6.
Nalika
samanten lampahipun Ki Sarkara lan kulawarganipun sampun tebih nilaraken
laladan nagari Pajang. Inggih labet pados slamet ngendhani pangincim saking
tiyang-tiyang awon ingkang dipun sraya dening Ki Dangsa, sodagar ingkang rumaos
ewa dhateng Ki Sarkara. Inggih gandheng bidhalipun saking Pajang tiyang-tiyang
menika boten mbeta sangu menapa-menapa, kajawi sandhangan ingkang tumemplek ing
raganipun, pramila kangge mbudidaya murih boten pejah kaliren,
langkung-langkung tumrap Pradapa ingkang rikala samanten nembe umur
kinten-kinten tiga utawi sekawan tahun, Ki Sarkara tuwin semahipun sami
gresek-gresek menapa ingkang saged katedha. Malah menawi kapepet ugi sok
mantunaken manah, ngemis dhateng tiyang sanes. Anggenipun ngemis inggih namung
kangge nyekapi murih anakipun boten pejah kaliren kemawon, dados menawi sampun
pikantuk setunggal wungkus tetedhan inggih sampun. Kedadosan makaten menika
lumampah ngantos pinten-pinten wulan, temah kawontenan raganipun titiyang
menika sampun ewah tebih. Tilas-tilas menawi Ki Sarkara menika nate dados
tiyang ingkang sugih bandha donya labet nggadhahi pakaryan dados sodagar
alit-alitan, babar pisan boten ketingal tabetipun. Sedaya katingal kera-kera
saha boten pakra, inggih kados limrahipun kere-kere ingkang boten cetha
kandhangipun ngaten menika.
"mBok
kendel rumiyin ta Pakne, suku kula kok kraos theklok sanget kados makaten"
nalika lampahipun Ki Sarkara sabrayat dumugi satunggaling bulak ingkang wiyar,
dumadakan Nyi Sarkara sambat sayah lan ngajak semahipun kendel.
"Iya
leren ya leren, nanging ya golek enggon sing rada kepenak, ora neng panasan
ngene iki" wangsulanipun Ki Sarkara sarwi nyawang semahipun ingkang
ketingal sampun sayah sanget, inggih wiwit wau saderengipun pletheking surya
ngantos samangke srengenge sampun ngglewang mangilen, mila dereng kendel
anggenipun sami mlampah lan wiwit wingi inggih dereng sami nedha menapa-menapa,
kajawi pun Pradapa ingkang wau kober nedha sekul wadhang tirahan kala wingi.
Wekdal niku Pradapa dipun gendhong dening bapakipun.
"Inggih
Pakne" wangsulanipun Nyi Sarkara kalih mripatipun nyawang mengajeng,
watawis seket jangkah saking mriku ketingal wonten wit-wit ageng ingkang
ngrembuyung pang-pangipun.
Saestu
sasampunipun dumugi ing ngandhaping wit-witan ingkang ageng kasebat, ingkang
pranyata wit Munggur. Ing ngandhaping wit menika wonten sendhang ingkang
toyanipun bening lan ketingal nyarong.
Ing
salebeting batos Ki Sarkara ngraos ngungun, dene ing papan ingkang tebih saking
padhusunan makaten menika, teka wonten sendhang ingkang ketingalipun resik,
mracihnani menawi asring kaambah dening tiyang. Nanging raos gumun kala wau
enggal ical, awit sanaosa tebih saking padhusunan, nanging papan mriku dipun
kupengi dening ara-ara ingkang jembaripun boten kantenan. Sanaosa wekdal niku
ara-ara kala wau namung bera, nanging Ki Sarkara nggadhahi panginten menawi ing
wanci boten mangsa ketigen, ara-ara menika tartamtu dipun olah lan dipun tanemi
dening ingkang gadhah. Inggih ambok bilih kemawon, titiyang ingkang nggadhahi
siti ing sakupenging sendhang menika ingkang asring saba dhateng mriku menawi
mbetahaken toya.
Ki
Sarkara sasampunipun ngandhapaken Pradapa saking gendhongan tumuli mlampah,
mandhap dhateng sendhang lajeng ngunjuk toyaning sendhang sakatogipun. Nyi
Sarkara ugi makaten, inggih boten maiben tiyang kekalihipun menika nembe
kaliren, dados kangge ngisi padharanipun inggih lajeng sami ngunjuk. Benten
kalih Pradapa sanadyan wetengipun ngelih nanging boten kados ngelihipun tiyang
sepuhe. Nalika Ki lan Nyi Sarkara sami mandhap dhateng sendhang, Pradapa milih
dolanan ing sacaketing sela ageng ingkang wonten sacaketing wit Trembesi
ingkang ageng wau. Sela wau awangun kados pipisan nanging ageng, lan ing
sandhingipun wonten sela alit ingkang wangun gandhik. Wonten malih sela ingkang
wujudipun kados lumpang lan ing caketipun wonten sela ingkang awangun kados
alu. Dumadakan Pradapa ingkang nembe
kasengsem ningali sela-sela ingkang rumaosipun aneh awit benten kalihan salumrahing
sela menika, sumerep wonten ancak ing sangandhaping sela ingkang awangun
lumpang. Ancak menika isi tetedhan maneka warna, wonten sekul jangkep
salawuhipun, wonten tetedhan rupi kupat kalih lepet lan jajanan sanesipun.
Lajeng ing sisihipun ancak wau wonten ancak malih ingkang isinipun pisang raja
satangkep, dipun sisihi apem . Ing mriku ugi wonten Kendhi ingkang kucunipun
sunumpetan mawi ron pisang.
Nyumerepi
kawontenan makaten kala wau, boten sranta Pradapa lajeng mlajar murugi tiyang
sepuhipun ingkang nembe kendel ing satepining sendhang.
"Alon-alon
Dapa, aja mlayu mengko nek tiba?" Nyi Sarkara ingkang nguwatosaken menawi
yoganipun dhawah awit playon ing papan ingkang radi miring, nuturi Pradapa.
"mBok
aja dilokne, nek tiba mengko rak ya tangi" Ki Sarkara ingkang suka
wangsulan dhateng semahipun "bocah lanang kuwi upama tiba merga playon
utawa penekan kuwi lumrah".
"Anu
Bapa, aku weruh anu......." Pradapa criyos dhateng Ki Sarkara bilih nembe
kemawon sumerep tetedhan ingkang wonten ancak kala wau, nanging boten saged
nyebat naminipun ingkang dipun sumerepi.
"Anu
apa? Ula? Kadhal? apa.... apa?" Ki Sarkara semaur kalih mesem sumerep
solahipun Pradapa ingkang ketingal lucu menika, sakeplasan raos ngelih lan
sayahing badan saged kaslimur.
"Dudu
kuwi Bapa" wangsulanipun Pradapa kalih mrengut.
"Lha
apa? Kucing ? Rase apa liyane?" Ki Sarkara gumujeng alon.
"Ya
dudu, deloken ta Bapa, ketoke enak lan legi Bapa" Pradapa nyobi
nyethakaken menapa ingkang dipun criyosaken "deloken ta, kae lho neng
ngisor wit!".
"mBok
cobi ditingali ta Pakmu!" Nyi Sarkara numpangi rembag "kok sajak
nyalawadi".
Ki
Sarkara ngadeg, lajeng mlampah nuruti lampahipun Pradapa ingkang semu nggeret
tanganipun.
Sareng
dumugi panggenan ingkang dipun kajengaken dening Pradapa lan sumerep ancak
sarta isinipun, Ki Sarkara sakala mlengak. Nitik kawontenanipun ancak
saisinipun menika dereng dangu anggenipun sumeleh wonten mriku. Nanging sinten
ingkang nyelehaken? ing mriku boten ketingal menawi wonten tiyang sanes kajawi
namung piyambakipun tuwin semah lan anakipun kemawon.
"Ketingalipun
menika kok sesajen ta Pakmu?" Nyi Sarkara ingkang ugi sampun sumerep
ingkang wau dipun criyosaken Pradapa pitaken dhateng semahipun. Ki Sarkara
boten semaur, namung manthuk ngleresaken pangucaping semahipun.
"Kuwi
dipek banjur dimaem oleh ya Bapa?" sareng dipun tengga radi dangu Ki
Sarkara namung kendel kemawon, Pradapa ingkang ngraosaken wetengipun sansaya
ngelih, lajeng pitaken dhateng tiyang sepuhipun.
"Inggih
Pakmu" Nyai Sarkara mbumboni pitakenipun Pradapa, awit Ki Sarkara boten
enggal paring wangsulan "menawi menika sesajen, padatanipun menawi sampun
dipun tilar dening ingkang yasa, rak lajeng kenging dipun surut?".
"Mengko
dhisik ta Bokmu" wangsulanipun Ki Sarkara sajak ngatos-atos "aja
gampang melik barang kang melok kesusu selak muluk, awake dhewe kudu eling
unen-unen sing mulangake yen Desa mawa cara, negara mawa tata, ngana kae".
"Kajengipun
pripun niku Pakmu?" Nyi Sarkara ketingal dereng mudheng kalih ingkang
dipun kajengaken sing jaler.
"Yen
cara nggone dhewe biyen, pancen bener kaya sing mbok kandhakne mau" kanthi
sabar Ki Sarkara nuturi estrinipun "sesajen kuwi nek wis ditinggal dening
sing nyelehne, wong liyane sing weruh lan kepengin njupuk sesajen kuwi pancen
ora ana sing ngluputake, jenenge nyurut. Nanging kuwi cara ing nggone dhewe,
lha nek neng kene, cara ngono kuwi padha cak-cakane apa ora? kuwi awake dhewe
rak durung ngerti ta? dadi ya aja kesusu tinimbang mengko dadi kleru".
Nyi
Sarkara namung kendel boten wangsulan, piyambakipun ngertos kalih ingkang dipun
criyosne dening ingkang jaler.
"Gage
ta Bapa, ndang dijupuk, wetengku wis luwe banget lho!" Pradapa ingkang
sampun kepengin nedha kasurung dening raos ngelih ing wetengipun, boten maelu
dhateng rembagipun bapa tuwin biyungipun, ngengken Ki Sarkara murih enggal
mendhet sesaji ing ngandhaping wit Munggur menika.
"Aja
ya Le, ora becik" Ki Sarkara gage anggenipun mangsuli "njupuk lan
mangan barang sing dudu duweke kuwi jenenge laku sing ora becik, bisa
kuwalat!".
"Nanging
kuwi rak ora ana sing duwe ta Bapa?" Pradapa panggah ngeyel.
"Barang
kok ora ana sing duwe ki piye ta Le?" Ki Sarkara sabar mangsuli ucapipun
Pradapa "kabeh barang kuwi mesthi ana sing duwe, awake dhewe wae sing
durung ngerti sapa sing nduweni panganan kuwi kabeh, sing cetha dudu awake
dhewe lan upama nganti awake dhewe njupuk lan mangan panganan kuwi bisa
kuwalat".
"Nanging
wetengku wis luwe banget lho Bapa?" Pradapa wiwit prembik-prembik arep
nangis ketang anggenipun sampun sawatawis dangu ngampet raos ngelihing
wetengipun.
Nyi
Sarkara ingkang estunipun nggadhahi pamanggih meh sami kalih Pradapa namung
kendel boten wantun nyaulu ingkang jaler, ajrih menawi Ki Sarkara nesu, mila
lajeng wicanten ngajak nglajengaken lampah murih boten kegodha melik sesajen
ing ngadhap wit Trembesi wau.
"Mangga
Pakmu ndang nglajengne lampah mawon, mugi-mugi enggal panggih tiyang ingkang
purun nglintoni tenaganipun piyambak kalih sekul kangge tedhanipun si
Thole" lajeng Nyi Sarkara gentos ngandhani yogane "ayo Nang, mlaku
maneh sedhela engkas Bapa rak ndang oleh sega, nek neng kesuwen neng kene ya
sapa sing arep menehi?".
"Nanging
saiki aku wis luwe banget Biyung......" Pradapa semaur sajak taksih
kepengin saged nedha panganan sesajen ingkang dening bapakipun boten angsal
dipun pendhet kala wau.
Radi
sawatawis Ki Sarkara nuturi lan mbujuk Pradapa supados boten rewel lan murih
purun dipun ajak nerasaken lampah, nanging Pradapa boten nggega malah lajeng
nangis sambat ngelih.
"He
he he..... iki ana wong ngerti nek anake luwe kok malah dipeksa dijak mlaku?
Kok bodho temen, wong neng kene ana panganan sing keneng dipangan kok malah
arep ditinggal lunga?" boten ngretos sangkan paranipun, dumadakan Ki
Sarkara sabrayat dipun kagetaken dening suwantenipun tiyang gumujeng lan maido
dhateng Ki Sarkara, kawasatanan bodho . Tanpa sranta Ki Sarkara lajeng tumoleh
ningali sinten ingkang nembe dugi menika.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar