9.
mBah Tambak lajeng nata
anggenipun lenggah, sasampunipun nyedhot ambegan radi panjang kaping tiga
menapa kaping sekawan, lajeng miwiti anggenipun carios :
"Biyen kanthi
tinengeran karo jenang abang dening wong tuwaku aku diwenehi tetenger utawa
jeneng Suwanda. Miturut ujare wong tuwaku, jeneng Suwanda kuwi dijupuk saka
layang kuna yen ing jaman biyen ana satriya sing ambeg bawa leksana lan tansah
anetepi kasatriyane. Kanthi menehi jeneng aku Suwanda kuwi wong tuwaku kepengin
mbesuke yen aku wis diwasa bisa nulad lekase Raden Suwanda sing kocap ing layang
kuna kuwi, ya iku dadi satriya sing lelabuhane ginulung ing telung perkara
yaiku guna, kaya lan purun sing kanggo nuhoni trah utama.
Pancen wong tuwaku kuwi
klebu wong sing duwe kalungguhan sing kinurmatan dening sapepadhaning wong. Dening
Kanjeng Sinuhun ing Majapahit kaparingan kaparcayan ngerehake kawula ing
Majapahit kurang luwih cacah sewu kulawarga kanthi pangkat Panewu. Nek neng
padhukuhan sing dilungguhi wong tuwaku, pangkat panewu kuwi pangkat sing
dhuwur, nanging yen wis digawa ing paseban agung, pangkat panewu kuwi mung kaya
dene bledug ing satengahing krikil lan watu sing ana gisiking kali. Ora ana
apa-apane yen ditandhing karo pangkat Demang, Panji utawa Rangga luwih-luwih
nek dijejerne karo pangkat Tumenggung, blas ora ana ajine. Mula ing jagading
pasrawungan, aku sing anak Panewu manawa nuju ing padesan reh-rehane wong
tuwaku, prasasat saben bocah sing sapantaranku padha wedi lan ngajeni marang
aku. Nanging yen metu saka laladan reh-rehane wong tuwaku utawa ing kutha gedhe
Majapahit, aku iki ya ora ana ajine babar pisan. Kasoran pamor karo putrane
para penggedhe.
Merga wong tuwaku duwe
gegayuhan supaya ing tembene aku bisa luwih mukti lan luwih wibawa tinimbang
wong tuwaku sing mung dadi Panewu, aku banjur disuwitakne marang priyagung ing
Kutha Raja Majapahit, ya iku Tumenggung Jatikusuma. Ing Katumenggungan
Jatikusuman, kajaba ngladeni Gusti Tumenggung lan rerewang nandangi kang dadi
jejibahane nDara Menggung, aku uga diweleg kawruh tata carane dadi abdining
negara sing becik. Aku dhewe rumangsa seneng nglakoni sing dadi rerigene wong
tuwaku kuwi. Mula kabeh gaweyan sing diparingake marang aku dening nDara
Menggung tak tandangi kanthi senenging ati linandhesan rasa ikhlas ing lahir
tumusing batin. Mula ora aneh yen kabeh sing dadi dhawuhe ndDara Menggung, bisa
tak wujudi klawan becik lan sampurna, jumbuh karo sing dadi kersane bendaraku
ya iku nDara Menggung Jatikusuma.
nDara Menggung sing dhasare ora kagungan putra
kuwi banget asih marang aku, malah saking asih lan tresnane nganti kaya-kaya
aku iki dianggep putrane dhewe. Ora mung kuwi, aku tau krungu rerasanane nDara
Menggung karo Nyi Menggung, yen aku arep diunjukne ing ngarsane Gusti Patih
supaya jenengku cinathet ing layang kekancinganing negara minangka putrane
nDara Menggung Jatikusuma, pamrihe ing mbesuke supaya aku bisa oleh sihing
Dalem kaparingan pangkat ing paprentahan Majapahit. Lan rerasanan kuwi wekasane
dening nDara Menggung uga dikandhakne marang aku.
"Suwanda" dhawuhe
nDara Menggung sawijing esuk nalika aku lagi nindakne kuwajiban minangka abdi
ing katumenggungan "nyedhaka mrene aku arep kandha marang awakmu".
"Badhe kaparingan
dhawuh menapa Gusti?" aturku sawuse lungguh ngapurancang ing ngarasane
nDara Menggung "abdi jengandika pun Suwanda tansah siayaga ing dhiri lan
sawega ing gati".
"Wiwit dina sesuk
kowe tak dhawuhi supaya manggon ing dalem Katumenggungan, awit kowe arep tak
paringi jejibahan sing luwih abot yen ditimbang karo jejibahan sing mbok ayahi
nganti dina iki" dhawuhe nDara Menggung karo nyawang aku sing lungguh
amarikelu ing ngarsane.
"Minangka abdi
ingkang tuhu boten gadhah pepundhen kajawi namung jengandika Gusti
Menggung,andi jengandika kula namung nadhe ngestokaken dhawuh, mugiya kula
saged lebda ing karya, ngayahi jejibahan peparingipun Gusti Tumenggung".
"Sumurupa
Suwanda" nDara Menggung nutugne olehe ngendika "sesuk kuwi kajaba
bakal tak unjukne ing ngarsane Gusti Patih bab jejibahanmu sing anyar iki
mengko murih ana undhak-undhakan blanja saka negara marang awakmu, uga bakal
tak unjukake supaya jenengmu cinathet mlebu dadi peranganing kulawargaku, ya
iku kowe tak dhaku dadia anakku, sing ing tembene supaya awakmu bisa marisi
apa-apa sing dadi tinggalanku samngsane aku wis teka watesing janji sokur bage
menawa dening Gusti Patih kowe dirigenake murih kaparingan pangkat saka Kanjeng
Sinuhun Prabu, dadi bisa luwih cetha kang dadi dina tembemu".
"Samanten agenging
sih katresnan jengandika Gusti Menggung dhateng pun Suwanda, inggih awit saking
menika gandheng kula ngrumaosi bilih boten badhe kongang menawi ta kula
kepengin atur piwales dhateng jengandika Gusti kula, mugi kaparengna kula
aprasetya lan mugi Hyang Widhi paring
kasembadan, sanadyan badhe nemahana putung kinarya bebalang utawi lebur kinarya
sesawur, sauger menika awit nglampahi dhawuh jengandika Gusti kula Kanjeng
Tumenggung, badhe kula lampahi kanthi suka gambiraning manah" wangsulanku
marang bendaraku wektu kuwi, iya awit saka senenging atiku lan minangka atur
panuwun marang ndara Menggung.
"Iya Suwanda"
nDara Menggung "saiki rungokna apa tambahing jejibahan sing kudu mbok
lakoni sawuse mengko kowe ngalih manggon ing sajroning Dalem Katumenggungan.
Kang kapisan, gandheng kowe ngerti dhewe yen wektu iki gaweyanku minangka
Tumenggung luwih akeh katindakne ing sajabaning Dalem Katumenggungan, nanging
kepara luwih akeh ing satengahing panguripane para kawula, mula kanggo ngladeni
kabutuhane kawula kang teka ing dalem Katumenggungan, tak sampirake marang
awakmu ladenana kawula kang teka kanthi becik, rampungna perkara kang kudu
dirampungake kanthi asmaku minangka Tumenggung Jatikusuma".
"Kawula nuwun,
ngestokaken dhawuh"
"Kaping
pindho" Dhawuhe nDara Tumenggung sabanjure "awakmu tak keparengake,
ngaturi aku ora kaya padatane yaiku Gusti Tumenggung utawa nDara Menggung,
nanging nganggowa sesebutan Bapa marang aku lan Ibu utawa Biyung marang Nyai
Menggung. Sabanjure aku nitip prentah, awakmu uga kudu nglakoni apa-apa sing
dadi dhawuhe Ibumu ya Nyai Menggung kanthi sabencik-becike, ora tak keparengake
awakmu kumawani ndaga dhawuhe".
"Ngaturaken sewu
genging panuwun Gusti, eh Bapa Tumenggung, sedaya dhawuh jengandika badhe kula
lampahi kanthi sukarenaning manah".
"Cukup semene
dhisik dhawuhku marang kowe" ndara Menggung mungkasi dhawuhe "tutugna
nggonmu nindakne jejibahan dina iki, sedhela maneh para paraganing
Katumenggungan bakal yeka lan mlumpuk ing dalem Katumenggungan kene saprelu
nampa prentah saka aku, magepokan karo sing lagi wae tak dhawuhake marang
awakmu iki mau".
Dina iku uga, ing
Katumenggungan dikepyakne dening nDara Menggung babagan jejibahan lan
kalungguhanku sing anyar, klebu anggone nDara Menggung wis kepareng mupu aku
dadi putra angkate. Para punggawa katumenggungan akeh sing padha nampa kanthi
seneng nanging jenenge manungsa akeh, mesthi wae ana sing beda, mligine sing
umure sapantaran karo aku sing anggone ngabdi ing Katumenggungan luwih dhisik
tinimbang aku. Nanging sanajanta satemene ora sarujuk karo kang dadi kersane nDara
Menggung, sing kasebut keri iki ora ana sing gelem ngandhakne olehe ora
sarujuk, kabeh mung padha meneng, malah kepara padha wangsulan yen sing
didhawuhne nDara Menggung kabeh wis bener lan wicaksana sing tanpa cacad babar
pisan. Wong-wong sing nduweni teku ing antarane keplasing lathi ora padha karo
sing ana jero ati ngene iki mapan akeh kapranggulan ing saben jaman lan meh ing
saben panggonan. Lan yen wis ngira ora bakal kapireng dening kang kagungan
putusan sing satemene ora disarujuki kuwi, lagi padha pating klesik rasan-rasan
maido karo wong-wong sing satemene ora weruh perkarane. Aku dhewe sing dening
nDara Menggung wis dituturi yen mengkone bakal nemoni wong-wong sing ngono
kuwi, kudu bisa momong ati, ora kena nimbangi karo laku sing padha karo sing dicakne
wong-wong kang mangkono iku. Kudu bisa tumindak sing wicaksana murih wong sing
satemene wis kleru tampa kuwi bisa nglenggana lan mbalik dadi becik, ora
kedlarung-dlarung olehe padha salah tampa. Mula aku ya mbudidaya murih bisa
nglakoni kaya apa sing dadi pituture marang aku, kabeh punggawa katumenggungan
tak rengkuh padha, malah aku api-api macak ora ngerti yen satemene ana sing
duwe rasa gela utawa malah kepara rasa gething sing mburu sengit marang aku
sing tuwuhe merga kanugrahan sing tak tampa saka nDara menggung sing saiki wis
dadi wong tuwaku angkat.
Ki Suwela, Punggawa Katumenggungan sing yuswane
sapantaran karo Bapa Tumenggung kang uga kagungan putra sing olehe ngabdi ing
Katumenggungan luwih dhisik tinimbang aku, salah sijine wong sing satemene ora
sarujuk karo dhawuh sing ditibakne dening Bapa Tumenggung Jatikusuma magepokan karo lanugrahan sing tak tampa iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar