11.
Makara banjur tak ajak mlebu
ing panggonan sing padatan tak gunakne kanggo nemoni wong-wong yen butuh ketemu
Rama Tumenggung. Nanging Makara ora gelem merga jarene ora ana bab sing wigati
sing arep dikandhakne marang aku. Tekane Makara ora ana sambung rapete karo
jejibahanku minangka wakile Rama Tumenggung, nanging mung arep ngajak aku
menyang desa sing ora adoh karo Dalem Katemenggungan ing omahe salah sijine
warga.
"Nyuwun pangapunten
Gus" wangsulane Makara nalika tak ajak mlebu mau "estunipun boten
wonten prakawis ingkang wigatos sanget tumrap jengandika Gus Wanda, namung
badhe ngaturi uninga bilih sanakan kula ingkang griyanipun Pajaringan, dalu
niki ngawontenaken tirakatan kanthi nanggap ringgit ing griyanipun, mbok bilih
Gus Wanda lodhang saha dhangan ing panggalih saha menawi kersa badhe kula
dherekaken tindak mrika mirsani ringgit".
"O ngono ta? Lha
sanakan ndika kuwi duwe gawe apa ? teka nanggap wayang barang?" wangsulanku,
lan kanggo nglegani atine Makara aku ya nyaguhi arep nuruti apa sing lagi wae
dikandhakne "pancene wengi iki aku ya nuju ora ana pagaweyan sing kudu tak
tandangi, dadi ya bisa wae nek wengi iki dienggo nonton wayang, ngiras pantes
kanggo nyegerake pikiran".
"Ngaturaken
genging panuwun Gus" Makara katon sansaya kalegan atine ngerti nek aku
gelem dijak metu ndelok wayang "sanakan kula niki gadhah damel milujengi
tiyang sepuhipun ingkang sampun ngajal, dalu menika dhawah sewu
dintenipun".
Sidane wengi kuwi aku
bareng-bareng karo Makara teka ing Pajaringan melu tirakatan ing omahe Wuyungan
blantik kebo sing sugih mblegedhu, sing wengi kuwi wayangan nanggap dhalang
sing kondhang ing laladan Majapahit. Dhasar Wuyungan kuwi wong sing sugih
bandha ya sugih kanca, srawunge jembar tekan ngendi-endi. mula ya ora
nggumunake yen wengi kuwi tamu sing teka melu tirakatan ya akeh banget.
Pendhapane Wuyungan sing wangun limasan kuwi kebak kepara jejel riyel dening
wong-wong sing padha nonton wayang kanthi ujub melu tirakatan. Kajaba sing
padha nonton wayang ing pendhapa, ing omah jero uga ora sethithik tamu sing
milih panggonan ana kono, wong-wong sing neng jero omah kuwi ora padha melu
nonton endahing wayang, nanging anggone tirakatan disambi karo dolanan neka-neka
sing uga diudhoni kanggo ngabotohan cilik-cilikan, ujube kanggo cagak melek.
Wis dadi pakulinan,
wong sing duwe gawe nylameti wong tuwane sing wis mati kuwi, mesthi dibarengi
karo ngetokne dana driyah sing akeh. Kajaba dana driyah kanggo para wong sing
nandhang kekurangan, urip sing sekeng, uga dana driyah kang dienggo nyugata
para tamu sing padha melu tirakatan. Mula akehe sugihan sing banyu mili saka
jero omah kanggo para tamu, temen-temen ora ana kendhate. Sakehing jinis
panganan padha metu kabeh, ya panganan sing empuk ya panganan sing renyah ora
ana sing kliwatan, kabeh ana lan ora sethithik cacahe.
Mung sing aku ora pati
bisa ngetrepne lungguhku kuwi nalikane omben-omben sing bisa gawe wuru uga
katut disuguhne. Adat sing wis kulina ing papan kono, ngombe ciu kuwi minangka
omben sing ngemu pakurmatan. Kagawa saka jejerku minangka punggawa dalem
Katumenggungan, mangka kudu ngombe luwih dhisik sawuse sing duwe omah ngombe,
samangsane omben Ciu disuguhake. Kamangka wiwit cilik dening biyungku, ya Nyi
Panewu wis diweling supaya aja pisan-pisan wetengku klebon omben panunggalane
Ciu utawa arak ngene iki. Dadi pancen aku ora kulina ngombe arak utawa Ciu.
Kamangka minangka pakurmatan, ing omahe Wuyungan sing duwe gawe iki, aku kudu
ngombe dhisik dhewe lan ora mung sasloki utawa rong sloki, nanging saben oleh
saubengan, dibaleni maneh olehe ngombe arake lan diwiwiti saka Wuyungan, banjur
aku disambung Makara lan mubeng tamu-tamu liyane.
Tujune tekaku mau sing
ngajak Makara lan Makara lagi ngerti yen satemene aku ora kulina ngombe omben
sing bisa marakne wuru kuwi. Kamangka
ing desa kono, wis dadi unen-unen yen ana bocah nom sing gampang mendem, lire
lagi ngombe sethithik wis mendem, kuwi diarani bocah nom sing ringkih lan
banjur dadi poyokane wong akeh. Luwih-luwih yen ana wong sing ora wani ngombe
amerga kuwatir yen nganti mendem, mangka wong sing mangkono kuwi bakal dadi
bebakalaning geguyonan dening kanca-kancane. Mula kanggo nutupi wirangku,
Makara sing banjur maju. Saben-saben aku kebageyan ngombe arak, mangka dening
Makara arak sing diulungne aku mesthi banjur ditampani lan diombe. Dadi aku ora
klebon omben sing bisa gawe mendem kuwi babar pisan.
"Aku wis matur
marang Gus Wanda lan uga wis diparengake, yen bengi iki aku sawutuhe
dikeparengake ngemum unjukane Gus Wanda, dadi kabeh unjukan sing kagem Gus
Wanda sing kudu ngombe ya mung aku dhewe" kandhane Makara marang juru ladi
sing ngladeni unjukan sing bisa marakne mendem kuwi. Babagan ngemum (ngalap
berkah) kuwi pancen wis kaprah dtindakne dening andhahan marang ndhuwurane,
dadi wong-wong sing krungu nek wengi kuwi Makara ngemum omben sing kanggo aku,
kabeh iya banjur padha bisa nampa kanthi legawa, ora nggagas lan ora ngarani
aku neka-neka merga ora gelem ngombe omben sing disuguhne.
Nadyan ta mangkono aku
sing rumangsa ora kepenak karo Makara, merga olehe ngombe arak Makara dadi
tikel kaping pindho. Bageyanku karo bageyane dhewe. Mula nalika ngarepake parak
esuk aku karo Makara pamitan bali marang Wuyungan, praupane Makara katon abang
mangar-mangar mratandhani yen dheweke wis mendem kegawa saking akehe arak sing
wis diombe. Mung sing ndadekne gumune atiku, olehe mendem Makara beda karo
wong-wong liyane sing banjur mutah cecek ora karuwan, ana sing banjur ngglethak
karo ngompyang ngeler wewadine dhewe barang. Nanging kahanane Makara wektu
kuwi, mung nek mlaku katon sempoyongan, nanging ora nganti rubuh neng lemah,
tembung-tembung sing diucapne isig turut kaya wong sing ora mendem.
"Sampun kuwatos
Gus Wanda" karo bisik-bisik Makara isih kober kandha marang aku nalika aku
bebarengan mlaku mulih tekan ratan sing tumuju Dalem Katumenggungan "kula
niki nggadhahi kalangkungan tinimbang tiyang limrah ing babagan ngunjuk arak.
Sanadyan ketingalipun kula menika sampun wuru, nanging pikiran kula taksih
bening kados dene malaming tawon lan kula boten badhe rubuh utawi nutah cecek
kados titiyang kala wau, mangke menawi sampun dumugi griya kula engge tilem
sakedhap tartamtu kula sampun pulih malih".
"Iya, aku
percaya" wangsulanku panggah karo mlaku "aku weruh dhewe yen anggon
ndika ngunjuk arak mau wis ngliwati wates, aku ya ngerti satemene awit ndika
wis ngeman aku murih ora dadi guyone wong akeh, utawa murih Wuyungan lan
wong-wong Pajaringan ora kleru tampa marang aku merga aku ora wani ngombe arak
sing disuguhne, ndika wis ngorbanake dhiri ndika kanthi pawadan ngemum,
arak-arak sing kudune tak ombe malah ndika unjuk kabeh. Ya pancen kudune aku
wiwit sinau ngombe omben ngono kuwi, ora kanggo seneng-seneng utawa
mendem-mendeman, nanging kanggo ngadhepi yen ana lelakon sing kaya ngene iki
mau".
"Menawi menika
ingkang jengandika kersakaken, jengandika sampun kuwatos Gus" Makara
wangsulan "benjing kemawon kula tedahi caranipun ngunjuk arak utawi ciyu
supados boten saged wuru".
"Lho apa ana
carane murih ora wuru kaya ndika ngono kuwi, Kakang Makara?" aku takon.
"Inggih mawi dipun
gladhi mbaka sekedhik Gus" wangsulane Makara karo ngguyu "benjing
kemawon kula aturaken cara-caranipun".
Ora krasa mlaku karo
omong-omongan, aku karo Makara wis tekan Dalem Katumenggungan. Makara tak ajak
supaya turu neng papan paleremanku, ora gelem. Pilih bablas bali ing omahe wong
tuwane. Karo pamitan Makara kandha yen mengko olehe teka ing Dalem
Katumenggungan nindakne wajib kaya saben dinane, mbok menawa rada kasep merga
kira-kira mengko dheweke bakal kerinan anggone tangi saka turune. Aku aweh
wangsulan, nek pancen dina mengko ora bisa teka ing Dalem Katumenggungan kaya
padatan ya ora dadi baya pangapa jalaran aku ngerti yen olehe makara kerinan
anggone tangi mengko, merga kakehan ngombe arak sing kudune tak ombe, nanging
merga Makara ngeman aku banjur diombe dhewe.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar