12.
Jebul Makara olehe
kasep nggone teka ing papan pagaweyane ora pati kawanen, malah kepara kena
diarani ora kasep merga sing tekane luwih awan tinimbang Makara uga ana.
Tapet-tapete yen mentas mendem kakehan ngombe arak, babar pisan ora ana. Malah
esuk kuwi Makara katon luwih seger lan luwih sumunar cahyane. Mangkono uga
solah bawane uga luwih trengginas ora klentrang-klentreng kaya wong yen lagi
kurang turu ngana kae.Suwarane keprungu gandhang tak rungokne saka papanku
nyambut gawe, Makara lagi omong-omongan karo kancane.
"Elho? ora sida
kasep teka ndika Kakang Makara?" Makara tak cedhaki banjur tak takoni
"apa mau ora sida leren turu? Nanging katone ndika tambah seger lan
sumringah lho?".
"Kala wau dumugi
griya kula inggih lajeng tilem kok Gus" wangsulane Makara karo mesem
"gandheng tilem kula boten wonten ingkang ngresahi, inggih lajeng bleg-sek
;an saged ngraosaken tuwuk nalika kula tangi".
"O ngono?"
aku nimbangi eseme "malah aku sing kebablasen durung turu nganti seprene,
lha wong lagi wae arep mapan kedadak Gusti Menggung wis tata-tata arep budhal
menyang negara, dadi aku ya ora sida turu".
"Inggih?"
Makara wangsulan karo nyawang aku "nanging jengandika boten katingal
menawi arip lho Gus, malah kepara ketingal seger".
"Nek kuwi ya ora
nggumunake" wangsulanku karo mesem "jeneh wong olehku melek mau bengi
kuwi mung melekan lumrah, ora kambon omben sing marakne wuru kae babar pisan,
ya beda karo ndika sing kudu ngalingi pengapesanku banjur aweh pangayoman
kanthi ngentekne jatah sing kudune jatahku, upama larihan mau bengi ora ana
ndika, aku ora bisa nggambarake kaya apa dadine awaku ing esuk iki".
"Walah mandhak
namung makaten kemawon kok wongsal-wangsul dipun dhawuhaken ta Gus- Gus"
karo ngguyu lirih Makara wangsulan "malah menawi kagagas kanthi saestu,
dede kula ingkang ngalingi jengandika Gus Wanda, nanging malah kula ingkang
nampi kanugrahan saged ngemum unjukan jengandika ngantos tuwuk".
Punggawa Dalem
Katumenggungan sing olehe nyambut gawe cecaketan karo papanku jagongan karo
Makara padha pating plenggong, katone durung padga ngerti sing lagi tak rembug karo Makara iki.
"Critane ki ngene
lho kanca-kanca" Makara guneman ngandhani kanca-kancane sing pating
plenggong ora mudheng karo sing lagi wae tak omong "mau bengi kuwi aku rak
nampa kanugrahaning Bathara?"
"Kanugrahane
Bathara? Ki Makara?" salah siji saka wong sing ana kono takon.
"Iya, aku oleh
kalodhangan bisa ngemum unjukane Gus Suwanda nganti saktuwuke" Makara
nutugne olehe guneman "mau bengi kuwi, sanakanku si Wuyungan Blantik Kebo
Pajaringan kae rak nyewu wong tuwane? nanggap wayang pisan, banjur Bagus
Suwanda tak dherekne mrana".
"Lha banjur?"
kancane Makara sumela takon.
"Mesthi wae
Wuyungan rumangsa seneng lan marem awit karawuhan Gus Suwanda, putra angkate
Gusti Menggung. Mula banjur ngetokne pasuguhan sing mirunggan, arak sagenthong
ditokne kanggo ngurmati rawuhe Gus Suwanda. Para tamu melu seneng, merga padha
ngerti nek arak sing ditokne Wuyungan kuwi simpenane mBah Buyute, sing embuh
wis pirang puluh tahun suwene, arak sagenthong dileboni anak kidang lan anak
menjangan, banjur dipendhem nganti pirang-pirang puluh tahun. Lagi diwetokne
mau bengi kuwi, merga karawuhan priyagung saka Katumenggungan kene".
"Waaa, nek ngerti
ndika ndherekne Gus Wanda, jathuka aku rak nusul" kandhane kancane makara
nyelani rembug "jeneh aku ora oleh uleman, sing oleh malah wong tuwaku
nanging ora bisa budhal merga lagi keneng panastis".
"Ngerti yen ana
omben sing langka ngono kuwi mau, aku banjur nembung marang Gus Wanda supaya
aku dikeparengake ngemum unjukane, ketang welase karo aku Gus Wanda ngeparengake
kabeh unjukan sing katur panjenengane tak ombe, mula olehku ngombe ya rada
sawatara akehe".
"Sing kebangeten
kuwi tenane rak aku?" aku banjur melu nrambul gunem "lha wong mung
ngombe arak wae, jebul aku iki ora wani. Merga wiwit biyen aku durung tau weruh
rasane, jalaran pancen dening biyungku neng ndesa kana aku diweling aja nganti
ngombe tunggalane arak ngono kuwi, dadi aku mau bengi kuwi bares wae wedi nek
nganti aku mendem lan dadi guyone wong akeh. Tujune mau bengi kuwi ki ana
Kakang Makara sing saguh dadi tamengku, upama ora kira-kira embuh dadine karo
awakku, kira-kira ya mendem neng omahe Wuyungan dadi guyonane bocah-bocah cilik
merga mutah cecek gumlethak neng lemah".
Wong-wong sing krungu
olehku guneman padha meneng, sajake duwe rasa pekewuh menawa arep nanggapi karo
apa sing tak kandhakne kuwi.
Bengine aku pamitan
marang Rama Tumenggung nek arep sanja ing omahe Ki Suwela. Kaya padatan Rama
Tumenggung Jatikusuma paring weling supaya aku ora ninggal kaprayitnan lamun
jagongan karo Ki Suwela lan anake lanang, Makara. Olehku sanja ing omahe Ki
Suwela kuwi mung prelu sepele, ya iku arep njaluk warah marang Makara supaya
bisa kaya dheweke anggone kuwat ora nganti mendem menawa nuju ngombe arak utawa
ciyu. Aku mula kepengin banget bisa ngumpuli kabeh kanca-kanca apa dene kawula
ing sakiwa tengene dalem Katumenggungan kanthi wutuh. Kalebu kepengin bisa nimbangi
samangsa-mangsa kudu ngadhepi suguhan arak utawa ciyu. Aku ngerti yen nalikane
aku ora gelem ngombe nalika disuguhi arak ing pasamuan ngana kae, ora ana wong
sing kawetu maido marang aku, nanging aku wedi karo wewayanganku dhewe, kuwatir
yen nganti ana sing mbatin yen olehku ora gelem ngombe inuman sing bisa marakne
wuru kuwi, merga kasurung rasa angkuhku. Kamangka aku ora kepengin ana wong
sing duwe pangira yen aku iki wong sing angkuh utawa wong sing duwe watek
gumedhe sing seneng ngrenmehake sapepadhaning wong. Babagan iki temene uga nate
tak aturake marang Rama Tumenggung lan Ibu Nyai Menggung. Nanging Rama
Tumenggung babar pisan ora mrayogakne aku supaya sinau ngombe arak utawa ciyu.
Malah Panjenengane dhawuh, ora ana tunane nek mung dikira gumedhe mung sabab
nampik suguhan arak ing pasamuwan, merga Rama Tumenggung kagungan panemu kaya
panemune Biyungku sing ana ndesa, ngombe arak utawa inuman sing bisa ndadekne
wuru kuwi luwih gedhe kapitunane tinimbang kabecikane. Kamangka aku ya weruh
dhewe yen mung perkara ngunjuk inuman bangsane arak ngono kuwi, Rama Tumenggung
prasasat ora ana sing bisa nandhingi mungguh kakuwatane, enteka pirang-pirang
guci ora bakal Rama Tumenggung wuru. Nanging kanyatane, pituture marang aku ya
ngono kuwi mau. Malah Nyai Menggung sing uga tresna lan asih banget marang aku,
paring dhawuh :
"Ngene lho Ngger,
awakmu kuwi wis becik-becik ora tepung karo arak utawa Ciu. Dadi wis bener kaya
sing didhawuhne ramamu mau, aja wedi nek mung dikira kumalungkung mung sabab
nulak disuguhi arak. Jalaran dununge angkuh, gumedhe lan kumalungkung kuwi ora
manggon neng kono, nanging manggon ing darma bhektimu marang negara lan Sang
Prabu, lumantar nggonmu aweh leladi marang kawula Majapahit kang uga kawulane
Sang Prabu. Jumbuh karo jejibahanmu sing didhawuhne ramamu marang awakmu. Yen anggonmu
aweh leladi kuwi becik ora mbedak-mbedakne kawula siji lan sijine, linandhesan
kukum adil kang mijil saka suka rilaning ati, mangka kumalungkung, gumedhe
utawa angkuh kuwi bakal sirna saka atimu. Kosok baline yen olehmu ngladeni
kawula Majapahit mung sasenengmu dhewe, mangka kuwi ora bisa mbok aling-alingi
yen nyatane kowe pancen wong sing kumalungkung ngendelne dumeh lagi kasampiran
panguwasa".
Mula bener apa sing
dingendikakne Ibu lan Rama Tumenggung marang aku kuwi, nanging bareng aku weruh
kadibyane Makara sing babar pisan ora mendem sawuse ngentekne pirang-pirang
cangkir arak, aku temen-temen kepengin bisa kaya dheweke. Aku ngagas yen alane
wong ngombe arak utawa ciyu kuwi manggon ing pas mendem sing banjur ilang
nalare ngana kae. Mula nadyanta ngombe nek ora nganti mendem kuwi ora ana
alane, malah kepara bisa nuduhne kabecikane, bisa ngumpuli sanak mitra ing
pasamuwan. Mula wengi kuwi aku budhal sanja ing omahe Ki Suwela saprelu sinau
kepiye carane ngombe arak sing becik sing ora ndadekne wuru.
Jebul Makara lan wong
tuwane wis ngerti yen tekaku wengi kuwi mung kepengin sinau carane ngombe arak.
Ketitik aku wis dicawisi gendul jejer-jejer ditata neng dhuwur dhampar.
Gendul-gendul kuwi kabeh kebak isi arak. Sauntara Ki Suwela apa dene Makara
isih lungguh anteng ing sacedhake.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar