sekedhap kula aturane mriki, tiyang wau Ibu boten pirsa menawi Ustadz
sampun rawuh, lajeng Mas Kahar kalih Yu Rien ugi mBak Restu pun dhawuhi dhateng
teras wingking nusul Ibu".
"Ya wis nek ngono,
awake dhewe wae sung nusul Ibu mrana" Ustadz Mahfudzi paring wangsulan
banjur karo jumeneng ngendika marang Kahar lan Restu "mangga dokter,
mangga mBak".
Wong telu sing maune
lungguh kuwi tumuli melu ngadeg, banjur mlaku bebarengan arep nemoni Bu Kaji
neng teras mburi. Sodik mlebu ndhisiki nggoleki mbakyune arep dikandhani nek
wong-wong wis neng teras mburi, lakune Sodik simpangan karo Seta lan Untara
sing mlayu metu arep dolanan neng plataran.
"Lho Ustadz
Mahfudzi barang wis rawuh ta?" pitakone Ririen nalika dikandhani Sodik kon
nusul neng teras mburi.
"Lagi wae teka,
nek Bu Fudzi wis wiwit mau esuk bareng karo Bu Waginem" wangsulane Sodik.
"Bu Waginem
sapa?" Ririen sing durung ngerti Waginem takon.
"Guru SMA Al-Hasan
kene" Sodik wangsulan banjur takon "lha mau mBak Restu sampean jak ta
mBak?"
"He eh, wong dhek
emben pas telpon kae Ibu ngendika nek wis kangen karo Restu" kandhane
Ririen "awakmu kok ketoke kaget ngerti Restu tekan omah kene?".
"Ora, mung ora
nyana wae wonge gelem dijak dolan mrene".
"Wonge malah
seneng lho Dik" kandhane Ririen maneh "mau pas mlebu desa kene, alok
nek hawane seger sesawangane katon endah, jarene, ketoke upama bisa dadi wong
kene ngono wonge krasan".
"Ya sokur ta nek
seneng" wangsulane Sodik "muga-muga mbesuk mBak Restu bisa oleh jodho
wong sing omahe neng desa kene".
"Sapa kuwi
Dik?" Ririen takon
"Ya embuh, wong
neng kene iki bocah lanang sing umure sak pantaran karo mBak restu ya
akeh" wangsulane Sodik adhem wae.
"Tak kira nek kowe
he he he?".
"Nek aku ketoke
kok ora!"
"Lha kok ngono?
sebabe?".
"Uwis gak sah
ngrembug kuwi, kae lho wis ditunggu Ibu neng teras mburi" wangsulane Sodik
emoh nyauri pitakone mbakyune "aku mau ya kober diwarah ambek Lik Simpen,
jarene Ibu mau sekesuk jagongan santai karo prawan ayu sing jarene Simpen cocog
nek dadi mantune Ibu".
"Sapa maneh kuwi
Dik?"
"Embuh, aku ora
ngerti!" Sodik semaur karo mlaku ngalih "wong aku ya wegah
neges-neges nyang Lik Simpen".
Ririen nututi, metu
saka kamare arep sungkem ibune sing wis ngenteni neng teras mburi.
Jebul olehe padha
jagongan neng Teras sisih mburi kuwi katon gumyak banget. Bu kaji sing durung
tepung karo Khoirul ngira yen Khoirul kuwi kancane Restu saka Yogya.
"Kula Khoirul Bu
Kaji" ature Khoirul nepungake awake "yogane Pak Ismail Tegalsari, sak
niki dados andhahnipun Mas Sodik ing SMA Pondok".
"Oalaaah, Putrane
Dhik Ismail Juragan Peternakan Sapi kuwi? tiwas tak kira kancane Nak
Restu........" Bu Kaji ngendika karo manggut-manggut.
"Leres Bu
Kaji" Ustadz Mahfudzi urun rembug "Dhik Khoirul niki mila awis-awis
teng dalem, wiwit SMP ngantos SMA teng Pondok Solo, lajeng dhateng UIN Surabaya
sak niki ngrencangi ngagengaken SMA Pondhok dados Kepala TU. Taksih legan nggih
dereng nate kagungan pacar he he he.........".
"Ngaten nggih
Tadz?" Bu Kaji atur wangsulan karo gumujeng renyah.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar