Total Tayangan Halaman

Minggu, 05 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (010)

10.

Bapa Tumenggung uga wis pirsa yen Ki Suwela nduweni rasa kaya kang tak kandhakne mau, kamangka aku ya ora matur babagan iki marang panjenengane. Malah Bapa Tumenggung sing nimbali aku lan maringi pitutur supaya aku luwih ngati-ati menawa srawung karo Ki Suwela lan anake lanang sing aran Makara, jalaran Rama Tumenggung pirsa yen satemene Ki Suwela lan Makara kuwi wong sing julig lan duwe jiwa sing licik.

 

"Awakmu wae sing ngati-ati lamun ana cedhake Ki Suwela lan Makara kuwi, Suwanda" dhawuhe Rama Tumenggung sawuse paring dhawuh yen Ki Suwela ora seneng merga aku sinengkakne dadi putra angkate Rama Tumenggung sarta kaparingan jejibahan amakili panjenengane yen panjenengane nuju ora ana dalem Katumenggungan "tembung satembung kudu sing ngati-ati lan aja mbok katonake lamun satemene kowe ora seneng marang wong loro kuwi, becik rangkulen kanthi raket nanging aja nganti ninggal prayitnaning batin".

 

"Dhawuh jengandika Rama Tumenggung saestu badhe kula estoaken kanthi sak sae-saenipun" wangsulanku, karo jroning ati ngaturake rasa panuwun awit kabecikane Rama Tumenggung marang aku sing terus ambanyu mili.

 

Dhawuh pituture Rama Tumenggung Jatikusuma mau tak tindakne temenan, nggonku srawung karo Makara sing umur-umurane sapantaran karo aku banjur tak raketi. Samono uga srawungku marang Ki Suwela wong tuwane Makara. Ing sambikalane nganggur, aku kerep sanja ing omahe Ki Suwela, kajaba ngajak jejagongan karo Makara uga kerep wae aku njaluk pitutur marang Ki Suwela ing babagan sing magepokan karo jejibahan sing kudu tan tindakne. Wong loro kuwi katon seneng lan sikepe marang aku dadi owah. Makara dadi luwih kerep nemoni aku lan ngajak bawa rasa maneka warna perkara. Ki Suwela uga kerep aweh pituduh marang aku murih anggonku nindakne kuwajiban bisa luwih sampurna. Rasa gela lan cuwaning atine wong loro kuwi merga kawicaksanane Rama Tumenggung sing maune dianggep ora adil lan ora ngajeni lelabuhan sing wis ditindakne dening Ki Suwela lan Makara marang Dalem Katumenggungan, wis ora ana tabet-tabete maneh.

 

Rama Tumenggung sing sanadyan sansaya akeh ayahan sing kudu ditindakne, nanging anggone migatekne aku babar pisan ora suda kuwi, uga pirsa owah-owahan sikepe Ki Suwela lan Makara marang aku.  Rama Tumenggung uga uninga yen saiki Makara apa dene Ki Suwela dadi mundhak sregep anggone nindakne gaweyane minangka abdi lan punggawa Dalem Katumenggungan.

 

Anuju sawijining kalodhangan aku ditimbali dening Rama Tumenggung kanthi mirunggan.

 

"Suwanda apa awakmu isih eling karo pituturku let sepasar sawuse awakmu tak pasrahi jejibahanmu sing saiki iki kae?" Rama Tumenggung mundhut pursa marang aku bab pitutur sing tau diparingake marang aku nalika semana.

 

"Saestu sedaya dhawuhipun Rama Tumenggung dhateng kula, boten adhe ical saking engetan kula Rama" wangsulanku karo suwara sing alus kebak rasa panuwun "lan sedaya dhawuh jengandika Rama saestu badhe kula estokaken kanthi sak sae-saenipun".

 

"Sokur yen pancen mangkono" ngendikane Rama Tumenggung sabanjure "aku ya ngerti olehmu ngecakne pituturku babagan tata gelar sing mbok cakne marang Suwela lan anake, kang mangkono iku aku uga wis bisa ngarani yen olehmu ngecakne wis pas lan wis trep tur bener, ketitik saka asile nggonmu ngecakne pitutur kae, saiki Makara apa dene wong tuwane, kena diarani wis malik grembyang sikep lan lageyane marang awakmu lan marang gaweyane".

 

"Mila leres dhawuh jengandika menika Rama" aturku nanggapi pangandikane Rama Tumenggung sing ngrembug sikepe Ki Suwela lan Makara "tiyang kalih kala wau samangke ketingal langkung sae lan langkung tinggen anggenipun ngayaji kuwajibanipun ing Dalem Katumenggungan mriki, kula ugi ngertos bilih sadaya menika inggih awit saking pitedah-pitedahipun Rama dhumateng kula".

 

"Iya, nanging kuwi tata gelar kang sipate kasat mata sing gampang disawang lan dingerteni sok sapa wae" Rama Tumenggung paring dhawuh maneh "sing prelu tak kandhakne marang awakmu samengko ing babagan tata batin, lire apa sing katon ing lahir durung karuwan padha karo sing ana jero batin, kena diparibasakne awakmu disuguhi panganan sing sarwa enak lan sarwa mirasa, kuwi yen sinawang gelar wujude merga sing nyuguhi awakmu kuwi duwe pamrih becik ya iku gawe senenging atimu lan murih awakmu luwih kuwat, nanging yen sing aweh suguhan kuwi duwe pamrih sing seje, awakmu bisa wae dadi lan cilakne, ya kuwi ing suguhan sing mbok tampa ana panganan sing diwenehi upas utawa wisa, sing bisa ndadekne awakmu tiwas utawa cilaka. Kuwi sing prelu dadi kawigatenmu, aja nganti awakmu tiba ing juranging katiwasan mung sabab kena apus krama sing diwungkus mawa sikep sing anoraga. Wiwit jaman kuna makuna akeh kedadeyan Macan gembong sing gagah prakosa bisa dikalahake ora nganggo kekuwataning lahir nanging bisa dijiret sing tuwuhe saka kekuwataning pikir. Welingku marang awakmu, sepisan maneh aja nganti awakmu pegat kaprayitnan".

 

"Inggih Rama, dhawuh jengandika badhe kula emut-emut mugi-mugi saged dados pangayoman kula salebetipun nindakaken darmaning gesang menika" wangsulanku karo ngangen-angen mungguh benere apa sing didhawuhne Rama Tumenggung iki mau.

 

"Sabanjure rungokna ngger" Rama Tumenggung Jatikusuma paring pitutur maneh "kajaba ora pisah karo laku pangati-ati murih rahayu uripmu, awakmu kudu bisa minterne ati, wujude sapisan aja seneng nampa pangalembana lan serik lamun diwada, jalaran ora sethithik kawiwitan seneng nampa pangalem suwe-suwe banjur dadi mendem, wusanane banjur rumangsa pinter dhewe, rumangsa sugih dhewe, rumangsa bener dhewe, rumangsa bagus dhewe lan sapiturute. Kamangka wong sing seneng rumangsa pinter dhewe kurang-kurang bejane bisa ndadekne keblinger uripe, rumangsa sugih dhewe bisa nuwuhake entek bandhane, rumangsa bener dhewe adhakane banjur ora weruh yen lakune wis nalisir saka garising Widhi, rumangsa bagus dhewe bisa ndadekne kumalungkung sing wekasane kabentus-bentus merga polahe dhewe. Kosok baline Suwanda, sing pamada sing tumiba marang awakmu iku ora kabeh ndadekne tunamu, ana kalane pamada utawa panacad sing mbok tampa kuwi satemene pitutur luhur sing sing sinamudana, kanthi pancad bisa ndadekne awakmu mulat salira, mawas dhiri bener utaawa orane unine panacad klawan kahananmu sing satemene, lamun pranyata jumbuh kuwi minangka korining lakumu kanggo ndandani kakuranganmu murih dadi sampurnane, dene manawa ora jumbuh yekti ora ana kapitunan sing mbok sandhang merga tumibane pamada utawa panacad, awit kanyatan kuwi ora bisa diselaki".

 

"Inggih Rama" wangsulanku karo sansaya ndhingkluk kurmat marang wong tuwaku angkat sing banget kasok tresnane marang awakku.

 

"Sabanjure awakmu kudu ora kena dhemen melik marang duweke liyan, aja gampang muring utawa nesu. Wong sing dhemen melik marang darbeke liyan sok nuwuhake tekad wani tumindak sedheng, nyingkur paugeran mung nuruti rasa kepengine, temahane bakal nemu bilahi. Wong sing gampang nesu kuwi nkerep nuwuhake getun ing tembe mburine. Dadi manungsa kuwi  aja kendel-kendel sing adhakane gampang ndadekne uripe cuthel, nanging ya aja jirih-jirih sing bisa nuwuhake jiwa lan ragamu dadi ringkih. Sranane wong ngalab rahayu kuwi bisoa ngecakne urip sing samadya. Pituturku dina iki cukup samene dhisik, gagasen kanthi weninging ati, sing jumbuh karo nalarmu bisa mbok gugu dene yen miturut nalarmu ora bener becik takokna luwih dhisik sadurunge mbok buwang adoh" Rama Tumenggung mungkasi nggone paring pitutur.

 

Nganti suwe anggonku nggagas pituture Rama Tumenggung mau, siji wae miturut panemune nalarku ora ana sing kleru. Aku temen-temen wis kasengsem karo kabeh pitutur sing tak tampa mau. Nganti suwe aku ora ngalih saka panggonanku lungguh ngadhep ing ngarsane Rama Tumenggung mau. Kamangka wis sauntara Rama Tumenggung jengkar saka papane mlebu ing paleremane.

 

Aku lagi duwe karep ngalih saka papan kono bareng saka pendhapa keprungu suwarane abdi katumenggungan omong-omongan rada banter karo wong sing lagi teka, ya iku Mukara sing arep nemoni aku. Gageyan aku menyat, arep nemoni Makara mbok menawa ana perkara sing wigati sing mbutuhne gage-gage ditandangi.

 

"Wis suwe apa nggin ndika teka iki mau Kakang Makara?" pitakonku karo nyedhaku Makara sing lagi linggih ing dhingklik ing pendhapa sisih ngarep lagi jagongan karo Titir abdi ing Katumenggungan.

 

"Nembe kemawon kok Gus" wangsulane Makara karo mesem sajak seneng atine.

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...