47.
Ririen
sing lagi teka neng teras mburi kuwi banjur sungkem ibune luwih dhisik
dibacutne karo nyalami tamu-tamu sing mau durung kober salaman karo dheweke.
Nalika Ririen salaman karo Waginem, Ririen krasa yen Waginem kuwi dudu wanita
lumrah, nanging ana iner-biuti sing katon saka praupane. Nanging Ririen ora
guneman apa-apa mung sajroning batine rumangsa eram lan kagum marang wanita
sing isih luwih nom tinimbang dheweke kuwi, nanging nduweni daya linuwih sing
ora digawe-gawe, iner-biuti peparinge Gusti sing ora angger wong bisa
kapanggonan.
"Dadi
critane iki mau Ibu ki durung pirsa nek Dhik Khoirul iki putrane Pak
Ismail?" sawuse mapan lungguh lan wong-wong ora ana sing guneman maneh,
Ririen mbaleni bab sing lagi wae rampung dadi guyonan.
"Lha
witikna, wong Nak Irul ki ya ora tau sanja mrene kok, dadi wong tuwa kaya aku
iki ya ora ngerti" sing semaur aweh wangsulan marang pitakone Ririen Bu
Kaji dhewe.
"Estunipun,
ingkang dipun ngendikakaken Bu Kaji menawi kula menika mitranipun mBak Restu
kala wau inggih boten lepat" dumadakan Khoirul sing wiwit mau mung
plengah-plengeh mesem genti guneman sing ndadekne wong-wong padha ngalihne
panyawange marang dheweke.
"Lha
kok bisa ngono ?" Sodik sing tekane keri melu nrambul gunem.
"Lha
cobi mawon Mas Sodik dangu piyambak mBak Restu Arumdalu, putranipun Pak Jayadi
kalih Bu Hasanah ingkang dalemipun Jatitubanan, Wonokromo, Pleret, Bantul,
saking Terminal ngidul liwatipun Jalan Imogiri Timur lajeng Tugu Pethak, liwat
Gang Sodrono arahipun mangilen, niku" wangsulane Khoirul karo ngempet esem
"isih eling aku ta mBak?".
"Weh,
weh kok komplit temen oleh sampean nyebut asmane Dhik Restu sak wong tuwane pisan
? malah dalan-dalane sing sampean sebut bener kabeh, ndadekne gumun tenan,
terange ngono piye sih Dhik Irul?" Ririen sing krungu apa sing dikandhakne
Khoirul, banjur takon kebak rasa gumun.
"Criyosipun
niku makaten lho Bu Kahar" sadurunge Khoirul aweh wangsulan, Restu sing
ndhisiki aweh katrangan "Mas Khoirul Anam menika rumiyin SMP lan SMA nipun
rak dhateng Assalam Solo?. Lha wiwit kelas setunggal SMP ngantos lulus SMA, Mas
Khoirul menika ing pondhok tunggal sakamar kalih Mas Drajat, lan menawi
kaleresan Ibu tilik Mas Drajat dhateng Pondhok, kula asring dipun kanthi. Dados
saestu leres menawi Mas Khoirul niku klebet kanca kaliyan kula".
"Kajawi
saking menika" Khoirul nambahi rembug "pas liburan kula nate kaping
kalih dipun ajak Drajat dolan dhateng griyanipun ing Yogya ngantos sepeken
nembe wangsul, mila kula nggih sampun tepang sae kalih sedaya kulawarganipun
Mas Drajat, Bapak, Ibu, Mas Qadim ugi mBak Restu menika. Kula boten nate
kepanggih kalih kulawarganipun Mas Drajat menika, sareng mantun saking Solo.
Mas Drajat nglajengaken dhateng UIN Sunan Kalijaga Yogya ngantos lulus S2 kula
ketampi dhateng UIN Sunan Ampel Surabaya lan mandheg dugi S1, mila nasibipun
nggih radi benten Mas Drajat saged dados Dhosen dhateng IAIN Salatiga kula
dipun kukup Ustadz Mahfudzi kapurih ndherek momong lare Pondhok nyambi nyepeng
damelan administrasi ing SMA Al-Hasan".
Wong
sing padha jagongan neng klasa sing digelar neng Teras mburi kuwi lagi padha
ngerti nek jebul antarane Khoirul kuwi wis suwe olehe padha tepung. Restu apa
dene Khoirul padha-padha olehe ora ngira yen banjur kepethuk ing daleme Bu Kaji
kono kuwi. Kekarone uga banjur kelingan, jaman Khoirul munggah kelas loro SMA
lan Restu kleas loro SMP, kekarone tau kirim-kiriman layang sing isine
ngandhakne apa sing ana ing jero dhadhane dhewe-dhewe. Nanging embuh sebabe apa
ora pati cetha, layang-layangan kuwi dadi mandheg nalika kekarone padha repot
olehe sinau merga ngadhepi olehe arep padha ujian.
"Pancen
Gusti Allah ki nek arep methukne kawulane ora kurang dalan sing dadi
jalarane" sawuse wong saklasa padha meneng ngumbar gagasane dhewe-dhewe dumadakan
dokter Kahar, sisihane Ririen guneman kanthi suwara memba suwarane Kyai sing
lagi ngendikan "iki mau mBak Restu sing durung nate pirsa daleme Ibu kene,
rak ora ngira nek arep kepethuk Mas Khoirul ta?".
"Boten
nginten babar pisan Pak Dokter" wangsulane Restu karo suwara kedher,
sisa-sisa rasa sawuse kelingan crita jaman pubertas kapisan isih nemplek
sajroning atine.
"Padha
Mas Dokter" Ustadz Mahfudzi genti nrambul gunem "upama mau Dhik
Khoirul ora tak suwuni tulung ngancani aku ngono, kira-kira ya ora ngerti nek
jebul neng dalem kene bisa reuninan karo mBak Restu. Rak ya ngono ta Dhik
Khoirul?".
"Kasinggihan
Ustadz" Khoirul wangsulan karo ndhingkluk, praupane katon rada mbrabak
semu abang, ora beda karo praupane Restu sing uga meh kaya jambu dersana sing
muwuhi sulistiyane.
Bu
Kaji, Bu Mahfudzi, Waginem lan kabeh sing ana kono, sing kabeh ya ngerti lan
weruh owah-owahan ing praupane nom-noman loro lanang wadon sing lagi kepethuk
kuwi, banjur padha duwe dudutan dhewe-dhewe. Dudutane padha, ya iku mbok menawa
ing jaman kisah cinta monyet biyen, antarane Restu karo Khoirul wis tau ana
sambunging rasa.
"Inggih
makaten menika Mas Dokter, Gusti Allah niku pancen menawi badhe paring nugraha
dhateng kawulanipun asring boten saged dipun nyana-nyana langkung rumiyin"
Bu Mahfudzi melu urun rembug mbenerake apa sing lagi wae dikandhakne dokter
Kahar.
"Kasinggihan
Ustadzah" Ririen nyaut rembug "nggih mugi-mugi kemawon ing
dinten-dinten sangajengipun, antawisipun Dhik Khoirul kalih Dhik Restu saged
langkung asring malih anggenipun pepanggihan, gajege mau Dhik Restu rak
ngendika nek ketoke krasan saupama manggon neng desa Kedunggalar kene, iya ta
Dhik?".
Restu
mung mangsuli karo esem sing ora pati diculne, mung praupane wae sing mundhak
njambu dersana. Anane Ririen kawetu guneme sing keri dhewe kuwi mau, jalaran
mau kupinge krungu dhewe apa sing dikandhakne Sodik, adhine, sing mangsuli
kandhane kanthi donga muga-muga Restu bisa oleh jodho wong kono.
Nanging
olehe padha rembugan patemon atarane Khoirul lan Restu kuwi banjur disigeg,
Ustadz Mahfudzi sing wingi didhawuhi dening Bu Kaji supaya ing adicara windon
mengko ngisi tausiyah, banjur wiwit ngendika andum gawe murih rancage adicara.
Maune pancen ora dirancang nganggo acara neka-neka, cukup sadurunge dhahar bareng,
diparingi tausiyah sthithik lan donga saka Ustadz Mahfudzi, bareng kahanane wis
beda, adicarane banjur dijangkepi.
"Niki
mangke angkah kula ngaten Bu Kaji" Ustadz Mahfudzi ngaturake rancangane
"adicara windonipun Bu Kaji menika, kapimpin dening pambiwara ingkang
dipun salirani Dhik Khoirul Anam, lajeng wonten waosan ayat Suci sarta
jarwanipun, kula suwun keparenga mBak Waginem ingkang maos lan ingkang maos
jarwanipun kula suwun mBak Restu, adicara pambagya wilujeng kasuwun supados
dipun sulihi Mas Dokter Kahar menapa Dhik Sodik, mangga salah satunggal sinten
saenipun?".
"Mas
Kahar mawon Ustadz" Sodik gageyan anggone nyaut pangandikane Ustadz
Mahfudzi "langkung sae menawi ingkang matur dhateng ngarsanipun para tamu
menika ingkang kepanggih sepuh".
"Kados
pundi Mas Dokter?" Ustadz Mahfudzi nanting dokter Kahar.
"Kantun
dherek mawon Ustadz" wangsulane Kahar ora bisa endha.
"Alhamdulillah,
lha kula mangke ingkang ndongani" ngendikane Ustadz Mahfudzi sabanjure
"kados pundi Bu Kaji menapa wonten ingkang kedah dipun ewahi utawi dipun
wewahi malih?"
"Sampun
Tadz" Bu Kaji atur wangsulan "kula kinten sampun sae menika".
Watara
seprapat jam sawuse wektune manjing Asar, bareng karo wong-wong mudhun saka
masjid sawuse nindakne shalat jama'ah, tamu sing oleh sedhahan saka Bu Kaji wis
padha teka. Adicara windon banjur diwiwiti, lumaku kanthi tertib lan merbawani.
kabeh paraga kang nindakne wajibe ing adicara kuwi tampil kanthi becik lan
wibawa, sing luwih dadi gumune sebagian wong sing tau ngerti nek Waginem kuwi
Waranggana ing Karawitan Prasaja Laras Karangasri, jebul bareng maca Al-Qur'an
kanthi lagu murattalan, keprungu endah lan tajwide ora ana sing luput lan
suwarane sing maca jarwa uga keprungu kepenak dirungokne kupinge sapa wae.
Watara
jam lima kurang sethithik, adicara wis rampung, tamu-tamu wis padha pamitan
bali kanthi seneng lan mareming ati. Ora suwe sawuse entek uwong, Ustadz
Mahfudzi sekaliyan garwa uga banjur pamitan kundur, Waginem lan Khoirul ora
keri uga melu pamitan, merga nunut mobile Ustadze. Bu Kaji, Ririn, Kahar, Restu
lan Sodik padha nguntapne kundure Ustadz Mahfudzi nganti tekan plawangan
ngarep, Ya pas kuwi Sodik lagi weruh yen mau, kajaba nganggo jilbab kanggo
nutupi sirah lan dhadhane, Waginem uga nyampirne slendhang sutra sing rupane
kuning ing pundhake. Slendhang Kuning sing nalika digawa mlaku ketiyup angin,
kumlebat ninggal paweling marang atine Sodik supaya panggah eling. Eling
sanadyan Waginem tunggal samobil karo Khoirul, nanging atine keri ing daleme Bu
Kaji. Restu sing saiki isih keri neng daleme Bu Kaji, Sodik ora oleh lali, yen
atine katut mlebu mobile Ustadz Mahfudzi, ngetutne Khoirul sing lungguh njejeri
Ustadze sing nyekeli setir.
tammat
Rampung rinakit ing Omahe mBah Wah,
11 Sawal tahun Alip 1955,
Windu Sancaya,
Mangsa Saddha,
Wuku Warigalit,
Padangon Wurung,
Padewan Bathara Kala,
Paringkelan Uwas.
anyarengi : 12 Mei 2022.
sinengkalan : Penganten Kembar Angatasi Kori (2202).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar