4.
Sepisan
maneh Marga ngiling-ilingi tatu ing lempenge Pradapa sing mau diwuwuri bubukan saka bumbung tamba
lan diblebet nganggo suwekan jarite. Marga manthuk-manthuk, jroning bati
nocogne apa isining piwulang kasarasan sing
diwaca ing rontal sing ditemu ing omah sing ditunggu Ki Lasma jaman semana.
Pancen kanthi sengaja dina iki mau Marga wis ndadekne Pradapa sing miturut
petungan nalar kudune wis mati merga kesatan getih sing mili saka tatu ing
lempenge, minangka panyoba apa sing dicritakne ing rontal sing diwaca. Isine
rontal nyebutake yen bubukan sing digawe saka gegodhongan lan oyot-oyotan rolas
rupa kuwi nduweni daya kang ngedab-edabi, nanging yen nganti kleru anggone
ngecakne uga bisa mbilaheni, sing ditambani ora sida waras nanging bakal
tumekeng tiwas. Mula bareng ngerti kahanane Pradapa sawuse ditambani nganggo
bubukan sing digawe kanthi dhasar piwulang rontal sing diwaca kuwi katon
sansaya becik, jroning atine Marga ngunjukne rasa sokur marang Gusti Allah. Lan
kanthi lelandhesan piwulang saka rontal sing diwaca nalika samana kuwi, Marga
bisa rada mesthekne yen ora suwe maneh Pradapa bakal bisa tangi lan tatune ora
mbutuhne wektu sing suwe anggone bisa garing lan pulih kaya mau-maune.
"Tak
kira bener apa sing ndika kandhakne kuwi mau Ki Sanak Pradapa" kandhane
Marga marang Pradapa sabanjure "nanging ya aja dipeksa, nek pancene durung
kuwat mlaku ya ora ana alane yen kudu ditandhu".
"Inggih
Raden" wangsulane Pradapa isih karo ngglethak "nanging kula sampun
boten ngraosaken sakit malih ing sakujurung badan kula menika. Nuwun sewu
Raden, kula saestu ngaturaken genging panuwun dhumateng andika Raden ingkang
sampun paring pitulungan dhateng kula temah kula dereng siyos pejah ing
tanganing titiyang duraka ingkang dipun suhi dening Luah Danara kala wau. Nuwun
sewu, menapa kula keparengaken mangertos Raden menika sinten ? Wingking saking
pundi ? Badhe tindak pundi? menapa mila Raden menika utusaning Sang Hyang Agung
saking alam sanes kangge milujenmgaken kula saking tanganipun Danara lan
rencang-rencangipun kala wau?".
"Sadurunge
tak wangsuli apa sing ndika takokne marang aku iki mau, saiki coba ndika enggo
lungguh luwih dhisik, isih krasa lara apa ora?" wangsulane Marga aweh prentah
supaya Pradapa tangi saka anggone ngglethak.
"Inggih
Raden" wangsulane Pradapa karo tangi lan sawuse lungguh sawantara banjur
nutugne olehe guneman "sampun Raden, kula sampun mantun saestu, boten
wonten raos sakit malih".
"Sokur
yen pancen mangkono Kisanak Pradapa" wangsulane Marga karo mesem lega
"saiki ndika rungokne kandhaku, aku iki manungsa lumrah bocah saka
padesan, dadi ndika aja ngundang aku Raden maneh, cukup nganggo celukan sing
pantes kanggo nyeluk bocah ndesa, jenengku Marga tekaku kene mau karo sedulurku
tuwa jenenge Kakang Rangga saiki wonge lagi golek wuwuh uwi nutawa gembili
tunggale sing tak bakar neng geni bedhiyang kuwi"
Marga
ngadeg lagi kelingan yen mau dheweke mbakar uwi putih. banjur mlaku nyedhaki
bedhiyang sing kanggo mbakar uwine. Temenan uwi sing dibakar wis mateng lan
upama kasep sedthithik olehe ngentas bisa kobong dadi areng. Wi bakaran kuwi
banjur digawa bali ing panggonane lungguh mau.
"Uwine
wis mateng Kisanak Tanggon lan Kisanak Pradapa" kandhane Marga karo ngajak
wong loro kuwi melu mangan uwi olehe mbakar, ora lali sing sethithik disisihne
kanggo ngengehi Rangga sing lagi lunga embuh menyang ngendi parane "ayo
padha dipangan, kenaa kanggo ngganjel weteng".
Tanggon
nyandhak uwi sing ana ngarepe banjur diulungne marang Pradapa .
"Mangga
ndika nedha riyin Gus" kandhane Tanggon "menawi kula kalih Kang
Pahing, Kang Tolu kalih Adhi Pangkas sampun nedha gembili ing guwa".
"Saiki
Paman Tolu, Paman Pahing lan Paman Pangkas isih ana guwa pandhelikanmu, apa
Paman Tanggon ?" karo nampani Uwi sing diulungne Pradapa takon marang
Tanggon.
"Leres
Gus" wangsulane Tanggon "mila dinten niki wau, ingkang gadhah
kuwajiban pados tedha kula benjing enjing gentos Adhi Pangkas. Lan sampun dipun
sarujuki dening kula tiyang sekawan, bilih ingkang kenging medal saking papan
pandhelikan inggih namung ingkang kajibah pados tedha, dene sanesipun kedah
kantun wonten salebeting guwa, menika namung kangge njageni murih boten gampil
kadenangan dening tiyang-tiyangipun Danara".
"Iya,
iya aku ngerti sing padha mbok karepne kuwi Paman" wangsulane Pradapa
sawuse mamah uwi bakar lan diulu mlebu wetenge "mesthine Paman Tanggon rak
ora ngira yen bakal kepethuk aku ana kene iki ta? lan kira-kira sawise kepethuk
ndika lan Paman Tolu, Paman Pahing apa dene Paman Pangkas, aku bakal krungu
crita sing akeh saka ndika kabeh, crita sing aneh-aneh lan ngrerujit ati,
nanging kepengin banget aku ngerti".
"Inggih
Gus, kula sedaya nggih kepengin ngertos wartos lan wonten kedadosan menapa
ing Kepuhagal sasampunipun kula katundhung
kesah saking mrika, langkung-langkung sareng kula ngertos wonten kedadosan
bilih Gus Pradapa nandhang kanin ingkang radi santer, katujune wonten Kisanak
Marga ingkang asung pitulungan menika" wangsulane Tanggon.
"Mengko
dhisik Kisanak Pradapa lan Kisanak Tanggon" sadurunge Pradapa aweh
wangsulan marang Tanggon, Marga nigas rembuge wong loro kuwi "yen ndika
wong loro padha kepengin ngrumgokne crita saka siji lan sijine, satemene aku ya
kepengin weruh kepriye crita sing sabenere, apa kang dadi mula bukane teka
Kisanak Pradapa memungsuhan karo Ki Daka, sing wekasane ana kedadeyan Lurah
Danara sakancane mbujung Kisanak Pradapa
kaya ngoyak durjana, nganti meh wae Kisanak Pradapa tumeka pati merga kena Kudi
sing disawatake dening andhahane Danara sing jeneng Parwa ? ndelalah wae aku
karo kakangku liwat dalan kene sing banjur bisa nyingidake Kisanak Pradapa lan
sethithik aweh tamba iki mau?".
Pradapa
karo Tanggon rumangsa eram krungu pitakone Marga sing wis weruh jenenge Ki
Daka, Lurah Danara malah sing nyawatake Kudhine temah ngenani lempenge Pradapa
wae Marga uga weruh yen jenenge Parwa.
Saking olehe gumun lan rumangsa eram, nganti sapandurat wong loro kuwi
ora bisa kumecap apa-apa.
"Bener
kuwi Dhi" Tanggon lan {Pradapa dadi sansaya eram bareng ora weruh sangkane
dumadakan wis ana wong teka karo guneman lan mapan lungguh neng sandhinge Marga
"coba kaya apa critane wong loro kuwi mengko? jumbuh karo critaku sing tak
temu nalika aku lunga mau apa ora?".
"Iya
Kakang" wangsulane Marga marang Rangga sing lagi wae teka kuwi mau
"iya Kisanak Pradapa lan Kisanak Tanggon, ditepungake iki sedulurku tuwa
sing mau wis tak kandhane yen jenenge Kakang Rangga".
"Inggih
Adhi" wangsulane Pradapa "nuwun sewu, kepareng ta menawi kula ngaturi
ndika kekalih mawi sebutan Adhi? awit miturut pamawas kula Adhi kekalih menika
taksih langkung timur tinimbang kula?".
"Aku
seneng Kakang Pradapa" sing gage wangsulan malah Rangga "yen ndika
gelem nyeluk aku adhi, aku ya seneng yen ngaturi ndika nganggo sebutan Kakang.
Aku wis ngerti jenenge kakang Pradapa kuwi merga mau aku krungu Si Danara
sakancane nyebut-nyebut jenenge Kakang Pradapa lan aku ngerti jenenge kakang
Tanggon iki merga adhiku mau nyebut jenenge Kakang Tanggon".
"Inggih
Adhi" wangsulane Pradapa sing sajak wis waras saka tatune, kang mangkono
mau uga wis narik kawigatene Rangga sing banjur kelingan yen mau Marga kandha
arep nyoba bubukan tamba anyar asil saka anggone maca tulisan neng rontal sing
ditemu ing omah sing ditunggu Ki Lasma jaman semana. Rontal lan omah maya kang
sanyatane manggon ing alam Sipatullah.
"Kula
sakalangkung matur nuwun dhumateng Adhi Rangga lan Adhi Marga ingkang sampun
nyambung gesang kula menika" Pradapa nutugne olehe wangsulan "mila
kula kedah ngaturaken lelampahan ingkang saleresipun dhumateng Adhi kekalih,
awit nadyan kula sampun saras, nanging kula panggah badhe nyuwun tulung dhateng
Adhi Marga lan Adhi Rangga, murih
nglarungaken wangkingan gadhuhan kula dhateng telenging Sendhang Ngiyom".
"Perkara
ndika arep kongkonan aku nglarung keris menyang Sendhang Ngiyom kuwi bisa
dirembug mengko Kakang Pradapa" kandhane Rangga nigas tembunge Pradapa
"sing baku aku kepengin nocogne crita sing tak tampa saka sumber liya karo
crita sing bakal ndika critakne marang aku lan adhiku mengko, endi sing kira-kira
bisa tinemu ing nalar".
"Nuwun
sewu Gus Dapa lan ndika Adhi Rangga lan Adhi Marga" dumadakan Tanggon melu
guneman "panginten kula, criyosipun menika mangke radi panjang. Menapa
boten prayogoi menawi anggenipun jagongan menika nglaih dhateng guwa papan
pasingidan kula kalih kanca-kanca? murih langkung sekeca anggenipun ngaturaken
cariyos ingkang dipun kersakaken Adhi Rangga tuwin Adhi Marga menika kala
wau?".
"Bener
Paman" sing wangsulan dhisik dhewe Pradapa sing banjur kandha marang
Rangga lan Marga "mangga Adhi kekalih, murih sekecanipun mangga kula
dherekaken ngalih papan dhateng guwa papan pasingidanipun Paman Tanggon lan
rencang-rencangipun kemawon".
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar