8.
mbah
Tambak lajeng nyaketi papanipun Ki lan Nyi Sarkara ingkang kamitenggengen
ningali Ki Tambak ingkang samangke ketingal kados dene priyagung kanthi busana
ingkang dipun agem. Ki Tambak sareng
lajeng wicanten dhateng Ki Sarkara lan Nyi Sarkara :
"Kowe
Sarkara lan kowe Setiti, yen pancen kowe padha gelem tak ajak jagongan, saiki
anakmu sing lagi turu kuwi gendhongen. Ayo melu aku jagongan neng jero omah wae
lan bobukna anakmu ing papan sing luwih prayoga neng jero omah kana".
Ki
Sarkara lan Nyi Sarkara sami ngungun ing salebeting manah, jalaran tiyang kalih
menika babar pisan boten sumerep griya ingkang wonten sacaketing papan mriku.
Lajeng menapa ingkang dipun kajengaken dening Ki Tambak griya kala wau? makaten
pitakenan ingkang ngrenggani manahipun Ki lan Nyai Sarkara.
Kados
mangertosi menapa ingkang nembe dipun gagas dening Ki Sarkara lan Nyai Sarkara,
Ki Tambak dumadakan gumujeng radi seru lajeng tanganipun nuding dhateng papan
ing pengkeripun tiyang kalih ingkang dipun ajak rembagan kalih wicanten :
"Sajake
kowe wong loro mau olehe padha ngrasakne luwene weteng nemen banget, nganti
padha ora weruh yen ing kidul Sendhang kuwi ana omah, ya omah kidul sendhang
kuwi omah sing dadi panggonanku, Sarkara. Ayo diage padha mlebu".
Tanpa
kraos Ki lan Nyai Sarkara sami noleh ningali papan ingkang dipun tudingi dening
Ki Tambak. Tiyang kalih wau sansaya mlengak, awit kekalihipun sami sumerep
wewangunan griya ingkang nadyan boten ageng nanging ketingal cekli lan asri.
Griya wangun srotongan ingkang mangku latar boten patos wiyar nanging resik lan
asri awit kinupengan taneman sesekaran ingkang manekawarni. Nanging Ki lan Nyai Sarkara boten saged dangu
anggenipun nggumuni tetingalan ingkang nembe kemawon sipun sumerepi wau,
jalaran kekalihipun kados dipun tarik daya kekiyatan ingkang aneh murih ngetut
lampahipun Ki Tambak ingkang mlampah tumuju korining griya ingkang wiyar
menganipun.
Sasampunipun
dumugi salebeting griyanipun Ki Tambak, Ki lan Nyai Sarkara sansaya ngungun
malih, awit jejoganing griya kadamel saking tatanan blabag-blabag kajeng jati
ingkang sinerut alus, ing mriku sampun ginelaran babut permadani ingkang
sakalangkung endah, ing sisih kiwaning jogan wonten dipan kanthil ingkang
rinengga mawi ukiran ingkang remit.
"Anakmu
Pradapa kuwi bobukna ing amben turonku dhisik, banjur padha lungguha neng klasa
sing wis digelar kuwi" Ki Tambak wicanten kalih nudingi dipan kanthil
ingkang mapan ing pering kering.
Kados
gudel kineluhan, Nyai Sarkara lajeng nilemaken Pradapa ing dipan ingkang endah
awit saking ukir-ukiranipun menika, dipan ingkang ginelaran permadani menika
ngganda arum mangambar-ambar kados gandanipun sekar melathi.
"Aku
ora gumun nek kowe padha gumun amarga anane kedadean sing rumangsamu aneh
iki" wicantenipun Ki tambak sasampunipun Ki lan Nyi Sarkara mapan linggih
ngadhep piyambakipun.
"Nyuwun
pangapunten mBah Tambak" Ki Sarkara mantun-mantunaken manahipun kangge
pitaken dhateng Ki Tambak ingkang miturut Ki Sarkara kalebet tiyang ingkang
aneh menika "kula kalih semah kula boten namung rumaos gumun manggihi
lelampahan dinten niki wau, nanging kepara dados bingung jalaran boten saged
mikir awit anehing lelampahan ingkang kula panggihi, sepisan malih nyuwun
pangapunten, mugi kacethakna dhateng kula kekalih, kula kekalih menika nembe
ing alam pasupenan menapa malah sampun ngalih dhateng alam kalanggengan liripun
kula kekalih lan anak kula pun Pradapa sampun sami dumugi pejah nanging boten
ngrumaosi menawi sampun ngalih alam?".
"He
he he he......" Ki Tambak gumujeng lajeng suka wangsulan "aja kaduk
ati bela panampa pangrasamu Sarkara. Padha sumurupa, kowe sakloron lan anakmu
ora lagi ngimpi lan uga durung padha mati, Sendhang Tambak sesajen neng ancak
kae mau cetha yen mapan ing alam kang nyata, ya iku alaming jalma manungsa.
Dadi sing padha mbok ombe mau, bener-bener banyune sendhang lan sing padha mbok
pangan mau temen-temen sega sing diolah dening manungsa. Nanging nek omah iki
saisine klebu klasa sing padha mbok lungguhi lan amben sing kanggo turu anakmu
kuwi, mula pancen mapan ing alam sing panggonane ing sisihe alam kang kasat
mata utawa alaming titah kang asipat wadhag. Ya kene iki sing diarani jagad
sonyaluri utawa jagade para prayangan".
"Dados
kula sabatih menika sampun mlebet alaming para prayangan mBah? Lajeng dosa
menapa ingkang sampun kula lampahi temah kula pikantuk pidananing Gusti kedah
dados prayangan kados makaten menika?" Ki Sarkara pitaken manahipun sedhih
lan susah ingkang boten kantenan, awit nginten menawi piyambakipun tuwin semah
lan yoganipun sampun dados prayangan.
"Aja
banjur susah ngono kuwi atimu Sarkara" Ki tambak suka wangsulan kalih
mesem nanging kraos esem ingkang pait, kados nyingidaken raos sesdhih ing
manahipun "dudu kowe sa anak bojomu sing wis kesiku ing Gusti temah dadi
prayangan, nanging sing nampa lagi nampa benduning Allah kuwi aku, menungsa
sing kakehan polah kesurung lekas nuruti pangajake hawa napsu sing srakah,
temah wekasane nampa benduning Allah, dadi prayangan sing uripe ora
genah".
Ki
Tambak lajeng ketingal njetung, lenggahipun dheleg-dheleg kados tiyang ingkang
nandhang gegetun. Radi dangu anggenipun kendel. Ki sarkara lan semahipun rumaos
welas sumerep Ki Tambak ingkang makaten menika, nanging kekalihipun ugi ajrih
kaworan bingung manahipun, boten saged wicanten menapa-menapa.
"Puluh-puluh
wis dadi lakonku" sareng sampun saantawis anggenipun kendel anjetung, Ki
Tambak lajeng wicanten malih "jenenge lakon wajibe iya dilakoni,
digetunana yekti tanpa pedah. Ngertia Ki Sarkara, kowe apa dene anak lan bojomu
isih panggah wujud manungsa lumrah lan tak pepuji muga-muga ing dina ngarepmu
kabeh ora padha kleru nggonmu padha mlaku temah ngambah dalan sing dudu
samesthine kaya sing wis tak lakoni iki".
"Inggih
mBah, pangestunipun mBah Tambak mugi-mugi dadosa srana rahayuning gesang kula
sabatih" Ki Sarkara atur wangsulan kanthi suwanten ingkang alus lan ngaosi
sanget dhateng Ki Tambak.
"Saiki
aku arep waleh utawa blaka marang kowe Sarkara" Ki Tambak lajeng wicanten
malih "ya aku njaluk pangapuramu, tenane sing nuntun lakumu nganti tekan
Sendhang Tambak iki mau ora ana liya kajaba aku dhewe, pancen wis puluhan malah
mbok menawa atusan tahun nggonku seneng nuntun lakune wong sing lagi ngumbara
utawa lelungan sing sangu kasusahan menyang Sendhang Tambak kene iki. Nanging
ajeg wae, kabeh wong sing tau tak tuntun tekan kene, jebul ora ana asile
apa-apa tumrap aku lan tumrap wong sing tak tuntun mlaku mrene kuwi mau. Nadyan
ta mangkono aku ora tau rumangsa kemba, awit aku percaya marang Maha Welas
Asihe Allah sing satuhu ora winates olehe kagungan tresna asih marang kawulaNe
sing nedya mertobat bali marang dalan kang sabenere. Ya muga-muga wae, kowe lan
anak bojomu dadia wong pungkasan sing tak tuntun menyang Sendhang Tambak kene, awit yen wis klakon kasembadan
pepenginanku sing tak sranani nuntun lakune wong sing lagi lelungan sing
sangune kasusahan iki, mangka aku bakal luwar saka sikuning Allah lan ora bakal
manggon ing papan kene iki".
Anggenipun
wicanten Ki Tambak makaten menika wau benten tebih kalih anggenipun nyuwanten
ing saderengipun ingkang kepireng aneh, nanging wicanten ingkang menika
kapireng kados suwantenipun tiyang sepuh ingkang nembe paring pitutur dhateng
anakipun.
"Nyuwun
pangapunten mBah Tambak........" Ki Sarkara nyelani wicantenipun Ki Tambak
badhe pitaken.
"Aku
ngerti Sarkara" dereng ngantos rampung anggenipun Ki Sarkara badhe pitaken,
langkung rumiyin Ki Tambak sampun munggel rembagipun "kowe mesthi bingung
karo sing tak karepake klawan apa sing lagi wae tak kandhakne iki mau".
"Mila
leres makaten mBah" Ki Sarkara atur wangsulan.
"Tenane
ngono nggonku nuntun wong lelungan sing sangu kasusahan menyang Sendhang Tambak
iki, klebu kowe lan anak bojomu, mung
saprelu arep tak jaluki pitulungan sarta arep dak tuduhne dalan murih kowe sa
batih tumuli enggal oleh pitulungan" Ki Tambak nglajengaken anggenipun
wicanten.
"Inggih
mBah" Ki Sarkara nyelani rembag malih "saestu kula sakalangkung matur
nuwun lan nedha nrima dhateng ndika, menawi ndika kepareng badhe nedahaken
marginipun kula pikantuk pitulungan. Lajeng pitulungan menapa ingkang ndika
kersakaken saking kula miwah anak lan semah kula mBah Tambak?".
"Kanggo
mangsuli pitakonmu iki mbutuhake wektu rada sauntara Sarkara" Ki Tambak
suka wangsulan "jalaran mula rada dawa critane. Murih cethane bakal tak
kandhakne kabeh marang kowe, apa kowe ora kabotan ngrungokake ?".
"Babar
pisan kula boten kawratan mBah" Ki Sarkara atur wangsulan "suwawi
kadhawuhna sawetahipun murih kula saged mangertosi kanthi cetha, kula mlan
semah kula badhe anyemak saha migatosaken sedaya ingkang badhe ndika
dhawuhaken".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar