13.
Nalika gendul pungkasan
diiling isine menyang sloki, Makara wis dhingkluk ora nanggapi maneh, lungguhe semendhe ing tembok mripate diremne,
praupane mbrabak abang nganti tekan kuping-kuping
pisan. Sauntara Brosot karo Gathuk wis ora kuwat obah, kekarone gumlethak neng jogan, mripate merem. Wong telu
kuwi wis nemen banget anggone mendem. Mung kari aku karo Ki Suwela sing panggah
kaya mau-maune. Wekasane gendul
pungkasan kuwi mung aku karo Ki Suwela sing ngombe arak sing ana jerone.
"Sampun cetha ta
Nakmas?" Ki Suwela nakoni aku karo mesem "gampil sanget ta menawi
ngersakaken murih boten wuru?".
"Inggih Ki"
aku wangsulan karo mesem "nyata nggegirisi saestu sawabing kematipun Ki Suwela
ingkang kaampilaken kula menika".
"Arak ingkang nembe
kemawon telas niki dede arak limrah Anakmas" kandhane Ki Suwela sabanjure
"menawi namung arak-arak ingkang kulina dipun segahaken ing pasamuwan
tiyang kathah ngaten menika boten wonten sapraseketipun menawi katandhing kalih
arakipun piyambak niki wau. Mila inggih limrah menawi lare tiga niku sampun
sami klenger awit mendem, menawi namung arak limrah kemawon tartamtu Gathuk lan
Brosot menika boten badhe kraos menapa-menapa, tiyang kekalihipun menika sampun
kondhang kekiyatanipun menawi nginum ciu utawi arak, makaten ugi kalih pun
Makara".
"Inggih Ki
Suwela" wangsulanku karo noleh wong telu sing isih ora obah kabeh kuwi
"langkung-langkung kula, menawi boten kaampilan kemat saking Ki Suwela,
mbok bilih kemawon dereng ngantos kalih sloki tartamtu sampun njengkilang".
"Inggih awit
saking menika Anakmas, mugi jengandika kepareng nampi talining sih saking kula
dhateng anakmas Suwanda, ingkang wujud kemat ingkang jengandika agem kala
wau" Ki Suwela banjur guneman maneh "sanaosa boten mbejaji nanging
mbok bilih saged kaagem anakmas kangge srana menawi nuju ngrawuhi sedhahan
saking para kawula ingkang mawi segahan arak".
"Kula namung saged
ngaturaken genging panuwun Ki" wangsulanku "lajeng minangka srikawin
saking kemat menika kula kedah ngaturi pinten dhateng Ki Suwela? Lan menapa
ingkang kedah kula sirik murih kemat peparing ndika niki boten cabar?".
"Ealaaaah....
anakmas Suwanda" Ki Suwela mesem amba "kok kados kalih sinten kemawon
lho? kula kalih Makara menika rak inggih abdi jengandika anakmas ta? Dados
sampun menggalih prakawis srikawinipun barang ingkang boten mbejaji menika.
Saestu anakmas Suwanda sampun kepareng ngagem pisungsung kula niku kemawon kula
sampun rumaos mongkog salebeting manah, jer inggih namung menika ingkang saged
kula aturaken dhateng anakmas Suwanda ingkang sampun kathah paring kadarman
dhateng kula lan kulawarga kula. Dene sirikanipun menapa sadangunipun Anakmas
Suwanda ngagem kemat menika? boten wonten ingkang kedah dipun sirik Ngger.
Namung kemawon prayoginipun Anakmas sampun namung ngagem kemat menika kemawon,
nanging inggih sanadyan saking sakedhik prayogi sanget menawi ugi anglatih
dhiri, murih boten kidhung menawi ngunjuk arak".
"Inggih, Ki
Suwela" wangsulanku karo nglolos salah siji kancing gelungku sing digawe
saka mas, banjur tak ulungake marang Ki Suwela "sepisan malih kula namung
saged ngaturaken panuwun dhateng Ki Suwela miwah Kakang Makara ingkang tuhu
tresna dhateng kula, samangke mugi Ki Suwela ugi kepareng nampi tandha raos
kurmat lan katresnan kula dhateng ndika, sampun kapirsanan menggah ajinipun
nanging mugi karaosna bilih menika raosing kurmat lan tresna kula dhateng ndika
Ki Suwela".
"Ngaturaken
genging panuwun Anakmas" karo polatan katon seneng Ki Suwela nampani pawewehku banjur kandhane "peparingipun anakmas
menika mugi saged dados jimat lan sageda mewahi kayuwanan kula sakulawarga.
Estunipun Anakmas......".
"Inggih menapa Ki
Suwela?"
"Estunipun kemat
ingkang kula aturaken dhateng Anakmas Suwanda menika, radin-radin tiyang
ingkang umuripun sapantaran kula sami nyimpeni, kalebet Gusti Tumenggung
Jatikusuma ugi kagungan, namung kemawon kagunganipun Gusti Tumenggung langkung
ageng malih menggah daya lan kasiyatipun" .
"Ooo makaten
inggih Ki Suwela?" wangsulanku karo manthuk-manthuk, jroning batin aku
lagi rumangsa ngerti wewadine Rama Tumenggung sing selawase ora tau wuru nalika
ngunjuk arak sanadyan sepira wae akehe.
Gandheng wektune wis
rada wengi, aku ya banjur pamitan marang Ki Suwela. Ki Suwela nguntapne baliku
nganti tekan regol ngarep, sauntara Makara isih semendhe ing tembok orea obah,
ing sandhinge pating glinting Brosot karo Gathuk sing uga isih mendem.
Tekan dalem
Katumenggungan aku dadi rada kaget kaworan gumun. Rama Tumenggung jebul lenggah
ing pendhapa, ijen tanpa rowang, sauntara para abdi kang duwe jejibahan rondha,
padha mlumpuk ing regol ngarep, Alon-alonan aku mlaku nyedhak banjur ngaturake
bekti marang Rama Tumenggung lan mapan lungguh ing ngarsane.
"Kok nganti rada
wengi nggonmu sanja ing omahe Suwela, ngrembug apa wae Ngger Suwanda?"
Rama Tumenggung ndagu aku "gek iki aku kok mambu gandane arak singgahan,
apa Suwela aweh suguhan arak marang keng slira?".
"Kasinggihan
Rama" aku atur wangsulan, ditlemak kaya mangkono kuwi mau aku ya banjur
matur apa anane. Wiwit aku teka nganti aku pamitan saka omahe Ki Suwela, ora
ana sing kecicir, kabeh tak aturake marang Rama Tumenggung. Klebu bocah telu
sing pating jengkilang mendem sawuse ngombe arak suguhane Ki Suwela lan
katiyasanku sawise nggembol kemat olehe menehi Ki Suwela mau.
"Kados makaten
menika lho Bapa, jimat ingkang dipun sukakne Ki Suwela dhateng kula, temah kula
kalis saking wuru".
Rama Tumenggung
manthuk-manthuk, jimatku olehe menehi Ki Suwela dicandhak banjur dipirsani
sedhela banjur diselehne maneh.
"Keng slira ngerti
kuwi barang apa Ngger?" Rama Tumenggung mirsani praupanku karo paring
pandangu.
"Babar pisan kula
dereng ngertos Rama" aku matur blaka.
"Sumurupa
Suwanda" Rama Tumenggung paring dhawuh, olehe ngendika alon nanging ngemu
perbawa "kuwi jimat yasan utawa jimat rekan sing digawe dening manungsa.
Mula pancen ya ana guna lan dayane, nanging sanadyan olehe yasa barang kuwi
biyen linandhesan ngelmu gaib, nanging ya mung winates ana sajroning ngelmu
karang, tegese asil karangane bangsa kan tan kasat mata, ngelmu karang mono
kena disanepakne boreh, tegese ora manjing sajroning jiwa, mung manggon ana
raga perangan njaba, utawa banter-bantere ya mung teka sajroning kulit nangi
panggah sajabaning daging. Dadi ya ora kena banget-banget dijagakne ing butuh,
ora arang yen kapengkok ing pancabaya ubayane kerep ambalenjani".
"Tadhah duka
Rama" aku matur nyelani dhawuhe Rama Tumenggung "inggih labet saking
taksih cetheking kawruh kula, mugi Rama Tumenggung kepareng paring dhawuh murih
cethanipun".
"Ngene ya
ngger" Rama Tumenggung nutugne olehe ngendika "pancen barang sing
mbok tampa saka Suwela kuwi nyata duwe daya, bisa ngalisake sok sapawa sing
nggembol saka mendem nalikane ngombe omben sing bisa mendemi, ora mung arak
wae, malah mbok menawa sanadyan sing diombe kuwi kecaruban upas pisan, yen
nggembol jimat iki ora bakal mendem. Ya merga daya kekuwatan sing ana sajroning
jimat kuwi, sok akeh sing banjur nuwuhake lali marang sing ndarbeni. Lali
marang pangwasaning Hyang Agung, malah banjur duwe panganggep yen jimat kuwi
sing bisa aweh slamet. Kamangka jimat kuwi mung barang yasane manungsa sing
diselehi ngelmu, mung emane ngelmu sing diselehne neng kono ya mung ngelmu
karang, karangane para lelembut, bisa jim setan lan sapiturute. Mula ora mokal
yen ana kalane lagi kaparingan kabegjan dening Hyang Agung, sanadyanta ngombe
upas pisan wong sing kabeneran nggembol jimat iki bakal slamet. Nanging
nalikane mbarengi tumibane apes, jimat sing dipercaya bisa aweh kaslametan kuwi
ora duwe daya apa-apa, sabab ngelmu sing ana jerone babar posan ora kuwawa
ngadhepi kersaning Hyang Agung, satemah kena ingaran nalika kapengkok ing
pancabaya ubayane mbalenjani. Temah sanadyan nggembol jimat, yen mbarengi
tumibane apes panggah bakal nandhang kewirangan merga mendem ngombe arak sing
dhasare pancen mendemi. Mula welingku marang keng slira, jimat kuwi kena wae
mbok rawati, kena wae mbok gunakne, nanging aja banget-banget nggonmu percaya
banjur mbok ngge sesongaran, pamer mrana -mrene yen keng slira bisa kalis saka
dayaning arak lan omben sing nuwuhake mendem. Prayoga yen kapeksa wae jimat
kuwi olehe nggunakne, kuwi wae aja nganti pegat nggonmu eling lan nyuwun
pangayoman marang Hyang Siksma sing ngregem beja lan cilakaning manungsa".
"Inggih Rama,
dhawuhipun Rama saestu badhe kula estokaken". atur wangsulanku karo
sajroning ati mbenerake kabeh sing didhawuhne Rama Tumenggung. Lan aku kudu tansah
eling yen manungsa kuwi kesandhangan, beja, cilaka, bungah, susah, lali sarta
apes. Yen Hyang Suksma ngersakne manungsa kudu nyandhang salah siji saka
sandhangan kuwi, mangka manungsa ora bisa suwala.
ana candhake.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar