Total Tayangan Halaman

Selasa, 31 Mei 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (005)


 5.

Sing diarani dening Tanggon Guwa kuwi mau jebul mung wujud papan sing jembare watara rong puluh jangkah mubeng sing dikupengi punthuk-punthuk rada dhuwur, mung ing sisih kidul saka panggonan kuwi ana papan sing kaya erong gedhe manggon neng ngisore punthuk.  Papan sing kayoman dening ngrembuyunge pang saka wit-witan sing gedhe-gedhe kuwi uga dipayoni nganggo alang-alang garing sing diwelit lan digapit, rapet dadi kena kanggo ngiyub manawa ana udan sing tumiba utawa kanggo nadhahi tumurune banyu ebun ing wanci bengi.

 

Tekane Tangon sing ditutne karo Pradapa, Rangga lan Marga pranyata nuwuhake rasa seneng saka Pahing, Tolu lan Pangkas sing dina kuwi kudu leren mandheg ora oleh metu saka guwa, merga sing kejatah golek pangan kanggo dina kuwi uga ngulat-ulati kahanan sajabane guwa, tiba gilirane Tanggon. Wong telu kuwi banjur padha kanthi grapyak semanak njagongi sing lago padha teka.

 

"Saestu kula boten nginten menawi dinten niki kula saged kepanggih kalih ndika Gus Dapa" kandhane Tolu makili kanca-kancane "sanaosa kula ngertos bilih nalika samanten ingkang dhawahaken paukuman tundhung dhateng kula tiyang sekawan niki, murih kesah saking Kepuh Agal mila nDika Gus Dapa, nanging kula tiyang sekawan ugi ngertos bilih anggen ndika ndhawahaken paukuman tundhung dhateng kula  tiyang sekawan niki estunipun namung kangge ngayomi kula lan kanca-kanca saking wentalanipun Lurah Danara miwah murid-muridipun Kyai Daka".

 

"Iya Paman" wangsulane Pradapa alon, sanajan tatu neng lempenge wis ora krasa lara, nanging kekuwatane Pradapa durung pulih, isih krasa lemes lan kurang daya. Tanggon sing wis ngerti yen Pradapa lagi nandhang tatu, banjur mbisiki Pangkas. Sing dibisiki manthuk-manthuk banjur mundur alon-alon rada mire, ngalih ing peranganing guwa sing kaling-kalingan wit gedhe, Tanggon ngetutne ana mburine.

 

"Aku dhewe uga ora ngira yen aku bakal ketemu karo ndika kabeh ing papan kene" Pradapa nutugne anggone wangsulan "malah iki mau upama ora awit oleh pitulungan saka Adhi Rangga lan Adhi Marga, sing nyingidake ragalku sing wis ajur amoh mergakena gegamane para andhahane Lurah Danara, lan uga banjur diusadani nganggo carane Dewa paring usadam kira-kira aku ora bakal bisa ketemu ndika kabeh kanggo selawas-lawase. Merga miturut petungan nalar lumrah, tatu sing ana lempengku merga kena disawat Kudhi dening si Parwa, kudune wis ora bisa ditulungi maneh. Nanging iya awit mandining tamba sing didarbeni Adhi Marga ora nganti ngentekne wektu seprapat dina, tatuku wis pulih".

 

"Sing ndika kandhakne kuwi mau ana sing ora bener Kakang Pradapa" Marga nyaru wuwus nugel omongane Pradapa.

"Boten leres? ingkang lepat ingkang pundi Adhi?" Pradapa takon sajak gumun, merga rumangsane sing diomongne kuwi mau ya jumbuh karo kahanan sing dilakoni.

 

"Dudu tamba lan caraku mbudidaya murih tatu ndika enggal waras sing ndadekne ndika isih bisa urip tekan saiki, nanging kabeh mau mung awit saka Maha Asihe Gusti marang kawulaNe" wangsulane Marga aweh piwulang supaya menungsa ora gampang nglalekne kamurahaning Gusti.

 

"Inggih-inggih Adhi" wangsulane Pradapa "Adhi Rangga lan Adhi Marga lakar namung dados srana kawilujengan kula".

 

"Nyuwun pangapunten Gus Dapa" dumadakan Tolu bali guneman "estunipun kadospundi larah-larahipun ngantos ndika  keplajeng lan dados buronipun Ki Lurah Danara menika? kamangka sadangunipun menika Gus Dapa tansah ngalah lan boten nate nglanggati pikajengipun Lurah Danara ingkang saben-saben tansah pados dadakaning pasulayan menika?".

 

"Kuwi rada dawa critane Paman Tolu" wangsulane Pradapa "lan kanggo crita minangka wangsulan marang ndika kuwi, lagi bisa tak kandhakne mengko yen wis rampung olehku atur wangsulan marang Adhi Rangga lan Adhi Marga kang uga mbutuhne crita sing rada dawa yen wis rampung lagi aku bisa aweh wangsulan marang ndika lan marang Paman Tanggon sing mau uga nakokne perkara kang padha karo pitakon ndika marang aku lagi wae iki mau".

 

"Manawi makaten, inggih mangga Gus Dapa wawan pangandikan rumiyin kalih Adhi kekalih menika, murih boten angreregoni anggen ndika badhe rerembagan, kula kalih Adhi Pahing tak mire sawatawis nusul Adhi Tanggon lan Adhi Pangkas ing pepengkeran" kandhane Tolu sabanjure banjur ngatag Pahing diajak ngalih "ayo Dhi, mire sauntara aja ngregon-ngregoni Gus Dapa lan Adhi Rangga sarta Adhi Marga wawan pangandikan".

 

"Ora prelu ngalih Paman" wangsulane Pradapa "malah kepara padha mlumpuka ana kene, prelune mbok menawa ana kliwatane critaku Paman-paman sing uga ngerti lelakon sing arep tak aturne marang Adhi Rangga lan Marga mengko, bisa nggenepi critane. Lan mbok menawa wae, kanthi melu nyemak apa sing bakal tak aturake marang Adhi Rangga lan Adhi Marga mengko, pitakonan ndika lan pitakone Paman Tanggon katut bisa oleh wangsulan".

 

Tanggon karo Pangkas sing mau ngalih, mbalik mara mrono maneh, karo nggawa panganan sing diwadhahi tampah, uwi gembili godhogan karo daging kidang sing wis diolah prasaja kanthi dipanggang dibumboni uyah. Sauntara minangka ombene banyu tawa sing diwadhahi ing jero Kendhi.

 

"Nyuwun pangapunten Raden, eh Adhi Rangga lan Adhi Marga saha Gus Dapa" kandhane Tanggon karo nyelehne tampah sing disangga ing dhuwur Theple sing dienam saka blarake kelapa "mangga katuran ngrahabi tetedhan pala kependhem saking wana saha ulam kidang asil mbebedhag kala dalu".

 

"Matur nuwun Kakang" sing aweh wangsulan Rangga sing banjur kandha marang Marga "lha uwi putih mau katut mbok gawa mrene apa ora Dhi?".

 

"Ingkang mbeta mriki kula Adhi" sing aweh wangsulan malah Tanggon "ingkang sampun bakaran nembe kemawon kula tedha kalih Adhi Pangkas, lha ingkang taksih mentah kula wor kalih pala kependhem anggen kula pados ing pengkeran".

 

"Oo, ya wis mau aku kober kuwatir nek olehku ndhudhuk uwi alus esuk mau jebul ora kepangan" kandhane Rangga sabanjure.

 

"Inggih Adhi" genti Pradapa sing guneman "mangga enggal dipun rahabi mawon, saderengipun kula lajengaken ngaturaken lelampahan kula dhateng Adhi kekalih".

 

"Iya Kakang" wangsulane Rangga "mangga".

 

Dhasare wis padha ngelih kabeh, mula sanadyan mung wujud pala kependhem digodhog, karo dilawuhi iwak kidang sing mung dipanggang lan dibumboni uyah thok, ewa samono kabeh padha ngrasakne enake panganan sing lagi dirahabi. Bubar mangan banjur padha gentenan nglangga banyu tawa saka jerone kendhi, krasa seger lan nuwuhake kasumyahan marang sakujuring raga.

 

"Criyosipun rumiyin niku, rak makaten ta Dhi" kandhane Pradapa sawuse padha rampung olehe padha mangan .

 

"Iya, kepiye Kakang Pradapa?" Rangga wangsulan karo takon.

 

"Criyosipun ingkang rumiyin manggeni papan ingkang samangke kasebat Dhukuh Kepuhagal utawi Kepoh Agal, menika rak Bapa tuwin Biyung kula?" Pradapa miwiti crita.

 

"Ngono Kakang ya?" Marga nyela rembug.

 

"Inggih Adhi" wangsulane Pradapa nutugne crita "Tiyang Sepuh kula rumiyin suwaunipun tiyang saking laladan Pajang, gesang minangka bakul utawi nindakaken lampah dagang, dados gesangipun inggih kenging winastan sampun cekap. Nanging andilalah garising pesthi ingkang kedah dipun pidak dening tiyang sepuh kula lan anakipun inggih menika kula, ngedahaken nglampahi gesang kesrakat ketula-tula dados tiyang klambrangan temah ngantos dumugi papan ingkang samangke sinebat Dhukuh Kepoh Agal menika".

 

"Kok Bisa mangkono Kakang?" Rangga sumela takon.

 

"Inggih Adhi" wangsulane Pradapa karo nutugne critane "meh sareng jamanipun Ki Gedhe Mataram nilar kitha Pajang saperlu mbabad wana Mentaok kalihan putranipun ingkang samangke jumeneng ing Mataram, inggih Gusti Panembahan Senapati, tiyang sepuh kula nampi pacoban saking Gusti Ingkang Paring Gesang. Griyanipun tiyang sepuh kula kadugen Kampak ingkang dipun sraya dening salah satunggaling sodagar ingkang boten remen dhateng tiyang sepuh kula. Sedaya barang pengaji lan isen-isening griya dipun tedhi srana peksan, lajeng griya dipun obong ngantos telas. Bapa kalihan biyung sarta kula dipun tundhung murih kesah, menawi boten purun badhe dipun pejahi. Inggih awit karoban mengsah, tiyang sepuh kula babar pisan boten saged suka panglawan. Inggih saderengipun griya telas kamangsa ing latu, Bapa tuwin biyung nganthi kula kesah nilaraken dhusunipun. Kesah sapurug-purug dados tiyang papriman".

 

"Ing ngarep mau ndika dhawuh, yen sing wiwitan manggon neng Dhukuh Kepuh Agal kuwi wong tuwa ndika, kuwi critane kepriye?" Rangga munggel rembug kanthi pitakonan.

 

"Menika kalampahan awit Bapa nindakaken dhawuh piwucalipun Kyai Juradah lan Kyai Asmarasanta" Pradapa aweh wangsulan.

 

"Sapa maneh kuwi?" Marga sumela takon.

 

"Kekalihipun menika abdi kinasih saking Sang Hyang Bathari Setyawati, inggih Ratuning para lelembat ing Kraton Ngiyom, ingkang menawi kasawang mawi mripat limrah wujudipun inggih namung Sendhang alit ingkang mapan ing Kidul mrika radi sawatawis tebih saking papan mriki. Dene jangkeping cariyos kados makaten ...................."

 

 

ana candhake


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...