3.
Ora suwe
nggone milang-miling golek pala kependhem sing ana ing alas kuwi, Rangga wis
nemu uwi alas jinis uwi putih sing wite lagi sakecu njedhul saka lumahing
lemah. Rangga dadi seneng, awit uwi sing ngono kuwi adhakane gedhe uwohe lan
gurih sarta empuk yen dibakar utawa digodhog. Gageyan Rangga tumandang ndhudhuk
uwi sing thukul neng lemah abang campur pasir kali sing gembur kuwi. Ora suwe
uwoh uwi sing didhudhuk wis bisa dientasne,
uwohe dijupuk lan sirahe uwi dipocok banjur bali dibalekne neng tilas dhudhukan
lan diurugi maneh, kang mangkono kuwi murih ndhas uwi kuwi bisa thukul maneh
dadi ora cures.
Karo nggawa
bali uwioleh-olehane kuwi Rangga nggagas, kepengin luwih akeh mangerteni sapa
satemene Pradapa sing saiki isih diupakaran Marga, Danara lan kanca-kancane
sing mau rumangsa kelangan burone, uga kepengin ngerteni sapa kuwi sing jenenge
Kyai Daka sing jare gurune Danara sakancane mau. Rangga kepengin weruh ora
merga dicritani salah siji saka wong-wong kuwi, merga yen mung manut crita sing
metune saka salah sijine wong-wong kuwi genah nek bakal ana sing ditutup-tutupi
lan bisa uga diwuwuhi crita sing sabanere.
"Iki
Dhi aku oleh uwi putih sing isih gumeras" kandhane Rangga karo nyelehne
uwi olehe ndhudhuk ing sandhinge Marga sing isih nunggoni Pradapa "ketoke
Pradapa kuwi bisa karo mbok sambi cethik geni, aku tak lunga sedhela".
Durung
nganti Marga semaur, Rangga wis malikne adhepe banjur kaya mlayu nggeblas
ninggalne adhi angkate. Marga mung mesem wae dipamiti sedulure angkat mangkono
kuwi. Pangirane Marga, Rangga lagi wae weruh utawa krungu sing ngundang rasa
kepengine ngerti. Dhasare wektu kuwi kahanane Pradapa wis ora nguwatirake, mula
Marga uga banjur tumandang cethik geni ing papan sacedhake kono kanggo mbakar
uwi putih oleh-olehe Rangga.
Ketang
ketungkule Marga gawe bedhiyang, ora eling yen kukuse kayu-kayu garing sing
diobong kuwi bisa kaweruhan dening wong liya sing kapinujon lagi mapan ing
sacedhake papan kuwi. Lan yen nganti ana
sing weruh yen ana kukus utawa keluke geni, wong sing ndelalah lagi ana
sacedhake mesthi kepengin ngerti sapa sing wis gawe bedhiyang kuwi. Kaya sing
dialami wong papat sing lagi umpetan ing sawijining guwa ora adoh saka papane
Marga gawe bedhiyang.
Maune sing
nerti lan werih yen ana keluk munggah mendhuwur kuwi mung wong siji, wong mau banjur kanthi dhedhemitan nyedhaki
papan sumbere keluk, saka walike grumbul sing ketel nyoba nginjen sapa sing wis
obong-obong gawe bedhiyang kuwi. Wiwitane wong sing lagi nginjen kuwi
kecondhokan rasa gumun weruh yen ing kono ana nom-noman sing rupane bagus lagi
ngolak-alikne uwi sing dibakar neng geni mawa. Nanging rasa gumun kuwi tumuli
owah dadi rasa kaget bareng panyawange genti weruh ana wong liyane sing kaya
wong mati gumlethak neng lemah dilambari jarik , ora adoh karo papane nom-noman
sing lagi mbakar uwi.
"Gus
Pradapa...............?" ora krasa wong sing lagi nginjen kuwi nyebut
jenenge wong sing ngglethak kaya lagi mati kuwi. Nanging wong kuwi tumuli eling
yen dheweke wis ketrucut nyebut jeneng kuwi nganggo lambene, mula banjur
gage-gage nutup lambene maneh, mung mripayte ora kedhep tansah nguwasi Pradapa lan Marga genti-genten. Alon-alon
wong kuwi nggrayahi gagang peso sing disengkelit ing lempege, gagang peso
digegem kenceng. Nanging wong kuwi sajak isih tidha-tidha arep tumindak, mula
banjur genti tangane ngalih njupuk tulup sing mau kober diselehne ing
sandhinge. Paser lembut sing bongkote disubal kapas wis dipasang neng tulupe,
samangsa-mangsa kanthi gampang bisa digunakne .
"Adhuuuuuh..........
" wong kuwi dumadakan dikagetne dening suwara sambat, sing sanadyan alon
nanging keprungu cetha. Sambate Pradapa sing ngrasakne larane, Pradapa lagi wae
eling saka anggone semaput.
Sing kaget
krungu sambate Pradapa ora mung wong sing lagi dhedhemitan nginjen saka walike
grumbul sing ketel kuwi, Marga sing lagi kasengsem mbakar Uwi ing sandhinge uga
kaget, sanajan satemene Marga wis metung yen Pradapa ora suwe maneh mesthi
bakal nglilir saka anggone turu merga semaput. Alon-alon Marga nyedhaki papane
Pradapa ngglethak.
"Aja
obah dhisik Kisanak" kandhane Marga karo nggrayang bathuke Pradapa sing
wis ora panas maneh kuwi "wektu iki ndika wis ora prelu kuwatir karo sing
arep ditindakne Lurah Danara sakancane, kabeh wis mulih arep wadul gurune nek
ndika wis ditadhah dening mBah Mileng".
"Matur
nuwun Kisanak......" kanthi suwara sing lirih Pradapa guneman.
"Uwis
aja dienggo guneman utawa obah dhisik" marga aweh wangsulan "bubuk
sing tak wuwurne ing tatu ndika kuwi isih mbudidaya mulihne tatu ndika lan
bunderan sing mau tak lebokne tutuk ndika uga isih durung rampung nggone
nyambut gawe ing jerone raga ndika. Sing baku wektu iki ndika wis slamet saka
tumindake wong-wong sing arep gawe cilaka ndika, sanadyan ta wektu iki isih ana
wong sing ngulat-ulati ndika lan aku uga durung ngerti apa sing dikarepne,
nanging ndika ora prelu kuwatir, nek mung kudu ngadhepi landhep utawa lancipe
peso sarta paser sing disiyagakne ing pucuke tulup, kira-kira aku isih saguh ngadhepi".
Sanajan tata
gelar tembunge Marga kuwi ditujokne marang Pradapa, nanging wis gawe kagete
wong sing mau lagi nginjen saka walik grumbul. Wong kuwi lagi ngerti yen
satemene wong sing diulati wis weruh yen dheweke lagi nginjen neng kono. Ora sranta wonng kuwi banjur ngobahne sikile
mlangkah maju nyedhaki papane Marga lan Pradapa.
"Nyuwun
pangapunten Raden........." karo mlaku wong kuwi guneman "kula dede
tiyang sanes, kula Tanggon rewangipun Gus Pradapa".
"Lungguha
dhisik sing kepenak Kisanak" kandhane Marga marang wong kuwi "sapa?
Gus Pradapa? isih durung bisa diajak crita, becik aja diganggu dhisik".
"Inggih
Raden" wangsulane Tanggon karo mapan lungguh sila neng cedhak sikile
Pradapa "kula boten nginten babar pisan menawi Gus Pradapa nandhang kanin
awit pokalipun Lurah Danara sakancanipun".
"Dadi
ndika ngerti nek sing gawe tatune bendaramu iki Lurah Danara sing jare muride
Kyai Daka kuwi?" pitakone Marga marang Tanggon, sawuse aweh sasmita marang
Pradapa supaya ora obah lan ora guneman dhisik.
"Nyuwun
pangapunten Raden, ngertos kula inggih awit kala wau Raden ngendika, bilih
wekdal menika Gus Pradapa sampun lepas saking pangincimipun Lurah Danara lan
rencang-rencangipun" wangsulane Tanggon.
"O iya,
mau ndika kandha yen ndika kuwi dudu wong liya, nanging isih rewange Bagus
Pradapa?" kandhane Marga sabanjure "Lha iki mau ndika saka ngendi?
tak waspadakne solah bawa ndika sajak mindhak-mindhik kaya wong lagi
ndhelik?".
"Nyuwun
pangapunten Raden........."
"Aku
dudu Raden, jenengku Marga. ndika kena nyeluk aku Adhi, Ki, utawa njangkar ya
ora apa-apa, waton ora mbok sebut Raden"
Marga motong rembuge Tanggon klawan nepungake jenenge lan aweh pamenging
murih Tanggon ora ngaturi Raden marang dheweke.
"Inggih
Kisanak Marga" Tangon aweh wangsulan "mila saestu kula menika nembe
umpetan, jalaran dening Bagus Pradapa ingkang dados bendara saha pangayoman
kula kula sakanca kadhawuhan umpetan, sampun ngantos kadenangan dening Lurah
Danara utawi rencang-rencangipun".
"nDika
sakanca?" Marga takon "dadi ndika ora ijen?".
"Boten
Kisanak" Tanggon aweh wangsulan "ingkang kadhawuhan kesah saking
Dhukuh Kepuhagal saha umpetan murih boten kadenangan Lurah Danara menika kula
kalih rencang kula cacah tiga malih, inggih menika, Tolu, Pahing, Pangkas lan
kula piyambak. Samangke kula tiyang sekawan menika mapan ing salebeting guwa
ingkang boten tebih saking papan menika,
watawis satus jangkah saking mriki".
Marga
manggut-manggut krungu wangsulane Tanggon sing nyethakne kahanane lan nuduhne
ngendi papan pandhelikane. Sawise nglirik marang Pradapa sing wiwit mau mung
meneng ora guneman apa-apa, awit pancen dening Marga dipenging obah utawa
guneman luwih dhisik, supaya tamba sing ditamakne ora keganggu. Marga banjur
nakoni Tanggon maneh :
"Dadi
ndika wong papat wis oleh panggonan ing sawijining guwa ora adoh saka
kene?"
"Leres
Kisanak" wangsulane Tanggon cekak.
"Yen
mangkono" kandhane Marga sabanjure "murih bendara ndika iki luwih
gelis bisa pulih, upama olehe ngupakara tatune kuwi dielih neng guwa papan
ndika sakanca umpetan, kira-kira isih ana panggonan apa ora?, Jalaran neng
kene, bendara ndika iki ora ana sing ngayomi menawa ana udan sing tumiba".
"Kula
kinten mila langkung prayogi makaten Kisanak" wangsulane Tanggon sing
dibacutne karo tembung taren "menawi makaten kanca-kanca kula celuke mriki
rumiyin kula ajake yasa tandhu kangge nggotong Bagus Pradapa".
"Ora
prelu Paman......" dumadakan kanthi suwara lirih nanging keprungu cetha,
Pradapa guneman nyauti tembunge Tanggon "aku ora sah ndadak dipikul, nek
ndelok apa sing tak rasakne saiki iki, nek mung mlaku satus utawa rong atus
jangkah wae aku wis kuwat".
Marga karo
Tanggon rada kaget krungu gunemane Pradapa sing mangkono kuwi, kekarone banjur
padha ngelih panyawange marang Pradapa sing nadyan isih ngglethak nanging praupane
wis ora pucet kaya mau, ambegane uga wis keprungu aring.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar