17.
Wengine tekane Waraka
ing Dalem Katumenggungan ngadhep aku lan kabeh sing dikandhakne, ora kliwatan
uga olehe wis aweh dhuwit sakanthong cilik marang aku, tak aturke marang Rama
Tumenggung Jatikusuma. Ora mung sing dikandhakne Waraka wae sing dadi aturku
marang Rama Tumenggung, nanging critane Makara sadurunge Waraka teka uga tak
aturake pisan. Rama Tumenggung suwe ora enggal paring pituduh apa sing kudu tak
tindakne magepokan karo panjaluk palilahe Waraka iki. Ketara yen tekane Waraka
bebadra warung ing laladan kene iki, mbutuhake kawigaten mirunggan. Bareng wis
sauntara lan sajak wis menggalih kanthi mateng, wekasan Rama Tumenggung wiwit
paring dhawuh marang aku.
"Ngene ya
Ngger" dhawuhe Rama Tumenggung alon "yen disawang sagebyaran, jenenge
ana wong sing nindakne budidaya murih urip sing luwih becik, kuwi kena diarani
barang sing lumrah, lan minangka wong tuwane kawula ing laladan kene, kudune
awake dhewe iki melu anyengkuyung murih anggone wong sing mbudidaya kuwi bisa
migunani, saora-orane tumrap wong sing nglakoni dhewe, munggahe migunani tumrap
tangga teparone. Awit sumurupa Suwanda, barang sing luwih gawe sekele Sang
Prabu ing Majapahit kuwi ora ana sing ngungkuli sekele penggalih dalem nalika
uninga yen kawulane nandhang kurang sandhang apa dene pangan. Anane kawula bisa
kurang sandhang lan pangan kuwi, sing akeh ora merga kawula mau kesed ora gelem
tandang gawe, ora. Nanging luwih akeh sing jalaran saking ora anane gaweyan
sing bisa ditandangi sing bisa ngasilake bebakalane sandhang klawan pangan.
Mula sepisan maneh, yen ana kawula Majapahit sing gelem tumandang murih bisa
madhang, luwih-luwih bisa mbeciki tata panguripane, kuwi kawula sing pantes
oleh pangalembana".
"Menapa dhawuhipun
Rama Tuemnggung menika saged kula pendhet dudutan bilih Rama Tumenggung sampun
kepareng kula nyawisaken Serat Kekancingan, minangka tandha bilih anggenipun
bebadra wande pun Waraka sampun pikantuk palilah saking Rama Tumenggung?" kanthi
ngati-ati aku munjuk nyuwun pirsa.
"Mengko
dhisik" Rama Tumenggung paring dhawuh maneh "tembungku durung
rampung".
"Inggih Rama,
nyuwun pangapunten".
"Iya, tak tutugne
olehku kandha" Rama Tumenggung nutugne olehe paring dhawuh "ing
ngarep keng slira matur manawa kajaba dodolan barang sing lumrah, lire bangsane
panganan lan omben-omben sing bisa dipangan lan diombe dening sadhengah wong,
Waraka uga dodolan omben-omben sing mung pantes diombe dening wong sing wis
diwasa, yaiku panunggalane arak, tuwak, ciyu lan sapiturute. Iki sing kudu mbok
pikirake, lire sanadyan mung sak mendem utawa wuru merga ngombe arak utawa
ciyu, iku asring nuwuhake kisruhing kahanan, luwih-luwih yen nganti ana bocah
sing durung diwasa wiwit jajalan mendem, kuwi luwih ora prayoga maneh, keng
slira kudu ngerti yen omben sing dadi pakaremane wong akeh kuwi pancen sok ana
guna lan paedahe, nanging yen olehe ngombe ora bener utawa sing ngombe dudu
wong sing bener, kuwi babar pisan ora ana gunane kajaba mung bakal nuwuhake
kapitunan tumrap sing ngombe lan uga wong sing ana sakiwa tengene".
"Nyuwun
pangapunten Rama" aku nyela matur
"ingkang dipun kersakaken anggenipun ngunjuk boten leres lan tiyang
ingkang boten leres, menika kados pundi cetahnipun?".
"Olehe ngombe ora
bener, kuwi akeh sing wis ngecakne" Rama Tumenggung nggenahne dhawuhe
"ngombe sing wis ngliwati wates mung merga dienggo pamer, dienggo
gagah-gagahan ben diarani wong sing ora jirih lan sapiturute, kuwi salah siji
tuladhane wong sing olehe ngombe ora bener. Dene wonge sing ora bener, ya iku
wong sing ora kulina ngombe banjur merga saka pakewuh banjur nekad wani ngombe,
temahane ya banjur mendem lan dadi geguyone wong akeh, malah ora arang wong
sing ngono kuwi banjur diwadani lan diisin-isin murih wirang, ora ana critane
wong sing diwewirang lan dipoyoki kuwi bisa nampa kanthi legawa, kaping pindho
bocah sing durung cukup umure, merga kepengin enggal oleh pangakon wis gedhe,
banjur nuduhne kuwanene ya iku wani nindakne sing kulina ditindakne wong
diwasa, upamane ngombe bangsane arak lan tuwak kuwi. Iki cetha ora bener awit
bisa gawe rusaking raga lan pikire bocah sing durung diwasa nanging nggege
mangsa, kepengin diarani wis diwasa kuwi".
"Kaluhuran
dhawuhipun Rama Tumenggung, lajeng kados pundi prayoginipun?" aku wis
mudheng karo sing dikersakne Rama Tumenggung "menapa ingkang kedah kula
lampahi magepokan kalih anggenipun nyuwun palilah pun Waraka menika?".
"Sawuse keng slira
niti priksa kahanane warunge Waraka lan pranyata Waraka dodolan omben jinising
arak utawa tuak lan sapanunggalane, Waraka kudu gelem gawe layang prajanjen,
yen olehe ngedoli omben sing bisa marakne wuru kuwi mung kanggo wong sing bener
lan uga anggone ngombe ing warung kono kudu kanthi cara sing bener. Yen sing
ngombe wis katon wiwit mendem ora kena Waraka ngedoli maneh marang wong mau
sanadyan wonge dhewe sing njaluk, kaping pindho Waraka ora dikeparengake
ngladeni bocah sing durung cukup umure tuku omben sing bisa gawe wuru kuwi ing
warunge. Yen nganti prajanjen iki diterjang, mangka Dalem Katumenggungan
wenang, ngendheg olehe Waraka dodolan apa wae ing laladan kene" Rama
Tumenggung paring wangsulan lan pituduh marang aku, apa sing kudu tak tindakne magepokan anggone
Waraka nyuwun palilah dodolan.
"Inggih Rama"
aku matur "sedaya dhawuhipun Rama badhe kula estokaken kanthi sak
sae-saenipun".
"Sabanjure"
Rama Tumenggung isih paring dhawuh maneh "mau keng slira uga matur, yen
Makara nyritakne yen Waraka saben wengi nggelar tontonan joged beksan sing Pesindhen
lan Ledheke ayu-ayu tur ana uga sing nyambi gelem dadi papan panyuntaking napsu
birahine wong lanang sing mbutuhake, malah aturmu mau uga ngandhakne kajaba
sing nyambi dadi Pesindhen utawa Ledhek uga ana dicawisake wong wadon sing
pancen makarya kanthi nyewakne ragane kanggo wong lanang sing mbutuhake?".
"Leres Rama kala
wau Kakang Makara mila criyos makaten, nanging Waraka namung criyos menawi
kangge nguri-uri budaya, piyambakipun ugi nggelar kagunaning gangsa ingkang
kangge ngiringi para waranggana sesekaran" aku atur wangsulan blaka.
"Yen sing
dikandhakne Waraka kuwi kanggo nguri-uri budaya, kuwi nyata yen becik"
Rama Tumenggung bali ngendika maneh "nanging yen kongsi ana paraga
pagelaran sing nyambi kaya sing dicritakne Makara, kuwi jenenge ora nguri-uri
budaya nanging tumindak sing nedya gawe rusaking kabudayan luhur. Cakepaning
tembang sing diunekne dening para waranggana kae, prasasat kabeh ngemu pitutur
luhur, panuntunan marang wong-wong piye becike nglakoni urip murih manggih
rahayu. Nanging, yen wong sing katone gelem dadi Waranggana utawa Ledhek,
nanging duwe bebuden asor gelem dadi wadon palanyahan mangkono kuwi, cetha yen
kuwi wong wadon sing kena digawe srana ngrusak kaluhuraning budayaning para
leluhur sing nyata adiluhung".
"Nuwun sewu
Rama" aku nyoba matur kanthi panemu sing rada beda "mila ing papan
sanes, bab Waranggana utawi Tandhak ingkang nyambi makaten kala wau sampun
limrah lan kaprah saha sampun boten dados wewadi malih".
"Sing keng slira
aturake kuwi mula bener" Rama Tumenggung paring wangsulan "nanging
Keng Slira kudu ngerti, tumindak sing kaya ngono mau yektine dudu tumindak
lumrah, nanging tumindak sing ora genah, banjur dikaprahake. yen ing kana-kana
ngono kuwi dianggep kaprah lan lumrah, nanging yen ing wewengkon kene, aku ora
bakal nglilakne. Jalaran aku isih duwe nalar sing waras, wong lanang sing dhemen nguja hawa nepsune karo
wanita palanyahan kuwi padha karo wis ngidak-idak atine sisihane, wis nyidrani
kasucening tresna saka bojone. Ora ana critane wong wadon lega atine yen ngerti
sing lanang seneng-seneng ngumbar hawa nepsune karo wadon palanyahan, sing ana
ya atine dadi lara sing angel tambanane. Karo maneh, wong lanang sing seneng
ngono kuwi, mesthi ora bakal lila saupama bojone utawa anake wadon dicidra
tresna dening wong lanang liyane, ngono kuwi nuduhne yen wong lanang sing
kasebut mau klebu wong lanang sing dumeh menang. Nek dheweke legawa sisihane
didadekne papan panyuntak hawa nepsune wong lanang liya, kuwi ora beda karo
cara uripe kewan kae".
"Menika menawi
ingkang nindakaken tiyang ingkang sampun gadhah semah Rama?" ora krasa aku
ketrucut nyuwun pirsa "menawi tiyangipun taksih legan?".
"Kuwi pitakon sing
temene pitakone wong nasar" Rama Tumenggung paring wangsulan karo suwara
sing wiwit mendhuwur "pranataning kapitayan mbuh kuwi sing wujud agama
utawa kapitayan sing ana sadurunge ana
agama sing teka ing Majapahit lan Tanah Jawa kene, mulangake yen cara kanggo
ngilekne pangajakane napsu birahi kuwi sranane Rabi ora tumindak nasar ngono
kuwi. Tak arani nasar sabab wong sing nindakne kuwi ngerti yen sing dilakoni
barang sing sasar, nanging nekad ditindakne merga pancen ora kesasar malah
kepara nasarake jiwa lan ragane marang juranging neraka".
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar