15.
Nanging jebul pituture
Rama Tumenggung sing gampang dirungokne lan bener yen dinalar kuwi pranyata
angel olehe nindakne. Jalarane ya mung
sepele, wujude kesandhung dening rasa ewuh lan pekewuh, sing tundhone mung
nguwohne rasa getun sing tanpa ana gunane. Merga sawuse aku diwenehi jimat sing
bisa marakake kalis saka dayane arak dening Ki Suwela kuwi, Makara karo Brosot lan Gathuk banjur
nyebar kabar tekan ngendi-endi, yen aku iki duwe kakuwatan sing ngedab-edabi
ing babagan ngombe omben panunggalane arak lan ciyu. Tata gelar kabar sing
disebar kuwi ngunggulake jenengku, nanging uga ndadekne tuwuh panyana saka
wong-wong yen sasuwene iki aku klebu wong sing kumalungkung ora pinter srawung,
ketitik saben-saben ana pasamuwan sing ana adicara ngombe arak, aku ajek milih
ora gelem ngombe. Mula kanggo ngilangne panyana sing ora bener kuwi aku duwe
tekad "ndandani" kelakuwan kanthi ngilangne ambeg gumendhungku sarana
gelem ngumpuli wong-wong sing dhemen ngombe arak.
Temenan, meh saben dina
sawuse rampung nindakne jejibahan, Makara mesthi teka lan ngajak nekani
papan-papan sing ing kono ana adicara ngombe arak, tuwak lan sapanunggalane.
Aku ora bisa nulak apa sing dadi pangajake Makara kuwi, ujubku idhep-idhep
nggladhi raga murih kulina lan bisa ngecakne srawung kanthi becik marang sapepadhaning
wong. Aju uga wiwit nyimpen arak-arak
pilihan neng papan paleremanku, tak ombe yen nuju kalane nganggur kanthi ora
nggunakne jimat pawehe Ki Suwela, kanggo nglatih raga, dadi ora njagakne
katiyasane jimat. Welinge Biyungku sing ana ndesa uga pituture Kanjeng Ibu Nyi
Menggung sing menging aku supaya ngedohi omben sing marakne wuru kuwi, wis
ilang saka pangeling-elingku. Satemene aku ora duwe panemu yen welinge biyung
sarta pituture Ibu Menggung kuwi luput, nanging gandheng karo kahanan sing kudu
tak adhepi ing bebrayan gedhe, kapeksa weling lan pitutur kuwi kanggo sauntara
arep tak sisihne dhisik. Mengko yen aku wis "bisa ngombe" kanthi
becik, pakulinan ngombe arak utawa ciyu lan sapanunggalane kuwi ya bakal tak
singkiri, ngombe-ngombe ngono kuwi mung arep tak tindakne samangsane dibutuhake
wae. Nanging jebul, petunge nalarku sing keri iki mleset, malah wekasane kaya
sing dikuwatirake Biyung apa dene Ibu Menggung, aku nemu cilaka merga omben
sing marakne mendem iki.
"Gus Wanda sampun
uninga?" nalikane sawijining esuk aku nyedhaki papane Makara nindakne
jejibahane minangka abdi Dalem Katumenggungan, Makara takon.
"Apa kuwi Kakang
?" merga durung ngerti sing ditakokne Makara, aku genti mbalik takon.
"Ing sacaketing
prasekawan peken, samangke wonten wande enggal, ageng ugi jangkep
isen-isenipun" Makara nggenahne apa karepe.
"Durung
Kakang" wangsulanku "sapa sing yasa? lan apa wae sing dadi
isen-isene? muga-muga kanthi anane warung anyar kuwi bisa murakabi tumrap sing
duwe lan tumrap tangga teparone".
"Mila makaten Gus,
boten namung tangga tepalihipun kemawon ingkang sami ndugeni wande menika"
kandhane Makara maneh "rinten dalu wande menika tansah ketingal reja,
jalaran kathah tiyang ingkang nyaba, kajawi riang ingkang griyanipun sacaketing
wande mriku, ugi kathah ingkang griyanipun tebih-tebih sami ndugeni wande wau,
mliginipun para nom-noman anakipun tiyang ingkang sugih".
"Ya sokur ta nek
papan kono dadi reja merga anane warung anyar kuwi" wangsulanku banjur tak
tutugne nganggo pitakonan "apa wae sing dicawisne ing warung kuwi?
mesthine bangsa sing mencutake lan disenengi wong akeh, yen ora mesthine ya ora
bakal ndadekne wong-wong padha gelem saba mrono".
"Leres Gus"
wangsulane Makara "estunipun wande menika boten namung wande limrah,
nanging wande yasanipun tiyang sugih saking Kitha Raja Majapahit. Wande menika
dumados saking griya tiga ageng-ageng, jejer saking ngajeng dumugi wingking.
Griya ingkang ngajeng piyambak kangge nyawisititiyang ingkang mbetahaken nedha
lan nginum, ing mriku wonten unjukan kopi, dhawet, dawegan lan sapiturutipun.
Ugi wonten tetedhan manekawarni sekul lan lelawuhanipun, wonten gule, sate,
pecel, rawon lan sanes-sanesipun".
"Warung sing genep
tenan isen-isene" aku nyela rembug "dadi ora bakal mbalekne wong sing
butuh nggoleki pakaremane".
"Inggih Gus"
Makara nutugne kandhane "lajeng ing griyawingkingipun, kacawisaken maneka
warni unjukan lan trambulipun, wiwit tuak, ciyu ngantos arak ingkang saking
manca nagari wonten sedaya. Mila kathah nem-neman utawi tiyang ingkang kepengin
nelakaken raos panuwun kanthi nyugata kanca rowangipun mawi adicara ngunjuk
arak, sami ngajak kanca rowangipun dhateng wande menika, jalaran inggih ing
mriku sampun jangkep, badhe ngersakaken unjukan kados menapa kemawon, sampun
wonten jangkep kaliyan uba rampenipun. Awit ing sisihipun papan kangge ngunjuk
menika ugi dipun gelar gamelan jangkep saledhek lan sindhenipun, ingkang
ayu-ayu saha sekeca suwantenipun. dados menawi wonten tamu ingkang ngersakaken
mbeksa ing mriku ugi saged dipun ladosi kanthi sak sae-saenipun".
Aku ora semaur, mung
meneng karo nggambarake ing angen-angen kaya apa wujude warung anyar sing
dikandhakne Makara iki. Genah nek sing yasa kuwi wong sing sugih tenan, olehe
mbukak warung ora mung kanggo nyukupi kabutuhaning urip saben dinane, nanging
tak kira wis wujud pambudidaya kanggo numpuk bandha nambahi kasugihane. Mesthine
kanthi anane warung anyar iki bakal bisa aweh gaweyan marang wong liya sing ora
mung siji loro, lan aku duwe pangarep-arep muga-muga sing nyambut gawe ing
warung sing pepak kuwi bisowa wong-wong sing omahe ora adoh saka papan kono.
Dadi anane warung iki temen-temen bisa aweh guna marang wong kono, ora wong
adoh sing ditekakne kono. Dadi sing yasa warung kuwi bisa andum kabegjan marang
wong sakiwa tengene, ora mung ngeruk bandhane wong kiwa tengene supaya
nglarisne dagangan lan bebathene dipek dhewe.
"Lha lajeng niki
Gus" Makara guneman maneh "niki ingkang langkung dados pamikat
dhateng para nem-neman".
"Apa maneh
kuwi?" aku takon.
"Para sindhen lan
para ledhek ingkang kula aturaken wau ugi wonten ingkang saged kaagem dening
para tamu ingkang ngersakaken lelipur sanesipun, lha kangge babagan menika
griya ingkang wingking piyambak kacawisaken minangka papan kangge sesukan
ingkang linadosan dening wanita-wanita ingkang dados ledhek utawi sindhen
ingkang saged kaagem kala wau. Ing griya wingking piyambak niki, ugi wonten
wanita-wanita dede ledhek lan dede sindhen, nanging kacawisaken wonten mriku
mligi kangge ngladosi para tamu ingkang mbetahaken panglipuring manah" Makara
nggenahne kahanane omah mburi dhewe saka warung kuwi.
Tak gagas iki sing aku
ora mathuk lan ora sarujuk. Warung iki jenenge ora warung lumrah, nanging wis
dadi warung palanyahan. Lan iki bisa mbebayani tumrap bebrayan. Kajaba bisa
ndadekne wong lanang sing wis duwe bojo banjur gampang tumindak sedheng, uga
bisa mulang nom-noman dadi wong lanang sing cluthak, seneng mbuwang asil olehe
nyambut gawe kanggo seneng-seneng nguja hawa nepsu, mburu kasenengan sing mung
sagebyaran. Yen kahanan ngono kuwi diumbar, tak kira bakal gedhe kapitunane
tumrap warga sing manggon ing katumenggungan kene kabeh. Awit dipagerana kanthi rapet pisan, wong sing
wis kabidhung lan dikuwasani hawa lan napsu, mesthi bakal wani nekad. Malah ora
mokal ketang kepingine nuruti hawa lan napsu banjur akeh sing ora ndulu
kekuwatane, dhuwit sithik-sithik sing kudune kanggo nyukupi kabutuhaning
kulawarga bisa muspra tanpa tanja merga digawa menyang warung palanyahan iki,
malah yen ora ana sing digawa kangge sangu banjur nekad gelem colong jupuk
barang sing dudu darbeke kanggo ngragati panyurung hawa nepsune.
"Nyuwun
pangapunten Gus" lagi wae aku meneng nggagas sing dicritakne Makara ngono
kuwi, dumadakan Sungsang, salah siji saka abdi Katumenggungan sing duwe
jejibahan tunggu regol ngarep teka karo kandha marang aku.
"Iya, ana apa
Sungsang?" pitakonku gupuh.
"Wonten tamu
ingkang ngersakaken sowan jengandika Gus Wanda" wangsulane Sungsang.
"Sapa?" aku
takon.
"Ngakenipun nami Waraka,
warga enggal ing mriki, griyanipun sacaketing prasekawan peken
Katumenggungan" Sungsang nggenahne sapa sing jarene tamu kuwi mau.
Aku meneng sedhela,
gagasan sing ana angen-angenku ngira yen wong sing jare duwe jeneng Waraka kuwi
wangune wong sing duwe warung anyar sing lagi wae tak rembug karo Makara iki
mau. Mripatku genti nyawang Makara,
Makara males nyawang aku karo sorot mripat sing kaya-kaya mbenerake karo
apa sing lagi tak gagas.
"Tak enteni ing
pendhapa" wekasan aku kandha marang Sungsang "wong sing jeneng Waraka
kuwi kandhanana!".
Sungsang mbalik mlaku
tumuju regol ngarep.
ana cdandhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar