Total Tayangan Halaman

Jumat, 03 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (007)

 

7.

Tiyang ingkang dugi lajeng gumujeng sarta maido dhateng Ki Sarkara menika katingal radi aeng, boten klamben lan ngangge clana maro kentol, jarikipun kawung nanging anggenipun ngangge inggih namung sasekecane kemawon. Tiyangipun sampun ketingal sepuh, ketitik rambutipun sampun pethak sedaya, iketipun gadhung mlathi nanging inggih namung kaiketaken sesel suwel kemawon, brengos saha jenggotipun panjang nanging arang-arang.  Tiyang wau lajeng mapan linggih ing pasuketan, sarwi mesam-mesem kados patrapipun tiyang ingkang boten jangkep nalaripun. Dupi sumerep tiyang ingkang makaten kala wau, Pradapa ingkang waunipun nangis lajeng mendel, inggih awit rumaos ajrih ningali kawontenanipun tiyang aeng ingkang nembe dugi menika wau. Makaten ugi Ki lan Nyi Sarkara, kekalihipun boten wicanten menapa-menapa, namung mripatipun boten kedhep nguwasi tiyang sepuh ingkang badanipun taksih katingal kiyeng menika. Salebeting manahipun tiyang kalih wau, wonten raos uwas nguwatiraken menawi tiyang ingkang kakinten kirang waras nalaripun menika ngamuk.

 

"Eh, kowe wong salakirabi sing lagi susah atimu, tak takoni padha ngakuwa kajaba yen kowe wong loro duwe pangira nek aku iki wong edan sing lagi kluyuran" dumadakan tiyang aeng wau dumadakan wicanten katujolaken dhateng Ki lan Nyi Sarkara .

 

"Boten Kyai, kula boten gadhah panginten menawi Kyai menika tiyang ingkang gerah engetan" mireng wicantenipun tiyang aeng kala wau, Ki Sarkara kalihan raos ajrih suka wangsulan mawi basa krama, awit Ki Sarkara dumadakan ngraos menawi tiyang aeng menika dede salimrahipun tiyang, saged ugi golonganing Brahmana utawi Waliyullah ingkang nembe nindakaken tapa ngrame "Kyai ngersakaken mundhut pirsa menapa dhateng kula lan semah kula?".

 

"Jenengmu Sarkara ya? lan bojomu kuwi jenenge Setiti ning sawise dadi bojomu banjur karan Nyai Sarkara. Apa pancen bener mangkono?" dumadakan tiyang kala wau nlemak naminipun Ki Sarkara miwah Nyai Sarkara. Mesthi kemawon tiyang kalih niku dados wewah ngungunipun, sampun pinten-pinten wulan sadangunipun nilar griyanipun dereng nate wonten tiyang nyebat naminipun tiyang kalih menika. Nanging tiyang ingkang ketingalipun kados tiyang sakit engetan menika kanthi teteh saged nyebat naminipun Ki Sarkara ugi nami alitipun Nyi Sarkara/ Mila Ki Sarkara sansaya ngandel anggenipun gadhah panginten bilih ingkang wicanten kalih piyambakipun menika cetha menawi unusaning janmi ingkang nembe nglampahi tapa ngrame.

 

"Mila leres dhawuh ndika menika Kanjeng, kula pun Sarkara lan menika semah kula pun setiti" kalih wicanten makaten Ki Sarkara lajeng suka sasmita dhateng semahipun kaajak sareng-sareng ngaturaken bekti dhateng tiyang aeng menika, Nyi Sarkara ingkang nggadhahi panggraita ingkang lantip, sampun tanggap kalihan menapa ingkang dados sasmitanipun ingkang jaler, kekalihipun lajeng nutugaken anggenipun wicanten sinartan atur sembah  "kula kekalih ngaturaken pangabekti Kanjeng".

"He he he he......." tiyang sepuh niku gumujeng nunten ngadeg, nyaketi ancak ingkang kala wau disumerepi dening Pradapa. Ancak ingkang isi sekul jangkep salawuhipun dipun angkat, dipun beta ing ngajengipun Nyai Sarkara kalih wicanten "Setiti, anakmu sing jeneng Pradapa kuwi dulangen dhisik, sajen kuwi duwekku dadi aja kowe kuwatir bakal kuwalat, merga sing ngongkon mangan kuwi aku. Nek anakmu wis wareg kowe ya melua mangan pisan. Aku tak jagongan karo bojomu dhisik".

 

"Ngaturaken genging panuwun Kanjeng, awit peparingipun tedha dhateng anak kula lan kula menika" Nyai Sarkara kanthi gemeter ngaturaken panuwun dhateng tiyang ingkang dereng dipun ngertosi sinten naminipun menika.

 

"He he he aja konjang kanjeng ngono kuwi, aku dudu bangsa Kanjeng jenengku Tambak, wong-wong nek ngundang aku Simbah Tambak utawa mBah Tambak lan sendhang sing mbok ombe banyune kuwi mau jenenge Sendhang Tambak, dijumbuhake karo jenengku sing nduweni jejibahan ngreksa sendhang kuwi" Tiyang sepuh ingkang jebul nami Tambak utawi mBah Tambak menika suka wangsulan dhateng Nyai Sarkara "Uwis saiki gage anakmu ndang didulang selak sansaya kaliren, nek wis kowe ya mangana sawaregmu nek turah bojomu ya si Sarkara kuwi kongkonen mangan pisan ben duwe tenaga, aku tak adus neng sendhang dhisik".

 

"Mangke rumiyin Kanje.... eh, mBah Tambak" Ki Sarkara gentos wicanten "kala wau ngendikanipun badhe mundhut pirsa dhateng kula tuwin badhe ngajak jagongan?".

 

"He Sarkara" mBah Tambak wicanten radi seru "sing duwe karep kuwi aku dudu kowe!. Dadi ya sakarepku ta? mau aku kepengin nakoni kowe, nanging saiki aku kepengin adus dhisik. Lan olehku kepengin ngajak jagongan kowe kuwi ya ora meksa, kowe kena ngladeni karepku ya kena nulak kuwi wewenangmu, nek kowe gelem tak jagongan ya entenana nganti rampung olehku adus, nanging nek kowe ora gelem tak jagongan kowe kena wae lunga saka kene sadurunge aku rampung adus, aku ya ora arep meksa supaya kowe nuruti karepku. Ngerti?".

 

Dipun suwanteni seru makaten menika sakala Ki Sarkara rumaos ajrih lan getun dene sampun kumawantun nyaruwe dhateng mBah Tambak ingkang badhe siram.

 

"Nyuwun pangapunten mBah Tambak" Ki Sarkara wicanten kanthi suwanten gemeter ketang ajrihipun  "mangga menawi ndika ngersakaken badhe siram, saestu kula kanthi lila legawaning manah badhe nuhoni dhawuh ndika, kula purun malah kepara rumaos remen menawi saged jagongan kalih ndika".

 

mBah Tambak boten wangsulan, nanging malah lajeng mlampah njegur dhateng Sendhang. Ki Sarkara boten wantun ngalih saking papanipun lenggah. Sawatawis Nyai Sarkara lajeng ndulang anakipun mawi sekul ingkang wonten salebeting ancak. Dhasar sekulipun saking wos sosohan pethak, pantun menthik urang, wangi tur pulen. Kawewahan lawuhipun ulam ayam ingkang dipun panggang, sambel klapa ingkang dipun gangsa mawi sela bakaran, kulubanipun roning kates ingkang taksih nem. Menapa malih kawontenaipun Pradapa mila sampun sakalangkung ngelihipun, pramila dipun dulang biyungipun anggenipun nedha pun Pradapa inggih telap-telep, sakedhap-sakedhap mangap nedhi murih tutukipun dipun isi, Nanging boten dangu inggih lajeng kraos tuwuk lan wicanten dhateng biyungipun bilih wetengipun sampun wareg.

 

Sasampunipun rampung anggenipun ndulang Pradapa, Nyai Sarkara ugi lajeng nedha ngantos tuwuk. Salebeting manahipun Nyai Sarkara wonten raos ngungun, awit sanadyan sekul ing ancak kala wau ketingalipun namung sakedhik, nanging sareng dipun engge ndulang Pradapa saha dipun tedha piyambak, ketingal menawi sekul menika boten kirang, malah kados-kados taksih wetah jangkep kalihan lelawuhanipun.

 

"Kula sampun nedha lan sampun tuwuk Pakmu" wicantenipun Nyai Sarkara dhateng ingkang jaler "gentos ndika mangga dhahar rumiyin".

 

"Kowe kuwi apa lali ta mBokmu?" Ki Sarkara wangsulan kalihan pitaken "wiwit manten anyar biyen, aku iki nek mangan didhisiki bojoku, neng ati iki ana rasa sing ora kepenak banget banjur nyawang panganan kuwi rumangsaku kok banjur babar pisan ora nengsemake ngono lho? dadi pilih luwe timbang mangan panganan sing ora nyenengake".

 

Nyai Sarkara kraos kaget mireng wicantenipun ingkang jaler makaten kala wau. Sapandurat tiyang estri menika njetung, kedhuwung dene sampun lancang, ngrumiyini anggenipun nedha saderengipun ingkang jaler nedha. Nanging Nyai Sarkara ugi kemutan, menawi kala wau mBah Tambak anggenipun wicanten supados piyambakipun nedha rumiyin lan menawi turah nembe kapurih ngengken ingkang jaler supados nedha.

 

"Nyuwun pangapunten nggih Pakmu?" wasana kanthi suwanten ingkang alus lan alon Nyai Sarkara lajeng wicanten dhateng ingkang jaler "ingkang kula angge ndulang Thole lan ingkang sampun kula tedha niki wau saestu dede gadhahan kula piyambak, nanging sekul kagunganipun mBah Tambak, kala wau mBah Tambak paring dhawuh menawi Thole sampun tuwuk lan kula sampun nedha, supados ndika gentos ingkang nedha. Samangke kantun ndika purun nedha menapa boten sakersa ndika. Menawi kula kaanggep lepat awit sampun ngrumiyini nedha saderengipun ndika dhahar, kula nyuwun pangapunten dene menawi kedah nampi pidana kula saestu lila anglampahi........".

 

"Uwis mBokmu, uwis" Ki Sarkara wangsulan kanthi suwara groyok "sing gedhe pangapuramu, aku sing luput. Uwis saiki aku tak genti mangan, ketoke segane kok pulen lan lawuhe uga sajak gurih".

 

Ki Sarkara lajeng nedha kanthi dhokoh, telap-telep ketingal seger anggenipun nedha. Nyai Sarkara namung kendel mirsani anggenipun ingkang jaler nedha, kekalihipun boten ngertos menawi Pradapa sampun kala wau, angler anggenipun tilem ing pasuketan, ing wingkingipun Nyai Sarkara.  Anyarengi Ki Sarkara ngraosaken tuwuk padharanipun, mBah Tambak sampun mentas saking sendhang. Boten kados wau anggenipun nyandhang, samangke ketingal ngrasuk jarik trungtum, dipoun wiru endah, ngagem rasukan cemeng, anggenipun iket-iketan dipun jilid, rikmanipun dipun sisihaken dhateng wingking ketingal sakalangkung wibawa.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...