Total Tayangan Halaman

Rabu, 08 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (013)

 

13.

Bareng aku teka wong loro kuwi banjur padha ngadeg mapagne, aku digandheng Ki Suwela banjur dilungguhne neng babut si digelar, nyangga dhampar wadhah jejeran gendul isi arak-arak kuwi.  Sawuse aku lungguh, Makara ngadeg menyat ngalih metu saka omah liwat lawang iringan, embuh menyang ngendi aku ora ngerti parane. Merga olehe pamit mung karo mesem muni dipun rantos sekedhap nggih Gus ngono. Maune aku arep takon nanging Makara kebacut metu saka omah.

"Makara sampun criyos dhateng kula, bilih jengandika Gus Dapa ngersakaken sinau kados pundi caranipun murih saged boten wuru nalikanipun ngunjuk unjukan panunggalanipun arak" Ki Suwela guneman nalika weruh aku ora noleh-noleh nyawang papan lungane Makara.

"Mila leres makaten Ki" aku wangsulan karo nyawang praupane Ki Suwela "awit bares kemawon, kula kepengin sanget saged anyrawungi sadhengah tiyang kanthi margikaning manah, kamangka sadangunipun menika, gandheng kula boten nate nginum unjukan panunggalanipun arak, kula lajeng dados kikuk lan kidhung menawi anuju wonten ing adicara ingkang ing mriku wonten pasegahan ingkang rupi arak".

"Menika tuhu leres lan ambeg ingkang wicaksana Anakmas" Ki Suwela wangsulan karo mesem amba "awit nalaripun tiyang kathah menika sok boten sami, wonten ingkang menawi anggenipun atur pasegahan rupi arak menika dipun tampik liripun boten dipun unjuk dening ingkang dipun segahi, inggih boten ngraos cuwa malah lajeng gadhah dudutan menawi ingkang dipun aturi menika mila boten ngunjuk unjukan ingkang makaten menika. Nanging ugi kathah ingkang gadhah pamanggih bilih tamu langkung-langkung priyagung ingkang nampik dipun segahi arak, menika dipun anggep ngremehaken dhateng ingkang nyegahi lan tamu utawi priyagung menika lajeng dipun wastani tiang ingkang nggadhuh watak kumenthus ngendelaken dumeh nggadhuh drajat ingkang inggil".

"Inggih awit saking menika Ki Suwela" wangsulanku nimbangi rembug "dupi kula sumerep Kakang Makara ingkang sanadyan anggenipun ngunjuk arak sampun ngliwati wates suprandene panggah boten wuru, kula lajeng kepengin saged kados Kakang Makara menika. Awit rumiyin kula nate nyobi nglangga arak, namung setunggal sloki, nanging sirah kula sampun kraos kliyengan malah lajeng ngraosaken lemes ing sakujuring badan, kula lajeng kapok dugi sapriki boten wantun ngombe unjukan ingkang makaten menika".

"Menika leres Anakmas" Ki Suwela guneman karo ngguyu lirih "estunipun anggen jengandika kliyengan sasmpunipun ngunjuk rumiyin menika, namung jalaran saking dereng kulina kemawon. Menawi dipun ambali sasampunipun raos kliyenganipun ical, boten badhe kliyengan malih, malah lajeng saged mewahi daya kekiyatan. Saged kliyengan utawi ngantos wuru menika menawi anggenipun ngunjuk nglangkungi ingkang sampun dipun unjuk, upami boten inggih boten badhe kliyengan menapa malih wuru. Upaminipun menawi ingkang pungkasan anggenipun ngunjuk sasloki, menawi ngunjuk malih namung sasloki inggih boten badhe kraos menapa-menapa kajawi nambahi segering salira, menawi ngantos kalih sloki inggih badhe ngraosaken kados nalika sepisanan ngunjuk menika".

"Dados makaten inggih Ki Suwela?" aku lagi mudheng karo sing dikandhakne Ki Suwela "manawi makaten murih kiyat kados Kakang Makara ngaten menika kedah dipun gladhi mbaka sakedhik inggih Ki?".

"Mila makaten Anakmas" Ki Suwela mesem amba "nanging menika radi dangu cak-cakanipun, menawi Makara menika kajawi sampun linatih anggenipun nginum, ugi kula gadhuhi gembolan kemat ingkang nggadhahi daya kekiyatan boten badhe wuru menawi ngunjuk arak sanadyan nglangkungi wates".

Ki Suwela ngetokne barang sing gedhene sadriji jempolan, dawane kira-kira telung nyari dibuntelk nganggo mori rupane putih, banjur diselehne neng ngarepku karo kandha :

"Kados menika wujudipun, Anakmas. Menawi jengandika kersa, kemat menika saged jengandika agem. Dene dayaning kemat menika inggih kados ingkang sampun kula aturaken wau, Anakmas saged ngunjuk arak ingkang kados menapa kemawon wujudipun lan sepinten kemawon cacahipun, bebasan ambok sagenthong dipun unjuk ijen ing wekdal sapalenggahan Anakmas boten badhe ngraosaken menapa-menapa".

"Makaten inggih Ki Suwela?" aku ora pati percaya karo sing dikandhakne Ki Suwela kuwi, nanging aku ora wani blaka.

"Inggih Anakmas" wangsulane Ki Suwela wangune ngerti yen batinku nggorohne karo apa sing dikandhakne "mangke saged dipun cobi, ing dhampar menika wonten arak ingkang cacahipun kalih welas gendul. Mangke saged kangge pacoban, Anakmas Wanda kula aturi ngagem utawi nganthongi kemat menika rumiyin. Niki wau Makara nembe nimbali rencangipun ingkang sampun kulina nginum arak, nanging boten nate mbekta kemat kados kemat ingkang makaten menika. Mangke, kula jengandika, saha Makara lan rencangipun ingkang nembe dipun purugi, sareng-sareng nelasaken arak ingkang wonten dhampar menika. Mangke Anakmas Suwanda saged pirsa piyambak menapa ingkang kelampahan. Menawi ngantos Anakmas alitipun ngliyeng agengipun ngantos wuru menawi ngunjuk arak menika, kula sagah kapatrapan pidana saawrat-awratipun".

Aku manthuk-manthuk, jroning batin rumangsa getun dene mau wis nggorohake apa sing dikandhakne Ki Suwela. Kemat sing mau diselehne neng ngarepku banjur tak jupuk lan tak lebokne ing jero gembolanku. Pas kuwi mbarengi tekane Makara sing ditutne bocah nom-noman loro sing uga wis tau tak tepungi sadurunge. Yaiku Brosot anake Kebayan Driya karo Gathuk anake Molang Wirya. Nom-noman loro kuwi pas Wuyungan duwe gawe nyewu uga katon melu teka ana kana.

Kanthi sikep sing kurmat nom-noman loro kuwi genti-genti atur bekti marang aku lan Ki Suwela, banjur mapan lungguh njejeri Makara karo ndhingkluk amarikelu, sajak pekewuh merga lungguh sapajagong karo aku.

Ki Suwela katon ngedhepi Makara, aweh sasmita apa aku ora ngerti. Makara sing tanggap karo karepe wong tuwane banjur wiwit guneman :

"Kaya sing wis tak kandhakne mau Brosot karo kowe Gathuk, wengi ki bakal tak buktekne ing ngarepmu bocah loro, yen anggonku ngemum unjukane Gus Wanda ing omahe Wuyungan kae, temen-temen ngemum. Ora kaya sing mbok kandhakne nek Gus Wanda kuwi nom-noman kacangan sing mung wani nglangga banyu kendhi utawa nyruput wedang kopi".

"Nyuwun pangapunten Gus, kula kekalih estunipun namung gujengan salebetipun nembe mendem. Saestu kula kekalih nyuwun pangapunten" Gathuk nugel rembuge Makara asok kaluputan lan njaluk pangapura marang aku.  Aku ora wangsulan mung mesem karo manthuk-manthuk minangka sasamita yen aku ora nesu.

"Bengi iki, wis tak cepakne rolas gendul arak lawas simpenane Bapa Ki Suwela warisan saka mbah buyutku biyen, dadi mung kacek sethithik karo arak sing disuguhne Wuyungan pas nyewu wong tuwane kae. Arak iki tak unjukne ing ngarsane Gus Wanda, minangka atur panuwunku dene aku wis dikeparengake ngemum unjukane ing omahe Wuyungan kae, lan murih regeng maneh aku karo Bapa uga arep ndherekne anggone ngunjuk Gus Wanda lan kowe bocah loro wis tak suwunake palilah Gus Wanda murih dikeparengake ndherek ngombe" Kandhane Makara nutugne olehe nyethakne karepe.

"Ngaturaken genging panuwun Gus Wanda" Gathuk karo Brosot bareng-bareng ngaturne panuwun marang aku. Aku mung wangsulan karo mesem. Aku wiwit ngerti apa karepe Makara lan Ki Suwela wengi iki. Pancen bener-bener julig sing babar pisan ora ngawistarani.

"Menika makaten Anakmas" Ki Suwela banjur guneman maneh "gandheng arak-arak ingkang wonten menika kalebet arak singgahan lami, prayoginipun inggih kedah saged katelasaken ing dalu menika murih boten kedangon anggenipun kanginan pramila sengaja niki wau namung kula pendhetaken ingkang wonten ing guci alit kemawon, dados namung wonten kalih welas gendul".

 

"Inggih Ki Suwela" aku keseret melu ngrewangi kajuligane Ki Suwela lan Makara kanthi guneman ing ngarepe Brosot lan Pethuk, api-api ngerti lan mbenerne karo sing dikandhakne  Ki Suwela "inggih kula ngaturaken genging panuwun, murih saged telas mangke awakipun piyambak, mliginipun kula supados dipun rencangi dening Brosot lan Gathuk ingkang dipun dugekaken dening kakang Makara menika".

Ki Suwela mesem katon nek lega, samono uga karo Makara. Brosot lan Gathuk wola-wali ngaturake panuwun marang aku lan marang Ki Suwela.

Adicara ngombe arak singgahan lawas kuwi nuli kawiwitan, cangkir siji wis dicawisake kanggo gentenan ngombe arak singgahan kuwi, diwiwiti saka aku banjur disusul Ki Suwela lan Makara. Brosot lan Gathuk tiba oleh giliran keri dhewe. Diwiwiti saka gendul kapisan nganti entek banjur disusul gendul kapindho lan sabanjure. Ing kene aku klakon bisa mbuktekne kabeh apa karo sing dikandhakne dening Ki Suwela mau. Nalika wis nyandhak wiwit ngiling arak ing gendul kang kaping lima, tak sawang Makara wiwit mbrabak abang praupane,  Gathuk lan Brosot wiwit wani guneman sing ora karu-karuwan, mratandhani nek padha wis wiwit mendem. Sauntara aku, babar pisan ora krasa apa-apa, weteng uga ora krasa mbeseseg kaya lumrahe wong kakehan ngombe banyu kendhi ngana kae. Malah neng awak krasa sansaya seger. Ki Suwela nyawang aku karo mesam-mesem, aku nimbangi lan nuduhne yen wis ngandel lan percaya karo apa sing dikandhakne Ki Suwela mau.

 

ANA CANDHAKE


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...