Total Tayangan Halaman

Sabtu, 28 Mei 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI

 

1.

Yen padatan wayah esuk ngono kuwi Rangga lan Marga wis gobyos kringeten merga penthalitan neng pinggir bengawan, esuk iki gobyose nom-noman loro kuwi ora merga saka olehe padha nindakne gladhen ngelmu kanuragane.  Nom-noman loro kuwi gobyos merga wiwit sadurunge srengenge ngaton mau wis mlaku ing gisike kali cilik sing sungapane ana bengawan lan pethite kali manggon ing arahe Gunung Lawu. Pancen Rangga lan Marga anggone golek dalan kanggo ngunggahi Gunung Lawu milih liwat kali, jalaran kekarone duwe panemu yen pethite kali kuwi mesthi mapan ana ing papan sing luwih dhuwur, lan papan sing luwih dhuwur kuwi genah nek ana ing gunung, mula yen mlaku  nungsang nurut kali genah nek ora bakal kesasar lakune sing arep tumuju menyang Gunung Lawu, jalaran ing papan kono kuwi gunung sing  ana ya mung Gunung Lawu dhewe, ora ana liyane.

 

Wiwit ninggalake papan getheke sing wis ambyar ora kena dienggo maneh kae, nom-noman loro kuwi durung leren anggone lumaku kajaba mung nalikane nindakne wajibe urip manembah marang Allah jumbuh karo agama sing dirasuk, malah wetenge wae uga babar pisan durung kisenan apa-apa. Mula ora aneh, yen nalika srengengene wis ngunggahi cakrawala sisih wetan watara sagenter dhuwure, saka wetenge nom-noman loro kuwi wiwit rame keprungu suwara kluruk. Kluruke cacing-cacing sing ngreksa jerohane weteng sing sambat njaluk dipakani.

 

"Leren dhisik Dhi" kandhane Marga karo ngendhegne lakune, noleh memburi marang Marga sing mlaku kira-kira sadhepa ana mburine "sajake papan kene iki wis adoh karo panggonane wong-wong Mataram sing wis wanuh lan weruh marang awake dhewe".

 

"Iya Kakang" wangsulane Marga sing banjur nyedhaki papane Rangga sing wis ngendheg lakune "nek miturut petunganku ya ngono, merga wong-wong Mataram sing lagi nindakne jejibahane kae neng laladan rada adoh ana sakulone Kali Sawur, lan papan kene iki wis rada adoh mapan ing wetane Kali Sawur, dadi bener apa sing kakang kandhakne, upama awake dhewe leren neng kene ora bakal kuwatir kaweruhan dening wong-wong Mataram".

 

"Satemene mBah Juru biyen ya ora tau dhawuh supaya awake dhewe, mligine aku, supaya nyingkiri wong Mataram, aku mung ora kepengin anggone dolan awake dhewe iki keganggu dening wong-wong sing lagi nyambut gawe kae" kandhane Rangga sabanjure.

 

Rangga mesem krungu tembunge Rangga sing nek diraksakne krasa lucune kuwi, dadi sing wedi diganggu kuwi dheweke wong loro sing lagi lunga dolan dudu wong-wong sing lungane merga nindakne gaweyan. Nanging Marga milih meneng, ora weh wangsulan karo apa sing lagi wae dikandhakne sedulure angkat kuwi. Malah sirahe wiwit  tolah-toleh ngulati  ketele alas sing disigar dening iline kali cilik sing dienggo dalan kanggo tumuju Gunung Lawu kuwi.

 

"Nek arep golek sing kanggo isining weteng katone luwih kepenak nek awake dhewe munggah menyang ndhuwur kono, mbok menawa ana pala kependhem utawa woh-wohan sing enak dipangan, merga aku lagi rada aras-arasen slulupan neng adhem-adheman gogo iwak neng kali iki" kandhane Rangga bareng Marga ora nanggapi tembunge mau malah tolah-toleh ngiwa nengen kaya ana sing lagi digoleki.

 

"Iya Kakang" wangsulane Marga "ayo yen ngono, munggah wae".

 

Muni ngono kuwi Marga karo nginger adhepe, ngungkurne kali. Lan ora karo omong apa-apa Marga wiwit mlaku arep munggah menyang dharatan sing luwih dhuwur. Rangga tut wuri ing mburine. Bareng wis tekan ndhuwur, nom-noman loro kuwi, padha sawang-sawangan. Jebul neng dhuwur gisike kali cilik kuwi katon yen kerep disaba wong, ketitik ing kono ana dalan sapecak sing katon limit banget, suket-sukete padha garing mati tilas kepidak-pidak sikile wong liwat.

 

"Sajakle ora adoh saka kene ana desane Dhi" kandhane Rangga karo nyawang dalan sapecak sing ana ngarepe "mbuh arah lor mbuh arah kidul saka kene"

 

"Nek ora malah lor kono ada desa lan kidul kono ya ana desa kakang" wangsulane Marga aweh panemu "dalan sing limit banget iki, najan ora pati amba nanging bisa nuduhne nek kira-kira saben dina mesthi ana sing ngliwati lan cacahe mesthi kliwat saka wong siji utawa loro, malah iki ana tipake sikil jaran barang, dadi iki cetha nek dalan sing kerep dienggo liwat wong".

 

"Bener kandhamu Dhi" kandhane Rangga maneh, nanging wurung dibacutne merga saka kadohan lamat-lamat keprungu suwarane wong pirang-pirang pating cruwet sajak lagi ngoyak-oyak maling utawa durjana sing lagi keplayu.

 

"Ketoke ana wong mburu burone kakang?" Marga sing uga krungu, banjur kandha marang Rangga.

 

"Bener Dhi" wangsulane Rangga "awake dhewe mengko kurang-kurang bejane bisa-bisa malah didakwa kancane sing lagi diburu kuwi. Merga awake dhewe cetha nek durung ditepungi dening wong-wong sing manggon ing laladan kene lan kira-kira sing lagi dioyak kuwi ya dudu warga kene".

 

"Lha banjur kepenake kepiye Kakang?"

 

"Ya wis, awake dhewe mandheg wae dhisik neng kene" wangsulane Rangga sabanjure "mBah Juru biyen nate paring dhawuh nek sajroning lelana iki awake dhewe bakal nemu pacoban sing sapirang-pirang lan padatan pacoban kuwi tekane merga awake dhewe nindakne darmaning urip aweh pitulungan marang sok sapawa sing mbutuhake, mbok menawa wae kanthi ana suwarane wong sing pating cruwet kae, ana wong sing mbutuhne pitulungan saka awake dhewe".

 

Marga ora semaur, mung batine kandha yen wong sing pating brengok kae lagi nguber durjana sing mlayu, banjur sapa sing kudu ditulungi? Apa wong-wong sing pating brengok kae? Apa sing lagi diburu merga butuh nylametne nyawane?.

 

Nanging durung nganti Marga guneman ngandhakne sing lagi digagas, marang Rangga dumadakan saka walik grumbul, mecungul wong sing lagi mlaku karo sempoyongan, awake gudras getih, raine bengep-bengep ora karuwan, nyedhaki nom-noman loro kuwi banjur ambruk ing cedhak sikile Rangga lan Marga.

 

"Nyuwun tulung Kisanak........" kandhane wong mau karo megap-megap, mengkurep neng lemah.

 

Marga tanggap, wong kuwi ketara yen nandhang tatu rada abot lan yen nganti kasep oleh pitulungan, bisa-bisa nyawane bakal ilang. Mula Marga banjur lungguh jengkeng neng cedhake wong kuwi arep aweh pitulungan. Rangga panggah ngadeg karo mripate nyawang pernahe suwarane wong akeh sing pating cruwet nanging durung katon wujude merga isih rada adoh panggonane.

 

"Aku wis ora kuwat......" Kandhane wong mau "aku mung arep njaluk tulung, keris sing ana lempengku iki, ndika jupuk lan ndika larung ing Sendhang Ngiyom sing manggon ing pethite kali iki".

 

"Sabar kisanak" kanthi suwara sing sareh Marga aweh wangsulan "tak tambanane tatu sing ndika sandhang iki luwih dhisik, nek arep kongkonan utawa kandha apa-apa mengko wae nek tatu ndika wis tak tambani".

 

"Tatuku jero lan amba Kisanak, getihku ya wis meh entek merga tatu sing ana lempeng sisih tengen iki, sedhela maneh aku mati. Nanging sadurunge aku mati, aku njaluk tulung marang ndika masrahake........"

 

Durung nganti rampung olehe guneman, wong sing nandhang tatu kuwi wis semaput ora eling apa-apa maneh.  Marga sing wis krungu yen tatune wong kuwi manggon ing lempeng sisih tengen, tumuli tandang. Banjur ngetokne bumbung sing disimpen awor sandhangan lan sangu sing ana pethukane, tatune wong kuwi sing jebul nyata tatu sing mbebayani, tumuli diwuwuri bubukan sing rupane ijo saka jerone bumbung.  Banjur tutuke wong sing lagi semapaut kuwi dicangap, dileboni barang bunder-bunder gedhene sakemiri.

 

"Ketoke luwih becik nyingkir dhisik Kakang" kandhane Marga marang Rangga sing isih nyuntak kawigatene marang suwara pating cruwet sing sansaya nyedhak papan kono kuwi.

 

"Ya wis ayo" wangsulane Rangga sing banjur nyaut gawan sing mau digawa Marga. Sauntara Marga banjur nyandhak lan mbopong wong sing lagi semaput kuwi, banjur kekarone bali mudhun menyang kali. Nyabrang mengulon, ndhelik neng waliking grumbulan sing ketel.

 

Sawuse sing lagi sempaut diselehne kanthi bener. Marga banjur guneman marang sedulur angkate :

"Dienteni neng kene dhisik Kakang, wong sing pating cruwet kae ketoke ana sambung rapete karo wong sing lagi tak ntambani iki".

 

"Iya, nek awake dhewe kesusu nemoni wong-wong sing suwarane keprungu saka kene kae, bisa nuwuhake kleru tampa, sadurunge awake dhewe krungu critane wong kuwi" wangsulane Rangga karo nudingi wong sing isih semaput nanging napase wiwit keprungu tumata maneh kuwi.

 

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...