2.
Sauntara
Marga nutugne olehe aweh pitulungan marang wong sing nandhang tatu abot
ditunggoni Rangga neng walike grumbul sabrang kulone kali cilik kuwi, suwarane
wong sing pating brawok mau sansaya cedhak. Ora suwe saka walike rungkuding
gegrumbulan Rangga lan Marga weruh yen ana wong sapirang-pirang sing padha
gegaman jangkep teka ing papan sing mau wong sing lagi diupakara Marga kuwi
rubuh lan banjur semaput. Sajake wong-wong mau pancen lagi nguber wong sing
semaput kuwi, ketitik bareng ana sing weruh yen ing papan kono ana ana getih
sing durung garing nelesi lemah tumuli alok :
"Menus
elek ora genah mau lagi wae tekan kene Ca, iki getihe sing mili saka tatu merga
keneng disawat kudhine Parwa mau, katon durung garing, ateges wonge durung adoh
saka papan kene".
"Nanging
dugi mriki awakipun piyambak kelangan lacak Lurahe" salah siji saka
kancane wong sing alok, sing jebul lelurahe wong-wong kuwi, mau aweh wangsulan
"tetesan rah niku mandheg namung dumugi mriki, malah ketingale teng mriki
wau si Pradapa kober mandheg, lha niki rahe ketingal radi kathah ingkang nelesi
siti? Nanging dugi mriki sampun boten
wonten malih rah ingkang tumetes, lajeng dhateng pundi anggenipun mlajar
sikeparat niku?, bablas ngidul menapa menggok ngilen mlebet lepen?, menapa
menggok ngetan? boten cetha!".
"Aneh!"
Lurahe wong-wong kuwi semaur karo njengkerutne bathuke tandha yen lagi mikir
apa sing lagi wae dikandhakne andhahane sing jeneng Parwa kuwi "nek kudune
playune si Pradapa kuwi menyang ngendi bisa diturut saka getihe sing netes neng
lemah, nanging tekan kene ora ana titikan maneh, si Pradapa mlayu menyang
ngendi?"
"Menapa
ing mriki si Pradapa kober mblebet tatune, Ki Lurah Danara?" salah siji
saka wong-wong mau udhu panemu "lajeng getihe mampet? boten mili malih?".
"Mokal
kuwi Prana!" sadurunge Lurahe sing jebul jenenge Danara kuwi aweh
wangsulan, Parwa ndhisiki semaur "mblebet tatu kuwi mbutuhne wektu sing
rada suwe, lan mokal si Pradapa bisa mblebet tatune dhewe. Saupama neng kene
mau Pradapa ketemu wong sing aweh pitulungan mesthine durung ana tilas-tilase,
kamangka neng kene ora ana titikan apa-apa. Malah aku banjur duwe pangira
liyane".
"Pangira
apa maneh Parwa?" Danara, ya lurahe wong-wong kuwi takon.
"Pradapa
dipulung dening ingkang mbaureksa sela ageng wingking ndika niku Ki Lurah"
wangsulane Parwa karo suwara sing semu miris "kula asring mireng kabar
Sela ageng sing namine Watu Mileng niku
mila kratonipun lelembat ingkang dhemen nedha titiyang ingkang nedheng apes
ndelalah kendel ing papan mriki niki".
Krungu
kandhane Parwa sing keri dhewe ngono kuwi wong liyane katon kaget semu wedi,
praupane padha pucet dadakan nuduhne nek atine uga ngemu rasa kuwatir, klebu
lurahe barang. Ora krasa wong-wong kuwi padha noleh, nyawang wujude watu sing
gedhene sagajah peranganing ngisor watu kuwi kependhem ing jero lemah.
"mBok
menawa bener sing dadi kandhamu kuwi Parwa" Lelurahe wong-wong kuwi banjur
guneman alon "upamaa ora kaya sing mbok kandhakne, sajroning wektu rong
dina utawa telung dina maneh bathange Pradapa mesthi bakal konangan neng ngendi
mapane. Mokal Pradapa bisa slamet sawuse kentekan getih merga tatu ing lempenge
kena kudhimu mau. Nanging awake dhewe
prelu atur panuwun marang mBah Mileng sing mbaureksa watu gedhe iki, mbok
menawa wae sing mbok kandhakne mau bener. Dadi awake dhewe wis diparingi
bebantu nyirnakne Pradapa sing kumalungkung wani ndaga apa sing dadi kersane
Bapa Guru Kyai Daka. Bakune dina iki Pradapa wis ilang saka lumahing bumi, kaya
sing dadi kersane Bapa Guru".
"Lajeng
kersane Lurahe ?" Parwa takon.
"Awake
dhewe bali wae, kabeh iki dadi atur marang Bapa Guru Kyai Daka" wangsulane
lelurahe wong-wong kuwi sabanjure "kanthi netra batharane, Bapa Guru
mesthi wis pirsa nasib apa sing dialami Pradapa sawuse lempenge jebol kena
kudhi sing mbok sawatake mau, bakal mati kentekan getih apa mati merga dadi
tadhahe mBah Mileng ing papan kene".
"Lha
lajeng anggenipun badhe atur panuwun dhateng mBah Mileng?" Prana sing
maune mung meneng ngrungokne, takon marang lurahe.
"Kuwi
mengko ben ditata Bapa Guru pisan, Bapa Guru luwih ngudaneni ing babagan iki. Awake
dhewe kari ngleksanakne apa sing bakal didhawuhake" wangsulane Lurah Danar
sing banjur nginger adhepe, mlaku bali mengalor ninggalne papan kono ditutne
andhahane sing kabeh ana wong sewelas.
Rangga
karo Marga sing nyawang lan ngrungokne saka sabrang kulone kali cilik kuwi
wiwit ngerti yen wong sing lagi semaput kuwi jenenge Pradapa lan lagi dadi
burone Ki Daka gurune wong rolas sing dilurahi
dening Danara mau. Sing dadi pitakon ing
sajroning atine Rangga lan Marga, kaluputan apa sing ditindakne Pradapa marang
Kyai Daka teka nganti diarah patine kuwi. Awit mokal yen ora ana sabab sing
gedhe lan mbebayani Kyai Daka nganti duwe karep nyirnakne Pradapa.
"Danara
sakancane mau durung ngerti nek awake dhewe neng kene Dhi" kandhane Rangga
marang Marga sing katon mbudidaya murih Pradapa bisa cepet eling saka anggone
semaput lan bisa waras kaya maune "lan uga ora ngerti nek wong sing jebul
duwe jeneng Pradapa iki mbok tulungi lan mbok singidne ana kene".
"Bener
Kakang" wangsulane Marga sing wiwit nicil ayem jalaran pambudidayane
sarana aweh kekuwatan marang Pradapa kanthi ngilekne hawa murni saka awake
marang Pradapa katon wiwit katon ana asile, cahyane Pradapa wis ora pati pucet
maneh lan raga sing maune panas kaya geni jalaran akehe getih sing kebuwang
metu liwat tatu neng lempenge, saiki wis kari manget-manget.
"Padha
karo awake dhewe sing uga durung ngerti apa perkarane nganti Ki Daka kongkonan
murid-muride sing dipandhegani Lurah Danara
mateni Pradapa iki" Marga nutugne olehe aweh wangsulan.
"Adat
sing wis, wong padha kerengan banjur siji lan sijine padha duwe karep gawe
patine mungsuhe kuwi mung sabab nuruti panyurunge hawa nepsu, melik bisa
nguwasani sing dimeliki dening hawa nepsune, mbuh kuwi wujud bandha donya,
kalungguhan pangkat utawa drajat lan bisa uga sing dadi pakaremane nepsu
birahi" kandhane Rangga sabanjure
"embuh sapa sing miwiti Ki Daka gurune Danara sakancane mau apa Pradapa
sing saiki mbok tambani kuwi, awake dhewe durung ngerteni kanthi cetha. Nanging
nek ndelok tembung sing metu saka Pradapa sadurunge semaput mau, dheweke wis
pasrah yen kudu tumeka ing pati, waton kerise sing disengkelit kuwi bisa
dilarung neng sendhang Ngiyom, mbok menawa wae anane Ki Daka memungsuhan karo
Pradapa iki merga Pradapa ora kepengin keris sing disengkelit kuwi dikuwasani
dening Ki Daka, mula dheweke banjur njaluk tulung marang awake dhewe supaya
nglarung kerise kuwi menyang Sendhang Ngiyom. Gek Sendhang Ngiyom kuwi mapane
ana ngendi awake dhewe ya durung ngerti".
"Ya
kudu rada sabar dhisik Kakang" wangsulane Marga "yen awake dhewe
kepengin weruh ing ngendi dununge Sendhang Ngiyom sing dikandhakne Pradapa mau,
ya kudu ngenteni nek Pradapa wis bisa ditakoni. Sokur-sokur yen mengko kajaba
Pradapa bisa aweh weruh marang awake dhewe ing ngendi dununge Sendhang Ngiyom
kanggo nglarung kerise kuwi, Pradapa uga bisa aweh weruh ancer-ancere Sendhang
Mustikaning Warih sing dadi tujuwane awake dhewe".
"Bener
banget kuwi Dhi" kandhane Rangga maneh "kanthi ndadekne Pradapa bisa
pulih saka tatune, mbok menawa bisa dadi sarana awake dhewe ngaweruhi dununge
Sendhang Mustikaning Warih sing didhawuhne mBah Juru marang awake dhewe nalika
aku arep budhal nindakne paukuman saka Kanjeng Rama biyen".
"Mula
saka kuwi Kakang, aku mbudidaya murih wong sing jeneng Pradapa iki bisa waras
luwih dhisik" wangsulane Marga "Nanging..............."
Marga
mandheg ora nutugne olehe arep guneman. Ranga katon rada kaget.
"Nanging
apa Dhi?" pitakone marang Marga.
"Nanging
wektu iki awake dhewe duwe kuwajiban sing ora kalah baku" Marga aweh
wangsulan.
"Apa
kuwi Dhi?"
"Cacing-cacing
sing neng jero usus ora leren nggone kroncalan merga mbutuhne pangan"
wangsulane Marga karo mesem.
"Ha
ha ha........." Rangga semaur karo ngguyu alon "wong padune arep
kongkonan aku golek woh-wohan utawa pala kependhem wae, kok cacing sing neng
jero usus sing mbok enggo pawadan. Ya wis, mangsa bodhowa nggonmu ngopeni
Pradapa, aku tak golek sing dibutuhne cacing-cacing sing geger neng jero ususmu
lan ususku iki".
Rampung
anggone guneman, Rangga banjur ngadeg menyat ninggalkne Marga, arep golek
bebakalan kanggo ngiseni wetenge sing wis krasa luwe.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar