16.
Nitik saka sandhangan
lan anggon-anggone wong sing jeneng Waraka iki katon nek wong sing turah bandha
sugih donya. Klambine sing dienggo sutra ireng sing disulam nganggo benang mas,
tangane kiwa tengen dinggonu gelang sing direka kaya naga sadriji jempolan
gedhene. Isih nganggo kalung emas mawa bandhul mutiara. Ewa samono tata
susilane pepak banget, sikepe kurmat lan nuduhake kurmate marang aku.
"Nyuwun
pangapunten Raden, kula pun Waraka ingkang sampun kumawantun anyelani anggen
jengandika nindakaken jejibahan, mugi diagungna ing pangaksamanipun dhateng
kula" kandhane Waraka sawuse lungguh neng ngarepku.
"Ora luput
Kisanak" wangsulanku kaya padatan yen nampa kawula ing Dalem Katumenggungan
makili Rama Tumenggung "mapan wis dadi kuwajibanku nampa lan aweh leladi
marang sadhengah wong sing mbutuhake rerigen saka Dalem Katumenggungan kene. Nanging, aja dianggep aku tambuh, rumangsaku
lagi iki aku kepethuk karo ndika, Ki Waraka. Ndika iki priyayi saka
ngendi?".
"Nuwun sewu Raden,
mila leres ingkang jengandika dhawuhaken menika, lakar nembe menika kula saged
sowan ing ngarsa jengandika Raden" wangsulane Waraka mbenerake nggonku
guneman "wekdal samangke abdi jengandika kula, ngiyup ing gubug sakilening
Margi Catur utawi Prapatan Peken Katumenggungan, dene asal-usul kula saking
Kitha Raja Majapahit, taksih kapetang wayahipun Raden Tumenggung Jlampar,
ingkang samangke sampun boten wonten".
"Dadi ndika kuwi
isih wayahe Gusti Menggung Jlampar sawargi?" aku nggenahne katrangane
Waraka.
"Pernahipun
makaten Raden, biyung kula menika putra lembu petengipun Eyang Tumenggung
Jlampar, lajeng biyung kapundhut selir dening Sodagar Wancu inggih Bapa ingkang
ngukir jiwa raga kula, tiyang saking bumi Cempa, ingkang padamelanipun lampah
dagang lan layar ngantos dumugi ing Majapahit mriki" Waraka wangsulan
nggenahne sing dadi asal-usule.
Kanthi ngerteni
asal-usule Waraka iki aku dadi ora gumun maneh karo kahanan warunge Waraka kaya
sing lagi wae dicritakne Makara mau. Cetha yen Waraka kuwi sanajan mung metu
saka bojo selir, nanging genah nek anake sodagar sugih sing kulina nganglang
bawana. Pancen satemene tumrapku, sapa lan saka ngendi asal-usule Waraka kuwi
dudu barang sing wigati, malah kanggo luwih baku kepiye mbudidaya supaya Waraka
iki bisa ndadekne warunge ora mung mburu pengasilan kanggo awak-dheweke thok
nanging supaya uga bisa murakabi wong-wong sing manggon ing sakiwa tengene
warunge sarta aja nganti kanthi anane Waraka mbukak warung iki banjur ndadekne
ora becik tumrap wong-wong ing katumenggungan kene. Kaya sing dicritakne dening
Makara mau, sing jarene Waraka uga mbukak warung palanyahan .
"Ngene ya Kisanak
Waraka" kandhaku sabanjure "satemene sadurunge ndika teka papan kene
iki, mau lagi wae tak rembug karo Kakang Makara".
"Ingkang dipun
rembag babagan ingkang pundi Raden? Menapa wonten sambung rapetipun kalih
kula?" Waraka takon, suwarane sajak ngemu rasa kuwatir.
"Kakang Makara
lagi wae crita marang aku, yen ing cedhak prapatan pasar, saiki ana warung
anyar sing isen-isene pepak lan reja merga rina wengi akeh sing padha mara ing
warung anyar kuwi" aku aweh wangsulan marang Waraka ngenani sing dadi
rembugan antarane aku karo Makara, Waraka katon migatekne banget marang
tembung-tembung sing tak ucapake "Kakang Makara kandha yen warung anyar sing
ora tau sepi ing rina lan ing wayah wengi kuwi sing duwe priyayi saka Kutharaja
Majapahit sing aran Waraka. Apa bener Waraka sing dikandhakne Kakang Makara
kuwi ndika Kisanak?".
"Leres Raden"
Waraka wangsulan "mila Ki Makara sampun wongsal-wangsul sanja ing wande
kula menika".
"Dadi bener sing
dikandhakne Kakang Makara marang aku kuwi mau?"
"Sepisan malih
kula matur, leres Raden. Estunipun ing dinten kapisan kula wiwit bikak wande
ing Magi Catur mrika, kula kepengin sanget sowan Gusti Menggung atur uninga
menggah angen kula mbara kerja dhateng papan menika. Nanging dening Ki Makara
dipun tuturi sampun kesesa anggen kula atur uninga dhateng Gusti Tumenggung,
jalaran dereng kantenan menawi anggen kula mbikak wande menika saged mlampah.
Samangke sasampunipun cetha menawi anggen kula eber-eber bikak wande menika
saestu saged mlampah kanthi sae, nembe dening Ki Makara kula dipun emutaken
murih enggal sowan lan atur uninga dhateng Gusti Menggung ngengingi anggen kula
mbara kerja ing laladan menika" Waraka aweh wangsulan ngandhakne yen
warunge bisa urip lan mlaku kanthi becik.
"Dadi anggon ndika
teka kene iki mau mung saprelu ngabarake utawa kasarane arep kula nuwun yen
ndika wis bebadra warung ana tlatah kene ngono?" aku takon.
"Nyuwun
pangapunten Raden" Waraka wangsulan karo tangane ngrogoh kanthong ing
gembolane "boten namung badhe kula nuwun Raden, kula ngertos menawi kula
sampun tumindak lepat, awit tanpa palilah saking jengandika Raden utawi Gusti
Tumenggung, kula sampun kumawantun pados sandhang kalihan tedha ing papan
menika. Inggih awit saking menika Raden, sowan kula ing ngarsa jengandika Raden
menika badhe nyuwuh lumunturing sih jengandika Raden saha Gusti Tumenggung,
mugi paringa palilah dhateng kula ndherek gesang sahandhap jengandika Raden
miwah Gusti Tumenggung, kaparengna kula pados sandhang klawan tedha mawi cara
sadeyan kados ingkang sampun lumampah watawis setunggal wulan menika".
Durung nganti aku aweh
wangsulan, dumadakan Waraka nyelehake kanthong sajak isi dhuwit ing ngarepku
karo kandha :
"Nyuwun
pangapunten Raden, menika wonten redana sakedhik mugi Raden kersa nampi tandha
sih sarta kurmat kula dhateng Raden menika" muni ngono kuwi Waraka karo
ngulungne kanthong isi dhuwit kuwi marang aku "salajengipun sampun dados
tekad saha niyat kula, ing dinten-dinten salajengipun, pendhak wanci wulan
purnama, badhe kula unjukaken ing ngarsa jengandika redana ingkang kula pendhet
saking bebathen kula, minangka atur panarimah dhateng jengandika Raden".
"Mengjo dhisik
Kisanak Waraka" kanthong sing diulungne Waraka ora enggal tak tampani
"sawuse aku krungu nek warung ndika wis bisa mlaku kanthi becik kuwi aku
melu seneng, lan mesthi wae ndika bakal nampa palilah saka Katumenggungan, ora
saka aku utawa Rama Tumenggung pribadi, nanging wujud layang kekancingan saka
Gusti Prabu ing Majapahit lumantar Rama Tumenggung Jatikusuma kang wis
pinercaya dening Sang Prabu. Lan kanthi njudhule layang kekancingan kuwi,
kajaba ndika kaparingan palilah nanging uga kapatrapan kuwajiban asok pajeng
marang Negara, ora marang Rama Tumenggung luwih-luwih marang aku, ora. Nanging
marang Negara sing gedhe cilike jumbuh karo unine paugeran sing wis ana, dadi
mbuh wujud dhuwit apa sing ndika wadhahi kanthong kuwi luwih becik ndika
singgahne dhisik, mengko wae lamun aku weruh kaya apa wujude warung sing ndika
lakokne kuwi kaya apa, lagi aku bisa ngetung sepira gedhene kuwajiban sing kudu
ndika aturake marang Negara".
"Ngaturaken
ngenging panuwun Raden" wangsulane Waraka panggah ora ngudhunke kanthonge
"mila leres dhawuh jengandika bilih kula kedah ngaturaken paos dhateng
nagari, lan menika ugi sampun kula cawisi. Nanging kula ngertos bilih sadaya
paos kalebet saking kula, menika mangke badhe kaunjukaken ing ngarsa dalem
Kanjeng Sinuhun. Lha arta perak ingkang wonten ing kanthong menika, mila kula
aturaken dhateng jengandika ing pangangkah mugi sageda angirangi cacahing
wragad ingkang jengandika wedalaken kangge menggalihaken saha ngrigenaken para
kawula ingkang sambat ing ngarsa jengandika Raden miwah dhateng Gusti
Tumenggung".
"nDika aja kaya
mangkono iku Kisanak Waraka" wangsulanku rada atos "aku durung weruh
kaya apa wujude warung anggon ndika bebadra, mbok menawa ana saperangan sing
kudu kasuwak jalaran ora jumbuh karo panguripane kawula ing laladan kene
barang, ndika mesthi bakal gela lan cuwa lamun wis kadhung aweh redana marang
aku, jebul ana perangan saka anggon ndika bakulan kudu
disuwak...........".
"Dhuh Raden, mugi
kauningana" Waraka nigas kandhaku karo nyembah "sanaosa kula tiyang
limrah ingkang boten ngertos udanegara, nanging kula pitados kalih kawicaksanan
jengandika ingkang nindakaken dhawuhipun Gusti Prabu lumantar Gusti Tumenggug,
menika cetha menawi leresipun. Dados menawi anggen kula eber-eber menika kedah
wonten ingkang dipun kirangi utawi dipun suwak babar pisan, kula lila legawa
lahir trusing batos boten badhe cuwa, jer kula ngertos bilih sadaya
kawicaksanan jengandika menika anjogipun boten wonten sanes kajawi murih
saenipun pagesanganing kawula Majapahit kalebet kula".
Akeh-akeh olehe kandha
Waraka marang aku, wekasane aku ora bisa nampik dhuwit perak sing ana
kanthongan kuwi. Bareng wis dirasa cukup
ngandhakne karepe, Waraka banjur pamitan. Aku uga aweh kasaguhan sajroning
kurang vsaka sepasar aku arep teka ing warunge, saprelu niti priksa kaya apa
wujud dagangane Waraka kanggo srana nukulake layang kekancingan palilah olehe
bebadra gawe warung ing papan kuwi.
ana candhake.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar